29.3.04

nalika hans christian andersen mbuang jangkar, kabeh wus kaliwat, lan jette lampus ing agni. jenny lind tan ginape. putri duyung kang mati, lan ratu salju kang ora nginggati ati. alegro apa adagio ?

gamelan nyuwara ladrang nyandhet ati nalika burisrawa prasetya ora bakal nduwe bojo yen ora karo rara ireng. dheweke malah milih permadi kang sejatine seneng banowati. nanging tresna nggawa laku beda. banowati kudu ngayahi tugas kawin karo suyudana. banjur peputra lesmana mandrakumara kang tansah gagal nggolek katresnan. lesmana mati dening abimanyu ing brantayudha babag purwa. banjur abimanyu nyusul mati kanti awak kebak panah. kepangan mring sumpah nalika dheweke ngapusi dewi utari lan ngaku durung nduwe bojo. yen goroh, matine bakal kebak tatu. dewi utari tetep urip, lan bojone sing sijine -siti sundari- melu lampus dhiri ing kobaraning geni.

burisrawa mati ing baratayudha kinepruk gada. banowati sida kawin karo janaka, nanging mung sedina amarga dipateni aswatama. anake durna iki mati ing wengi kang padha nalika parikesit (kang isih bayi) mancal panah pasopati. arjuna lunga munggah gunung.

lan saiki, gendhing dengglung keprungu, nyekeli sikilku lan ngajak sirahku ngulandara golek crita liya.

- isih ana salya lan setyawati kang ginaris pesthi dadi siji (nanging kudu mateni maratuwa!)
- ana rama lan sinta kang saling tresna (nanging kudu njaluk bantuan kethek lan njebur geni)
- ana kamajaya lan ratih kang dadi dewa-dewining asmara (nanging ora nduwe awak lan ngrambyang dadi roh!)
- ana sirahku sing ora isa gawe crita

24.3.04

kanjeng pangeran aryo tandyonagoro, priyayi siji iki kondhang amarga irunge kang gedhe. kanca wartawan kang sok wawancara dheweke mesti apal, yen suwarane lirih mula tape recorder kudu cedhak banget karo cangkeme. omongane alus, nanging akeh wong sing sepet. sepet amarga dheweke didakwa nilep duit. saiki asring nang tv, pamer partai nganggo klambi kuning.

20.3.04

pas nggolek bahan kanggo nulis cover story aku nemu catetan pas nang kantor imigrasi wonosobo mbiyen. aku lali, catetan iki wis tau tak delehke kene apa durung:

"meja papat cokelat katon kemaki kanti mesin tik lawas. stempel telu ing meja paling ngarep, meja-meja kang sejajar rong lapis. kursi ireng lan wong nganggo seragam krem lan coklat tua wira-wiri. sing teka sepi lan luwih akeh calo ing baris ngarep. calo-calo kang luwih kemaki, kanti mripat kang kaya ditarik mendhuwur lan alis kang didhuwurke.

calo sing mau nawani aku lagi ngobrol karo petugas kang nganggo kang mau ngakon aku nindes mangsi werna biru nganggo mangsi ireng nalika nulis formulir.

sak wetara uwong mandheng aku, mungkin amaga aku teka mung nganggo sandhal ban lan katon ora borju. panatapku ngarah njaba jendela mlumpat pager lan dalanan. ana warung, mobil-mobil kuning angkutan kota sliweran, nanging jarang. udakara telung puluh menit pisan. suara mesin keprungu, terus sepi sedhela, banjur keprungu maneh kanti guru gatra lan guru lagu kang ora teratur."

prastawa kaya ngene iki jan-janne lumrah wae, nalika kuwi aku mangkel marang perlakuanne petugas kang ora ramah pisanane. nalika aku ngobrol karo wong liya sing arep kerja nang manca negara jebul regane larang tenan. wong loro kuwi mbayar 2 juta kanggo kir kesehatan karo ngurus paspor. aku pancen sedya arep ora liwat calo, pingin ngerti piye jan-janne wong2 kuwi. pisanan pitakone petugas ing kono,"disuruh nemuin orang nggak?" aku rada bingung nalika kuwi. sakwise tak pikir, iki masalah koneksi. aku ngomong,"tidak." pancen lebar kuwi aku lancar lan dadi sedina. nanging kuwi jalaran wong-wong kuwi katone mikir-mikir nalika nonton formulir sing wis tak isi. spesial, aku ditemoni pimpinane kang banjur ngobrolke kenalan-kenalan ing kantor imigrasi pusat.

