22.12.06

wis suwé ora nglakoni lembur nganti ésuk ngéné iki. durung manèh mau ana tamu loro, iki yangrembug gawéyan liyané. sawetara wektu, wikipédia disingkiraké dhisik seka utek. paling mung niliki sedhéla. wis ah... ngrampungaké dhaftar isi dhisik.

13.12.06

ati rasané kaya ditindhih watu gedhé. aku kepéngin sepi. sing mamring. nir swara. tan rowang.

6.12.06

kantor isih durung sepi temenan. isih ana max, manda, anton, lan regina. ing kéné aku lagi nyoba2 software kanggo ngetik bèn kepénak. aku ora seneng y`´n kudu nganggo ms word. éman, déné macintosh sing nang kantor iku nganggo sistem mac os 9.2 sing programé sithik.

nalika isih nulis nganggo tangan jaman sekolah mbiyèn, ora sewigati kaya ngéné iki urusan software. jaman kuwi, ngetik nganggo mesin ketik akustik kanthi swara cethak-cethok, rasané ya kepénak-kepénak waé. nanging sawisé komputer ngrebut kalumrahan, kahanan dadi béda.

program komputer iku jan-jané ya mung cocog2an. aku naté nduwé kanca kos loro nduwé kebiyasaan sing anèh. ana sing seneng ngetik nganggo lotus 123, sing sijiné nganggo pagemaker. lotus 123 umumé kanggo gawé tabel lan itung2an (kaya déné excel), déné pagemaker kanggo layout majalah/koran/buku.

wordstar
wiwit versi 4 nganti 7, aku naté nyoba. program sing tak enggo wiwit sma kelas 2 iki isih tak enggo tekan saiki. ing linux, aku bisa migunaaké dosbox utawa dosemu kanggo èmulator-é. nanging versi windows-é aku gak seneng. wagu.

word prefect
aku nyoba mung sedhéla amarga kancaku, andre, seneng nganggo. lan aku ora minat.

chiwriter
iki program jadul sing arang nganggo. nanging aku naté ngrasaaké nalika kerja nang surabaya. ing sawijining koran, chiwriter iku program sing kanggo ngetik padinané. layar mung ireng (kaya word prefect versi dos). saben ngetik titik (.) otomatis berkasé disimpen.

ms word
jaman kuliah, ana dosen sing kandha marang aku bubar ujian skripsi. "revisiku mung siji waé, ang. (skripsimu) iki diganti nganggo ms word apa wp (word prefect-versi windows)." program ms word iki pancèn ora bisa ilang. la nalika aku wiwit nganggo linux, aku bisa bener2 uwal seka program iki. sejatiné program iki apik lan lengkap. nanging ya kuwi, terlalu lengkap dadiné abot. migunaaké ms word kanggo ngetik perkara rèmèh tèmèh iku kaya matèni coro nganggo meriem. aku gak butuh clipart, diwènèhi gambar ing dokumèn, utawa migunaaké tampilan sing mranani. sing tak butuhké mung ngetik tulisan lan tulisan iku bisa dietung pira cacah karakteré (kanggo gawéyan).

atlantis
iki program kepénak sing nganggo format rtf (rich text format). rtf iku wis dadi lumrahé format ing sadéngah program pangolah ukara. lumayan suwé aku nganggo, kira2 jaman isih nang kantor lawas.

abiword
iki program rtf liyané sing kepénak. gratis lan nganggo sistem tinarbuka (open source). sawisé nganggo abiword aku ngilangi atlantis ing komputerku. wis ngono, abiword ana uga ing linux. émané, ing versi mac sing ana mung kanggo mac os x. kanggo ngetik naskah sing ana gandhèng cènèngé karo wong liya, aku asring migunaaké abiword lan disimpen ing format rtf lan ora nganggo format abw sing dadi baku (default) ing abiword.

notetab light
iki versi prasaja seka sing pro. aku isih seneng nganggo iki. kanggo ngetik-ngetik naskah, program, lan sing baku kanggo gawé situs ing lingkungan windows. aku durung nemu software sing luwih kepénak tinimbang notetab light. ning ya kuwi, foematé mligi mung txt (klebu html, sgml, xml, tex, latex).

joe
iki program teks sing mlaku ing konsol linux. prèjèngan lan shorcutsé kaya wordstar. aku sok ngenggo, ning saiki males amarga mesti naskahé dadi warp karepé dhéwé. dadi, luwih cocok kanggo nyunting program2 prasaja ing linux.

vi
pisanané males. program iki anèh ing perkara shortcuts. nanging amarga iki dadi program baku ing linux, dadiné ya kepeksa bisa. suwé2 ya dadi lumrah nanging tetep ora lanyah kaya aku nganggo wordstar. malah ing macintosh lan windows, vi uga wis ana. ing kantor aku masang vi uga. nanging ing mac 9, aksarané katon cuilik...


aku lagi nyoba itext (dudu sing java, ning sing versi mac gawéyané wong jepang). lumayan kepénak ning ora bisa import rtf (penting kanggo layout majalah). lan iki mau lagi nyoba masang nisus writer. bisa kanggo import/eksport rtf, ning programé lemu kaya ms word.

27.11.06

jingglang

ing dina dalan sumilak
ana prajanjèn wis tinulis ing kertas putih
sliramu sajak seneng
mèlu dadi seksi
seka njero weteng ibumu
lan dina iki kaya sliramu, jingglang

udan ninggalaké dalan-dalan teles. wis sawetara dina aku ora ngrèwès gawéan seka kantor lan pernak-pernik wikipédia. ing jakjazz wingi, aku kelingan jaman smp-sma, nalika lagi seneng2é ngrungoaké jazz. ing kala nalika swara gamelan ora dak rungoaké kanthi temenan. aku kelingan nalika mulih sekolah, isih sragaman, lèyèh2 ing kamar ngarep sinambi nyetel miles davis utawa lee ritenour.

aku seneng milah-milah swara, nyoba ngrungoaké piano dhéwé, gitar dhéwé, drum dhéwé, trompèt dhéwé. banjur swara2 mau digabung dadi siji. dirungoaké bareng2.

ana musisi sing luwih seneng migatèaké kasudibyané (skill) gawé swara. umumé musisi enom.titi laras (harmoni) dipinggiraké. ana musisi sing pinter golèk titi laras. ana sing bisa ngreroncé loro mau kanthi becik. saliyané rong perkara mau, ana manèh, yaiku rasa. lan rasa iku angèl ilang dayané nalika titi laras karo kasudibyan uga melu cawé2. ing gamelan, aku nganggep narto sabdho nduwèni iki. ing jakjazz wingi (aku ora nonton akèh) luluk purwanto sing tak senengi. nanging, aku uga seneng titi larasé bubbi chèn.

20.11.06

lagi dina iki bisa nulis. sawisé melu rapat loro seka jam 2 nganti jam lima seprapat, biasané aku males nulis. utek rasané wis kentèkan ukara. aku nyoba meksa apa bisa pikiran diprawasa, dirudapeksa kanthi alon-alon.

wengi pancèn nduwèni prabawa sing bisa nerak kahanan. aku asring kepranan marang langit sing bisa gonta-ganti seka abang, kuning, biru, klawu, lan ireng. werna ireng iku bisa nyedhot apa waé, jaré ahli fisika.

5.11.06

(iki email seka mikael nanggepi postinganku wingi, sejatiné isih ana liyané manèh, nanging mengko malah dadi kaya milis isiné wong loro)

bar maca postingmu.

dadi kelingan geguritan iki:

The Crimson Cyclamen

(To the Memory of Charles Demuth)


White suffused with red
more rose than crimson
—all acolor
the petals flare back
from the stooping craters
of those flowers
as from a wind rising—
And though the light
that enfolds and pierces
them discovers blues
and yellows there also—
and crimson’s a dull word
beside such play—
yet the effect against
this winter where
they stand—is crimson—

It is miraculous
that flower should rise
by flower alike in loveliness—
as though mirrors
of some perfection
could never be
too often shown—
silence holds them—
in that space. And
color has been construed
from emptiness
to waken there—

But the form came gradually,
The plant was there
before the flowers
as always—the leaves,
day by day changing. In
September when the first
pink pointed bud still
bowed below, all the leaves
heart-shaped
were already spread—
quirked and green
and stenciled with a paler
green
irregularly
across and round the edge

Upon each leaf it is
a pattern more
of logic than a purpose
links each part to the rest,
an abstraction
playfully following
centripetal
devices, as of pure thought—
the edge tying by
convergent, crazy rays
with the center—
where that dips
cupping down to the
upright stem—the source
that has splayed out
fanwise and returns
upon itself in the design
thus decoratively—

Such are the leaves
freakish, of the air
as thought is, of roots
dark, complex from
subterranean revolutions
and rank odors
waiting for the moon—
The young leaves
coming among the rest
are more crisp
and deeply cupped
the edges rising first
impatient of the slower
stem—the older
level, the oldest
with the edge already
fallen a little backward—
the stem alone
holding the form
stiffly a while longer—

Under the leaf, the same
though the smooth green
is gone. Now the ribbed
design—if not
the purpose, is explained.
The stem’s pink flanges,
strongly marked,
stand to the frail edge,
dividing, thinning
through the pink and downy
mesh—as the round stem
is pink also—cranking
to penciled lines
angularly deft
through all, to link together
the unnicked argument
to the last crinkled edge
where the under and the over
meet and disappear
and the air alone begins
to go from them—
the conclusion left still
blunt, floating
if warped and quaintly flecked
whitened and streaked
resting
upon the tie of the stem

But half hidden under them
such as they are
it begins that must
put thought to rest—

wakes in tinted beaks
still raising the head
and passion
is loosed—

its small lusts
addressed still to
the knees and to sleep—
abandoning argument

lifts
through the leaves
day by day
and one day opens!

