29.9.03

yen awakmu lagi bunek, ra nduwe kanca nggo sambat, numpak wae taksi. curhat karo sopir taksi ana penake, nyonthong sak karepmu lan kemungkinan ketemu maneh angel. nanging, aku luwih seneng ngrungoake sopir taksi crita. kaya nalika aku mau numpak taksi kosti. bubar aku nepakke bokong nang jok, supire langsung mateni lagu koes plus. "kenapa dimatiin?" dheweke ngira aku ra seneng lagu koes plus. pancen aku jan-janne ora patia seneng, nanging luwih apik tinimbang ra ana unen-unen blas. bar kuwi dheweke crita jaman nom-e. jaman nalika dheweke seneng banget karo d'loyd, panbers, utawa koes sak kadang.

wus nate aku nemu sopir sing jenenge aneh, 'tanyan'. jebule, jeneng kuwi ana sejarahe. dek jaman biyen, nalika bapak-ibuke lagi pacaran, sak kloron padha nonton film india. film kapisan lan pungkasan kang didelok. amarga saking kepranane, long loro janji, suk yen duwe anak bakal dijenenge tanyan, persis judul film kuwi.

dina lumaku kanti cepet, lan nalika nduwe anak, wong sak jodho mau wus lali marang janjine. jenenge dudu tanyan. mbuh ngapa, bayi kuwi urip kanti panalangsan lan katon dedel. ora isa mlaku, ngomong pecelatan, lan laran-laranen. wus ganti jeneng bola-bali (nganti ping telu) lan dislameti nandi-nandi. dokter uga nyerah njelaske. ndilalah kersaning Allah, wong sak kloron kelingan janjine. jenenge diganti 'tanyan.' bar kuwi, bocah kuwi isa lancar kaya bocah-bocah sebaraane. jarene,"ora nganti seminggu ganti jeneng, aku wis isa mlayu." eram tenan.

ana uga sopir sing ngakune mbiyen pegawe kantoran. nalika kuwi dheweke pacaran karo anake bos-e, kang matane sipit. wong tuwane ora setuju, ing ngatase anak bos kok kawin karo karyawan paling asor.

tresna kuwi micek, mula wong loro padha sepakat minggat. kawin mlayu kanti nggawa tresna kang dicekel kenceng. lan akhire dheweke dadi sopir taksi. dheweke bangga tenan marang bojone,"pahanya aja bisa buat berkaca, saking putihnya."

lan pas minggu wingi, aku numpak taksi nuju kawinane dara, kancaku sak kantor biyen. sopir taksine asal kebumen, jenenge ahmad. bojone kerja nang kebumen kono dadi guru. bojone kuwi kancane dheweke mbiyen jaman nang madrasah tsanawiyah. dheweke uga bangga karo bojone kang pinter ngrumat lan ora nggresula amarga duwit cekak. lan aku bangga marang dheweke, amarga henponku sing ndilalah tiba nang taksine isih ana, lan aku ora sidha tuku hp meneh.

nulis? apa tho sejatine nulis kuwi? jaman sd, aku nulis remeh temeh sing babar blas ora ana gunane. aku mbiyen gawe koran2an, sing tak tulis, templekke nang kamar, lan tak waca dhewe. kadang aku ya mung nulis semut kang mrambat ing pinggir omahe mbah purwa swargi. utawa wong mlaku-mlaku ing ngarep omah.

pas kuliah, nulisku wis rada mending, ana sing maca. ra ketung tetep wae aku gawe koran2an sing tak print siji thok kanggo diwaca lan disimpen dhewe. sak lawae kuwi, ana sing ngalem, ngece, nesu, utawa ra peduli babar blas. nanging aku luwih seneng yen ana wong kang ngekei kritikan. pujian ? ra penting, amarga tulisan kuwi wani tak kirim amarga wis tak anggep layak waca.

