29.6.03

nganggo kalung nang kantor, dikomentari. wis tak kira. kalung sing ngekei wahyu kang lagi wae mulih seka aceh. dek jumat bengi aku, komang, wahyu, yuyu, andi, karo dewi nongkrong nang kafe pasir putih kemang. wong2 padha ndelokke aku amarga nongkrong nang kafe nganggo klambi koko. ngobrol ra nggenah, mangan ra nggenah, lan wong2 ra nggenah.

24.6.03

bar nulis ttg harry potter. rencanane sesuk sak halaman digawe versi daily prophet. sing ngrancang si khoiri karo eko

23.6.03

aku sok gumun marang wong2 kang ngrancang situse nganggo tableless (alias tanpa tabel). amarga terus mlayune nganggo tag div sing asring ora cocok dibuka nganggo browser sak liyane internet explorer. yen dibuka, asring banget situse dadi semrawut, apa maneh yen nganggo iframe. kadang error
nalika prapañca nganggit nãgarakrtãgama, dheweke dadi dharmadhyaksa. jabatan kang mirip karo menteri agama ing jaman saiki. aku nganggep kitab iki kaya catetan jurnalistik kang crita negara majapahit nalika kapimpin dening rãjasanagara. apa kang ditulis mesti wae sing apik2.

ora kaya kakawin liyane, nãgarakrtãgama ora crita masalah mahabarata utawa ramayana. kapetung radha nyleneh yen nitik kabiasan jaman kuwi. naskah iki ditemoake ing lombok.

kuwi crita lawas, nalika kawi (pujangga) kudhu nurut omongane raja kang nyekel kuasa. kabeh kudhu manut apa kang digariske negara. basane uga basa kraton, kang ora lumrah diucapke ing padinan rakyat biasa. mula asring, basa kuno kang dienggo ing kakawin sinebut basa kawi.

ing jaman jawa tengahan, sak wijining pujangga nate nulis serat wicara keras (yen ora salah yasadipura). ora kaya kitab liyane, pujangga iki nulis nganggo basa ngoko. mesti wae akhire serat iki ora dadi misuwur amarga ora nurut kabudayan 'adiluhung' kang asring digembar-gemborake priyayi ing kraton.

jaman wus lumingsir adoh, lan tulisan kang kudhu nurut garising negara isih tetep ana. wartawan-wartawan lagi rame ngomongke pesene tentara. istilah kerene 'jurnalistik patriotik'. wartawan kang ngliput ing aceh ora entuk mbiwaraake omongane gam."kamu wartawan gam atau wartawan tni? kalau wartawan gam, jangan tanya-tanya gua deh!," ngono kuwi conthongane pejabat tni.

geblege, wartawan senior rosihan anwar malah mbela tentara. alesane, wartawan kudhu mbela negarane, kudhu patriotik kaya jaman nalika dheweke nglawan landha mbiyen. "kode etik, bagi saya dalam hal ini tai kucing," jarene.

sing paling rame ing kantor, nalika kanca-kancaku nate dipriksa gara-gara warta kang kapacak ing koran tempo. wong-wong mau dianggep ngelek-ngelek tentara amarga masalah wong-wong aceh kang ditembak mati. wartawan2 mau dianggep salah. nglawan negara. lan akhir-2 iki wong2 padha ngobrolke masalah dandhy dwi laksono. produser sctv iki dipecat sak wise nyiarake korban dom (daerah operasi militer). tujuanne siaran mau jan-janne becik, ngelingke tentara ben ora mbaleni kesalahane dek biyen.

terus, apa wartawan kudhu mbaleni jaman majapahit lan mataram ? ing amerika, jurnalisme patriotik kawentar nalika ana prastawa ii september kang ngancurke gedung wtc. contone geraldo rivera. wartawan fox news channel iki ngliput ing afganistan. dheweke tansah nggawa pistol, alesane kanggo jaga-jaga. nanging, yen ketemu usamah bin ladin, rivera ngaku arep nembak wong kuwi tinimbang diwawancarai.

yen ditarik ulur memburi, randolph hearst wis miwiti manipulasi ing abad akhir 19 dheweke akon karyawane gawe manipulasi gambar ilustrasi ing kuba, ben pembacane ngira yen kuba tenang-tenang wae..

dadi, aja percaya ngono wae marang warta. sapa ngerti awakmu diapusi !!!

salut kanggo komang

10.6.03

megatruh

kagiring niat supe branta lan gandrung
nyulik jurit-jurit sepi
nganggit pangangen ing dalu
nyangking gurit kadya kawi
nanging tyas rangu sumedhot

apa sliramu bisa cinandran tugu
kang lugu urip ing ratri
nunggu ing nawala watu
ngaras rasa ing prasasti
nglali nglari tanpa songsong

niatku angubur kang sinubya kalbu
ngobong kertas banjur lali
minggat ngadoh mbuang tatu
ben kabeh ditinggal mburi
sasat tanpa menga-mengo

(ahad wingi)
wan, piye kabare ? ana masalah ora ? ibu kok ngimpi ktmu kowe? kabar magelang apik2 bae. bls skr juga.