14.3.04

omongan tukang becak karo lonthe hotel ing film three seasons
- wis tau mlebu hotel ?
= durung
- ana ndonya liya ing kana. (tangan tengene ngelus tangan kiwa, kenya kuwi mripate nrawang, lan tukang becak sing lagi nggenjot pedhal serius ndeleng pundake kang mulus) wong-wong kae ora kaya dhewe mlakune, cara ngomonge, kabeh beda. (mandhek udakara sak ambegan) srengene teka saben esuk kanggo wong2 kuwi. awake dhewe ana ing ngisor wewayangane wong2 kuwi.

ing sakwijining hotel ing jakarta, artis sinetron mlebu ing sakwijining kamar. ana anggota dpr ing kono. jelas dudu kampanye pemilu, nanging coblosan liya sakdurunge kenya kuwi lunga numpak jaguar lan ngentekke martinine. malem minggu pendhake, teka maneh ing pub kono karo wong spanyol sing diaku pacare.

artis liyane, sing main dadi pacar wong spanyol ing sakwijining film, pesen martini sing dikei cherry. "pertamanya manis," dheweke ngomong karo mlinguk nang aku. wong-wong liya ing longue remeng-remeng kuwi sibuk dhewe-dhewe. "lalu tambah manis, manis, dan semakin manis." ngguyu, kamangka ora ana sing lucu. banjur dj-dj bule teka, ngomong nganggo basa manca kanti topik panganan perancis lan vietnam. rasane aku kaya salah kostum. sak jam saklebare kuwi, dolan nang pub, lan artis mau nawani ganja. aku gedheg amarga wus cukup mumet krungu racikane swara dj perancis gondrong sing katone ngombe obat ndhisik.

10.3.04

taun 2002 lan 2003 akeh kebakaran lan omah2 digusur. ing akhir 2003 tekan saiki, mal-mal anyar thukul ing jakarta kaya lumut ing panggonan teles. ngapa akeh mal? plasa senayan kang manggon ing jalan asia-afrika saiki wus ora dhewekan. ing sandhinge ana stc, lan ing ngarepe lagi dibangun mal anyar. wingi, nalika liwat ing jalan gajah mada, uga ana gajahmada square kang lagi dibangun. daerah mangga dua uga ana quare2-an iki. sakwetara kuwi plasa semanggi nylinep ing kawasan sudirman-gatot subroto (lan ora perduli marang kritikan2 amarga isa gawe macet). aku ora ngerti ngapa wong2 sugih kuwi seneng gawe mal, dudu omah. mal-mal mau isine ora beda akeh. dodolanne mung kuwi-kuwi thok. nanging ana uga kang pancen spesialis, kaya roxy mas lan harco mangga dua kang akeh nggo dodolan henpon lan komputer

kancaku, wus nate takon masalah tata kota marang ahline. jarene, jakarta kuwi medeni tembe mburine. amarga akeh2e kang manggon kelas menengah, dudu wong sugih. lan omah2 kanggo kalangan menengah mung sithik. akeh2e ing pinggir kutha kang adoh. taman-taman kutha uga ora diopeni. malah-malah, diilangi fungsine kang kudune kanggo kumpuling warga kutha. yen pembangunan isih kaya ngene terus, suwe2 jakarta sugih mal, nanging ringkih.

jan-janne ora pas yen aku mbandingke mal karo pasar kaya ing desaku, sing rega bubur sumsum mung 250 rupiah. kabeh sing dodol kenal, uga sing tuku. jaman cilikku, bar mulih sekolah aku karo kanca2 sok nggolek duit tiba ing pasar kang wus sepi. kadhang entuk 25 rupiah utawa mung 5 rupiah. jaman kuwi - udakara taun 1981/1983 - aku tuku bubur mung 10 rupiah.

