29.3.03

27.3.03

aku kaya manjing ing donya liya. tan wanuh apa-apa.
mulai saka awal. mecaki dalan-dalan aneh. lucu, lan kadang nganyelke.

mau bengi nonton acarane moda mania. kumpulane wong-wong sing ambyur ing jagad model. kadang ngobrol karo wong2. ana dj, desainer, model, lan wartawan. akeh banci nand kene. ngobrol sinambi tlapakan tangane dilempit, kaya pisang, nang ngarep dada. suarane cilik, kadang uga gede.

aku mung akeh meneng, ngadek seka pojok, ngombe jus, lan nonton wong padha basa-basi. aku pancen lagi basa-basi. tugasku rene ora liputan. nanging dikon kenalan karo menungsa-menungsa iki. lan aku mung akeh nonton.

bar kuwi nonton kenya-kenya krempeng mlaku kaya robot. kabeh padha, wedhi kepleset.
mesem kuwi ngguyu sing lirih. lan wong wadon luwih sering ngguyu tinimbang wong lanang. nanging kakean mesem, isa diarani edan. nulis apa sih iki ?

26.3.03

langit klawu, ana mendung nggawa hawa panas. lungguh nang pojok sinambi udud rokok djarum cherry, sing ambune ya kaya cherry. terus njajal sing vanilla. ambune ya kaya vanila.

mau bar wawancara karo mas aendra. suwe ra ketemu ngobrol macem-macem. saiki deweke gawe perusahaan dewe. cah iki pancen mletik pikire. mluncat rana mluncat rene.

bar kuwi menyang kantor. qaris nggoleki, lan aku ana tugas gawe artikel info lan indikator. pas wis rampung gawe indikator, jebule edisi sesuk wis ana iklan sak halaman. wah mathuk tenan. dadi gawean lancar dina iki. aku paling nyiapke nggo edisi sesuke. nyantai .....nang pusat budaya italia.

25.3.03


jadwal kerja:
rebo awan wawancara nang pasar festival
kemis mbengi nonton fashion show
jumat mbengi nang yu kitchen & bar

24.3.03

urip anyar ing posisi anyar. gawean mung nerjemahke berita thok. ana liputan dugem, ning sesuk wae. dina iki browsing mandeng tulisan-tulisan sing marakke mumet.

19.3.03

komisi kebenaran lan rekonsiliasi kang durung rampung digarap. akeh wong sing ra setuju. nanging aku setuju. ngrujuk marang afrika selatan, sing dipandegani dening nelson mandela.

yen mung mikir balas dendam, tak pikir ora bakal rampung-rampung. kabeh sarwa ngawur, njaluk menange dewe. ananging, pancen ora mung terus bubar ngono wae. aku luwih sarujuk marang konsep sing disetujui abdul hakim garuda nusantara. ketua komnas ham iki, nrujuk marang konsep ing korea selatan. wong sing nduwe kejahatan ing jaman kepungkur, ditlisik sik. divonis salah, njaluk ngapura, terus kudu gela.

katonne ngremehke marang korban. nanging apa pancen dendam kuwi kudu diwales? tak pikir ana sing luwih bisa males, Gusti Allah !

17.3.03

ruang kebak peluk. kemebul seka arah ngendi2. lan rokokku wus entek.

dina kang ngeselke. kakean berita, ra jelas

14.3.03

iki gambar nalika ulang taun ke-17. nalika kuwi jan-janne lagi sedih. nanging aku lali sedih merga apa. ketoke bar patah hati. terus, karo mbak tentrem digaweake sega kuning. aku ra ngira yen ulang taun kuwi dirayaake. nalika kuwi males tenan. blas ra mood. nanging yen kelingan marakke kangen. amarga sak lebare ulang taun kuwi ora ana maneh perayaan resmi kaya ngene. apamaneh, sing sok nganakke ulang taun kuwi bapakku, sing wus seda. lan kuwi ya mung aku thok, sedulur liyane ora ana sing dirayaake.





