23.5.04

kopi, pisang, lan rokok a mild ngancani esuk iki. aku metu ngungak njaba. werna klawu ora rata kaya gambar durung dadi ing langit. apartemen four season werna ijo katon moncer ing sisih tengen, kaya sakranggeh tangan. gedung da vinci ketutupan wit jati. keprungu swara ibu kos lagi bengak-bengok ngundang anake. swarane dadi siji karo genjrengan gitar anake juragan sepatu ing ngomah ngarep lan gendhing degglung seka njero kamarku. aku nonton juragan sepatu ngetoake rx king, pas ing ngisorku. ing ngarep warung sisih tengen, wong wadon ngalamun kanti koran pos kota ing tangan. kucinge sing werna putih kanti ndas ireng uga lagi merem ngalamun ing bangku pinggir dalan.


aku adus nalika ngancik ladrang harjuna mangsah, gendhing karemane bapak. gebyar-gebyur kramas ngilangi gatel ing sirah, nganggo ramuan head&soulder karo mylea, adusku rada suwe, watara rong gendhing nyuwara.


mangkat mlipiri dalan kang wus ana srengene ketutupan mendhung ing sisih wetan, watara 70 derajat. metu lawang, mlangkah nuju sisih tengen, ngiwa, nengen maneh, nanging...handphoneku ketinggalan. balik maneh, ngiwa, nengen, ngiwa maneh, munggah, nengen, nengen, mlebu kamar, njupuk handphone ing pojokan karo nyaut korek gas werna kuning. terus bali mudhun, mangkat. nengen, ngiwa, nengen, ngiwa, nengen, ngiwa, nengen, mlebu lift sisih kiwa, metu langsung nengen, nengen, nengen njupuk absen, malik awak maneh. ngiwa, nengen, weruh pak yanto lagi ngetik, nengen, tekan mejaku.

17.5.04

yen ati kaya semplah lan pikiran oncat seka mbun-mbunan, apa aku kudu
tetep ngliga ing kene?

16.5.04

mbukak buku kumpulan geguritan 'pagelaran' anggitane jfx hoery kanti acak. pas ing kaca 73, kanti sesirah 'kemrungsung'


kemrungsung ati kapang
mung kepingin nyuntak kasunyatan
pikoleh saka angkere kutha metropolitan
sing sanyatane mung aweh pangiming-iming semu
ngglandhang ati kaguwang



terus, mbukak buku kumpulan cerpen 'wessex tales' thomas hardy, pas kaca 37 kanti judul 'the melancholy hussar'.


"but how?"she repeated, finding that he did not answer. 'will you buy your discharge?"
"ah no,'he said,"that's imposible in these times."



bar kuwi, nyandhak buku 'bash scripting' rofiq yuliardi tekan kaca 130 pas bab 'menyeleksi teks.'


fgrep mirip dengan egrep, yaitu grep dengan opsi -f tetapi fgrep merupakan kebalikannya, tidak menganggap metakarakter mempunyai arti khusus.


mandheg sedhela, aku njupuk ukara ing sirahku. pas kaca embuh, ing bab ra ngerti,

[x][x][x][x][x]!

13.5.04

suara lagu longue nylempit ing kuping, nalika aku chatting. ing njaba, langit klawu. gawean isih ana, nanging sirah ora keconggah golek ukara. rasane pingin mlayu mulih, lungguh ing pojok sawah sisih kidul desa cedhak kali. nggawa suling nembang sakkencandhake, sinandhing degan lan gula jawa.

3.5.04

ilir-ilir, ilir-ilir tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh penganten anyar
cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi
lunyu-lunyu peneken kanggo masuh dodotira
dodotira jlumatana kanggo seba mengko sore
mumpung gedhe rembulane
mumpung jembar kalangane
ya suraka surak hore


wis suwe aku krungu seka kancaku, andi, yen lagu iki sakjane sakwijining mantra jaman kawuri. nanging lagi wingi aku mudheng apa sing dikarepke. sakwijining penelitian dening parwatri wahjono nemoni ing banyumudal, buayan, gombong nemoni sakwijining dukun cowongan (nini thowok). lagu kuwi dienggo ngundang udan lan memuji supaya sawah bali ijo.


ilir-ilir tanduran pindha udan
remu-remua ijo
kadia penganten anyar
kadia penganten anyar
ndi ana dhang raja pupus cindhe
kenene ora ana
suwarga akeh uwite
suwarga akeh uwite



ing serat damarwulan, nalika damarwulan mati, dewi sasmitaningrumlan dewi suselawati nganggo lagu iki kanggo nguripke maneh jisim kang wus tanpa napas kuwi.


ilir-ilir tandurira
ing wong sumilir mulya
ijo royo ingsun sengguh
penganten anyar paduka
bocah angon-angon sami
peneken balimbing ika
sun karya masuh kampuhe
kumitir ing manah radyan
bedhah pepinggirira
mumpung gedhe wulanipun
mumpung jembar kalangannya
yen suraka surak 'urip'



yen ing 'dialek van tuban' kang katulis dening oemboel warih kusuma ing tahun 1924 lagu ilir-ilir iki isine kanggo nunggu widadari kang arep teka.

lir-ilir kantu, sabuk jingga lir binatu, nglilira uga-uga
sapanen dhayohira
sapa dhedayohira
sapa dhedayohire, sapa dhedayohire, mbok tama, mbok supraba, gagar mayang, tunjung biru, surak apa, surak iye
cah angon-cah angon
penekna blimbing kuwi
lunyu-lunyu penekna
nggo suguh dhedayohe
sapa dhedayohe mbok tama, mbok supraba, gagar mayang, tunjung biru, surak apa, surak iye



ana uga kang ngira, wiji saksono, yen lagu iki ditulis dening sunan kalijaga kanggo sasmita nyebarke islam kanti lagu kang alus. tanpa nyerang, tanpa kekerasan. ananging katone ora pas, amarga lagu iki umure katone luwih tuwa tinimbang sunan kalijaga.