22.12.08

"sekarang, XXXX sudah punya tas birkin," jaré kancaku. kanggo manungsa gagap mode, tas birkin kuwi ya mung tas. prèjèngané pancen luwih kinclong tinimbang tas seka goni utawa tas plastik sing umumé kanggo blanja ibu2 nang pasar. ora bisa lan katoné bakal ora gelem wong2 mau nggawa tas birkin menyang pasar. tasé bisa ngancik rega angka milyaran rupiah. sing murah2an bisa éntuk versi atusan èwu, gumantung seriné (seka a tekan z). nganggoné uga ora éntuk sawayah2. tas kuwi kudu dipangku, ora éntuk disèlèhaké sembarangan. nganggoné pas ésuk utawa soré. upama ana tas birkin kanggo lunga wayah wengi, iku artiné sing nduwé ora ngerti tata kramané tas sing sing wiwitané seka jane birkin.

aku naté takon karo mbak birkin iki. kanthi basa inggris plegak-pleguk, aku takon perkara tas sing dadi kondhang iki. mbak birkin katoné uga bosen nanggepi pitakonan bab tas. kayané, tasé kuwi blas ora bisa diumukaké.

piyé manèh, tas kuwi kadung kondhang ing antarané manungsa2 sing wacanané majalah fashion. sing jelas, palsuné akèh banget. naté, sawijining wong kondhang (nduwé butik, bojoné pengusaha production house) diunèk-unèkaké karo sawijining wong kondhang liyané (bintang sinétron, terkenal gara2 njupuk lakon sétan) amarga dikèi hadhiah tas birkin palsu.

banjur, perkarané apa nalika ana wong ngomong "sekarang xxxx sudah punya tas birkin"? tas kuwi larang tenan. paling ora, tas birkin siji bisa diijolake karo tas bottega-veneta telu. dadi, kemungkinané ana papat nalika ana wong wadon (utawa béncong) nduwé tas birkin:

  • sugih tenan

  • nduwé bojo wong sugih tenan

  • pacaran karo wong sugih tenan

  • utawa, dadi simpenané wong sugih tenan.

tanduran

mau bengi mestiné udan amarga godhong jeruk ing mburi omah katon teles. kembang méloné uga tambah akèh ésuk mau. sawetara ing ngarep, sawi cilik cedhak wit brambang katon luwih seger. saka cedhak katon yèn ana wiji cilik2. katon anèh amarga sawi ing mburi, dhuwuré kurang luwih telung kilan, durung naté ana wijiné. sawetara sing iki, sakilan waé ora ana. mrangguli tanduran ing wayah ésuk iku rasané nentremaké. swasanan isih gawé lejar ati lan godhong2 isih teles amarga embun utawa udan. ing wanci awan, godhong2 katon nglekentruk kaya wong kurang turu. ing soré, tetanduran kaya lagi tangi, lan nalika wayah wengi, tetanduran kuwi kaya lagi seger2é golèk hawa. ing antarané godhong2 kuwi, walang wis kaya kanca cedhak. yèn dicedhaki mung meneng ora nggapé. korbané jelas godhong2 kuwi dipangani kaya cemilan gratis. sing paling dadi favorit kanggo cemilan iku godhong bayem, timun, melon, tomat, lan lombok. malah asring wit2 bayem iku ora ngalami gedhé amarga entèk dipangan walang. nalika ngrembug perkara walang, iku kaya ngomongaké kéwan sithik. kamangka, ana akèh jinis walang sing kemliwer. ana sing soklat, ijo tuwa, lan ijo enom. sing jelas, tanduranku akèh-akèhé kepangan walang ijo kinclong cilik. walang isih dak anggep ora mbebayani. sing marai jèngkèl iku uler. naté, seminggu ditinggal mulih kampung, wit jeruk loro ing mburi padha kentèkan gondhong. sing ana mung kepompong tilas kupu. saliyané wit jeruk, korban liyané yaiku kembang ceplok piring ing ngarep. kuwi uga favorit uler. sing paling asring katon iku uler jaran (ana sunguné, werna soklat, wuluné ora rata).

11.12.08

wit bayem cilik-cilik ngancani ésuk iki. kopi, roti, lan swara radio. dina krasa nggawa prabawa ora kepénak. rasa tida-tida. kaladuk ora bisa uwal.