nulisku nalika kuliah, jan-janne, luwih pas disebut onani. nulis sak karepe tanpa manut marang aturan. apa maneh jaman kuwi aku nang majalah mahasiswa sing pakeme politik. pas aku nyekel kuwasa, aku ngrubah dadi majalah budaya. akeh senior sing protes, uga cah2 aktivis sing banjur ngece. bayangke wae, majalah mahasiswa ning ana rubrik wawancara karo paranormal.

ok, kuwi pancen wis kliwat suwe. jaman aku mlayu seka wewayangan asu (anakmu jenenge putri?). pas kerja, aku isih kemaki lan uga ora ana sing ngritik. nanging pas kerja ing tempo, aku entuk kritikan. kritikan kang akeh. lan aku isa betah suwe nang kene amarga ana sing ngritik tulisanku (salah siji alasan).

tekan media sing anyar iki, aku isih bingung. aku arep nulis kanti gaya piye ? sirahku lagi mumet mikirke gaya nulis !!

25.9.03

weteng luwe, nanging aku males suk-sukan nang warung amarga rame. nulis ya ra ngerti apa kang arep ditulis. sambat ? wis bosen. ana ide?
chairil anwar kang mung ngawang2

17.9.03

dina kang pungkasan ? muga wae ora. amarga aku isih kepingin dolan rene. menungsa kang sableng ngumpul nang kene. ngrungoake kelakuan wong-wong kang kawogan ngurus ing negara uga ana ing gedung iki.

14.9.03

awak lagi kere malah dijak dolan. radha males, nanging aku paling susah nolak ajakan kanca. dadine, malem setu aku ngancani kancaku kliling kutha kang sarap iki. pisanan nongkrong nang warung apresiasi, ngobrol ra karuan sinambi nonton pengamen kang lagi manggung. "aku arep mulih nang jogja wae, ra nduwe duit," omongane si erwin, pegawe kono. "gue dapet 21 ribu," pengamen cilik seka sd kreo ngomong bangga.

bar kuwi, nongkrong nang cedhak blok m plaza, mangan soto lan gojekan karo cah-cah kono. ngrungoake gitarane bakul teh botol kang nyanyi "jaiman." bar kuwi malah nyanyi2 sholawatan jawa.

bosen. niatku mulih, wis ngantuk. nanging perkara mlaku-mlaku durung rampung. kancaku crita pijet susu lan samubarang bisnis seks liyane. kendaraan mlaku nuju jakarta kulon. mlebu ing wilayah esek-esek. mbuh ngapa, aku tansah gumun marang polah tingkahe menungsa2 wengi kaya ngene iki. apa maneh yen lagi fly, kelakuane luwih lucu tinimbang nonton gogon ethok2 ndlosor amarga salah lungguh.

"nomer 84 kuwi ayu," celatune kancaku. mataku nuju angka digital ing sak wijining saka. lagi ngeh yen ana layar kuwi. "sing ayu liyane?," takonku. "nomer 88 apik, susune gedhe," dheweke mrenges.

swara bising lan panggonang kang sempit marakke aku males suwe2 nang njero. ndasku ra isa dijak kompromi, aku tetep ora isa nikmati kahanan kaya ngene iki. mendhing minggat lan nongkrong ing warung ngarepan. nang kono crita masalah jurnalistik.

pas mulih, ana ribut2. "emang kenapa lu?," wong kang nganggo jaket sing padha karo kulite, ireng, nuding2. katone mabuk. wong kuwi ditahan dening kanca-kancane lan sekuriti kono. (jarene kancaku, sekuriti kene dijaga dening satpam ing kantore mbiyen, grup media paling gedhe ing indonesia). ing sisih liyane, cedhak lawang mlebu-metu, wong enom rambut cepak katon muring2. "saya ini sersan mayor,masa dibentak2 anak kemarin sore!"

ahad wingi, pas lagi sante nonton tv (aku durung mesti nonton tv sewulan pisan), reza teka. dheweke ngajak dolan-dolan bareng karo bobo. pisanane nang tiok, ra ana wonge. diteruske nang ngajak komet nang kos-kosane. bar kuwi minggat nang pejaten. nang kono ngobrol karo amin, imung, lan jojo. bosen nang kono, pindah nang kos-kosane deddy, kang banjur teka si rudi. isine dolanan ps karo mangan mi ayam.

