31.7.02

wingi aku puas banget, ngrampungke cerpen sing kawit pebruari ora rampung-rampung. maune judule 'malam', terus tak ganti 'perempuan yang datang di kala malam'. aku seneng ending-e, he..he.. maune kepingine ana sing mati, naging yen tak pikir-pikir, urip kuwi luwih rekasa tinimbang mati. mula ya tetep urip, ora ana sing mati. nggawe cerpen mau kaya mbales dendam marang ***. Yen deweke maca mesti nesu. Ning ya ben, apa maneh deweke ora seneng sastra. upama tak pasang nang internet ya deweke ora maca, wonge gatek-e pol-polan. ning justru kuwi sing aku seneng (mbiyen :))

dendam sing tansah tak gawa-gawa kuwi wus rampung, dening cerpen kuwi. aku dewe ya ora ngerti arep tak kapakke cerpen mau. dikirim apa ora ya ? aku isih pingin nikmati dewe, sinambi mbayangake yen kelakon tenan. iki ora absurb, nanging hiperbola ha..ha... apa mungkin hiperealitas ? embuh lah, sing penting puas.

miwiti dina ing kantor. ora ana apa-apa. dikancani Sandra sing ngetik tugas. Aku ana tugas ning males. Ana telung tulisan sing kudu tak rampungke. Wis liwat dead line !! Nanging embuh, aku males banget. Rencanaku mulih kampung uga tansah gagal. Aku kuwatir ora bisa mulih maneh wulan iki amarga ana Sidang Tahunan MPR. Politik memang kenthir. Lan cilakane, mulai tanggal 1 Agustus iki, aku mlebu nang kompartemen politik, ngepasi dimulaine ST. Badeg tenan !!

Mending ngrungoake padi sing mbacot seka winamp.

29.7.02

swara banyu kuwi, tumetes tan kendhat. seka sela-selaning kran kang wis rusak ing kamar mandi. ana uga swara lagu seka radio republik indonesia.

nalika cilik, aku asring mbayangake piye yen ora ana swara lan rupa kanggo sawetara. dadi aku blas ora krungu apa-apa lan ora weruh apa-apa. merem ? kuwi dudu jawaban, amarga merem berarti ireng. isih ana werna ireng kang ketangkep retinaku. aku njajal kanti nutup kuping, nanging ya tetep ana swara. apa maneh ing mburi omah ana blumbang, lan kodok akeh padha nyuwara rame.

aku dadi kelingan terapi musik sing nate tak lakoni ing gita niti. ing kono swara musik klasik dadi jembatan antarane utek tengen lan kiwa. jembatan kanggo nyangking pikiran mumbul nyawiji mring wates-wates ora sadar. aku bingung, nalika pikiran ngancik mega, apa kang bakal da lakoni ? peserta liyane padha nemoni apa wae kang sak lawase iki dadi punjering pikiran. nanging aku ? aku nemoni pikiran kang bingung. swara kuwi nggawa syarafku menyang mega aneh. putih semu biru, putih kang luwih pas dianggep pedhut, dudu mega. kapas-kapas kang ora bisa disawat utawa digenggem. lan nalika kompisisi mozart rampung, bingungku durung mari.

swara ing terapi mau nyangking pikiranmu embuh nangendi. nanging, apa ya swara bisa nggondol pikiran kaya dene kucing nggondol tikus ?

apa swara kuwi sejenis organisme ? kang nduwe urip dewe, nduwe sel-sel dewe, nduwe jenis kelamin ?

swara kang bisa mlaku-mlaku menyang ngendi wae deweke gelem mlaku. swara kang uga bisa tiba tresna marang swara liyane. ana swara lanang, wedhok, apa malah banci utawa lesbi. swara sing bisa terangsang.

yen swara kuwi sak wijining organisme, lan uga turun temurun kaya manungsa lan kewan, berarti bisa diternake. nanging piye ? apa kuwi sak wijining dimensi beda kang ndilalah kersaning Allah bisa ketangkep dening indraning manungsa ? Wallahualam

27.7.02

jinja mring sedya
iku aku
kang nyangking palastraning wektu
wektu kang kebak tlutuh
jumbuh mring raina kang rubuh

saben dina, aku cidra

mring sedya
mring setya

ngayawara yen bisa selak
nuhoni janji ati
nunggoni ratri
tanpa ana pesthi
kurang ajar tenan, kunciku ketinggalan nang njero omah. aku ra isa mlebu, padahal mau ming tak tinggal mangan sedhela wae.