The petals
the petals undone
loosen all five and
swing up

The flower
flows to release—

Fast within a ring
where the compact
agencies
of conception

lie mathematically
ranged
round the half-like sting

From such a pit
the colour flows
over
a purple rim

upward to
the light! the light!
all around—
Five petals

as one
to flare, inverted
a full flower
each petal tortured

eccentrically
the while, warped edge
jostling
half-turned edge

side by side
until compact, tense
evenly stained
to the last fine edge

an ecstasy
from the empurpled ring
climbs up (though
firm there still)

each petal
by excess of tensions
in its own flesh
all rose- -

rose red
standing until it
bends backward
upon the rest, above,

answering
ecstasy with excess
all together
acrobatically

not as if bound
(though still bound)
but upright
as if they hung

from above
to the streams
with which
they are veined and glow -
the frail fruit
by its frailty supreme

opening in the tense moment
to no >bean
no completion
no root
no leaf and no stem
but color only and a form -

It is passion
earlier and later than thought
that rises above thought
at instant peril - peril
itself a flower
that lifts and draws it on -

Frailer than level thought
more convolute
rose red
highest
the soonest to wither
blacken
and fall upon itself
formless -

And the flowers
grow older and begin
to change, larger now
less tense, when at the full
relaxing, widening
the petals falling down
the color paling
through violaceous to
tinted white -

The structure of the petal
that was all red
beginning now to show
from a deep central vein
other finely scratched veins
dwindling to that edge
through which the light
more and more shows
fading through gradations
immeasurable to the eye -

The day rises and swifter
briefer
more frailly relaxed
than thought that still
holds good - the color
draws back while still
the flower grows
the rose of it nearly all lost
a darkness of dawning purple
paints a deeper afternoon -

The day passes
in a horizon of colors
all meeting
less severe in loneliness
the petals fallen now well back
till flower touched flower
all round
at the petal tips
merging into one flower

(puisi anggitane william carlos williams)


dadi (kowe ya mesti wis mbethek ta) kabeh tembung sing pancen bagian-bagian anatomi kembang tak keliri abang, tembung sing ra ana hubungane karo kembang tapi dijilih nggo nggambarake kembang iki kelire biru, lan tembung sing isih ana hubungane karo kembang utawa taneman tapi dudu bagian dari kembang iki tapi ya dijilih nggo nggambarake kembang mau kelire ijo.

tembung sing abang ana pitu, cyclamen, rose, petal/s, flower/s, leaf/ves. bud, stem, sing ijo ana telu, fruit, bean, root, lan sing biru ana rolas, edge/s, flanges, mesh, tie, beaks, head, ring, ring, sting, rim, flesh, vein/s/ed, tip.

lha karena geguritan iki sakjane ya mung tentang kembang siji thil ('one flower' neng baris terakhir) statistik neng dhuwur kuwi ketoke mendukung argumen neng postingmu nek basa inggris 'ora premana ing detil cilik-cilik'. ming pitung tembung sing asli tentang kembang, siji jenenge sik sakjane ya latin, cyclamen, lan siji, rose, sakjane ya malah dudu bagian kembang kuwi tapi malah jeneng kembang liya sing digunakake nggo nggambarake abange kembang kuwi kaya piye. sementara tembung sing dijilih sangka njaba anatamoni kembang yen sing biru ditambah karo sing ijo totale ana limolas. luwih saka dobel. malah nek rose karo cyclamen ra dianggep dadi tiga kali lipat. iki ketoke ya mendukung argumen beauty/beautiful/pretty-mu.

silih-menyilih ing basa inggris iki apa malah nggawe uwong2e dadi luwih kerep lan biasa mikir nganggo metafor, simile, lan sakpiturute?

kadang2 yen aku nerjemahke saka basa indonesia neng basa inggris ana tembung sing neng bahasa indonesiane wis jelas tapi nek tak basa inggriske secara harfiah, tembung per tembung, hasile basa inggris-e dadi krasa kurang kongkrit. contone iki:

menjelang petang
kuda-kuda pulang tanpa sais
keretanya koyak

(saka geguritane ida ayu oka suwati sideman - penyair favoritku saiki - judule duarawati, bisa diundhuh ing penyairbali.blogspot.com)

yen 'koyak' tak terjemahke dadi 'all beaten up' utawa nganggo kata sifat lain gambar sing ketok jelas neng tembung 'koyak' kuwi dadi ilang. terus piye? pertama tak pikir isa wae sak kalimat kuwi dadi misale kaya ngene 'riderless horses drag chariots like carcasses' (simile! nyilih tembung!), utawa, akhire (sing tak unggah ing blogku translationsof.blogspot.com) 'horses are troting home, riderless / a spear in the back of a chariot' ('koyak', kata sifat iki, tak ganti nganggo gambar (koyak-e mungkin kaya ngana kuwi, ketoke).

ngene iki rada sering terjadi. dadine rasane memang kaya sik mbok omongke ning postingmu kuwi. tembung2 basa indonesia (lan jawa) krasane luwih spesifik, utawa gambare wis kaya built-in (misale sepatu koyak, koyak-e ya sakjane padha wae karo koyak-e kereta mau, tapi yen tembung inggris ketoke (terutama kata sifat mungkin) gambare tergantung konteks utawa memang ra jelas (makane kelas2 creative writing, hemingway, stephen king, pada nganjurke aja kakehan nganggo kata sifat ta?)

tapi ya mungkin juga sakjane diksi basa inggrisku sakjane ya cekak. hahahahaha. utawa basa jawa lan indonesia tetep basa ibuku sehingga aku isa ngrasakke segala macam arti 'koyak' mau sementara tembung inggris-e tetep krasa 'dingin', isa dimengerti tapi ra pati isa dirasakke?

dadi tak pikir nerjemahke, apa meneh nerjemahke geguritan, sing penting ya nerjemahka gambar karo rasa/roso kuwi mau. tembung dadi nomer loro. apa malah telu? misale terjemahan2 ing postingmu kuwi dhewe, kenapa parikesit kadang2 anak abimanyu dan utari dan kadang2 anak hasil perkawinan abimanyu dan utari? kurasa kuwi mesti soale ya kuwi, kadang2 roso bahasa target-e (bahasa sik dinggo nerjemahke) mendikte kudu ngganggo 'hasil perkawinan' atau kadang2 ora. apa ana alasan liya?

conto meneh sing rada terkenal:

'We were young. We have died.' (Archibald McLeish, 'The Young Dead Soldiers')

'Kami mati muda. Jang tinggal tulang diliputi debu.' (Chairil Anwar, 'Krawang-Bekasi')

Lha iki malah Chairil-e sing mengkongkritkan gambare (kuwalikane kisahku karo IAO Suwati Sideman mau). Ya iki sih nek menurutku alasane simpel, Chairil penyair sing luwih apik tinimbang McLeish. Tapi ya kuwi mau, akhire sik diterjemahke ('disadur') Chairil adalah gambar lan rasane.

Dadi menurutku 'pangrasa' sik mbok omongke neng postingmu kuwi ora mung tergantung karo tembung lan bahasane, tapi uga sangat tergantung karo 'pangrasa' penerjemahe.

Mikael.

1.11.06

ing basa jawa, tembung kriya (kata kerja) iku ora kaya basa inggris sing nduwèni wektu. tembung turu, mbok saiki, wingi, sesuk, utawa kapan waè tetep "turu." beda karo sleep, slept, sleep. wong jawa mataraman sing akrab karo unggah-ungguh basa, mbédaake tembung "turu", "bobok", "tilem", lan "saré." prakarané ya mung trap-trapan sing magepokan karo level. ukara gampangé, "sapa sira sapa ingsun."

ing basa indonesia luwih prasaja maneh: "tidur." tembung iki wis cukup bisa digunaaké kanggo kapan waé lan sapa waé. apa banjur basa iki sing paling apik amarga égalitèr? jaréné, basa nudhuhake bangsa. wong melayu (asliné basa indonesia) mbok menawa pancen égalitèr. wong-wong iku seneng ngulandara menyang ngendi-ngendi lan kondhang ing jagad pelayaran. mula ora anèh yen tembung-tembung sing magepokan karo segara akeh tinemu ing basa melayu: nakhkoda, galangan, lan buritan. aku ora ngerti tembung-tembung iki yen disalin menyang basa jawa. basa jawa luwih akrab karo ndonya tetanèn. seka wit klapa wae bisa diwedar akèh tembung. godhongé sing enom sinebut janur,sing tuwa dijenengi blarak, klapa sing isih cilik banget jenengé bluluk, rada gedhé diarani cengkir, lan kayuné disebut glugu.



basa inggris pancen luwih premana yen prakara kala (wektu), nanging ora premana ing detil cilik-cilik ngene iki. barang orang rinonce lan kapilah dadi perangan kang luwih cilik maneh. basa inggris, rumangsaku, luwih tepak kanggo sinau, ora kanggo pangrasa. basa inggris luwih ngandhelaké logika. tembung beauty/beautiful lan pretty bisa kanggo lanang-wadon, bisa uga kanggo kahanan kang éndah. coba panjenengan bandhingaké karo basa indonesia sing ana tampan, cantik, permai, elok, bagus lan indah. ing basa jawa, tembung iki bisa dadi gantheng, ayu, éndah, bagus, sulistya, lan cèkli.