-sms seka magelang-

7.6.03

jam ngancik jam 12 luwih, aku wus nenggak banyu akeh. 2 gelas susu, sebotol fruit tea, 1 teh botol, setengah mug kopi, lan saiki lagi ngadep secangkir teh.

6.6.03

2 redaktur senior new york times mundur. howell raines (60) lan gerald boyd (52) mundur seka koran kang umure wis 152 taun mau amarga polah tingkahe jayson blair. blair ngaku nulis berita-berita sing salah, lan malah-malah dadi plagiat. malah, nate departemen kehakiman protes amarga salah ngutip omongane pejabat.

kuwi ing amerika. ing surat kabar kang wus antuk 7 penghargaan pulitzer. ing kene? aja takon, kedadean kaya sing dilakoni blair kuwi asring dilakoni juru warta kene.

wartawan-wartawan males, asring teka awan, lan banjur takon karo cah-cah sregep tangi gasik. persis kaya nalika sekolah mbiyen, takon pr. wong-wong mau mung nurun wae apa sing wis direkam dening wartawan liya. istilahe, kloning.

apa maneh saiki akeh wartawan radio lan online, sing mestine mburu berita luwih cepet. wartawan2 males mau mung copy paste wae seka internet. aja ngira yen iki dilakoni wartawan media ecek2. koran2 gedhe uga nglakoni kaya ngene. malah asring banget.

kadang kebiasaan kaya ngene dadi guyon. sak wijining wartawan media online telat teka. gage-gage takon, apa ana sing kliwat. cah-cah ngekei rekaman, terus lunga mangan. wartawan mau langsung laporan nang kantor banjur diupload. berita sing salah, amarga rekaman mau mung obrolane cah-cah sing memba-memba dadi narasumber. cah-cah padha ngakak ngerti yen berita mau wis ana ing internet. berita kang ngawur.

4.6.03

radio lagi acara kuliah subuh nalika aku tangi. sholat, terus ngrokok. aku paling bingung yen ing wayah esuk. jan-janne kepingin kaya mustafa sing rajin nulis ing wayah esuk, rong jam dheweke nulis. arep neruske maca buku isih males. akhire gawe susu coklat kanggo mbarengi mangan roti tawar. perse
diaan coklat wus tak entekke wingi.


ngancik jam sanga, aku kelingan isih ana cd sing durung tak tonton. film zhou yu's train. lagi dong yen sing main jebule tony leung Ka-fai lan gong li. gurit lan endahing swasana yunan kaya nyawiji. ayuning gong li sumunar kairing kaendahaning alam kang katon seka jendela sepur.


crita ing film iki jan-janne ora cocok karo kahanan atiku. ngomongke wong kasmaran, sastrawan sing lagi kepranan. aku dadi kelingan mpu panuluh ing hariwangsa. kakawin kang dianggit sastrawan jaman pemerintahan kediri iki nyritaake putri kang lagi sedih ing pinggir sendhang. sak wijining manuk nyedhak.banjur takon. jebule sang putri lagi sedih amarga pepujaning atine lagi lunga adoh, suwe, tanpa pamit.

manuk mau banjur janji nggoleki lan nemu kekasihing sang putri mau. wong mau banjur crita yen dheweke lagi lunga adoh mung arep gawe puisi, sak wijining kakawin. akhire, dheweke gelem mulih.

critane pancen lumrah banget. ing manggala (pambuka) kakawin mau, panuluh ngaku yen lagi ajar nulis. lan nalika dipamerke gurune, dheweke nesu. gurune ngajar panuluh, nanging ditangkis nganggo kayu (barang sing lumrahe kanggo nulis kakawin ing jaman kuwi). gurune nganggep kakawine elek. nanging wektu lumaku, lan panuluh pinercaya ngrampungku karyane mpu sedah kang durung rampung, yaiku bharatayuda.