akhire mlaku-mlaku nyang pasar festival, tuku buku In the name of rose karangane umberto eco lan the rape of the lock-e alexander pope. maca bukune pope jebule ra mudeng, inggrise aneh, apa pancen aku sing goblog ya ?

mau mbengi, main nang TIM maneh, bareng tiok. nang kana ketemu yanti, cah prd. ngobrol sedela ba bi bu. tak pikir tim rame, jebule ya biasa wae. mlaku-mlaku nang toko bukune yos, tuku buku puisi jawa.

pas mulih, ana kupu putih, kumleyang kaya ketaton. mabure cendhek, nylingker ing antarane sikil kang jumangkah. mabure uga ora suwe, watara telung menit, terus tiba. klepak-klepek ing ratan dalam mlebu ngarep kafe. kupu putih kuwi katone arep mati. mati ing wengi kang tintrim. kupu, uripmu wis tamat.

aku kadang gumun, nyawa kang lumingsir saka awake kupu mau nangendi ? apa banjur mencolot munggah digawa Izroil ? apa ana malaekat liyane sing khusus njabut kewan ? mungkin uga nyawa kuwi nongkrong dhisik nang TIM, nonton wong pacaran padha gandengan raket. gojegan sik ing antarane wit-witan ijo, menclok nonton film ing planetarium. embuh....


24.7.02

mau numpak bis AC jurusan Ciledug, medun nang Tamara, nyebrang dalan sing tansah rame, mlaku kira-kira satus meter lan mampirsik ngombe teh botol. terus ketemu mas yos lan adi sutar,mlangkah mlebu kantor. rutinitas sing mboseni tenan. nang kantor langsung njujug pojokan bareng hilman. lan faisal kang lagi telpon. arep transkip wawancara karo Scott McCormack kok males. ya wis nulis e-mail selamat ulang tahun nggo bulan wae. terus bar kuwi ngopo ya ? udud !

wingi entuk e-mail maneh saka mas joko, menarik juga idene nggawe majalah jawa nang jakarta. muga-muga wae dadi.
wis rong minggu atiku rasane bunek. pikiran judeg ra karuwan. dadine gawean akeh sing ting slengkrah ora dadi. apa maneh dikon nggarap otomotif, sing jelas-jelas aku ra mudeng. Rong dina wingi mlaku-mlaku nang Jakarta Motor Show, pameran otomotif nang JHCC. wawancara karo wong-wong bule, sing aku dewe ya ra mudeng artine. wong deweke ngomong nganggo basa Indonesia wae aku ya ora mudeng, apa maneh nggo basa Inggris.

ngimpiku ya aneh-aneh, kira-kira telung dina kepungkur aku ngimpi dolanan nang kali, aku ora kesilep padahal banjir. ning duwite ilang. embuh ah artine apa. aku dadi kangen ngomah magelang. aku pingin urip ming mangan, turu, ngalamun, nonton tv, maca buku, lan nulis (ora ngetik, merga ngetik berarti kerja).

17.7.02

sewengi melek ora enthuk apa-apa
kenapa aku keweden dewe ?
Kepranan Candra

candra iku lumrahe ing langit
ing impen
dudu ing wisesaning ukara
nanging ati kepranan
mring candra
aku mung kepingin nyawang
adoh
lan ngrumangsani yen ing langit
akeh lintang
lintang wengi kang ngupengi candra
lan aku ora duwe wenang
nyangking mulih cahyane

yen nuruti branta
dak cawiske pedhut werna kusem
kang diwenter abang enom
nanging
keliping lintang
mblerengi netra
lan, aku wegah wuta

16/07/02 01:18 AM
na angka 72 kang kaya-kaya ngajak aku diskusi. ngajak mikirke maneh apa kang dadi pepinginanku akhir-akhir iki. apa ya kuwi penting tenan ? apa ya bakal dadi sandungan kanggo uripku ?

hla kok dadi ngayawara ngene ? padahal kabeh ya durung mesti. kabeh isih kemungkinan. lan angka 72 kuwi ya mung praduga. duga marang warta geocities. warta kang ndilalah nyangking jenenge.

