5.1.12

warung kopi ngarep kantor iku dadi cangkurkan saben soré (lan uga awan). wong-wong ngobrol ora jelas, ngalor ngidul, ngétan ngulon, munggah mudhun. nah, ana kalané, obrolané ngancik tekan crita dolanan jaman cilik. playon ing antarané udan, pedhang2an nganggo manggar, prosotan nganggo mancung, gawé gèthèk seka debog, tulup2an, bèkel, lan sapunanggalané.
cah2 sing gedhé ana kutha sok gumun. "emang itu masih ada? aku dengernya dari bokap kalau cerita tahun 40-an."
rada anyel njawabé. pikiré wong kuwi, critané kaya jaman laskar pelangi waé. nanging kanyatané pancèn mangkono. yèn wayah udan ngéné iki, wong2 tuwa padha wanti2 supaya ora dolan menyang kali. wedi banjir mengko klelep nang kedhung. kanyatané, wong2 tuwa kuwi ya ora digugu ujarané lah wong banyu kali lagi kebak2é lan mesthiné nyenengaké y`en ora pas wayah udan. yèn pas dolan nang kali, sakliyané dolanan pasir uga golèk urang. ngepasi pas supit (sunat), biasané cah2 padha pépé manuk ing watu2 panas. rasané gatel2 piyé. halah

10.10.11

dina mau, wiwitan aku mangkat kerja seka omah anyar nang perumnas 1 karawaci. panggonan sing cukup kutha, kanggoku lan bojoku. aku lan bojoku, biasané pindhah omah ya mung pindhah waé. nanging, amarga wingi éntuk titipan supaya golèk dina sing becik, pungkasané manut-manut waé. wis dadi lumrahé wong jawa yèn arep ngangslupi omah anyar kuwi kudu digathèkaké dina pasaran sing sreg. ndilalah, wetoné bojoku ngepasi minggu wingi kuwi. dadi sisan ndéné. ngangkut2 barang wis diwiwiti dina setu. lan mbenginé, wong saomah lagi resmi mlebu manggon ing ngomah kuwi.
kanggo sing ora ngerti, mesthiné nganggep aku lan bojoku mlebu omah mau dina setu. nanging, pètungan jawa iku béda. awané pancèn setu, nanging wiwit maghrib, dina wis ganti dadi minggu. wong jawa nganggep (kaya déné tanggalan sing nganggo pètungan mbulan liyané) yèn gumantiné dina iku ngepasi nalika rembulan wis wiwit katon. dadi setu mbengi iku wis kepétung dadi minggu.
perkara golèk ngerti dina kuwi apa kuwi, saiki wis ora angel manèh. aku uga wis gawé program nganggo php sing bisa kanggo golèk dina. nang internèt uga wis akèh sing bisa kanggo golèk dina.
aku dadi kepikiran, piyé yèn nyithak dhéwé waé tanggalan sing lengkap kanthi tanggalan jawa lan uga wukuné sisan.

13.9.11

panasé lagi ngathang-athang. "seperti di arab," jaréné bakul siomay. kamangka, panas dina iki isih lumayan. "sudah dua hari ini, panasnya gak segitunya," ukarané sopir taksi èksprès esuk mau, nalika aku numpak seka slipi tumuju kantor. dina iki, aku ngantor rada telat. sawisé numpak ojèk tekan summarecon kanggo njupuk dhuwit, aku banjur numpak angkot jurusan malabar, mudhun ing prapatan sing tumuju menyang pam. wis patang sasi iki nunggak mbayar banyu. bar kuwi, lagi nang omah tongkol sing arep dibangun. perkara kana-kéné banjur lagi mangkat. tekan kantor, gawéyan wis numpuk bruk.

26.8.11

kaya dene campursari jawa sing klebonan dhangdhut, ing kendhang kempul banyuwangèn uga kesrawungan aliran 'koplo'. lumrahé aku luwih seneng karo lagu kendhang kempul sing temenan, sing orisinil. jarene otentik, dudu sing fusion. nah, iki lagi ngrungoake lagu seka radio suara jawa suriname (dj sakimin), judhule 'aja cilik ati' sing nyanyi catur arum. kaya lumrahé lagu banyuwangi (èling2 waé tembang gènjèr-gènjèr), céngkoké kaya wong nelangsa. lah ing youtube waé tangané sing nyanyi tatoan, ning ya tetep suara irungé keprungu cetha.

5.5.11

.

Wiwit 25 desember 2010, aku pindhah seka omah ing jonggol menyang karawaci. Perkarane sepele ning wigati, bojoku entuk gaweyan nang gading serpong. Wengi iki nginep ing jonggol. Dhewe. Rasane kaya mecaki dalan sing kaliwat kanthi rasa kangen sing mamring. Wit cempeka ing ngarep omah wis ngrembuyung wohe.

29.4.11

esuk

Awal wulan april wingi, aku lunga menyang madura, dolan nang punjering bathik2 madura. Mbuh ngapa, katone aku kakean tugas sing magepokan karo bathik lan tenun akhir2 iki Nalika tekan pamekasan, ana langgar (mushola) cilik cedhak wong2 sing lagi mbathik. Aku dadi kelingan jaman cilik. Lumrahe, cah2 sing wis dianggep gedhe (udakara smp utawa sd kelas 5/6) nginep nang langgar. Turu kanthi bantal kayu. Sakdurunge turu, cah2 dolanan ing plataran. Mangkat turu dadi kebak crita. Ana uga kalane dolan adoh nonton ndhangdhut nganti tangga desa , mlaku ngliwati sawah, nyawut woh2an ing kebonan, gelut karo wong liya desa.
Nalika aku matur bapak yen arep turu nang langgar, bapak katon sumringah. Mesem. Aku mangkat karo nur kirom. Nanging, piye maneh aku pancen dudu bocah sing tatag. Wayahe mangkat turu, aku ora kuwat karo lemut lan adheming hawa. Kanthi krukup sarung, aku mulih. Dhodhog lawang. Ibu mbukak lawang. Lan pancen, wong2 ngomah nunggu aku mulih amarga wis ngira yen aku ora bakal kuwat.

4.3.11


lagi nemu tulisan goenawan mohamad sing kapacak dadi bebuka ing novel wong njaba déning mas revo. sumangga maos: http://goenawanmohamad.com/esei/bebuka-kanggo-novel-%E2%80%9Cwong-njaba%E2%80%9D.html
lagi waé ngunggahaké daftar koleksi lukisan pak raden. panjenengan bisa mirsani coretan-coretan priyayi sing asma asliné suyadi iki ing situs http://pakraden.org . wicarané andhap asor. senengané ndongeng lan cedhak karo cah cilik. béda banget karo solah tingkahé pak raden ing serial tv si unyil. jaré kancaku, pak radèn iku pas banget kanggo nggambaraké 'donya iki panggung sandiwara.' pak raden dudu priyayi sing mubra-mubru ing bandha. omahé cedhak ing pusat front pembela islam sing asring bengak-bengok kaé.