30.11.04

aku ora ngerti, ngapa yen ana ing ngomah nulis kuwi gangsar tanpa pepalang. lan ing kene, batavia kang sarwa ngewuhke, gawe lakune getih ing nadi luwih banter tikel telu, sirahku mandheg ngalamun.

iki cuplikan tulisan pas cuti 2 minggu.

Nalu

Wengi kuwi, Nalu lungguh ing ngarepan. Sunar rembulan Asuji kaya mili liwat godhong wit Siwalan. Ing njero omah, Limus lagi nulis ing lontar.

Angkrikan cilik gaweane Nalu iki sengaja digawe, kanggo cangkruk sinambi ngalamun. Nyawang candra seka tengah wana kuwi rinasa beda yen dibandhingke karo seka ngarep omahe ing Wangsan. Ing Wangsan, kaendahanne rembulan maujud ing pasuryane Ni Sumag. Sumag? Nalu dadi kelingan yen lagi ninggal kenya. Apa Sumag isih kelingan marang dheweke?

Sithik lan alon, wewayangan Ni Sumag maujud ing cahya rembulan ing tengah wana. Wewayangane mantul seka godhong Siwalan, direwangi ambune kembang kenanga ing sisih kiwa omah. Rinasa, Ni Sumag dadi wujud kang tanpa wujud. Wujud kuwi kaya gambaran acintya, wujud kang angel digambarke kaya ngapa barang lan ambune.




Lango

Perkara kapercayan lan sesembahan, kuwi urusan keri. Ana kan luwih wigati tinimbang perkara kuwi. Dheweke mukti lan lungo seka desa iki.

Tresna uga dudu perkara wigati. Saklawase iki, dheweke nganggep tresna kuwi uga mung dolanan tinimbang sepi.

Nanging kawit wengi kuwi, perkara tresna tansah nggoda pikir kang nyanthol ati. Lango wiwit mikirke, tresna kang saklawase iki dilakoni apa pancen bisa dianggep tresna? Yen to wit-witan, tresnane kuwi kaya wit apa?

Oalah, ndonya kang tansah ngewuhke rasa. Tresna kuwi apa? Apa pancen bener kapercayan kuwi isa ngubah tresna dadi endah? Kapercayan? Sak ngertine, kapercayan kuwi kaya watu Ni Langgi ing galengan sawah.

Suwe mikirke, Lango tetep percaya yen kapercayan kuwi mung dolanan. Panemu kuwi tetep kukuh nganti dheweke ngalami prastawa ing sakwijining wengi.

Nalika kuwi, ana patemon maneh ing Pertapan Samber. Dheweke mlaku liwat sawah. Nyawang watu Ni Langgi, dheweke mesem. Alon-alon dheweke nyedhak. Kenya iki kelingan marang tembang Hyang Kareman, Sapwan, wong-wong desa, lan pitik cemani. Oh ya, dheweke kelingan tembunge Sapwan. Dewaning awake dhewe! Yen Sapwan nduwe Hyang Kareman, dheweke nduwe Ni Langgi. Lango mesem.

Esem kuwi kecandhet. Lemah obah. Apa iki?

9.11.04

[none]

wengi sepi. nonton tv ra mutu. weteng luwe


ramadhan ing jakarta kuwi, ora kaya ing kampung. jaman aku cilik, tarweh kuwi dolanan. akeh panganan lan uga kanca-kanca kang isa dijak dolanan. tinggal milih, arep dolanan jamuran, umpet-umpetan, utawa oyak-oyakan. rembulan kang jinggrang luwih kepenak maneh. nanging pas mulihe siap diseneni wong tuwa. amarga sikil reget lan gatel kabeh dolanan nang damen. nalika kuwi, aku luwih seneng dolan tanpa sandal utawa sepatu. kanggo nunggu buka, wanci awan dolanan mercon bumbung. yen ora ya maca buku nganti sore. kadhang kala ngrewangi ibu lan mbakyuku gawe panganan. yen ana kancane, mancing nang kali pinggir desa.

wis rada gedhe, ramadhan kuwi tambah gayeng. angger melu pengajian bar tarweh, dijamin weteng wareg. aku ora seneng dolanan mercon dhor. mendhingan maca buku utawa nonton nang bioskop kecamatan. Tarife isih 150 rupiah. saiki, gedhung bioskop kuwi wis ora ana maneh.

jaman wis tambah tuwa, lan ramadhan sangsaya nyenengke. tarweh kuwi kesempatan ngeterke cewek-cewek. mulihe alon-alon ben suwi tekan ngomah. bengine rondha lan ndangdutan sakkemenge. bubar subuhan, mlaku-2 seka mesjid tekan jembatan wates desa. awane mancing karo cewek utawa kliling2 kecamatan numpak pit motor.

kuliah? ramadhan kuwi golek buka gratis. iki kegiatan standar cah kos-kosan. Sakliyane kuwi ya biasa2 wae.

saiki? ramadhan kuwi berarti entuk thr.

8.11.04

setu wingi, ana sing nelpon ngepasi bubar saur. wong wadon iki, mbiyen sengsara amar dirudapeksa. dheweke takon kabarku lan njaluk ngapura. njaluk ngapura?

mbuh piye, aku kaya ora trima yen dheweke sing njaluk ngapura. kudune aku!

nanging kuwi uga ora penting. aku mung bisa bingung kudu njawab apa. sing jelas dheweke saiki wis nemu ndonyane dhewe, kang luwih becik tinimbang jaman kawuri.

1.11.04

crita lenong:
ing tengah alas, durjana krungu swara kenya-kenya kang lagi gegojegan. nalika dicedhaki, jebul para widadari lagi adus ing sakwijining tlaga. durjana nyaut klambi siji. para widadari ngerti yen ana sing ngintip, mula padha mlayu njupuk klambine terus buurrr ! mabur munggah langit, kejaba widadari siji sing klambine dijupuk durjana. akhire durjana entuk bojo widadari.

crita minahasa:
pemudha kang gaweane golek iwak, mamanua, lunga menyang tlaga. jebul ana widadari lagi adus. klambi dicolong, widadari mabur, mamanua entuk bojo.

ing toraja-bare'e sing dadi tukang intip jenenge si bongko. ing india kuno, puruwawas, medura - arya menak. lan ing jawa, crita iki kondhang kanti lakon jaka tarub-nawang wulan.

aku ra ngerti, ngapa crita kaya ngene iki sumebar ing asia tenggara. beda panggonan, ganti lakon. sing aku penasaran, sing ngarang crita iki asline mbiyen. mungkin gaweyane pancen sok ngintip wong adus nang blumbang. yen ora, sakwijing pujangga kraton kang seneng mlebu keputren nonton putri raja lagi padusan.
tangi, buka, udad-udud, gawe permohonan cuti
lagi wae merem, deni teka ndelehke kertas plastik ing meja. werna abang. sapa sing kurang kerjaan kaya ngene iki? ngekei aku undangan fashion show? turu meneh.

zzzzzzzzzzzzzzzzz
males. ngantuk. ......

maca berita, rapat, ngobrol, turu.

zzzzzzz