28.9.04

nalika nang lift, embuh ngapa aku kepikiran sakwijining prastawa pirang puluh tahun kepungkur. nalika kuwi aku isih cilik, lan mbakyuku sing nomer pitu lan swargi bapakku lagi ngomongke: 'rupa sing aristokrat.' mungkin wae aku kepikiran amarga mau bengi melu pemotretan sing model-e seka uzbekhistan. rupane aneh, jarene kancaku,"seperti bukan manusia."

nalika kuwi, aku gak mudheng apa maksude rupa sing aristokrat mau. aku isih sd, lan aku ora isa njarwaake apa maksude rupa sing dianggep adhiluhung mau. sakwise ngancik sma, aku lagi paham, apa sing dimaksud rupa priyayi mau.

ananging ing lift mau, aku kepikiran, "apa rupa aristokrat kuwi?" apa kuwi sing di-ece trunajaya nalika ngece wong2 mataram anyar sing asline dudu seka keturunan raja? apa aristokrat mau mung rai kang resik amarga asring dilulur ing salon? lan aku kelingan apa omongane penerjemah-e model seka uzbekhistan mau," kalau di sini, dia kelihatan cantik. di negara asalnya sana, wajahnya hampir sama semua seperti itu."



kamus kanggo sing basa jawane pas-pasan

prastawa : peristiwa
sakwijining : suatu
kepungkur : yang lalu
njarwaake: menerjemahkan
asring: sering

24.9.04

nalika esuk, siaran radio ngomongke masalah wong kang kudu mlaku alon. mlaku alon kuwi bisa ngemong sirah kang lagi bunek. tanpa mikirke tujuan, ananging proses.

awan iki, akudolan menyang galeri cemara, nonton pameran karo berto. seni instalasi sing dipasang standar wae. lan aku iseng njajal sakperangkat audiosystem sing judule jakartanoisecore. nalika headphone tak pasang ing kuping, isine marai mumet, rasane utek kaya dibombardir swara-swara campur aduk. katone iki swara campuran seka knalpot bis kota lan swara elektrik. dicampur dadi semrawut.

bar seka kana, kepikiran mampir nang ayu. rasane enak yen nongkrong ing pinggir tlaga ngarep omahe ayu. lan pancen tenan, enak tenan. pas tekan kono, ayu lagi nonton dvd last life in the universe. sinambi udad-udud lan ngombe coca-cola/tekita, obrolan tekan ngendi2 sinambi nyawang tlaga seka nduwur.

dina iki, uripku pancen ketok alon. sayang, email yahoo-ku, kawit mau esuk tekan saiki uga mlaku alon. aku gak isa mbukak kawit mau.

22.9.04

wingi sedina rapat, nganti aku turu pas ing tengah rapat. dina iki, setengah dina rapat. urip kok isine mung rapat.

awan mau, aku iseng lungguhan cedhak blumbang ngarep gedhung landmark. ana cah wedhok cilik, jenenge ori, nyedhaki aku. nggawa karcis2 kreta jurusan depok-tanah abang akeh banget. terus dheweke ngajak dolanan. embuh entuk ide seka ngendi, dolanane rada wagu. kaya dolanan sinau ngetung. tumpukan karcis2 mau gantian nyekele, terus ngetung: "satu, dua, tiga,..." sakdurunge, negtung takon dhisik arep ngetung pira. terus yen aku ngetung lima, aku entuk ngeplak dheweke ping lima. nek dheweke ngetung tekan 10, dheweke ngeplak ping sepuluh. kaya wong pekok. kadang dheweke salah ngetung, kebablasen tekan sepuluh kamangka mung ping sanga. dadine dheweke ngeplak aku tambah siji. wis nate tak kon ngetung tekan 15. ori bingung. jebul dheweke mung isa ngetung tekan 12.