sugih tembung iki magepokan karo budhaya liya sing mlebu. basa inggris klebu egois tumrap tembung-tembung seka basa liya, dadiné dadi kurang akèh tembung. déné basa indonesia akèh nyerep basa-basa liya (lokal, inggris, walanda, portugis, sanskrta, arab). basa jawa akèh njupuk tembung seka sanskrta, indonesia, walanda, lan arab.

mbiyèn aku sok maca cerkak (cerpen) basa jawa sing dijupuk seka sastrawan-sastrawan ndonya ing kalawarti (majalah) panjebar semangat. ing kono, paraga-paragané dadi katon béda. ana unggah-ungguh sing banjur katon lucu, nanging rumangsaku dadi nduwé daya linuwih. kaya déné nalika mikael nyoba njarwa tulisan jawaku iki dadi basa inggris. aku kaya nemoni yèn kuwi dadi tulisan sing naté tak tulis. tulisan kuwi dadi nduwé kaluwihan kanthi pangrasa kang béda, pangrasa basa inggris.

aku dadi kepikiran nyoba salin basa kangthi gagrag (versi) manéka warna. asliné dijupuk seka crita mahabharata, yajña sarpa. gagrag basa inggris siji waé, aku durung wasis lan durung mesthi bener.

hana sira ratu sang parîksit ngaran ira, anak sang abhimanyu patêmu-tangan lâwan sang uttarî pinakaçisya bhagawân krsna, paripûrna ring bahuweda.

(kawi)

ana ratu jenengé sang parikesit, anak sang abimanyu seka dhedhaupané karo sang utari, dadi murid begawan kresna, sampurna ing ngèlmu.

(jawa gagrag 1)

wonten raja kanthi aran sang parikesit, putra sang abimanyu saking dhedhaupanipun kaliyan sang utari, dados siswanipun begawan kresna, angrungkebi sadaya wéda.
(jawa gagrag 2)

ana raja jejuluk sang parikesit, putrané abimanyu lan utari, dadi siswané begawan kresna, sing nguwasani kanthi becik kabéh ngèlmu.

(jawa gagrag 3)

adalah raja yang bernama sang parikesit, putra sang abimanyu hasil perkawinanya dengan sang utari, menjadi murid begawan kresna, sempurna dalam banyak ilmu.
(basa indonesia gagrag 1)


ada raja bernama parikesit, anak abimanyu dan utari, berguru pada begawan kresna, menguasai banyak ilmu dengan baik.
(basa indonesia gagrag 2)

there was a king named parikesit, son of sang abimanyu and sang utari, student of begawan kresna, perfect in knowledge.

(basa inggris)

28.10.06

Bakda

bada kang rinasa béda, tanpa akèh ketemu kanca. nalika umur mranjak kaya jarak rinengga becik, samubarangé uga mèlu salin rupa. plataran ngarep omah sing mbiyèn krasané wiyar kanggo dolanan, pamawasku, latar kuwi wis ora bisa kanggo playon. wit mlinjo ngarep omah sing umure sewelas-rolas karo pak lik yo, wis dikepras pirang2 taun kepungkur. saiki ana wit rambutan sing lagi ngembang. sing jelas krasa yaiku, nalika wong2 liya krasa sumuk, aku isih waé krasa adhem. "ndonya ora owah, lé!" aku sing nonton waé sing sok rumangsa sentimentil.

18.10.06

guyonan seka email

tukijo, tukang kayu seka pagunungan wonosobo. sawijining dina éntuk pagawéyan gawé mèbel ing hotel ing kutha jogja. nalika mangkat, bojoné ngeterké tekan stanplat (terminal) bis, lan janji yèn tugiyem, bojoné iku, bakal nyusul. tekan jogja, tukijo langsung ngirim e-mail  menyang bojoné.

ing panggonan liyane, isih ing wonosobo uga, rugiyem lagi nandhang sungkawa. atiné sedhih keranta-ranta amarga bubar ditinggal mati bojoné. nalika dhèwèké mulih seka ngeterké mayité nganti rampung kakubur, rugiyem mulih. kanggo ngilangi nglangut, rugiyem buka e-mail  kanggo ngecèk warta saka sanak-sesduluré.

iba kagèté, lagi waé dhèwèké maca sawijining email, rugiyem njerit lan semaput  anaké gumun, penasaran mèlu maca e-mail. anaké uga mèlu njerit.

sejatiné, kabèh iki amarga si tukijo salah mèjèt tombol. si ukijo sing lagi ana jogja salah, kuduné nulis tugiyem@wonosobo.co.id dadiné rugiyem@wonosobo.co.id. maklum waé, tukang kayu drijiné
gedhé-gedhé. aksara "t" lan "r" kan dhèmpèt.

isiné e-mail

yem, bojoku kinasih,

matur nuwun tenan wis mbok terké aku mau ésuk. aku wis tekan kanthi slamet. ing éné aku ditampa kanthi becik.  aku seneng amarga jebul akèh kanca-kanca lawas sing wis tekan ndhisik.

jaré sliramu arep nyusul, jenengmu wis tak dhaftarké ing kéné. tak tunggu lo supaya awaké dhéwé tansah bebarengan. sing sabar waé, mung ing kéné jebul rada panas.


salam kapang
bojomu, ijo

16.10.06

aku kangen nulis sing nggenah. kamangka yèn dipikir-pikir, piranti cumepak becik. aku mung kari ngobahké tangan, plirak-plirak rana-rene, mlaku-mlaku, ngrakit tembung dadi ukara, ukara dadi pada, lan tulisan jangkep bisa karipta.

patrapku saiki wis kaya béda.

28.9.06

wis suwé ora nulis nang blog iki. jan-jané ya kangen bisa nulis perkara-perkara ora mbejaji ning tetep wigati. aku lagi ewuh dening sawetara gawéan. ana gawéan sing kepenak, lan akèh sing ora kepénak.

sing tak anggep kepénak iku ya mung perkara wikibooks. aku lan kanca-kanca ing wikipédia jawa lagi ngajoaké marang yayasan wikimédia supaya nggawé wikibooks jawa. isih akèh sing kurang. bèn bisa cepet disetujoni kudu wis akèh isiné. usulan iki uga isih mlebu perkara kang nunggu pasetujoné wong akèh ing voting metawiki.

tak pikir, upama buku2 jawa wis akèh ora kababar (terbit) lan dicithak, bisa tetep urip ing ndonya internèt. kanggo sing minat arep nyengkuyung, urun2 tulisan siji loro (sokur yèn malah akèh) sumangga mampir ing inkubator pustakawiki jawa.

6.9.06

tak tau

pungkasan dina iki, tlapukan mataku sisih kiwa mung kedhuten waé. ati ya
rasané lungkrah kamangka minggu iki isiné kebak gawéyan. arep mlayu ora
ngerti kudu mlayu nandi, mesthiné yèn mlayu ngono waé aku bakal
diundamana dèning wong akèh.

maca pawarta kongres sastra jawa ka-pindho ing semarang, marai aku
kepéngin mèlu, nanging aku ora nduwé wektu. mémangé aku sastrawan? ha ha
ha ha... rasané tulisanku mung isi sampah.

nalika aku wingi mlaku-mlaku nang taman ismail marzuki, aku nemu buku
kang ngemot roman panglipur wuyung loro. katoné aku lagi jodho karo
roman panglipur wuyung akhir2 iki, dadi wis ana 4 novel picisan jawa
sing wis tak duwèni. lumayan, sapa ngerti mengko aku bisa melu nguripké
sastra jawa. mémangé aku sapa?

30.8.06

sedina ya mung ngéné iki. lagi mau aku milang-miling jatah tulisanku. tetep waé durung bisa nulis. aku malah nulis nang wikipedia. sithik. ora akèh.

sedina ya mung klontang-klantung ora jelas. sejatiné akèh sing nang sirah. rasané kaya wis arep wutah tekan ngendi2. gawéan rana-gawéan réné mung marai bingung.

29.8.06

blogi

blogger lagi semrawut. gara-gara ganti format, aku isih bingung piyé
carané ngaksès. aku njajal iki nganggo e-mail. maklum, browserku
kepétung lawas.

akhir2 iki, rasané kaya kurang wektu. aku kangen ngalamun kanthi jenak.
kaya dina2 wingi, dina iki akèh janjian karo manungsa2 liya.

10.8.06

hm... gawean lagi akèh, rasané malah kaya ora bisa mikir. kiwa tengen kebak pangangen. buku sing kuduné rampung tak waca dina iki uga ora bisa. kantor lagi akèh sawetara urusan, sing kayané, ora keconggah pikiran. aku kaya ngranggèh geni nganggo tangan nglegena. tanpa apa-apa.

coba mikir. ayo mikir!

ora. aku ora bisa mikir.

nelpon wong, dijak ngobrol!

lagi males ngobrol.

nongkrong nang kafé!

dhuwité kudu ditabung.

4.8.06

mikar-mikir, ndelok rana-réné, kok ya angèl golèk omah kanggo wong sing dhuwité cupet kaya aku iki.