13.3.03

ana kalane urip kuwi kaya diwalik-walik. mula aku rada ra setuju yen mung nggagas samubarang mung nganggo utek thok thil. kadang pancen logis. kaya nalika newton ndeleng apel tiba lan ngomongke gravitasi. nanging ana uga sing ndeleng kanti relatif, kaya einstein lan derida. whitehead, ngelokke intuisi kanggo ndeleng samubarang. ranggawarsita nganggo wening. lan ana uga sing ora kejamah nalar lumrah, kaya wong-wong sing mumpet nang guwa kahfi.

awan kuwi, aku kesusu ana janji marang sakwijining pejabat. wektu mepet banget. gelem ra gelem aku kudu numpak taksi. taksi abang tak stop ing ngarep halte cedhak melania megaria. sing nyopir katon lesu kanti praupan sing padha karo langit dina iki. mendung nyoret angkasat.

taksi perisai bangsa kuwi mlaku mbelah jakarta. kutha sing tak anggep ora nduwe isin. jarene, betawi kuwi sejarahe seka ukara mambet (mambu) tai. nalika kuwi sultan agung nyerang kompeni ing kawasan iki. lan kanggo srana beteng ben walanda ora wani nyedhak, prejurit mataram ngising nandi-nandi. sak engga landa ora wani nyedak amarga jijik. mula diarani mambet tai, lan banjur kawentar dadi betawi. embuh bener mbuh ora. nanging kutha iki pancen kaya tai. paling ora yen nonton tingkah polahe menungsa ing kene. seka terminal tekan panggonan wong nganggo jas larang.

ora. aku ora arep ngomongke yen sopir taksi mau tai. nanging, paraga saka cirebon mau curhat nasib keluargane. anakke papat. deweke nyewa kontrakan ing kawasan slipi kanti ragad 180 ewu sewulan.aku ora mbayangke kaya ngapa panggonane. jarene mung diwatesi tripleks. sing marakke ati trenyuh, anakke sing mbarep, sing sekolah nang smu 35 cedak wisma benhil, wis seminggu ora sekolah. bocah kuwi sluntrut wae. turu nang mesjid lan lagi mulih yen bar adzan subuh. deweke ora entuk sekolah amarga durung mbayar duwit sekolah nem wulan. jumlahe 800 ewu. kamangka sedela maneh lulus. sopir taksi sing yen nang ngomah turu ing njaba kuwi ngaku ora duwe duwit.

deweke wis nyoba nekani sekolah lan ngedol kipas angin siji-sijine. di dol payu 80 ewu. nanging sekolah tetep ngeyel yen kudu mbayar 800 ewu. surat katrangan seka rt/rw ora dianggep. mbayar utawa minggat !

sopir iki wis nyoba golek gawean kanggo anake. sapa ngerti isa dinggo panglipur sepaning ati. nanging, jebul tetep kudu nggawa duwit. contone dadi tukang koran. ben isa dadi tukang koran kudu mbayar jaminan.

aku ra mudheng kudu ngapa. isaku mung nyoba dadi panggonan pangudarasa. kadhang nanggepi, nanging ra wani nyaranke. uripku, jebule luwih entheng. paling ora saiki.

wengine, aku nonton wong maca puisi. kaya biasane, sikilku mung dilandesi sandal ban ireng lan kaos kang uga ireng. clana jins kumel tak tekuk amarga kedawan. aku mlebu ing galeri cemara 6 rada rangu-rangu. akeh wong nganggo jas, lan ing parkiran katon sedan kedutaan perancis ngaling-alingi dalan. wong-wong sing mambu wangi. parfum kang mungkin luwih larang tinimbang ragad sekolah nem sasi anak sopir taksi mau. aku krasa kere banget.

daerah menteng wengi kuwi udan, nanging katon wong-wong sumringah. wong-wong sing lagi ngrayake wulan puisi sak ndonya, istilah kerenne le printemps des poetes.

aku isih kamitengenen nalika dorothea rosa herliany maca pusi sing pungkasan, santa rosa,1
tapi aku letih bermimpi
rumah ini sempit dan kotor.
jikapun harapan itu tiba,
ia hanyalah segumpal waktu yang sia-sia

