28.2.03

ing pojok warung
ana kucing ireng putih
matane lucu, rada genit
tak jak guyon
nyawang aku kaya gumun
"gelem rokok?"
deweke isih nyawang aku gumun
tak kei sedotan
ben kanggo dolanan
malah nyawang, kaya lagi bingung
yo wis
sedotan tak gletakke
eh malah dinggo dolanan nganti ngadeg-ngadeg
kucing edan !
jebule situsku mlebu nang listing special report "javanesse on the internet"
dina iki mubeng-mubeng ra karuan. aku tangi telat, amarga mau bengi ngancani cah-cah nongkrong nang newscafe. jan-janne males. ngantuk. dadine telat. pas tangi, cahya srengenge isih katon ayub-ayuben. nanging jebule wis meh jam 9, ana sms seka cah republika. asem, abu bakar ba'asyir dina iki nang kejati. cekat-ceket adus, lan nang kono pas simbah seka solo iki arep mlebu mobil mbalik nang mabes polri. lumayan, isih kumanan wawancara karo pihak kejati lan pengacara.

bubar kuwi, cabut nang kpu, rencanane ana rapat pleno dina iki. tekan kono jebule acarane ra sida. kanggo tamba cuwa aku wawancara karo imam prasodjo. bla bla bla. embuh ra ruh !!

seka kpu, mangkat nang mabes polri. tak rewangi numpak taksi, amarga wis meh wektune sholat jumat. wis, bar kuwi kaya biasane, arep wawancara ba'asyir maneh nanging ora isa. ana polisi 7 sing njaga. yo wis, dadine wawancara kapolri. rame-rame lan mesti wae tangane pegel amarga nyekel tape rekaman.

dina sing nganyelke...

27.2.03

nalika jakarta udan, mau awan, aku dikancani kopi, udud, karo roti keju. lungguh nang pasar festival lantai ngisor sinambi maca novel. wong pada wira-wira, nanging isih sepi. ing kafe iki, mung ana wong telu, klebu aku. nanging weteng tetep luwe, maklum weteng jawa, durung wareg yen ora mangan sega.

sak wise kuwi golek data, jan-janne arep nulis masalah perusahaan manca sing ngawur-ngawur kuwi. nanging angel, wira-wiri kana kene. tinimbang nganggur aku golek data anyar partai-partai. pas metu seka kantor kuwi, aku lagi kelingan yen ana wong sing isa dijaluki tulung masalah perusahaan kuwi. wis telat. sesuk wae.

mangkat kantor rada ayem. ana sing isa ditulis. nggambuse polllll

25.2.03

sing kepingin ngerti hurup2 asia, gari pilih bali, jawa, sunda, vietnam, apa kamboja ?

apa pingin nonton tanggalan jawa?

yen arep ngerti grup band jawa nang suriname. ana sing jenenge kekancan, sambatan, lan rupia. yen grup gamelan jenenge mbangun trisno

24.2.03

riwayat mbah kakung, warnodimejo, nalika cilik. tak jupuk seka catetanne bapakku. ora kabeh, amarga pancen dawa critane.


jenenge bocah warno, lahir ing tahun 1895. dilahirake kembar dhampit, karo adhine sing jenenge warni nanging ora kedawa umure, tilar donya nalika umur 5 tahun.
bapake asma onggodimejo, lurah hormat desa kanci; senajan garwane mung siji nanging peputra nganti 18, dene sing sugeng nganti dewasa ana 11. pak warno kakang ragil, dene ragile aran danang sing sakwise sepuh haji mochtar, dilem; ya bapake haji jarzi zadan ba, sak kadange.

onggodimejo seda ninggal kokohan loro sing isih cilik-cilik, yaiku warno kang ngancik umur 7 tahun lan danang, 5 tahun. sarehne randha mulane bocah loro mau uripe rekasa, nyandang mangane kurang kopen jalaran ditinggal embokne sing kerep lunga bakul para karo sembet, ider turut desa-desa tekan gunung, malah kerep nginep nganti pirang-pirang dina. tujune bocah-bocah mau nriman lan militan, ora tau sambat ora tau nggresula. yen pinuju embokne ora kondur, danang gelem nutu pari, nosoh beras, diliweti nganti dadi sega, ganep sak njangane pisan.