1.8.06

kancaku nuding layar komputer. aku ora mudheng karepé. nang layar akèh warta sing rata-rata ana tulisané crash karo model. "kenapa?" aku takon kaya wong pekok.
"mèces"
tembung apa manèh iki? mèces? "mèces?"
"iya, mati."
"siapa?"
"model, masih 19 tahun."
"emang kenapa?" aku isih krasa pekok.
"sedih. kasihan."



jeneng model kuwi Heather Bratton, dudu model kondhang uga. dhèwèké peragawati seka florida. mbok menawa aku sing kejem. aku luwih krasa sengsara karo prastawa ing lebanon kana. akèh manungsa mati. tuwa-enom. wadon-lanang.

rajapati luwih gawé miris nalika aku isih sok dolan menyang kantor polisi. saben dina ana wae cathetan ong mati kang teka. para juru warta sumringah yèn ana wong pati ora prasaja. yèn mung mati ketabrak sepur kuwi lumrah lan ora dadi pawarta wigati. ora kemedol.

teori nulis wong mati isih kaya sesanti lawas diktator éropa. "wong sewu mati iku statistik, wong siji mati iku tragedhi." koran-koran sing ngedol getih, migunaaké sesanti iki kanti becik.

20.7.06

yèn manut naskah pangeran wangsakerta, ing hujung kulwan (jeneng lawasé ujung kulon) naté ana negara salakanegara. naskah iki isih dadi parembugan ramé perkara asli-orané. upama naskah kuwi bener, salakanegara (sing ora naté mlebu buku sejarah ngendi waé) dadi negara paling kuna ing indonesia. dewawarman kang asli seka india dadi mantune aki tirem. dhèwèké kawin karo larasati.

sesambungan iki banjur dadi cikal bakalé tarumanegara, sunda-galuh (pajajaran), sanjaya, kutai, swarna-dwipa lan liya-liyané manèh. critané ora kaya babad tanah jawi sing isiné wong-wong sekti bisa mabur utawa ngetoaké geni. naskah iki, critané digawe ing abad le-17 déning panitia kang digawé pangeran wangsakerta kanthi ragad seka kraton banten lan mataram.

akèh sing ora percaya, lan akèh uga kang percaya, utamané wong sundha. dadiné, debat bener orané naskah iki kaya rasis. para ahli purbakala sing nolak mrangguli yèn bukti-bukti ing naskah kuwi rada aneh. naskah kuwi nyritaake seka wiwitan jaman sadurungé masehi, malah dadi kaya crita évolusi vèrsi jawa.

de casparis mung bisa ngguyu, jaréné buchori. profesor filologi iki ya nganggep nek naskah iki gawean anyar. malah dhèwèké nambah sumber pustakané barang.

bener apa orané, sing penting critané menarik. crita ing buku iki tak pikir sejajar karo ndonya atlantis sing ngedab-edabi kuwi. ahli amerika nate nduwé hipotesis yèn atlantis iku sundaland utawa tanah sunda. yèn manut simbah aristoteles, atlantis iku remuk gara-gara gunung creta njebluk. yèn ngono, creta apa krakatau?

ing jagad budhayawan sunda, panemuan iki asik. nanging pakar liyané, umar anggara jenny (gak ana sesambungan paseduluran karo aku) nganggep yen tanah sunda sing kasebut iku wis remuk, lan sing kasisa yaiku kepulauan natuna. iku adhedhasar karo panalitèn biomolekulèr, wong-wong natune gèné paling tuwa yèn disandhing karo bangsa autronésia liyané.

tembung atlantis sing pisanané metu saka plato iki ilang dening lindhu gedhé. akeh buku digawé, fiksi lan ilmiah. nanging atlantis iki isih kaya guyonan ilmiah. nanging guyonan iki asyik, amarga nalika pikiran isih bisa dienggo mbayangké, kanyatan ora penting manèh. nanging kanyatané saiki, ing cedhak ujungkulon, wingi ana lindhu gedhé.

yen dndeleng kahan saiki, kaya-kaya crita ilangé atlantis dibalèni. atlantis kondhang amarga negarané gemar ripah loh jinawi. rakyat makmur rajané gembur. nanging suwé-suwé akh tindak kadurakan. korupsi lan colong jupuk ana ngendi-ngendi, kahanan tentrem dadi ora gawé ayem. atlantis ilang amarga dewa-dewa nesu.

19.7.06

gandhèng arep nulis gak bisa-bisa, aku dadi nyoba salin basa naskah sing kudu diedhit iki. mbok menawa bisa marai niat nyambut gawé. ana sing ngerti iki omongané sapa?
aku kudu kaya manungsa sampurna. kabèh wong-wong kae kepéngin ndelok kaya ngono. ya wis, sèwu èsem, tansah bisa katon manis. wong-wong kuwi sok lali, sejatiné dhéwé ki ya padha waé. coba kowé dirubung déning sekumpulan wong-wong kang nggatèake, mrangguli saka kadohan terus-terusan, dayamu kaya disedhot saben dina nganti krasané sepa. kowé kondhang, dhuwit, nanging durung mesthi santosa uga, to? dadi ora ngapusi. ana kalané aku nurut waé apa karepé wong-wong kuwi, gawe pawarta sakepénaké. aku ora nggubris. wong-wong kuwi tetep ora kenal aku.

18.7.06

rasane kaya kepengin mangkel kudu ngedhit tulisan sing kesalahane fatal-fatal kaya ngene iki. sejatine aku arep nyoba mbenerake tulisan-tulisan sing wigati, jebul malah kesalahane fatal. ngapa ya enake?

14.7.06

ngetik. ngetik? utekku isih macet. mendhing dolan nang kantor liya dhisik, golek obyekan....

12.7.06

"kang, aku wis bosen dadi wewayangan.'' paraga iki ora nunggu wangsulan. dheweke malah ngucap seka pethikan gatholoco

warnane tan kaprah janmi
wandane apan bungkik
kulite basisik iku
kelawan tanpa netra
tanpa irung tanpa kuping
remenane anendra sadina-dina.


pocapan pungkasan iku sajake ngece. senenge turu sedina-dina? tak bales nganggo geguritane hariwisnu harwimuka memori sing ketriwal

crita kutha kaboyong menyang desa
nuwuhake sujanaku mangsane wengi ngemuli prawanmu
ing koridor peteng, kamar-kamar sepi
apa sing koklakoni?
apa kudu dakplayoni?


paraga iku mengo. "ukara apa iku? surasane kaya mambu tembung-tembung sing aku ora ngerti."

paraga sing ngaku jenenge darmagandhuliki banjur lungguh. sikune dipaske pupu, tlapak tangane nyangga wan.

"iki geguritan."

"koridor iku apa? apane geguritan?"

"koridor iku panggonan dawa. iki ngelmu sejati, kowe durung mesthi bisa ngerti."

"dawa? kaya ndonya awang-uwung?"

"ora. nek kuwi wis klasik..."

"klasik? apa maneh kuwi?"

"kuwi tembung anyar sing durung ana ing jamanmu. kowe mulih wae kana menyang jamanmu dhewe."

"ora. aku isih kepengin lungguh ing kene." darmagandhul banjur lungguh slonjor, kaya nepak rasa, golek hawa. kaya jaka kepranan prawan tangga. "kowe kenal lia aminudin?"

"ora. ngapa?"

"loh, jarene dheweke titisane ruh sejati, kok kowe bisa ora ngerti. dheweke uga jarene ngerti ngelmu sejati."

"kuwi mung wewayangan thok."

"wewayangan piye?"

"kaya awakmu kuwi." aku jengkel. "aku mulih sik, wis wengi. bojoku mundhak nunggu aku."

"aku melu, aku kenalke karo bojomu..."

"haiyyah.... dhapurmu...."

darmagandhul mencolot munggah awang-awang. aku arep mulih. dheweke mesthi ora ngerti slipi, dadi ora mungkin bisa nututi.

iki crita rekan (fiktif)
ana kalane, urip iku mlaku mung seka perkara-perkara kang ora dinuga. aku kelingan perkara iki gara-gara maca riwayat suparto brata. sastrawan jawa iki jebul wiwitane dudu sastrawan jawa. nalika iku, dheweke lagi sumpeg atine. ing ati kang kaya ngono mau dheweke ketemu karo wanita kang jenenge ninuk ing solo. kenya iki seneng maca panjebar semangat. dheweke dadi niat nulis crita rekan ing sastra jawa supaya diwaca si ninuk iku mau.

aku nete ketemu wanita kang kandha,”jane, kabeh lelakune wong iki diobahke dening tresna’.’ ha ha ha … nalika kuwi aku kandha ora sarujuk. apa ya kabeh wong sadonya kudu tiba tresna dhisik sadurunge makarya? aku uga ora percaya marang omongane freud sing surasane padha karo perkara tresna iku. nanging, mbok menawa aku uga kliru.