kadhang aku dijak simbahku (aku yen nyeluk dheweke ´mbok del´) blanja menyang kiringan yen pas dina pasaran, mlaku watara 4-5 kilometer. seneng amarga entuk jajanan.

ing jawa ana limang dina kang asring dadi pathokan pasar-pasar : pon, wage, kliwon, legi, paing. aturan iki wus ana kawit jaman mataram kuno (udakara abad 7 masehi). jaman kuwi, desa-desa nyawiji ing pranatan ekonomi nurut pasaran. kliwon dadi punjering desa, biasane ing tengah, lan liyane nganggo pasaran liya. desa-desa sakliyane kliwon biasne khusus dodolan barang khusus. misale : wage kanggo pasar kewan, paing kanggo barang grabah. lan kliwon kang biasne dadi punjering ekonomi dadi pusate amarga kabeh barang mlumpuk ing kene. kliwon biasane manggon ing 'watek' (mungkin yen jaman saiki sinebut ´kecamatan´)

1.3.04

ana rubrik ing pojok ngisor kaca (halaman) awal ing panjebar semangat kang disenengi mbakyuku sing nomer pitu. kuwi jaman nalika aku isih sd. mbuh saiki mbakyuku isih seneng apa ora aku ra ngerti. jeneng rubrike, 'sumber semangat'. menurutku, isine kadhang sok tau lan jawa banget. nanging kadhang uga lumayan kanggo ngaca marang kelakuan kita ing padinan. tulisane udakara mung rong paragraf thok. iki contone :

necepa sakehing ilmu kanthi niru watake blumbang, kang ora suthik lan ora ngremehake tekane banyu saka ngendi wae, ya kang tekane salalor, saka wetan, kidul, kulon utawa seka langit pisan. senajan ana banyu kang ngandhut rereged lan racun, kabeh tetep tinampa kanthi seneng lan sabar.

wondene yen wis kebak, becik ibarate ditintingi lan disaring sari-sarine, rereged mau bakal meneb karepe dhewe, lan wekasane banyu dadi bening kinclong-kinclong gawe resepe sadhengah wong kang nyawang.
ana warta unik seka majalah panjebar semangat minggu iki, judule walidji, caleg pkpi diadili/ iki pethilan wartane :

penampilane lugu, nanging percaya dhiri. sesawangan iki ditindhakake dening hms walidji nalika sidhang sepisan ing pengadilan negeri (pn) surabaya mentas iki. caleg partai keadilan dan persatuan indonesia (pkpi) iku sajak tatag marang tudhuhan pemalsuan ijazah sajana kang ditujoake marang dheweke. perkarane iku malah dianggep minangka kampanye gratis pencalonane minangka calon legislatif (caleg).

walidji teka ing pn surabaya pas jam 10.00, slaras karo relaas (surat,red) panggilan kang ditampa. nanging sidhang kang dipimpin dening hakim purnamawati,sh iku nembe diwiwiti jam 12 luwih. walidji tampil nganggo klambi jambon, dirangkepi jas werna krem. priya umur 61 taun iku didhampingi sawatara pendhukunge kang tansah ngumandhangake 'merdeka' lan Allahuakbar'.

sesuwene ngenteni sidhang diwiwiti, lageyane waildji kaya bintang pelem. "wah, yen ngene aku bisa luwih kondang,"kandhane priya asal sragen jateng iki. "yen padha dileboake koran utawa tivi, akeh wong kang nepungi aku. bisa-bisa aku malah dadi walikota,"ujare karo cengengesan.

sadurunge lungguh ing kursi terdakwa, walidji kober aweh pakurmatan marang majelis hakim, kaya kang lumrahe sidhang ing mahmil."siap...", pambengoke karo ngangkat tangan, banjur lungguh.

.........(terus ing pungkasan artikel).......

sing nganeh-anehi maneh, senajan nggembol gelar 'sarjana hukum', walidji sajak ora mudheng acara sidhang. nalika hakim purnamawati arep ngundur sidhang suwene sedina, walidji malah takon,"lho, geneya kok diundur? kok aku babar blas ora ditakoni,"takone katon ora mudheng.