16.3.06

iseng golek-golek blog sing nganggo basa jawa. ana sing rame, sepi, serius, guyon, ning ya ana sing wis mati.

ngono yo ngono
kisah para pemburu besi tua
guyonan suroboyo
padhang mbulan
wong jawa
mbilawang
the java
kumpulaning cerkak lan geguritan jawi


nek iki nganggo jenengan kejawen ning ana kalane nganggo basa indonesia.

14.3.06

kayadene awan kebak mega ireng, aku ora bisa mikir. dhadhaku kaya mlayu, njola-njola kaya jaran kelangan sendhalan. mbok menawa merga maca bukune kenangan lonthe-lontheku sing melankolis-e gabriel garcia marquez. bisa uga pancen aku lagi ora penak pikir.

7.3.06


mingkar mingkuring angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
kang tumrap ning tanah jawa
agama ageming aji


(wedatama, pangeran adipati mangkunegara iv)

apa kang sinebut adab? apa laku utama kuwi? yen ing kabudayan jawa, wong-wong tuwa nganggo kitab2 kuno kanggo cekelan. arep njungkir-jempalitan ora apa-apa waton isih ing paugeran kitab2 mau. kitab kang kondhang dienggo cekelan iku wedatama lan wulangreh. kuwi ngelmu kasepuhan, jarene. ngelmune wong-wong sepuh, tuwa. kasare, nyedhaki mati.

kancaku, cah banyuwangi, nate ngritik. "piye arep percaya omongane nang kitab2 kuwi yen kelakuane sing nulis ora karuwan." sultan-sultan jawa bojone akeh. seneng madhat lan ngombe2. banjur wong2 kuwi nulis ngenani kautaman. raja-raja sing seneng perang. kuwi padha wae goenawan mohamad ngomongke kasetyan. padha karo artis indonesia sing seneng gawe iklan nganggo basa manca. aku sok gumun, ing atase isi lagune nganggo basa indonesia, sing tuku ya wong indonesia, iklane nganggo basa inggris.



aku wis nate ngobrol karo sakwijining penyanyi. dheweke ngaku yen ora bisa nulis lirik lagu nganggo basa indonesia. jarene, nek nganggo basa indonesia lirike bakal kampungan lan ora bisa puitis. yen nulis nganggo basa inggris luwih lancar lan puitis, ngakune (dheweke ora ngomongke grammar). aku bisa mbayangke, yen lirike paling ya mung "i love youuuuuu, forever and ever, between me and youuuu. du du du yeaaaah." wong kok padha lucu-lucu, iiih gemes aku.

1.3.06

ana rasa pengin nulis. ana rasa pengin mlumpat nembus udan. aku arep nulis, nanging tanganku mung bisa dilempit ing ngisor bantal. nyatane, aku mung bisa lungguh maca buku ing taman ngarep kamar, sinambi ngrasaake esuk kang kebak swara manuk. esuk kang teles dening udan sewengi lan sesawangan bocah sekolah mangkat sinau.