7.7.06

maca majalah sing metu dina iki, aku rumangsa tulisanku tambah semrawut. banjur pitakonan-pitakonan klasik metu seka angen-angenku. nalika aku akhire milih njupuk pagaweyan iki, rumangsaku wis bener.

ngerti dhewe, lulus kuliah iku kaya ana geni ing dhadha kang bisa ngobong sapa wae. ing semarang, aku nyoba mlaku kaya impen jaman isih sd. prakara jugar dening kahanan. banjur aku lunga menyang kutha liyane. ing surabaya, jebul idealisme iku mung ana ing buku. aku ora kuwat ndeleng wartawan mburu warta kanthi laku nistha. aku mulih ndesa ngedhemke rasa.

enem wulan aku golek pepadhang, kaya janaka golek wahyu. yen janaka tapa ing tengah alas, aku mung mangan-turu-nonton tv-maca koran. kuwi tapaku. nalika mangkat jakarta, aku ngajab ketemu karo kanca-kanca jaman isih kuliah, kanca-kanca sing asring sambung rasa sinambi ngombi kopi ing warung-warung pinggir dalan. wong-wong kuwi jebul uga wis ora kaya sing tak bayangke. kapitalisme sing mbiyen diundhamana saiki malah diuja dadi dewa. syukur dene isih ana kanca-kanca liyane kang tetep ing jalure.

aku nyoba mlaku ing kutha kanthi laku alon-alon. aku nyoba ora keseret apa sing mbiyen dadi mungsuhku. ing kene, aku ketemu karo wong2 sing mbiyen dadi mungsuh jaman kuliah. wektu mbukteake, kanca bisa dadi mungsuh, mungsuh bisa dadi kanca.

nalika wingi ana rong koran ngajak aku mlebu, aku rangu madheg mangu. aku katone wis ora kuwat nyangga laku. kapitalisme pancen ngewuhake. sapa wonge sing ora kepengin gaji gedhe? luwih akeh tikel-matikel saka gaji saiki?

nanging koran? ing koran uripe panas. pancen aku mung ngurusi perkara budhaya utawa teknologi, nanging saelingku mbiyen, tetep ana akeh titipan.

banjur, ndeleng kahananku saiki, apa ya ora jeneng aku melu ombak gedhe sing digawe seka kapitalisme sing ngewuhake?

4.7.06

kledhang-kledhang sore teka. sawise wingi kinunjara dening rapat sedina, dina iki aku mung kepengin ngenggar rasa. mau bengi turuku ora jenak.

dina iki, aku ngenggar rasa kanthi crita panglipur wuyung (novel picisan 1950-1960-an). yen maca crita jaman semana, tak kira ora akeh beda kaya dene basa indonesia. maca novel raumanen kang digawe era 1970-an, rasane kaya wis kuna banget. nanging maca crita panglipur wuyung iki, ora beda akeh karo novel basa jawa saiki. paling ejaane kang beda.

aku kepengin ngenggar rasa dhisik...

19.6.06


desa kuwi jenenge srikuwe. panggonane ing mburi candhi mendut. jaman isih cilik, aku kepranan marang latar-latar sing amba, kebon ing ngendi-ngendi, lan banyu kang bening. rasane kaya tentrem adhem. nanging, jarene masku, urip ing kene iku panas. dudu panas amarga alam, nanging amarga urip tetanggan kang tansah saingan.

yen pas lebaran, dolan ing kene kaya kudu nekani wong sakampung. saben mlaku ing ndalan utawa mampir ing sawijining omah, wong-wong wis bisa ngira sapa aku. aku ora nate urip ing panggonan iki. nanging wong-wong tuwa apal marang raiku kang memper karo ibuku. “iki mesthi anake marliyah.”

jarene, praupane ibuku nurun marang aku, masku sing nomer siji lan mbakyuku nomer lima. aku asring ngancani ibu menyang pasar, ketemu karo kanca-kancane ibuku. yen dolan menyang pasar rejowinangun, magelang, ibuku kaya lagi nganaake reuni. aku seneng ambune pasar. pas isih sma, aku sok dolan menyang pasar kuwi sing mung 300 meter seka sekolahan. ora tuku apa2, paling yen pas ana dhuwit aku tuku buku bekas utawa kaset-kaset lawas. mesthi wae, tanpa ibuku.

nalika cilik, aku asring nangis yen tangi turu ora ana ibu ing sandhingku. aku kaya dikhianati. aku kaya kebuang. aku wedi kelangan.

esuk iki, aku kaya kebuang. aku ora nangis kaya jaman mbiyen. tembang samudana wis wola-wali keprungu, mbok menawa wis ping telu. banjur ana telpon seka mas yanto. luh kaya wus ing pucuk idep. aku ora arep nangis, nanging banyu ora bisa dicandhet. aku arep ndonga wae, muga-muga ibu ora suwe nang rumah sakit...

15.6.06

akeh gawean, wong-wong nang kantor malah ribut nyanyi2 gak jelas.

12.6.06

rupane kaya boneka seka angkasa. jenenge bule ning wong tuwane indonesia asli. davy, sing motret, nganggo putih lan perak kanggo latare. futuristik? aku isih gumun, ngapa futuristik mesti putih karo perak?

11.6.06

aku kelangan crita-crita sing ditata premana ing ngisor meja. kaya wang sinawang tata krama.

coba yen ana wong ndongeng, tangan ditekuk ndhuwur meja, lan mega tidha-tidha nyawang rasa pralaya. aku kepranan karo asal-usuling medhang kamulan ing gisik segara. telung gatra praduga, sa-pada kanyatan.

8.6.06

gara-gara nulis nang wikipedia, aku dadi kepranan marang program wiki. wiki asline seka basa hawaai wiki wiki kang artine kurang luwih cepet. istilah iki banjur dadi jeneng program, wikiwikiweb. wikipedia sing ngenggo software mediawiki dudu sing pisanan.

pisanane aku wis masang mediawiki iki nang komputerku. nanging, sawisie tak bandhingke karo ewiki, ketoke luwih kepenak ewiki. mediawiki luwih komplek, kamangka aku mung arep nganggo program wiki gawe nulis. katone nek ngetike nang wiki ngene iki bakal luwih teratur. nanging, ewiki ya durung kepenak tenan. aku lagi arep njajal docuwiki. ning ya embuh, luwih becik aku nggateake nang wikimatrix iki sik. sing jelas, kudu nganggo php script.
gara-gara nulis nang wikipedia, aku dadi kepranan marang program wiki. wiki asline seka basa hawaai wiki wiki kang artine kurang luwih cepet. istilah iki banjur dadi jeneng program, wikiwikiweb. wikipedia sing ngenggo software mediawiki dudu sing pisanan.

pisanane aku wis masang mediawiki iki nang komputerku. nanging, sawisie tak bandhingke karo ewiki, ketoke luwih kepenak ewiki. mediawiki luwih komplek, kamangka aku mung arep nganggo program wiki gawe nulis. katone nek ngetike nang wiki ngene iki bakal luwih teratur. nanging, ewiki ya durung kepenak tenan. aku lagi arep njajal docuwiki. ning ya embuh, luwih becik aku nggateake nang wikimatrix
iki sik. sing jelas, kudu nganggo php script.

7.6.06

hmm, suk malem setu ana wayang nang museum wayang... bisa nonton gak ya?

6.6.06

yen manut profesor poerbatjaraka, mataram pindhah jawa wetan amarga gunung merapi njeblug. kaya lumrahe adhate wong jawa, panggonan kang wis rusak dianggep ora becik dienggone maneh. apa maneh iki perkara kraton. kedadeyan ing sekitar 929 masehi iku akeh dadi pitakonan para pakar kulon sing bule-bule kae.

merapi saiki isih watuk-watuk, lan ora mung wong bule sing gumun ngapa wong2 ndesa isih percaya karo mbah maridjan (utawa raden ngabehi hangreksa arga) iku. gunung kang ing sawetara buku kuna asring uga sinebut candrageni iku pancen isih dianggep wingit. pucuke kang lancip beda karo sumbing, merbabu, lan sindoro kang ana ing sakupenge.

apa empu sindhok kang mindhah negara menyang jawa wetan kuwi rumangsa merapi wis ora bisa disanak maneh? apa merga pancen ana perang lawan sriwijaya, saengga kudu lunga ngetan?

pitakonan-pitakonan kang angel digoleki wangsulan benere. akeh perkara kang kasimpen dening wektu. manungsa-manungsa kang uga seneng nyimpen samubarang kang mambu. aku, kowe, lan sapa wae kang tansah nduwe perkara-perkara kang dipendhem dadi lebu. ana kalane uga dadi awu, nalika cathetan sejarah wis diobong kanthi terang-terangan utawa sesingidan.

1.6.06

karepku arep kerja dina iki. miwiti gawean kanthi ngetik artikel2 sing gampang. nanging pikiranku isih kebak karo pitakonan-pitakonan. wiwitane seka perkara nabi muhammad kang dianggep kalki avatar. banjur aku nemu perkara liyane maneh. ibrahim (abraham) kuwi padha karo brahma, lan sara padha karo saraiswati. manuh (manu) padha karo nuh. aku dadi kangen bapak, mbiyen perkara2 kaya ngene iki biyasa dadi bahan dhiskusi.

31.5.06

secangkir kopi, udud, lan komputer. peteng ing njaba kaca.

29.5.06

aku isih ngimpi lan tak pikir ana lindhu ing impenku. jebul, pancen lindhu tenan. aku mlayu metu lan ndeleng gendheng omahku wis mlotrok kaya kathok ora nganggo setut. setu kuwi, rekane aku arep nonton sendratari nang candhi borobudur. nanging, katone sendratari uga jugang amarga prastawa iki.

