26.12.07

sirah mumet lan rumangsaku, aku ora bisa mrantasi apa-apa. akèh prakara mung kaya dadi guyon nalika soré. apa ya aku bisa dadi manungsa kang nduwé guna?

18.12.07

gara2 ngobrol karo mikaél kapan kaé, aku nyoba nginguk milis apresiasi sastra. sakjané aku lagi males maca2 sing mambu sastra. aku rada keganggu nalika sastra dirembug kanthi ati panas.

pas mau arep posting, nang blogger jebul blog lawas hanjakata arep diuripaké manèh. sakelingku, aku naté mèlu posting nang blog sing isiné puisi iki, nanging aku lali. terang waé, aku ra naté nganggep puisi sing tak tulis iku barang sing sèrius.

aku dudu pu dharmaja sing nganggep sastra iku adiluhung utawa pu tanakung sing golèk wisik kanggo nulis kakawin. aku uga dudu prapanca sing nenangis mangsa kaliwat kanthi ngèling-éling nalika isih dadi wong unggul.

nanging ya bèn, piyé manèh aku saiki luwih milih maca buku2 php apa shell scripting. miturut aku, aluwih mumet maca puisi tinimbang maca larik2 tulisan shell.

gandhèng lagi akèh sing gawé puisi kanggo mikaèl nang milis apresiasi sastra, aku tak mèlu2 (ning iki nganggo shell script sing prasaja, aku kangèlan yèn kudu nganggo basa inggris, ilatku gak lanyah)


#!/bin/bash
# not GNU in mika
cat /dev/null > mika.txt
chmod a-r mika.txt
if [ ! -e "mika.txt" ]
then
whoami > mika.txt
fi
done
logname > mika.txt
logout&
ing wanci ésuk, aku tansah mlaku2 karo jingglang. ngukur dalan-dalan sinambi nyawang kahanan. ésuk mau, langit ana garis2 klawu. jingglang tetep mlaku2 (kanthi ditétah). yèn ndeleng kahanan kaya ngéné iki rasané tentrem, ayem, apa manèh yèn bisa nginguk sawah ing sebrang kali.

ing cedhak omahku, pas pinggir kali cibodas sing biyasané tak liwatî bareng jingglang, ana wit-wit gedhé. wit-wit iku ora ditegor déning pengembang perumahan amarga ana gugon-tuhon jim sétan peri perayangan. jaréné, ing kono ana makam kawitan, leluwur.

mbuh bener apa ora, aku sarujuk waé yèn wit-wit gedhé iku isih tetep magreng ngadeg mencereng. dadiné akèh manuk2 alas sing isih ana. isih ana gangkrangan (aku naté weruh mencolot seka sawijining omah kosong). sing jelas, isih ana asu karo pitik jago sing tansah ngumbar swara.

12.11.07

mau ngentèni bis nang prapatan cileungsi suwé tenan. lagi jam 8.30-an aku éntuk bis biru rega 8.000-an iku. dalanan lancar lan tekan kantor 9.30. wis 2 minggon iki aku dadi komuter, numpak bis antarkota antar provinsi (maklum, jonggol isih mlebu jawa barat). kapan bisa uwal seka jakarta sing sansaya kurang ngepénakaké?

5.10.07

wis suwé ora ngeblog lah kok ana wong ngirim e-mail karo kaos. mas wahyu, sing mbiyèn natè kirim2an e-mail (2-3 taun kepungkur) ngirim e-mail. jaré arep mulih kampung. éman, déné ora bisa ketemu.

sing sijiné kaos. lumayan, desainne pas. mbuh sapa sing ngirim, ana tulisané nganggo basa inggris "no one cares about your blog." ha ha ha... coba yèn kaos kaya ngènè iki dikirimaké menyang wong2 sing arep mèlu pesta bloger. terus terang, aku rada eneg marang wong2 marketingan internet iki. klebu mantan kanca kosku nang semarang iki.

kiriman loro iki dadi ngèlingaké yèn aku isih nduwé blog. wikipedia waé saiki rada kapiran amarga aku lagi ngoyak setoran arep lebaran. sésuk mulihhhhhhhh!!!!!!!!!!!

sejatiné, aku wis nduwé rong omah. virtual lan sing ana ing kanyatan. wis naté nyoba ngetik antasena.com? percayaa, kuwi mung bakal muspra wong banjur mesthi bakal mlayu ing blog iki. aku wis kadung mapan ing panggonan iki, lan tak pikir luwih becik yèn tetep kaya ngéné. apa manèh "no one cares about your blog":) jeneng domain antasena.com iki éntuk gratisan, yèn manut ukum virtual, domain iku dudu duwèkku. aku mung éntuk nganggo. (panjenengan bisa ngecèk kanthi prasarana whois). déné, omah sing bener-bener omah uga durung arep tak panggoni. rancangané lagi arep tak panggoni sakwisé riyaya mengko.