sedulure tuwa sing wis padha mentas kang manggon tunggal sak desa padha gemati lan welas asih, yaiku : jagareja, kyai jamzani, lan dullah harun. bocah loro kerep diundang prelu diprentah, dikongkon, mung sak perlu kanggo aling-aling olehe arep menehi apa-apa.
saben esuk bocah loro mau padha mlaku-mlaku mangkat sekolah menyang bandongan sing adohe kira-kira 5 kilometer. yen sore padha ngaji ana ing mesjid diwulang kakange ipe yaiku kyai jamzani sing galake kepati-pati.

danang sregep tumandang gawe bab apa wae, nanging warno rada kesed sungkan pegawean. sing disenengi maca buku, nembang, lan ndongeng. yen wis maca buku sok nganti lali sakkabehane. yen nembang swarane apik, yen ndongeng akeh kanca sing padha ndomblong seneng ngrungoake.

sarehne warno maju sekolahe tur pinter, mangka nang omah ora pati kopen, luwih-luwih papane adoh, mula embokne nuli ngiguhake murih kepenake. anake dingengerake lurah sepampang sing cedak bandongan. ana ing sepampang watake sing kesed dadi malik grembyang, saiki dadi sregep, mula kanggep pasuwitane. ditresnani lan dialem.
kanthi pawitan karep, mantep, lan sregep, sekolahe klakon bisa tamat tahun 1909. oleh surtipikat standaar school sing biji nomer siji. sarehne sekolahe wis tamat, kathik ngaji qur'an ya wis katam, apal surat yaasin tur macane berjanji apik, kyai jamzani seneng banget. adhine mau nuli disupitake bareng karo putrane dhewe, yaiku dardak.
bubar supit wis jaka kemala kala. nuli diajak kakange, dullah harun sing bebara nukang kayu ana ing semarang, sakprelu digolekake pegaweyan. wusana oleh, dadi pembantu mandhor plabuhan semarang. lagi bae arep urip rada seneng marga bayare lumayan, dilalah nampa alangan mripat sing tengen lara nganti cacat ora kena kanggo ndeleng, wusana kepeksa metu saka pegaweyan, terus mulih nang ndesa maneh. njujug omahe mbakyune yaiku udarejo sing wis omah wanasaran. mbok udarejo uga wis randha duwe anak cilik-cilik telu, yaiku juweni, jahid, lan badriyah. tekane tiba kebeneran, amarga saiki adhine mau dikon momong keponakane sing saben dina ditinggal lunga adol lenga ana ing protelon gathukan.

kocapa ing tahun 1918 ing magelang ana pendaftaran ujian guru desa (volk school). warno melu ujian. begjane awak yen wis tekan. ujiane lulus tur nomer siji. pemerintah maringi hadiah. tanpa kursus tanpa sekolah, terus diangkat dadi kepala sekolah desa, mbukak sekolaha ana ing desa genita kecamatan windusari.

19.2.03

aja mikir nalika sirah krasa bunek. rasane males, lan aku ra kepingin ngrampungke apa-apa. ngilangi buneking pikir sing kaya-kaya nyanthol tanpa aku isa enda.

18.2.03

ana rokok, sing nggawa peluk. nggawa mlayu langitmu, langitku. jarene miles davis, i fall in love too easy. gombal !

semut-semut kluyuran, kaya kurang gawean. ireng, rerambatan nang pojokan. nyebar tanpa pepalang.

jarene davis, i thought about you. suara trompet, cemengkling nyengkiwing kuping. nyanding rasa tida-tida.

lagi ngapa ? ngalamunke donya kang cumawis lan kelangan kang ora uwis-uwis ? nggarisi jaja kang dijur mumur dadi bubur ? sarap !

saiki richard elliot ngelingke, on the run. nanging aku pingin mulih ! if tomorrow never comes, elliot isih ngeyel. ana sing katon, nanging tan kejamah. lan aku mlayu ngadoh, golek taksi, ngobrol karo supire, banjur lali. kuwi ancangane !

nyatane, semut-semut isih kluyuran, peluk ngancasi angin, trompet lan clarinet pada padu ra karuan.

golek wacan ! edward w said ra nggape. thomas hardy mlengos. george orwell mumpet. utek buntet, seret, ngempet tabet.