24.5.06

ngeling-eling jaman cilik nalika bapakku nembang kidang talun sadurunge turu.

kidang talun mangan kacang talun
mil kethemil mil kethemil
si kidang mangan lembayung


tembang iki dadi wiwitane dongeng kancil nyolong timur. astane bapak gawe wewayangan ing tembok putih (sing wis dadi klawu amarga dadi pancatan sikilku).

yen bareng simbah, aku dinyanyeake sluku-sluku bathok. simbah karo ngurut2 sikile sawise aku rampung ngidak-ngidak mijeti.

sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si rama menyang sala
oleh-olehe payung motha
pak jethit lolo lobah
yen obah medeni bocah
yen mati goleka dhuwit


yen wayah wengi, nalika mbulan magrong-magrong ing ndhuwur sirah, kala-kala dolanan jamuran karo nyanyi

jamuran ya gege thok
jamur apa ya gege thok
jamur gajih mbejijih sak ara-ara
sira mbadhe jamur apa


bubar kuwi banjur jilumpet (embuh jenenge nang panggonan liya, nek basa indonesiane petak umpet). aku seneng mumpet nang cedhak selepan, lan mulih-mulih diseneni amarga sikil dadi gatel kena damen. sawetara kuwi, tembang kate dipanah ditembangke ing wayah nalika bapak ngajak aku dolanan karo nyekel gamelan.

te kate dipanah
ndlusup-ndlusup ngisor gelagah
ana manuk onde-onde
mbok sri bombok mbok sri kate
mbok sri bombok mbok sri kate
mbok sri bombok mbok sri kate


kaya lumrahe bocah cilik, dolanan sing paling kepenak kuwi nalika entuk barang anyar. sawijining dina aku diajak dolan menyang kopeng, salatiga. aku ditukoake jaran kepang lan seblak kaya ing jathilan. aku mubeng-mubeng ing njero omah karo nyanyi:

jaranan-jaranan jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher


nanging, biyasane aku banjur diseneni. sawise metu omah aku nyeblaki kanca-kancaku.

(yihaaa....sesuk mulih ndesa)
obat kanggo wong sing edan kanthi ciri awan-wengi tansah nyebut jenenge wong:
manggar, oyot klapa sing isih enom, bawang loro, adhas loro. lan ketan ireng. kabeh iki dicampur didadeake jamu terus diombe.

mantra kanggo nambani kabeh lelara edan : pukululun aranira batara guru maha sakti, aku angunduraken batara gana, banta wengi, banta weghah, bante papet, aje sira anta anggel ring jero ragane si anu, mundur lunga ko mangke pugpug geseng mpug saguna pangaruhmu kabeh, sing teka guna pupug punah, 3, sidi mandi mantranku

(sumber lontar usada bubuh)

23.5.06

mau bengi, dhadha rasanya kaya ana sing nuthuk-nuthuk nganggo glondhongan kayu jati. kahanan kaya ngene iki wis suwe ora tak rasa, paling mung thuthukan cilik kaya thuthukan nganggo prethelan wit randhu alas.kadi kapêgat wuwusnya

22.5.06

padha gulangen ing kalbu
ing samita amrih lantip
aja pijer mangan néndra
kaprawiran dèn kaèsthi
pesunen sariranira
sudanen dhahar lan guling


aku isih kelingan nalika nembang larik-larik ukara seka wulangreh iki. jaman isih sd, aku ora rumangsa yen perlu ngapalake tembang iki. nanging tekan saiki, ukara iki isih nancep ing pikiran. nyatane, iki ya mung ukara-ukara thok. aku luwih kondhang dadi wong tukang turu.

kanggo ririn, sugeng tanggap warsa. pangapurane, telat ngucap.... :p

16.5.06

dhudhah komputer lan nemu file isine puisi ngenani aceh lan diwiwiti nganggo tembang macapat. puisi iki gawe mirisku. crita ngenani anake kang ilang amarga tsunami. aku mbiyen ngrekam iki nalika ana pagelaran puisi kanggo aceh. tsunami kuwi kaya dadi tetenger marang ndonya gedhe lan ndonya cilikku.
yen ana sing minat, aku isih ana file-e.

15.5.06

aku paling sengit melu rapat, lan dina iki ana rapat. rapat gawe ati krasa ampang. ana kalane gawe sedhih tanpa sebab. kamangka yen dinulu, ora ana kang kudu dirasa sedhih. aku bingung arep miwite gaweyan. akhire aku nyoba ngarang tembang macapat, mijil lan sinom. terus udad-udud sinambi ngobrol nang ruwang rokok. lumayan, bisa nyunting sawetara tulisan. nyicil gaweyan, sawetara tulisanku dhewe durung rampung.

mijil ing donya siniwi ratri
kabeh durung katon
amung anjali soca ing tembé
lelaku alon siniji-siji
nunggu mring wartaning
sesotya satuhu

11.5.06

bar nulis ngenani salya. jare wong2 tuwa, crita ngenani salya kuwi romantis. nek manut aku, biasa wae. apa merga dewi pujawati bela pati terus wong2 kuwi nganggep crita sing romantis? apa malah merga mateni maratuwane? aku tetep ora mudheng.

8.5.06

yen mikirke jeneng, kadhangkala sok aneh. jaman mbiyen, dyah utawa sri iku mung jejuluk (abhiseka). ing jaman saiki, jeneng kuwi dienggo lan akeh2e wong wadon. kaya dene dewi soma. tak kira akeh wong sing seneng wayang uga ora ngerti sapa paraga iki. ngertine, soma iku artine dina senen. saiki, jeneng soma akeh dienggo wong lanang. crita dewi soma pancen ora mlebu mahabharata utawa ramayana, iki asli jawa. dheweke prameswarine prabu palindriya utawa respati ing negara purwacarita. seka jejodhoan iki entuk putra telu: anggara, budha, lan sukra. crita iki manunggal karo crita watugunung kang banjur dadi jeneng wuku lan dina. radite iku minggu, soma iku senen, anggara iku slasa, budha iku rebo, sukra iku jumat. respati iku kemis, lan tumpak kang artine setu, aku ora ngerti. ing bali mung dina iki kang beda. penanggalan bali nganggo jeneng sanaiscara kanggo setu, iku kaya kang dienggo jawa kuna.

yen dirunut maneh, jeneng-jeneng iki ora menthal seka jeneng dina ing panggonan liya. radite iku srengenge, yen ing inggris sinebut sunday. soma iku rembulan. ing inggris sinebut monday, dijupuk seka moon utawa mona kang artine padha.

aku ora ngerti apa bapakku mbiyen maringi jeneng aku merga seneng nyawang lintang abang kang kondhang sinebut mars. dadi wajar yen jaman cilik mbiyen gaweane ngobrak-abrik omah lan sekolahan. mars kan dewane perang.

sakjane, ing perkara dewa perang iki, bathara indra luwih cocok. ing versi liyane, bathara indra uga sinebut dewaning kaelokan utawa dewa seni. rada aneh?

mbok menawa, jenengan anggara ora dijupuk seka mars seka gugon tuhon romawi. beda banget. ning mebuh nek malah dijupuk seka ares, dewa perang lan jeneng liyane mars manut ilat yunani. ning bintangku dudu aries

aku dadi penasaran, lan nemu sing rada mirip nang thailand. yen dirunut seka selasa sing dijupuk seka basa arab ath-thalatha' jelas gak nyambung. jeneng dina manut basa arab luwih merga urutan dina sing nomer telu. ing negara gajah kuwi, planet mars sinebut angkarn. ning tetep wae wagu lan meksa.

4.5.06

wirondaya, anake wiraraja, lara ati. nambi kang ora digdaya, diangkat dadi wong nomer loro sawise raja. dheweke mung diwenehi panguwasa ing tuban. nalika ana patemon ing kraton majapahit, wirondaya nesu-nesu marang nambi. wijaya, sang raja, bisa maklum amarga wirondaya iku wong madura. dheweke uga kang ngganti jenenge dadi ranggawenang utawa ranggalawe, artine diwenehi panguwasa (wenang). dene wenang, ing basa jawa, uga nduwe arti benang. lawe artine uga benang.


nanging perkara ora mung semono wae, wijaya dadi nesu amarga ranggalawe nganggep sang raja ora wicaksana. keboanabrang diutus supaya mbrantas wong-wong brontak seka tuban iku. keboanabrang mateni ranggalawe ing pinggir kali. bojone loro bela pati suduk salira. nanging apa wijaya seneng? ing kidung ranggalawe, wijaya digambarke sedhih amarga kelangan prejurit kang prakosa.

tuban sejatine dudu panggonan kang sepele jaman semana. ing jaman airlangga isih bisa mesam-mesem ing kraton, tuban mlebu ing krajan kadhiri (saiki kediri). nalika airlangga munggah gunung, kaya plato kang golek artine urip, krajan dipara dadi loro: dhaha lan jenggala. ing kene tuban mlebu wewengkon jenggala. jaman ken angrok nyekel panguwasa, tuban wis dadi gedhe lan dianggep titik wigati kanggo urusan eksport-import. malah yen manut versi sejarah liyane, tuban iku sawijining panggonan kang digawe wong-wong cina pisanan mlebu ing majapahit. isine mung para pedhagang. prejurit tar-tar kang arep nyerang jayakatwang uga liwat tuban.

lan saiki, ing tuban wong-wong lagi rame merkaraake sapa bupati kang sah. perkara kaya ngene iki awet dilakoni kabeh jaman. sawise ranggalawe bisa ditumpes, majapahit uga ora tentrem. sora, kancane ranggalawe, difitnah karo mahapati. sora ora trima ranggalawe dipateni. dheweke banjur mateni keboanabrang. kaya bule amsterdam, mahapati nglakoake devide et impera. dheweke ngadu antarane kebo taruna (anake keboanabrang), lan nambi. mahapati kepengin dadi patih amangkubumi sing dicekel nambi. kabeh mati. nanging mahapati ora sisip ing bebendhu. wijaya ngerti yen kabeh iki pokale mahapati. dheweke rumangsa kelangan kanca-kancane kabeh. mahapati digeret menyang kuburan njaba kutha lan dipateni.