----------------------

lungkrah, gawean akeh lan aku ora bisa mrantasi. lakuku kaya kesandung watu gedhe. aku dudu gatotkoco kang isa nendang watu. aku paraga lumrah kang ora kuwawa ngatasi masalah abot.

wulan sesuk, aku kudu mulih. nyekar ing pesareyane bapak lan ngadep ibu. ngleremke ati. ngleremke laku kang jumangkah ora nggenah. sapa kang bisa nyandet lakuning pepesthen. muga-miga ora pepes, angles

16.7.02

aku bosen nulis, bosen online, bosen mikir. kakean masalah.

11.7.02

aku pingin ngomong kali. Nalika isih sma, aku asring dolan nang kali progo sisih wetan dalan, bareng karo kanca sd-ku, gatot lan eko. mangan degan sinambi nyawang banyu mili. jaman smp, beda maneh. yen pas mulih seka sekolah aku kadang-kadang mulih mlaku, jarake kurang luwih 3 kilo. sakdurunge tekan ngomah, aku mampir disik nang kali progo sisih kulon dalan. adus nang kono bareng karo ponco. padahal sak janne aku ora iso nglangi, dadi yo mung nang cethekan thok. bar kuwi sholat nang mejid. trus lagi mulih mangan.

yen ing sd, aku wis nate kesilep. pas aku aku dolan nang kampung sebelah sak bubare nyolong tebu bareng karo usman lan pi'i. aku dicegurake nang dam, padahal aku ora isa nglangi. kojur tenan.

ing jakarta, aku sengit mandeng kali kang akeh-akehe buthek coklat campur sampah. dadi wajar wae yen jakarta banjir. beda banget karo desaku kkn. nalika aku kkn ing desa jinanten kecamatan sale kabupaten rembang, aku asring dolan nang kali. kadang-kadang dewe kadang uga ngajak kanca. nang konno nglangut sinambi nyawang ilining banyu
kampret kecemplung kalen. aku pancen lalen

9.7.02

aku bosen, nunggu rasa. nunggu impen ing pojok betawi tanpa kinawruhan apa kang kudu kagayuh. nyawijia marang sampah-sampah bantar gebang. srawunga marang banyu buthek ciliwung.

kapang kang bosok. ngayawara kadi dene nulis nawala tanpa alamat lan kode pos. mungkin tekan, nanging ora kasurupan dumununge. aku lelangen ing rasa kang tidha-tidha.

Nyangkem sak karepmu
aku wus lali, marang impenku dewe, kang malih rupaku dadi burem. sak burem bureme.

nanging apa ya bisa kelakon, mbaleni crita kang wus suwek, amoh, lan bodhol ?

apa kowe kelingan dek jaman mbiyen ? nalika aku isih seneng ngimpi lan ngalamun ?
Bos3n tenan
pegel tenan, ngetik sedina. edan. sarap

4.7.02

wis rong dina aku tangi kanti awak seger. mungkin merga aku turu sak durunge jam rolas wengi. enak tenan awak iki.

wingenane, aku ditegur karo mas NH perkara tulisanku nang majalah Opini. Pancen, nang kono aku nulis dosa-dosa media. "Ora kabeh media ki elek," jare NH pas aku ngetik. Aku nulis kuwi pancen wis suwe, nganggo data-data konkret nang lapangan. tapi, menurutku ora sing salah. Apa maneh ana tulisanne TL sing justru mbela media, seka sudut pandang akademisi.
------------------
ngimpiku akhir-akhir iki uga akeh enake, akeh sing isa direnungake lan akeh uga sing maraake bingung. wis ah, aku arep nulis hardware maneh.

3.7.02

mau nang the premier plaza senayan.nonton film sing regane larang tenan, sak uwong Rp. 100 ewu. ana sak rombongan cacahe 7, berarti 700 ewu. wah edan tenan.padahal nang njaba akeh wong kere. aku mau mangan pecel karo es jeruk mung Rp. 4000, berarti, sak nontonan isa nggo mangan ping 175. elok tenan.

sak wise seka premier, aku teka nang Multiplex Grande. Sing iki luwih larang 25 ewu. bedane kursine bisa diubah kanti elektrik, yen ing senayan nganggo ongkelan tangan kaya nang mobil.

ning ana sing pada, cewek sing jaga ayu-ayu....:)

2.7.02

sugeng napak yuswa enggal, jeng ramuthu
wengi lumaku alon
ora ana wewayangan kang kudu dioyak
...........
sapa sing ngira yen
aku tinitah muspra ing titi wanci
tinanggenah jaga lawang
ing tembang-tembang impen
-----------------------