karepmu apa? embuh !
mau esuk tangi, langsung kelingan jaman sd. nalika kuwi bar sekolah aku lagi seneng-senenge nyebul suling. gage-gage aku menyang pinggir sawah mburi omah terus dolanan suling. kaya wong romantis wae. nongkrong nang pinggir sawah kuwi pada enakke karo nang kali. jaman sma aku nongkrong nang kali bareng kanca-kancaku sinambi ngombe degan. gathukane mangan klapane bareng gula jawa. jaman smp, aku nang kali bubar mulih sekolah. jarak sekolahan tekan ngomahku kurang luwih 3 kilo, ngliwati sak desa liyane. ing wates desa ana kali, jenenge kali progo. kadang aku mulih mlaku, yen numpak bis (jaman semono) mbayar rp 50,-. sak durunge tekan ngomah mampir sik nang kali, sholat nang nduwur watu, terus jebur...nyemplung kali. mulih pas mesjid adzan ashar. nang mesjid sik, terus lagi mulih ngomah.

jaman kuliah, aku kaya kelangan panggonan kang asri kanggo ngumbar rasa. kahanan kang idum, lan isa nglangut tanpa ana sing ngganggu.

17.2.03

jenenge komet. aku ra ngerti ngapa jenenge kaya ngono. kamangka rupane blas ora mirip karo komet. sipit, lan yen ngguyu untune katon kabeh. ngakune seka sragen, jawa tengah.

pisanan aku ngerti deweke nang kampus. blas ora tertarik. putih mangkak lan yen dideleng suwe-suwe kaya wong korea. nanging sing naksir akeh banget. jarene, yen malem minggu nganti antri tekan ngedi-endi. ana sing nang pasar, ana sing nang tukang cukur.

"panggil aku komet", kuwi tulisanne nang bloge. lan nalika kancaku mati kebakar, deweke malah curhat masalah cewek. hlo, jarene akeh sing naksir ? embuh. takon dewe karo wonge.

sambungan sing uga mbahas komet :
saljudiparis
olenka
ilalang
lagi udad-udud arep nulis blog, eh malah dikon rapat.piye iki?

karepmu !!!!

14.2.03

akhire diganti karo mas agung. pas nulis mau, mas agung nonton aku nulis berita. deweke usul nganggo ukara "ngotot" kanggo ngganti ukara "bersikukuh". aku ngeyel, amarga "ngotot" kuwi basa jawa, lan durung ana nang kamus besar bahasa indonesia. akhire aku ngomong," terserah yen mas agung pingin 'ngotot', ning aku tetep arep nulis 'bersikukuh'."

katone sepele, nanging yen digagas, yen dadi basa indonesia kudune dadi "mengotot", lan iki rasane wagu, amarga seka ukara "otot". mulane luwih sreg nganggo "bersikukuh". lan akhire? beritane dadi diubah, dadi "ngotot". ha..ha..ha..
esuk tekan awan dolanan komputer lan sinambi nyetel lagune chrisye. sak durunge mangkat, mangan gudeg ndisik nang cedak matari. enak tenan. bar kuwi iseng-iseng niliki partai-partai sing wis daftar ulang nang depkehham. ngobrol masalah partai karo pak wicipto nang lantai enem. glenikan golek berita ngene luwih enak tinimbang ngalamun nang ngomah.

tekan kantor, cekat-ceket lunga jumatan nang kejaksaan selatan. bar kuwi browsing sedela nang kantor. mung ana seno sing asyik chatting. mbuh chatting karo sapa. terus teka mas agung, udad-udud sinambi maca koran, nang ruang asap. pas theng jan loro minggat nang kantor ppp reformasi. bar seka kana mulih maneh.

rutinitas. mungkin kanggo wong liya gawean kaya ngene iki ora mboseni. nanging justru ora ana sing rutin kuwi malah dadi rutinitas sing mboseni. ketemu karo wong-wong beda saben dina, sing tingkah polahe uga beda. nanging banjur krasa yen kuwi ana gunane.

aku kelingan memoar utuy tatang sontani ing "dibawah langit tak berbintang". nalika cilik, utuy males sekolah. gaweanne nongkrong seka esuk tekan sore ing pinggir rel sepur. seka kana, ing sak wijining resensi ing majalah kalam, disebutke yen jaman kuwi utuy sinau ngenani menungsa. ing memoar mau, deweke kanti terangt-terangan ngritik wong sing sinau masalah menungsa seka buku. yen deweke anggepanne beda, sinau menungsa supaya digawe buku. menarik.

pancen kadang-kadang aku krasa, wong kakean maca buku terus lali marang sesrawungan. lali yen endahing alam ndonya iki ora isa diwakili dening sak losin buku. buku kuwi wing tiron seka prastawa sing sak nyatane. isa luwih apa, isa luwih elek. nanging ora mungkin pada.