2.5.06

dalanan macet, buruh2 lagi nuntut hak. sejatine isin merga ora melu. aku dhewe ya isih buruh, ning konotasine wong lumrahe yen buruh kuwi kuli utawa pegaweyan kang paling ngisor. kaya dene istilah rumah susun lan apartemen. senyatane, apartemen kuwi ya rumah susun wong undang-undange ya isih padha, bedane mung fasilitase.

kaya dene wayang, panyandhange dewa lan wayang biasa katon seka sikile. yen dewa (lan uga begawan) nganggo sepatu, yen satriya mung cekeran thok. raja utawa ratu umume nganggo praba. punakawan panyandhange ora karuwan lan rupa kang uga awut-awutan. iki nulis apa coba? wong yen lagi males nulis ya ngene iki.

27.4.06

ing dina-dina iki, rasane males arep nulis apa. aku nyoba nulis maneh apa sing mbiyen tak senengi. nyoba maneh ngetik nganggo wordstar, di pasang liwat dosbox utawa dosemu. dolanan maneh prince of persia sing kuno kae. ning katone wis ora wayahe maneh dolanan

15.4.06

apa aku bisa mlumpat sedhela wae, 2-3 jam, ing dina nalika kuwi? mabur ing jagad angka tanpa ngerti wektu. maca buku ing balkon sinambi ngrungoake manuk2 ngoceh. nyetel wayang nganti esuk dikancani kopi lan rokok.

13.4.06

udan isih deres, aku iseng nang ruang makan nonton tv. film konyol lan aku ora ngerti judhul film nang hbo iku. ngenani will kang ora percaya marang omongane bapake, edward bloom. edward seneng ndongeng. dheweke ora percaya. lan nalika bapake seda, kanyatan kuwi pancen dongeng. uripe pancen aneh. ing pungkasan, nggoleki nang internet lan ngerti judhule jebul bigfish.

rampung kuwi, ana sms "redaktur gadget n it masih kosong. mau berubah pikiran?" embuh.

aku saiki lagi iseng2 nulis nang wikipedia jawa. ketoke aneh yen nduwe blog nganggo jeneng antasena lan nganggo basa jawa ning gak ana nang wikipedia jawa. ana penjaluk request?

11.4.06

udan gedhe ngrangkul jakarta. ngajak nangis. nangis. nangis. nangis. nangis. nangis. nangis. nangis. udan gawe cengeng. cengeng. cengeng. cengeng.

5.4.06

sanga elemen jurnalistik? nulis kang premati lan ngati-ati? sing ana pigunane? pitakonan-pitakonan kang ngganggu pikiran. apa maneh nalika seminggu wingi dikon siaran nang radio 68h. aku kangen crita2 kang migunani, ora nulis sampah-sampah kaya saiki. nanging nalika ana sing nawani bali, aku rangu2. koran, sing duwe modhal raja sing lagi nyekel kuwasa, wong2 kang pikirane politik thok. aku bosen ing awang2, kangen ngambah lemah. nanging, aku uga ora kepingin ngambah ing lemah kang katone bakal gawe bubrah.

1.4.06

aku natah crita seka plipiran dina. ingak-inguk golek kanca, kang bisa gawe crita rena-rena. wis sak wetara dina, aku angel crita. dikaya ngapa wae, aku pancen dudu sapa-sapa.

16.3.06

iseng golek-golek blog sing nganggo basa jawa. ana sing rame, sepi, serius, guyon, ning ya ana sing wis mati.

ngono yo ngono
kisah para pemburu besi tua
guyonan suroboyo
padhang mbulan
wong jawa
mbilawang
the java
kumpulaning cerkak lan geguritan jawi


nek iki nganggo jenengan kejawen ning ana kalane nganggo basa indonesia.

14.3.06

kayadene awan kebak mega ireng, aku ora bisa mikir. dhadhaku kaya mlayu, njola-njola kaya jaran kelangan sendhalan. mbok menawa merga maca bukune kenangan lonthe-lontheku sing melankolis-e gabriel garcia marquez. bisa uga pancen aku lagi ora penak pikir.

7.3.06


mingkar mingkuring angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
kang tumrap ning tanah jawa
agama ageming aji


(wedatama, pangeran adipati mangkunegara iv)

apa kang sinebut adab? apa laku utama kuwi? yen ing kabudayan jawa, wong-wong tuwa nganggo kitab2 kuno kanggo cekelan. arep njungkir-jempalitan ora apa-apa waton isih ing paugeran kitab2 mau. kitab kang kondhang dienggo cekelan iku wedatama lan wulangreh. kuwi ngelmu kasepuhan, jarene. ngelmune wong-wong sepuh, tuwa. kasare, nyedhaki mati.

kancaku, cah banyuwangi, nate ngritik. "piye arep percaya omongane nang kitab2 kuwi yen kelakuane sing nulis ora karuwan." sultan-sultan jawa bojone akeh. seneng madhat lan ngombe2. banjur wong2 kuwi nulis ngenani kautaman. raja-raja sing seneng perang. kuwi padha wae goenawan mohamad ngomongke kasetyan. padha karo artis indonesia sing seneng gawe iklan nganggo basa manca. aku sok gumun, ing atase isi lagune nganggo basa indonesia, sing tuku ya wong indonesia, iklane nganggo basa inggris.



aku wis nate ngobrol karo sakwijining penyanyi. dheweke ngaku yen ora bisa nulis lirik lagu nganggo basa indonesia. jarene, nek nganggo basa indonesia lirike bakal kampungan lan ora bisa puitis. yen nulis nganggo basa inggris luwih lancar lan puitis, ngakune (dheweke ora ngomongke grammar). aku bisa mbayangke, yen lirike paling ya mung "i love youuuuuu, forever and ever, between me and youuuu. du du du yeaaaah." wong kok padha lucu-lucu, iiih gemes aku.

1.3.06

ana rasa pengin nulis. ana rasa pengin mlumpat nembus udan. aku arep nulis, nanging tanganku mung bisa dilempit ing ngisor bantal. nyatane, aku mung bisa lungguh maca buku ing taman ngarep kamar, sinambi ngrasaake esuk kang kebak swara manuk. esuk kang teles dening udan sewengi lan sesawangan bocah sekolah mangkat sinau.

27.2.06

iki wis wengi. nanging rasane kaya lagi turu. aku kepengin mlaku-mlaku. ngubengi jakarta tanpa rangu-rangu. golek pepadhang, golek awakku dhewe, sing wingi tak buang cedhak blumbang.

20.2.06

yeah, aku lagi angel mikir. kantor gak nyaman nggo ngetik. nang ngomah gak bs ngrokok. nang taman akeh wong wira-wiri. kanthi susah payah, aku nyoba sakkuat tenaga ngetik nang kantor.


swara-swara musik seka meja ngarep, samping, mburi taklawan nganggo swara liya. aku seneng lagu magic reong karo country belejaguriki. minimal isa ngancani aku nulis sedhela. ketoke asyik yen diconvert nang mp3 apa ogg.

btw, yen ana sing minat ngrungoake bule2 nuthuk gamelan ana ing kene

19.2.06

ana wektu kang rinasa lungrah. mangkat kantor tanpa nggape rasa. ing bis, sinambi nyangking tas plastik, ana pengamen mainke kokoronotomo. lagu kuwi dimainke kaya nganggo tempo a la pangkur pathet 5, alon banget kanthi swara dhuwur. rasane kaya dudu lagu seka jepang. kuwi luwih pas megatruh ngango jeneng beda.

16.2.06

esuk maca buku ing taman. kabiasaan iki ganti. mbiyen biyasane mca buku karo nyrutup kopi ing ndhuwur balkon. gandheng kahanan wis beda, taman cukup kanggo gantine. taman ora kaya balkon kang privat. ana cah2 sma sing sok ngrokok ing pojokan lan navis (anake sing jaga omah) nyedhaki ngajak dolanan.

isih ana wit-witan lan manuk2 kang crewet.

esuk iki aku neruske maca buku, seka bab 6 nganti purwa bab 8. ngerti2 wis jam 9, mlebu kamar dolanan gitar nembang blower's daughter lan amy. bosen maneh. ana sms seka ina karo rina. ngrungoake jamie cullum bengak-bengok. lan bosen maneh. lagi mangkat kerja, karo ngenteni bosen liyane.

7.2.06

walisanga dianggep kang gawe wayang gumebyar kanti rupa kang beda. wong-wong kuwi gawe mahabarata lan ramayana kang beda karo asline sing njupuk ajaran hindhu. Walisanga uga gawe tandhingan crita wayang kang sinebut wayang menak. Wayang iki dijupuk seka crita persia: qissai emr hamza. Ing melayu klasik diadaptasi dadi hikayat amir hamzah.

aku dhewe durung nate nonton wayang menak. Aku mbiyen ngerti crita2ne seka dongeng bapakku sakdurunge turu lan kethoprak. jeneng2nge yen dipikir lucu amarga diadaptasi ing ilat jawa. Emr hamza dadi wong agung jayengrana (amir ambyah) kang urip ing mekah. terus ana umar maya (omar bin omayya), qobat shehriar (kobat sarehas), iman suwangsa (badi'ul zaman), dewi retno muninggar (mihrninggar), dewi kuraisin (qoraishi), nabi kilir (khidir), lukmanakim (lukman khakim), kelan (khaelani) lan arya dulmutalip (abdul mutthalib). jeneng2 negarane ya aneh: ngerum (romawi), yunan (yunani), medayin (madina).