13.9.04

nalika jaman kadiri, arok dadi akuwu. dheweke nyusun strategi kanti ngumpulke brahmana siwa lan tani. brahmana siwa sengit marang tunggul ametung kang wisnu, lan para tani nesu amarga kelakuane sing sakwenang-wenang. banjur arok nyedhaki tunggul ametung lan nawakake bantuan kapurih ontran-ontran kuwi isa katumpes. tunggul ametung ora ngerti yen sakjane arok dhewe sing gawe ontran-ontran kuwi.

wijaya, anak turune arok kang wus ngliwati abad, nate mbaleni prastawa kuwi kanti swasana kang beda. dheweke njaluk bantuan pasukan cina kang teka kanggo mateni maratuwane. wong2 ttiongkok ora ngira, yen
sakbanjure wijaya bakal balik nyerang. banjur wijaya gawe negara majapahit.

sejarah mung nyathet yen arok lan wijaya kuwi wong kang pinter (lan licik). arok ngedekke singosari lan wijaya gawe majapahit. sejarah ora nate nyathet, pirang prajurit kang mati amarga kelakuane. sejarah uga
bakal nyathet, bom kang wingi njebluk ing cedhak kosku, watara 10 menit jangkahan sikil. nanging korban-korban kang mati ing prastwa kuwi, ya mung dadi guyonane koran lan majalah kanggo sakwetara wektu.
"ini menarik," aku kelingan banget ukara iki kang nate diomongke redakturku mbiyen. ukara kang gawe mangkel lan marai wegah maca koran. lan yen wektu ngijinke, koran-koran bakal dadi bukti sejarah, kanggo
pirang-pirang abad mengko. lan mungkin, wong-wong kang bakal maca koran kuwi uga bakal ngomong,"ini menarik!"

"saya mengutuk kejadian itu!" ukara iki asring metu akhir2 iki. tv, radio, koran. wong2 kaya wajib ngomongke ukara iki. kaya japa mantra kang kuwat banget. ing sejarah aturan ing jawa, kutukan kuwi nate dadi
aji. ing prasasti jaman mataram kuno (sakdurunge abad 10), ing watu-watu tinulis ukuman kanggo wong kang nerak aturan lemah perdikan (sima). nalika kuwi ukumane mung kutukan, kang isine kurang luwih kaya ngene:
yen lunga nang alas bakal dipangan macan, yen lunga ing alas disamber bledhek utawa dicokot ula, lan yen mati ora ana sing ngrumat. yen kesalahane gedhe, wong kang nerak paugeran mau diusir seka desane.

ngancik jaman kahuripan, kadiri, majapahit, ukumane ora cukup mung kutukan. ing prasasti-prassti ditambah ukuman dhendha. wong2 kang nerak paugeran bakal bayar duit kanggo kesalahane mau. banjur tambah maneh, ukuman fisik. tugel tangan utawa tugel sirah. ing prasasti2 mau, uga ana owah-owahan. yen mbiyen, wong2 desa kang
teka ing perayaan sima mau ditulis lengkap. malah ana wong sing liwat uga ditulis. ngancik jaman majapahit, kang ditulis mung raja, pejabat istana lan daerah. wong desa kang ditulis mung rama desa (kepala desa).

8.9.04

ngobrol karo wong ambon masalah kerusuhan. rasane isa stres dhewe yen mikirke kelakuane wong2 kuwi. gawe rusak kono-kene. kaya wong dolanan simcity utawa warcraft, donya mung kaya dicekelsakwetara wong thok
ngobrol ing telpon. "can you tell me where the idea irish music in bellefire?" ana jawaban seka wong ing london. aku ra mudheng, suarane lirih banget. "i think you can be a model" bla bla bla bla, aku uga gak krungu suarane, lirih banget. lan aku mbayangke kenya ayu iki ing kana lagi mesam-mesem krungu bas a inggris logat jawa. "can you speak loudly?" akhire aku krungu, nanging bar kuwi swarane ngadoh maneh. katone dina iki pancen dudu dinaku.

mau esuk tangi amarga alarm seka handphone lan tivi kang dijarke urip lagi nyiarke berita. aku kelingan obrolanku wingi karo sinto masalah berita. terus medhun nang warung ngarep omah tuku ketan 2 lan bakwan 2, dadine genep rp 2000. sakdurunge mangkat, aku nyetel kaset medulla (bjork). aku kok dadi kelingan renny ya?

mangkat,nganggo clana ijo, sandal ireng, kaos ireng. awan iki aku janji ketemu karo music library nang radio one, mas heri. aku mangkat rana mlaku, rekane kanggo ngeleremke pikir, kang katone lagi bunek. tekan kana, jebul mas heri lagir apat. dadine ngalamun dhewe karo nyawang tv kang lagi nyiarke warta2 ing donya film. ana kancaku sing mbiyen sok dolan bareng nang kantor polisi. saiki wong iki mulya, dadi penulis skenario film.