11.9.07

ésuk iki mbukak komputer, nuju bloglines ngintip ana sing anyar seka multiply-né mikaèl. kaya biasané, cah ciledug iki ngundamana, rerasan marang kahanan. nanging dudu kuwi perkarané. maca tulisan-tulisanné mikaèl dadi kèlingan yèn aku wis suwééééé banget ora ngrasakaké rasa basa kang éndah.
aku wis ora bisa nulis.
titik.
aku nganggep tulisané mikaèl apik.
titik.
yèn ngono, aku arep gawé geguritan waé kanggo mikaèl.
koma,


mikaèl golèk lintang
déné, sapa sing bisa jaga langit kaé?
aku ngreti, dudu kowé.
sakngertiku, kowé ora naté bisa ngancik awan ing wayah awan.
titik.

6.9.07

mau bengi, aku nglirihaké kangen kanthi gitaran. rasané sepi tenan ditinggal anak-bojo nang kampung. arep dolan uga males. wis ora jamané manèh. arep dolanan komputer lagi akèh error. huh.....

8.8.07

hmm, sawisé kélangan hp semingguan iki, aku isih durung ngerti arep nganggo hp lan nomer apa. sakwetara nganggo sing nomer fren. aku jané isih kepingin nganggo fren waé nanging durung ana hp cdma murah sing bisa kanggo ngecèk e-mail lan ana fasilitas wap. lagi golèk-golèk lan bèn waé wong2 padha misuh amarga aku durung nduwé hp manèh.

6.8.07

mau ésuk tangi tanpa tangisané jingglang. sibuné uga ora ana. rasané sepi, apa manèh mau bengi ngimpi nggéndhong jingglang mlaku-mlaku nang alun-alun.

19.6.07

lagi ra karuwan ngéné, nemu tulisanku jaman mbiyèn. resep seka 2 narasumber (sing sakjané wong loro iki bokis):
seka kéné:
* angan mengandalkan ide instan. Cepat selesai bukan berarti karyanya hebat.
* Jangan kejar ide hingga larut malam, karena kelelahan membuat ide menjadi kehilangan detilnya.
* Buat tabungan ide, dengan rajin belajar dan bertanya.
* Catatlah ide-ide yang datang tak kenal waktu. Siapkan buku kecil dan pena kemana pun pergi.
* Ikuti idealisme, lupakan sejenak tentang ketenaran atau uang.
* Perbanyak referensi dan gunakan sebagai pembanding, bukan untuk menjiplaknya.
* Cari kegiatan lain saat pikiran tumpul
bingung. aku dudu manungsa multitasking sing bisa ngrenggani sadayaning prakara.

12.5.07

isuk

kamar anyar kanthi hawa sing luwih semriwing. mlebu kantor, ngopi2, lan
klinong2 maca tulisan2 ing internet. pisanan, ngecèk bloglines.com,
mlembang tekan thetruthaboutjakarta. nlusuri blog2 liyané, lan aku dadi
kèlingan blog-ku iki. aku kangen ngeblog. aku kangen bisa nulis dawa
tanpa kudu mikir pramana.

ngliwati blog2 kuwi dadi kepikiran manéka warna. aku dadi kepingin
mlaku2 menyang senèn, lungguhan nang tim, cangkruk ing wapres blok m,
lan sing jelas nyrutup kopi nang spinelli. nanging, aku saiki kudu nulis
sampah2 iki. nyunting tulisan naskah2 kaé. mikirké prakara sing kuduné
ra sah dipikirké.

24.4.07

Lejar sedhéla sinambi ngrungokaké lagu-lagu lawas. Tetembangan iku kaya tetenger jaman sing diliwati. Aja takon selera, umur wis owah ing antarané wektu. Ngrungokaké album 10 bintang nusantara 2 nggawa menyang jaman nalika isih smp. Nalika iku aku seneng bengak-bengok nyanyi laguné catio, pergilah kasih. catio iku grup musiké lilo sing banjur luwih seneng ing kla project (lan banjur minggat).