Nanging wayang iki kepetung gagal diusung para wali. Wong2 jawa tetep luwih seneng wayang purwa. nasibe padha karo wayang wahyu kang digawe broeder temotheus marji subroto 1960. Wayang iki dijupuk seka perjanjian anyar lan perjanjian kuno ing warga nasrani.


numpak kreta awan iki seka kebayoran. ndeleng kreta ekonomi kang suk-sukan, luwih miriske tinimbang nonton film indie. munggah kreta sansaya maneh. wong ngemis lan bocah cilik ora bisa sekolah wira-wiri. nalika weruh wong tuwa bungkuk ngemis, aku kelingan ibuku. lakune alon, kaya-kaya wedi arep mlangkah. nalika arep mlebu menyang gerbong liyane, wong kuwi mandheg suwi. netrane mandheng mengisor. wates antar gerbong kang tansah obah katone gawe netra tuwa kuwi kudu mandheng luwih suwe kanggo bisa ngepaske lakune.

jakarta kuwi kejem. istilah kuwi wis ana jaman aku isih cilik, nalika aku dhewe ora nduwe impen lan mikirke yen mengkone aku bakal urip ing kene. jaman landa mbiyen, titik nol jakarta ing menara syahbandar. kanggo pemukiman, sekitar menteng lan jakarta kota dadi punjer panggonan. ngepasi indonesia dicekel soekarno, titik nol jakarta pindhah menyang monas. kebayoran dadi pemukiman. nanging nalika dibangun blok m, kawasan iki mludhag ora karuwan. kabeh perkara ekonomi katone dadi siji.

ciputra nyoba ngganti jalur. kebun karet didadeake kawasan satelit kang saiki dadi pondok indah. kawasan elit ganti panggonan. proyek iki sukses. banjur, tren pengembang nyoba nggawe kawasan satelit luwih adoh maneh. lippo nggawe kutha dhewe ing tangerang.

ing dpr saiki lagi perkara. jakarta kuwi kaya apa sih? sutiyoso kepingin ana menteri khusus kanggo nangani jakarta, bekasi, tangerang, depok, lan bogor, lan cianjur. yen ora, kuwi kabeh ing ngisore gubernur jakarta. utawa gubernur selevel menteri. usul iki pancen aneh.

yori antar, arsitek, nate ngritik perkara kutha-kutha satelit iki. jakarta dadi tambah lemu. panggonan kang rejo nyebar ing sakdengah panggonan. soekarno mbiyen nate nduwe ide mindhah kutharaja seka jakarta menyang palangkaraya. pembangunan wis diwiwiti. niyate kaya amerika kang mindhah kutharaja seka new york menyang washington. dadi, pusat ekonomi karo pusat pemerintahan beda. palangka raya uga pas ing tengah-tengah indonesia, tinimbang jakarta kang luwih cedhak ing sisih kulon. . nanging banjur soeharto dadi raja anyar jakarta.

mbok menawa dhukun-e soeharto (sing wong jawa) ora nganjurke yen kutharaja dipindhah mlumpat segara. dadine, jakarta tetep dadi pusat sakkabehane. lan saiki wis kaya telat.

nalika aku mau tekan ciledug, kuthane mikael iki, lalu lintas semrawut. grimis riwis-riwis ngajak aku mlebu tekan plaza baru. ing papan ngisor akeh wong dodolan emas. ing ndhuwur dodolan panyandhang, ing ndhuwur dodolan handphone.

pertokoan ing jakarta lan sakcedhake kuwi pancen polane isine mung mirip2 ngene iki. telu-telune ngurusi perkara gaya. yen dibandhingke karo kutha liyane, mal ing daerah biasane ora kakehan wong dodolan sandhangan. pancen ana toko sandhangan, nanging akehe ora kaya ngene. (aku bosen nulis, ngantuk) ..... zzzzzzzzz

5.2.06

ana sing ketinggal ing pojok kutha
rerasan kesingsal pengangen
mlaku
mlaku, mlaku
mlaku, mlaku, maku
sansaya ora ngerti langkah laku

31.1.06

sakwise mubeng2 kliling jawa (jember, surabaya, banyuwangi, gilimanuk, jogja, magelang) akhire bali ing kasunyatan: jakarta. kasunyatan sing gawe kangen nalika lunga-lunga, nanging ora kepenak nalika dilakoni. seka panggonan-panggonan kang wis diliwati, rasane sing paling marai gawe krasan kuwi magelang.

saiki ngantuk, ngusir mata merem nganggo kopi. niate arep maca buku secret rendezvous kobo abe, ning rasane pikiran durung siap maca-maca sing serius. aku malah maca2 artikel ngenani kopi. aku lagi terobsesi karo kopi. ndeleng werna-werna grinder nang froogle. hmm, awan iki ana janji karo wong nang kafe...

16.1.06

blog

iseng golek-golek blog sing nganggo basa jawa. ana sing rame, sepi,
serius, guyon, ning ya ana sing wis mati.

ngono yo ngono
kisah para pemburu besi tua
guyonan suroboyo
padhang mbulan”;
wong jawa

nek iki nganggo jenengan kejawen ning ana kalane nganggo
basa indonesia.

15.1.06

katone aku bakal kangen, kangen banget karo komputerku

13.1.06

awakku kesel. masalah akeh, gawean akeh. ning jebul masalahe wong liya luwih akeh, luwih rumit

11.1.06

wingi dolan nang sakwijining proyek omah ing bintaro. apik, tak akoni lumayan. kolam renang, kamar mandi mewah, taman lan teras wiyar. nanging nalika tekan ruangan ndhuwur garasi, kabeh sarwa prasaja. resik nanging kaku. beda karo taman ing sisih tengen omah. trap-trapan kang nuju panggonan iki uga cilik. panggonan iki kanggo batur (pembantu).

umpama wong sing nduwe omah iki nduwe asu, mbok menawa kandhang asune luwih apik tinimbang panggonan iki. wong-wong kang rila ngetokke dhuwit jutaan kanggo ndandani asu nang salon, nanging nggaji bature ora nganti sakjuta. yen mlaku-mlaku nang mall, bature ngetutke, kaya rahwana diiringi punggawane.

konsep kelas kaya ngene iki awet wiwit jaman mbiyen. aku kenal menungsa sing bature kudu lungguh ing jogan yen dheweke lagi ana ing ruwangan kang padha. mbok menawa, menungsa kaya ngene karepe lucu, ben kaya adegan srimulat kae.
debian, aku seneng debian. nek lesbian gnu/linux?




ning aku luwih kepengin ngopi2 nggo iki



karo klambi iki

4.1.06

akhir2 iki awakku krasa pegel. aku ora ngerti entuk seka ngendi pegelku iki. pikiranku uga lagi owah, maca berita nang koran wae isa kepikiran terus. kamangka, berita koran kuwi isine pesimis thok. ndonya kaya arep kiamat sesuk esuk. durung maneh, ana kucing lan anak2e sing isih cilik manggon nang pyan kamarku. saben bengi mung rame thok. turu gak jenak.

banjur? gaweanku numpuk, lan lagi sadhar yen aku kudu ngrampungke kabeh gawean minggu sesuk. sing goblog maneh, aku gawe jadwal wawancara narasumber ngawur, mepet2 kabeh karo rencanaku cuti.

nyetel lagu2ne jamie cullum sing anyar ben semangat.

ning kok tetep wae.

mesti ana sing salah karo sirahku.

coba ganti lagu. sik sik sik ngrampungke get your way.

.......

enake ganti apa ya? gamelan digul wae, ben sisan nglangut. ngrungoake swara gambang slendro marai kelingan ngomah. kelingan jaman cilik nunggoni bapak dolanan gambang ing ruang ngarep. utawa, thuthukan gambange paman, sing luwih apik timbang bapakku. improvisasine luwih macem2.

ngancik tekan lelagon ladrang mugi rahayu, dadi alon banget. aku ora ngerti piye konsep kang sejatine. yen ing gendhing2 kang alon, thuthukan gambang, gender, siter, lan bonang luwih cepet tinimbang liyane. malah ing lagu-lagu dolanan sing ritmene cepet, gamelan2 mau ora dienggo. ning ketoke gak sehat nyetel ladrang esuk2 ngene iki. ganti wae narto sabdo.

speaker komputerku sing parah eleke apa soundcarde? apa rekamane?

aku wingi wis convert sebagian seka kaset ning ketoke isih angel diresiki swara2 kemresek kuwi.

3.1.06

#pungkasan.sh
#!/bin/bash
if [[u < i]]
then
$HOME=u
elif [[i > u]]
then
$HOME=i
elif [[i!=u]]
then
$HOME=$OLDPWD
fi
startx
exit 0

2.1.06

esuk iki udan, listrik byar-pet amarga kagi ana sing ndandani pompa banyu ing ngisor.

awan iki, aku krasa ana sing ilang, nanging aku ora ngerti kelangan apa.