bar kuwi, mas heri teka, terus windy. ngobrol masalah musik, terus golek mangan nang ngisor. rencanane arep golek gudheg, nanging ora ana. terus mangan rames. gandheng weteng luwe, dadine mangan apa wae ya enak. bar kuwi mulih mlaku maneh, ngepasi srengenge ing pucuk panase.

tekan kantor ngantuk. males kerja, niate mulih wae turu nang kos-kosan. nanging dina iki aku ana janji wawancara karo bule kuwi marai males. nang kantor cah-cah wis lengkap. aku lagi males ngobrol. lungguh nang njaba karo ngrokok nang ngarep lawang. nang kono ana cah loro lagi curhat. wah iki, males banget!

nek dipikir2, dudu dinane sing salah. nanging utekku.
"kok tadi gugup sih mas? kadang terpatah-patah," wong seka warner ngomentari wawancaraku mau
"iya, masalahnya sambil mbayangin cathy yang cantik itu, ha ha ha." aku njawab sak kenane. sakjane kuwi dudu masalah cathy kang ayu (aku wis nate ketemu lan pancen ayu tenan),, amarga ngobrole liwat telpon. nanging amarga basa inggrisku sing semrawut.

akeh sing ngomong, kosa-kata basa jawaku aneh. kamangka yen nduwe kamus basa jawa, kosa kata kuwi lumrah kabeh lan ana. mungkin kala-kala perlu ana glossary kaya ngene iki.

uga : juga
katone : tampaknya (dari kata 'katon' yang berarti terlihat)
kamangka : padahal (macane: kamóngókó ó diwaca kaya ing aja utawa mawa (geni)
amarga : karena

5.9.04

esuk iki, maca serat jakasura-tresnawati. crita iki ditulis maneh dening prijana winduwinata ing tahun 1966. ana sing nduwe duga yen katresnan kang kapenggak dening kuwasa iki critane mpu dharmaja rikala jaman kediri, nalika raja-raja jawa isih kemaki nduwe bojo selir 80. aku ora mudheng, ngapa crita kaya ngene iki tansah dibaleni. kaya rara mendut lan pranacitra, kaya jayengrana lan layonsari.

critane jakasura lan tresnawati iki dadi beda, amarga ing jaman kuwi digawe kakawin kang kondhang. crita smaradhahana kaangit dening mpu dharmaja. critane ngenani tresnaning bathara kama lan ratih kang tanpa jiwa. ing pungkasaning crita, sinebut yen ratih lan kama manitis mring kinararatu ing jenggala lan mring kameswara ing kediri. lan ing pungkasan dhewe sinebut, muga-muga ratih lan kama ora nitis ing anggane kawi (pujangga), amarga dadi pujangga kuwi susah.

critane kameswara lan kinararatu mau asring dadi lakon kethoprak, lan yen ing wayang dadi critane wayang gedhogan. kameswara kuwi raden panji inukertapati lan kinararatu kuwi dewi candrakirana. tresnaning wong loro mau pancen rada rumit, mlipir ing desa-desa mula ora gumun yen akeh kang seneng.

nanging jakasura-tresnawati? kuwi crita kang kesingkir ing pinggir. tresnaning wong cilik kang direbut dening raja. tresnawati kudu gelem dadi bojone raja, lan jakasura kudu nglilaake. kudu? nalika kuwi jakasura lan tresnawati sesidemen dhemenan. jakasura kang banjur dadi prejurit mlebu ing senthonging tresnawati, nyilem ing asmara kang pinenggak nata.. lan kaya crita pranacitra-rara mendut lan jayengrana-layonsari, wong loro mau kudu mati.

padha-padha selingkuhe, nanging critane beda. nalika basudewa ngrayu nyi sagopi lan nglairake udawa, kelakuan iki dianggep lumrah. udawa dadi patih negara. lan nalika arjuna ngajak andum sari karo banowati, perkara kuwi dianggep becik amarga kanggo tujuan politik pandawa lan kurawa. perkara negara dirampungke ing katresnan. nanging nalika tresna mung cukup ing tresna (kaya jakasura-tresnawati mau), kuwi nista. apa merga wong jawa pancen ora nganggep tresna kuwi penting?