Lagu aci (aku cinta Indonesia)- boy sandhy, ngelingkaké yèn jaman mbiyèn aku sok padu karo mbak tentrem (ha ha ha). Mbakyuku iki mbiyèn naté ngandhani supaya aja akèh tuku kaset. Boros, jaréné. Nanging aku isih kèlingan naté urunan tuku kaset soundtrack serial tv dream. kuwi jaman john stamos kaya wong paling nggantheng sak ndonya. Jaman nalika poster phoebe cates, duran-duran, aha, Madonna, lan bayi “no problem” ana ing ngendi-endi: klebu kamarku. Sakposter regané 150 rupiyah yèn tuku nang ngarep terminal salaman, magelang.

Ing terminal sing ana gedhung bioskopé iku, aku akèh nonton film. Kabèh film, klebu india, mandarin, barat, Indonesia lan liya-liyané. Ing taun 80-an, jelas lupus lan catatan si boy dadi pirembugan ing sadéngah papan. Lan nalika wingi ketemu onky “mas boy” Alexander, rasané kaya arep ngguya-ngguyu. Coba yèn aku ketemuné jaman isih nganggo sragam smp, aku bakal foto bareng. Nanging kanggo nyenengaké ati, aku njaluk tandha tangan. Saklawasé urip aku njaluk tapak asmané artis lagi ping pindho. Pesanan, jaman isih kuliyah njaluk karo trie utami. Bar éntuk terus tak buwang, wong aku njaluk mung merga ngancani cewek. Ping pindhoné ya nalika karo mas boy iki. Sing iki arep tak wènèhaké novi sing naté pesen kon njalukaké tandha tangan artis.

16.4.07

ana kalané, urip nang ndonya internèt iku ya ana mélankolisé. upamané, aku isih nguripaké émail pisanan sing naté tak gawé ing netscape. émail kuwi katoné uga ora naté manèh kanggo surat2an karo sapa waé. wis suwé aku ora mampir rana lan tak tiliki jebul tampilané wis béda. aku gawé iki nalika pisanané kenal internèt ing koran surya. jaman taun 99 kuwi, wong sakgedhung mung wong papat sing sok dolanan internet. 3 seka desk internasional, lan aku (nalika kuwi nang dèsk kota). énaké émail iki kanggo apa ya? yèn arep kanggo chatting jané ya bisa, nanging wong indonesia ngendi sing migunakaké aol kanggo ngobrol? umumé ing kéné nganggoné yahoo.
garis mati ana telu:
* wigati banget (harus cepet nih bulan ini)
* wigati tenan (besok harus sudah kelar)
* wigatining wigati (kepalaku udah pusing nih, bantuin dong).

6.4.07

isuk

lunggah ing ngarep omah ngadhep taman. srengéngé mbranang sawisé nyunari jingglang. sinambi njajal communicator silihan sing nganggo symbian 9, aku kaya juragan sing gadget freak. dina iki aku kepengin foya2 dhisik marang wektuku sawisé seminggu wingi kakèhan patemon lan sawetara urusan bisnis. lan ing seminggu iki uga, aku nggulawentah bot (piranti alus kaya déné robot) lan nyetor ing wikipedia jawa luwih seka 1,5 ewu artikel rintisan. aku nyoba nguthak-uthek basa program perl sing jebul prasaja banget ing gnu linux/debian. bejo déné anita ora mlebu, dadiné aku bisa migunakaké mac os x sing wis ana perl kanthi baku. ing mac 9 pancèn ana macperl, nanging kurang nyaman. aku isih durung nemokaké cara supaya bisa masang perl ing mpw bèn bisa migunakaké cli (command line interface).

23.3.07

gawéyan kok kaya ora ana entèké. mlayu rana, mlayu réné. kanggo iseng2 aku nlusup2 manèh. sisan gawé nostalgia jaman mbiyèn, ing jagad sing sejatiné mung angka-angka binèr sing kasusun dadi matriks ing angka hèksadèsimal.

aku nemu sawijining server sing katoné duwèké script kiddies. seka panulusuran angka-angkané, server kuwi ana ing ankara, turki. isiné program-program sing mbiyèn sok tak nggo dolanan. saiki? trima waé, mac os 9 ora cocog kanggo tlusap-tlusup golèk sisik melik ora penting. ning yèn kolèksi? undhuh dhisik waé, sapa ngerti mengko bisa kanggo. wis, saiki kerja manèh, sadurungé cah2 artistik nesu2...

