29.4.04

mendung kuwi isih kaya wingi, aku mlaku nuju kantor kanti iringan lagu jawa kang nglangut. ruanganku isih kosong, mung ana saklembar fax kang ngabarke pameran foto.

komputerku isih rusak. ngapa dina iki? mungkin nang kemang golek buku

12.4.04

janjia, lan aku ora bakal percaya

nalika tresnaku ilang, apa sliramu gelem nukoake aku maneh sakwijining tresna kang pungkasan?
sliramu nyawiji dadi banyu, kang lumintir ing kali lan ilang dadi urang, dolanan ing walik krikil. mumpet nalika kebo liwat lan njedul yen srengenge sore ngrayu nganggo sinare.
wektu lumaku lan banjir mangsa rendeng teka. sungutmu kecanthol ing suket pinggiran, nanging awakmu kagawa banyu udan.
aku nemu tresnamu ing pinggir kali liya, ketumpukan.watu gedhe nalika mangsa ketiga. tresna kuwi garing, tak gawa mulih, tak glepungi, tak goreng. lan nalika kabeh wus siap dipangan ana buto cakil teka nawani urang, kang jebule sliramu kang uga wis diglepungi lan digoreng.
cakil, apa sliramu nduwe tresna liya kang wus diglepungi?

13-14 april

7.4.04

"gue gak sholat lagi setelah gagal bunuh diri," kancaku ngomong karo aku, njelaske ngapa ora melu jumatan. kuwi omongan wulan wingi. aku ra ngerti apa hubungane bunuh diri karo sholat. aku males takon. sing jelas, dheweke nyoba bunuh diri gara2 cewek.

4 april wingi, kancane akrab sing rajin sholat ganti agama gara-gara nikah karo wong katolik. mula, sajadah, al quran, lan sarung, diwenehke kancaku mau. pikire, kaya wong srah-srahan kawinan. lan dheweke ngomong,"setelah 3 tahun gak sholat,akhirnya gue, sholat lagi."

kancane mau dianggep wong sing taat agama. wis umroh pas kuliah. mula kancaku mau mikir,"gue tahan tangis gue: lalu gue sholat dengan rasa aneh, hambar, sungkan, dan bingung sampai saat ini, gue ngelanjutin hal itu, meski ada rasa aneh masih menggantung (njupuk petikane puisi muhamad diponegoro 'sholat malam'), pikir gue; pindah kos, pindah kerjaan, pindah jenis kelamin, pindah media, pindah bus karena harus di oper karena mogok di jalan, pindah-pindah kekasih, pindah partai: gak terlalu berat, ketimbang pindah hal yg satu ini: believe. anjing, gue terharu banget."