23.3.07

gawéyan kok kaya ora ana entèké. mlayu rana, mlayu réné. kanggo iseng2 aku nlusup2 manèh. sisan gawé nostalgia jaman mbiyèn, ing jagad sing sejatiné mung angka-angka binèr sing kasusun dadi matriks ing angka hèksadèsimal.

aku nemu sawijining server sing katoné duwèké script kiddies. seka panulusuran angka-angkané, server kuwi ana ing ankara, turki. isiné program-program sing mbiyèn sok tak nggo dolanan. saiki? trima waé, mac os 9 ora cocog kanggo tlusap-tlusup golèk sisik melik ora penting. ning yèn kolèksi? undhuh dhisik waé, sapa ngerti mengko bisa kanggo. wis, saiki kerja manèh, sadurungé cah2 artistik nesu2...

20.3.07

gara-gara éntuk virus komputer seka panggonan nyithak foto nang slipi jaya, aku dadi nguprek-uprek manèh kasenengan lawas. sewengi nguber2 virus kaya jaman kuliah. lan dina iki mau iseng tilik nang panggonan nongkrong tukang tlusap-tlusup internèt. ana sing pinter lan akèh sing mung lumrah waé kaprigelané.aku sok gumun karo wong-wong gedhé sirahé kaya ngono kuwi. hla wong mung bisa ngetik program prasaja waé kok kementhusé kaya burisrawa.

6.3.07

ing kabudayan jawa, nalika bayi lair ing ndonya, ana paseduluran sing rumaket dadi siji. lumrahe, prakara iki kasebut “ kakang kawah, adhi ari-ari.” kawah (banyu ketuban) iku dianggep kangmasé si jabang bayi, déné ari-ari iku adhiné sing bakal njaga mengkoné.












wong tuwa percaya, nalika bayi sok ngguya-ngguyu lan mrengut nalika dhéwékan iku dianggep lagi dikudang lan digodha déning sedulur ari-ari iku. ari-ari iku lumrahé dilebokaké ing kendhi (utawa kendhil) lan dipendhem ing ngarep omah. yèn wengi, ana pepadhang awujud senthir utawa lampu listrik. (kumpulan cerkak suwardi endraswara nyritakaké kepriyé sesambungané si kadang ari-ari lan manungsa nganti tekan dewasa).

nalika jingglang bar lair, aku niatku golèk lampu. nanging jebul malah luwih ribet. dadiné, aku malah tuku lampu sing sok kanggo camping. "adhiné" jingglang dipadhangi diyan cilik sing ora mati nalika angin ngreridhu.

pas wingi jingglang lara lan kudu dirawat nang rumah sakit, atiku bingung. lagi iki aku rumangsa yèn omongané kancaku bener. "anak lara iku marai angèl mikir." java jazz sing katon gumebyar iku ora digapé (lan bisa dirasakaké tenan nalika dina pungkasan, pas jingglang wis bali nang ngomah).

aku ora ngerti apa sing dipikiraké si kadang ari-ari nalika si jingglang lara. aku mung seneng bisa weruh jingglang manèh ing paturoné sing putih kaé.