11.3.03

kanggo sing kepingin ngerti kronologis penyerbuan tempo klik nang kene
kaya biasane, tangi turu, udad-udud. radio sing tansah tak panjer mesti wae ngancani. anane mung berita. sing dirembuh prastawa kebakaran gedung departemen keuangan. mbuh ra ruh, radio tak pateni, genti nyetel mp3. lagune kla project. ora suwe komang nelpon. takon nomer telpone komet sing anyar. maklum komet kelangan hp pas liputan doa massal nang monas minggu wingi.

mangan roti, kuwi kebiasaanku kawit lara wingi. mung entek siji, terus diglontor aqua. tinimbang nganggur dolanan tripeaks disik. bar kuwi bosen. ganti maca cerpen. kuwi ya mung kuat sak lembar. buku kuwi tak selehke, adus, mangkat. ngono thok !! esuk kok ra mbejaji ngene.

10.3.03

sore iki ora ana udan. lan krasa kelangan. ora ana banyu tumetes, lan godong teles klebes.

aku banjur kelingan. nalika jaman smp lan sma, aku kudu tangi gasik. numpak bis. sakdurunge jam 6 esuk aku kudu wis siap nang ngarep omah golek angkutan. liwat jam enem, angkutan wis kebak lan mesti aku keri.

jaman kuwi rasane pingin misuh. turu kaya durung rampung wis kudu menyat adus. nanging saiki malah kangen. jam-jam semono kuwi ing desaku isih ana pedut. katon putih, kusem, lan nggawa hawa adem.
jenenge wong yen lagi males, kabeh sarwa ra niat. nanging mungkin iki penyakit gawanan, kawit bayi. wis sakwetara wektu proyek-proyek pribadi akeh sing durung rampung. malah ana sing babar blas durung tak demek. elek tenan...

8.3.03

godong-godong ijo cumawis, siniram udan ngesok umpak-umpakan. ana sms. "kantor majalah tempo didatangi orang-orang tommy winata. dan pemred serta dua redaktur diangkut". menarik, jarene bagka, mas manan sirahe bocoh. tommy, njupuk pengacara si desmond. wong iki mbiyen wus nate diculik jaman awal reformasi (tai). tommy dewe, sak lawase iki dikenal preman jas-jasan. deweke duwe artha graha lan hotel borobudur. sak liyane kuwi bisanis tkw nang taiwan lan hongkong. nanging sing paling terkenal bisnis judi ing pulau seribu. menungsa siji iki uga sing disebut2 mebkingi sutiyoso nalika nyalonke dadi gubernur wingi. rapat2 wong2 dprd nalika kuwi dianake ing hotel borobudur. pokokmen dawa banget yen arep ngomongke wong iki. nalika nyerbu ing kantor majalah, begundal2 kuwi nganggo sragam artha graha. lan ngerti tuntutanne ? "perbuatan melawan hukum". kampungan tenan. katone si desmon kudu sinau hukum meneh. apa mungkin utekke wis sowak merga diculik?

tommy tersinggung karo warta sing ditulis masalah tanah abang. jarene, tersinggung amarga disebut "pemulung besar". gombal...........

2.3.03

esuk iki ing senayan

kaya dene lemah kang kecampur banyu udan
ati kang tuwuh seka dina kang raina
lilanana aku lunga
nyisir galengan sawah ing buri omah

kadiparan impenmu wengi iki?
aku njaluk kapangmu sing mbok tinggal ing sanding wit gedang
sedyaku, miwiti laku nganggo rejaning ati
kang wus suwe dadi pengaji
ing lali

1.3.03

kantor sepi, padha kondangan. nang mbak maya.

maca koran males. koran tempo dina iki covere norah jones, judule "melukis di kanvas jazz"

wedang teh, rokok a mild, lan komputer. ngancani aku lungguh nang pojokan. ora ana asbak ! tak enggo sampah dadi asbak. jan-janne mau rencana jogging, nanging aku tangi kawanen. akhir2 iki kakean acara sing ra jelas. nongkrong tekan wengi.