23.11.08

aku seneng swasana ésuk, apa manèh isih udan kaya dina iki. tetanduran jejogèdan kena angin. tak tiliki, wit timun sing isih bayi ana kang wis sekarat amarga kena udan. katoné kudu ndang dipindhah nang éyuban. sawisé udan rada lerem, wis wayahé mancal pit onthèl werna jingga. dalan teles. wit-wit padha klebus nanging ing parkiran wis mèh kebak. dhasaré dina senèn. dina senèn sing isih tetep padha. aku dhéwé ora ngerti dina iki arep ngapa kejaba jadwal rapat. rapat sing tak pikir tanpa guna.

10.11.08

langit peteng, gawéan ngampleng. pawarta ora jelas wira-wiri tanpa ngerti kudu ngapa. ing dina sing tambah peteng, ing pawarta tanpa marga lempeng.


7.11.08

aku keponthal-keponthal ngoyak wektu. kabèh wong kaya mlayu ngglandhang pengarep-arep.

untung isih ana tetanduran nang ngomah sing bisa ngancani thengak-thenguk. pancèn wit tomat ora bisa dijak gojegan. wit lombok mung meneng waé tanpa swara. sawi-sawi bisané mung ngrembuyung dhéwé.

cukup nyandhing kopi, rokok, lan radio. saben dina aku ketemu ésuk sing ora béda adoh.