bar kuwi minggat nang plaza senayan (kaya cah abg !). mubeng-mubeng ra karuan lan akhire nongkrong nang food court. lan bejane, aku ditraktir jojo.

aku mulih diterke rudi. niatku turu, ben lali, yen duitku kari 50 ewu.


saben dina aku mecaki gang iki, dalan karet karya pitu. ing pojok gang, ana wong tuwa kang asring dak sapa. aku ra ngerti jenenge. ing ngarep warunge, dheweke tansah lungguh, mbuh awan mbuh bengi. kadang ana wong liya kang ngancani, cangkrukan ana ing kursi kayu dhawa. sak wetara kuwi, ing ngarepkosku, wong-wong liyane uga dadi patemoning wong-wong ing gang kono. ana warung liyane kang dodol panganan lan kabutuhan padinan. aku jarang melu nongkrong. kadhang wong-wong kuwi lungguhan lan gojekan nganti jam 10. Mbuh ngapa, kok gojekanne ora nang pos kamling kang jarake watara 10 jangkah.

12 jangkah seka pos kamling, ngarah nuju dalan rasuna said, ana warung janganan kanggo sarapan. iki uga panggonan kanggo kumpul2. nanging luwih asring ibu-ibu kang ngrumpi macem-macem. ibu-ibu kuwi, kadang njupuk panggonan ing pojok gang nuju mesjid.

pas ing cedhak mesjid, ana grombolan liyane seka keluarga kang manggon nang kono. yen liwat gang kuwi kadhang kudu miringke awak, amrga uga dadi pawon wong-wong kono. mula, irung kudhu siap nampa pengambon panganan.

omah-omah ing gang iki rata2 cilik. ora kabeh nduweni omah2 kuwi, amarga akeh kang ngontrak utawa kos. yen nilik sukune: ana padang, betawi, jawa, batak, sunda, lan medura. setaun aku urip nang kene, durung ana dredah kang gedhe, paling wong padhu antarane anak lan ibune, utawa urusan bale somah liyane.

ing desake, sak kere-kere wong, mesti nduwe omah. sak kere-kerene ya kontrak, kang panggonane wiyar. lan aku yakin, ora ana wong mati kaliren. bnanging, yen golek omah kang apik magrong-magrong radha angel, sarwa prasaja lan sak cukupe wae. uga ora ana dalan kang kudhu miringke awak, utawa pawon ing dhalan utawa njaba omah (kejaba yen lagi ana wong nduwe gawe mantenan).

12.9.03

kopi kang pait iki dudu critaku dina iki. sak wise wingi ngrampungke tulisan kanggo koran tempo edisi minggu (virus komputer karo selebritas penyiar radio), gawean dina iki radha sante. rampung ? isih durung, amarga ana gawean seka kantor anyar lan pesenan freelance. dadi, anggep wae nunda stress. kamangka proyekku pribadi durung rampung.

1.9.03

aku ora miwiti dina kanti "september ceria" ala vina panduwinata. esuk iki aku dikanti teh gopek (kirimane renny dicampur jas-jus, cookies (iki panganan, dudu file komputer), campur sari, lan php.

dina iki, aku mung wawancara karo "menteri ketombe" ing istana wakil presiden. dheweke ngomong masalah papua lan verifikasi partai. menteri sing jarene sonya kompas iki "menteri yang ingin dianggap paling pintar" kuwi isih wae durung berubah.

cukup rong berita, lan aku wis males kerja. apa maneh entuk sms seka yuyu: wis.. seadanya aja. gak ngaruh lg buat masa dpnmu. bikin mangkel tempo itu adaknikmatan sdiri om :p. terus si dewi uga sms:plg k kos aja ang tidur! ntar sore br k ktr rapat.

trus aku mulih nang kos, nyetel radio pas lagu "september ceria"