10.2.03

arep mulih, jebul udan. gondes tenan.mending njajal sepatu anyar

9.2.03

dina senen kaya biasane. langit isih mendung, lan akeh sms mlebu. seka sms kerja tekan sms ngajak dolan. aku lagi bosen dolan, uga kerja. rong dina wingi aku mung nang ngomah, ngrampungke maca novel sinambi ngrungoake radio. selingane, blanja nang hero, jogging, dugem nang al azhar, kerja bakti, lan nang pameran ulang taunne pramudya ananta toer.

pas nang al azhar aku males tenan. bareng karo kanca-kanca kuliah dolan. rencanane sewengi kaya biasane. untung wae mobille rewel, dadi isa turu enak. arep nolak ra enak, melu rasane males. bosen, ndonya wengi sing isine gumebyar, kamangka ing liputan aku ketemu wong kere meh saben dina.

7.2.03

novel "candikala kapuranta" menang rancage. rancage kuwi penghargaan kanggo sastra daerah sing dipandegani dening ajip rosidi. sastra daerah sing mlebu yaiku sunda, jawa, lan bali. taun wingi sing menang, kanggo sastra jawa, kumpulan cerpene jayus pete. sayang aku ora entuk. golekane angel. yen sing candiakala kapuranta iki pancen tak akone apik tenan. penokohanne katon urip, lan ora nganggo pralambang sawantah kaya umume sastra jawa liyane. suparta brata, ing majalah panjebar semangat ngalem entek-entekan novel iki. novel garapan sugiarta sriwibawa iki isa ditemoni ing toko gramedia (aku wus tau weruh nang gramedia blok m). sastra sunda sing menang "kembang-kembang petingan" (holison me), lan bali dijupuk "bunga gasdung ulung abancang" (i nyoman manda).
lagi ra kepingin ngagas apa2. dina iki mung maca novel lan ngrungoake lagu kroncong karo campur sari.

6.2.03

nulis masalah hukuman mati. jebule ngeri ya? regu tembake ana 12 tamtama, 1 bintara, lan dipimpin sak wijining perwira. sing ditembak, entuk lungguh, ndodok, utawa ngadek. ditembak pas jantung. ing antarane sing nembak mau ora ana sing ngerti bedile sapa sing diisi peluru tenan, lan sing ora. dadi wong-wong sing nembak mau uga ora ngerti sapa sing mateni.
deklarasi hak asasi manusia

1.2.03

nang kantor males. dina iki koran tempo covere leony. ngapa ya? bar chatting karo ,bulan lan enda.

aku kok kangen mulih kampung ya? katone enak, musim udan nang magelang, turu sedina-dina, ngalamun, nulis puisi, utawa maca buku.

sawetara kuwi majalah panjebar semangat minggu iki covere jenenge ayu, lan memang pancen ayu. sampul mburi kandhi wrahatnala.
awak isih kesel, mau turu jam 5 lan tangi kurang luwih jam 8. mau bengi pas arep turu rudi nelpon, ngejak dugem. yo wis, akhire melu cah-cah muter-muter betawi. bareng rudi, tiok, bobo, dedi, lan disupiri reza. pisanan nang kafe champion kemang, nang kono aku mung ngombe kopi thok. rada lumayan. bar kuwi cah-cah ngejak nang stadium, panggonan bejat nang kawasan kota.

aku jan-janne males. aku karo tiok mung nongkrong nang ngarep bar lantai 2. nang kono nontoni wong transaksi seks. bocahe pancen ayu-ayu, regane sekitar 180 ewu. mungkin yen aku ketemu nang ndalan karo wong-wong mau ora bakal ngerti yen gaweanne kaya ngono.

aku dadi kelingan kancaku nalika isih nang surya. deweke nate crita masalah pacare dek jaman kuliah. pacare mau sugih lan gumebyar. kancaku mau dikei pager lan dicekeli mobil. jaman kuwi pager isih klebu barang mewah. sak wijining dina, kancaku ana acara seminar nang hotel. pas ngobrol karo pegawe hotel, deweke disodori daftar menu cewek sing ana foto-fotone. jebule pacare mau ana ing daftar kuwi.

kancaku mau banjur takon marang pacare. lan jebul pancen bener. pacare mau ngaku terus terang, lan banjur njlentrehke yen ibuke lan sedulure uga profesine pada. terus, kancaku mau bubar.