20.3.07

gara-gara éntuk virus komputer seka panggonan nyithak foto nang slipi jaya, aku dadi nguprek-uprek manèh kasenengan lawas. sewengi nguber2 virus kaya jaman kuliah. lan dina iki mau iseng tilik nang panggonan nongkrong tukang tlusap-tlusup internèt. ana sing pinter lan akèh sing mung lumrah waé kaprigelané.aku sok gumun karo wong-wong gedhé sirahé kaya ngono kuwi. hla wong mung bisa ngetik program prasaja waé kok kementhusé kaya burisrawa.

6.3.07

ing kabudayan jawa, nalika bayi lair ing ndonya, ana paseduluran sing rumaket dadi siji. lumrahe, prakara iki kasebut “ kakang kawah, adhi ari-ari.” kawah (banyu ketuban) iku dianggep kangmasé si jabang bayi, déné ari-ari iku adhiné sing bakal njaga mengkoné.












wong tuwa percaya, nalika bayi sok ngguya-ngguyu lan mrengut nalika dhéwékan iku dianggep lagi dikudang lan digodha déning sedulur ari-ari iku. ari-ari iku lumrahé dilebokaké ing kendhi (utawa kendhil) lan dipendhem ing ngarep omah. yèn wengi, ana pepadhang awujud senthir utawa lampu listrik. (kumpulan cerkak suwardi endraswara nyritakaké kepriyé sesambungané si kadang ari-ari lan manungsa nganti tekan dewasa).

nalika jingglang bar lair, aku niatku golèk lampu. nanging jebul malah luwih ribet. dadiné, aku malah tuku lampu sing sok kanggo camping. "adhiné" jingglang dipadhangi diyan cilik sing ora mati nalika angin ngreridhu.

pas wingi jingglang lara lan kudu dirawat nang rumah sakit, atiku bingung. lagi iki aku rumangsa yèn omongané kancaku bener. "anak lara iku marai angèl mikir." java jazz sing katon gumebyar iku ora digapé (lan bisa dirasakaké tenan nalika dina pungkasan, pas jingglang wis bali nang ngomah).

aku ora ngerti apa sing dipikiraké si kadang ari-ari nalika si jingglang lara. aku mung seneng bisa weruh jingglang manèh ing paturoné sing putih kaé.

21.2.07

dina wus ngancik abang. dalanan mesthiné wiwit ramé. aku lagi nyoba masang ati bisa nggarap gawéyan. aku kepéngin lèrèn sedhéla. aku kaya kentèkan ukara kanggo nerusaké apa sing kudu ditulis.

1.2.07

ésuk iki, taman ngarep kamar sepi. banyu njebembeng ing sadèngah papan. udan teka manèh nalika aku tekan halte. nyèwa payung, lan gegancangan mlebu kantor. pèjèt angka 26, suuuut tekan.

dina iki ngapa, ya? aku wis nggawa buku "bahasa kawi" (1967), katoné énak sinau basa kuna nalika udan nang ngendi2. mau weruh banjir sedhengkul nang ngarep atmajaya. dalan mung sasisih bisa diliwati.

ésuk2 maca e-mail. pawarta koran kompas manèh. saiki koméntaré liston siregar, wartawan bbc, "perusahaan atau pengusaha yang secara keuangan sehat tapi tidak mempunyai serikat buruh adalah perusahaan atau pengusaha yang sakit,"

liston siregar, wartawan, 1 februari 2007.


aku lagi ra mudheng arep nulis apa. nduwé usul?

17.1.07

ing kantor kebak kaca, banyu bening ing gelas transparan, aku nglaras rasa. aku ndeleng ing wikipédia jawa, meursault2004 ngamuk gandrung (iki istilahé dhèwèké nalika akèh posting kutha2 ing polandia) nulis akèh. aku lèrèn sik. ngleremké ati, ngoyak targèt gawéyan nalika kabèh wus numpuk kaya ngéné iki. sinambi nyunting tulisané cah-cah, aku ngrungokaké tembang2 jawa. iki playlisté:
- anglung sorèn - gatut saputra (tembang banyuwangi) - album layar kumendhung
- ayo sekolah - dian ar lan ayu agustina (tembang banyuwangi) - album layar kumendhung
- cep menenga - pipit yuniar (tembang banyuwangi) - album layar kumendhung
- gènjèr-gènjèr - lilis suryani (tembang banyuwangi) - ngundhuh seka milis basa jawa
- gendhing nènès jangkep - nyi tjondrolukito - album ladrang sri rahayu
- gendhing panglawet ganda - nyi tjondrolukito - album ladrang sri rahayu
- pripun - wuryanti - ngundhuh mbuh seka ngendi, lali aku.