22.1.04

angin tumiyup alon, godhong nangka lan rambutan kemlawe tanpa swara. lan langit wus tumiba abang ing wates sore lan ratri. sawijining paraga lanang katon nglangut ing kursi ngarep omah. netra kang ngliga, tanpa culika, mandeng angkasa. tangan tengene sedhakep sinambi pisan-pisan diangkat kanggo nyedot rokok. pendharing mawa kang abang katon endah kairing dina kang sansaya ireng. sinawang kadya konang beksan

.....

sliramu dudu banowati
aku dudu janaka
pijer iki impen kang kudu kasimpen
tinandhing lakonmu, lakonku

rikala branta
njawil ati maneh
njupuka 'rek jres
bus...
kobong dadi ireng thuntheng

eling nalika tangan kumlawe ngaras rambutmu ?
utawa lambe kang nyawiji
tukar rasa
nyambung kangen
ing pucuking lambe ?

lambeku
lambemu
wus
kobong
....

(kacuplik seka crita kang katone ora sida tak rampungke)

18.1.04

iki guritane pimred-ku:

nalika aku srengenge
kowe bumi
kang gupuh ngiteri lelakon

tresnamu kangmas
mrasuk jeroning ati
nganthi aku sedya dadi bumi

ning kowe cidra
milih dadi candra
sing bisa tak sawang sepisan
ing purnama
nalika awakmu nampani srengenge
sing jelas-jelas dudu aku

15.1.04

maca tulisan iki aku kok ra ngerti ya ? jebul ana candi ing desa ringinanom (biasane wong2 nyebut kiringan) lan ing desa menoreh (gampange disebut noreh). jaman cilik aku sok dolan nang kiringan yen pas dina pasaran. kadang sok dijak kanca-2 nyolong tebu bubar mulih sekolah. kiringan kuwi persis jejer desaku. yen arep cepet menyang borobudur, biasane liwat kiringan. ana sak wijining desa sing aku kelingan. persise arah kiwa sak durunge tekan kiringan. ana sak wijining desa jenenge singosari. aku mbiyen percaya yen kuwi kraton singosari jaman mbiyen, apa maneh dalanne kudu ngliwati mbulak kang dhawa. jebule, kraton singosari kuwi anane ing malang.

candi wurung ing noreh, aku uga ra ngerti. kamangka aku mbiyen asring dolan rana, utamane malem minggu. desa kuwi persise ing ereng-erenging pegunungan menoreh. lan yen mlumpati pegunungan kuwi bisa tekan njaba kabupaten utawa malah provinsi. yen menggok ngiwa tekan kulon progo, menggok nengen tekan purworejo.

7.1.04

tangi esuk, lan aku nemu kamar kang isih padha - remuk lan pating slengkrah. komputer isih urip, lan aku kelingan yen wingi sedina ngurusi komputer thok. bubar sholat, aku lungguh nang ngarep meja, nyekel mouse. rutinitas bangsat sing aku pingin uwal. nanging ora, dina iki aku mung kepingin ngecek instalan program sing digarap tiok wingi.

esuk iki aku lagi ra kepingin ngombe teh utawa kopi. uga dudu gedhang. cukup nyrutup banyu putih lan kue jahe. lan ora sengaja nemu rokok sak ler ing nduwur meja. klepas-klepus sinambi maca-maca tulisan ing komputer sak durunge mangkat kerja. kaos ireng kang ana tulisan "awasi kenaikan harga yang tak wajar", clana ireng, jaket coklat, sepatu bata klawu, lan kaos kaki putih.

aku nepaki dalan kaya biasane. liwat setiabudi, lan mandeg sedhela ing cedhak hotel regent tuku gorengan (tela, bakwan, gedhang goreng), lurus nuju kantorku.

tekan ngarep gedhung landmark, aku migateake wong sing sok dodol majalah karo koran. perasaan, yen aku pas teka dheweke lagi nata dagangan. ping bola-bali kaya ngono terus kamangka tekaku ora nurut jam, kadhang jam 9, 9.30, 10 ? lan ngapa tansah mbarengi ?

numpak lift bareng pak sapto karo suhud. mlebu ruangan kang isih sepi. mung ana arden kang lagi asyik karo laptop macintosh-e. entek 2 gorengan si wuri teka.

4.1.04

akhir2 iki aku lagi kepikiran masalah jeneng. yen ing desa jaman saiki, jenenge wong desa akeh kang njupuk jeneng dina utawa pasaran (kliwon, rebo, lan uga jenengku dhewe :)). ana uga sing asal njupuk lan aku ra mudheng artine, kaya tanggaku (sarman, surti, sardi)

aku mau bengi iseng nliti nang buku kang ana prasastine. ing kono ana jeneng2 wong desa, utamane prasasti kang netepke desa perdikan (sima). aku njupuk seka prasasti jaman mataram kuno (ing wilayah kedu) lan tawlang-kahuripan (kediri). watara abad 9-10 masehi.

yen wong kang nganggo sebutan sang (biasane wong kang kedudukane lumayan) aku isih nemu jeneng2 jaman saiki, kunir, wirabikrama, cakra, wara, lan laksita. apamaneh yen njupuk jeneng2 wong kraton, misale : sanjaya, laksmi, lan indra.

yen jenenge wong desa ing jaman mataram kuno, menurutku, rada aneh. biasane nganggo sebutan si misale :
wong lanang : plat, glo, kundu, tidu, blondo, bnal, kawel, glar
wong wadon : mahyan, tages, widoh, rumpuk,majanut, rumpung