29.11.09

mbok bilih, kawula saged cecawis sekul abrit ingkang mitayani
ugi katresnan ingkang sundhul wiyati
kawula remen
déné, donya taksih mubeng ngganjret
kados gangsingan laré alit

24.11.09

udan riwis-riwis nang ngarep lawang. kamangka, subuh mau aku isih weruh clèrèt abang ing langit wétan. wit anggur sing isih bayi ing ngarep omah katoné bisa mèsem sumringah. aku? siap2 njajal jas udan anyar.

19.10.09

nalika proof reading kanggo buku kumpulan cerpèn dadi kangen nulis. aku lali, kapan pungkasan nulis dawa sing aku bisa seneng macané. aku lagi maca telung cerpèn. lan durung ana sing sreg lan bisa ngudar rasa. aku dhéwé ora mèlu pas pemilihané. aku mung dikon maca thok.

20.9.09

klambu

njupuki pepengetan sing nglari lempitan lawang. karonsih marang merang
lan trembesi. jamuran ing cedhak wit mlinjo sing ra ana tilase maneh

4.9.09

jebul, ndonya iki tansah beda didelok seka sawetara wektu sing wis lumaku.

30.5.09

nalika cilik, aku nganggep jeneng kuwi lumrah-lumrah waé. wong-wong ing désaku nyebut téla jéndral kanggo ubi kayu. panganan favorit sing digawe seka téla iki yaiku tapé. omahku durung naté nduwé téla jéndral. ing ngarep omah, mbiyèn, ana téla taun. iki kaya téla jéndral mung uripé bisa nganti taunan. rada gela nalika ngrasakaké téla taun iku ora énak. bapak nandur téla kuwi kanggo sesenengan, amarga sesandingan karo wit jeruk lan kembang nyonyah nginang.

sing bisa disenengi seka wit téla taun iki godhongé. jaman cilik, godhongé kanggo kitiran nang tangan. suwé2nan karo kanca-kanca. bisa uga kanggo kalung-kalungan, disesuwir gagangé lan godhongé disasakaké sithik.

ngomong-ngomong soal tapé, ing kutha jember (kuthané bojoku), sakdalan-dalan wong dodolan tapé karo suwar-suwir. panganan iki nyamleng kanggo wédangan.

wingènané, aku tuku téla jéndral rong kilo. lan, cukup nyamleng kanggo kanca wédangan wayah ésuk. jelas, ditambah gula jawa.

26.5.09

5.5.09

Mulih



“Lan aja mampir ing bar pisanan sing arep mbok liwati banjur mabuk ing kana,” ucap sing jaga pakunjaran nalika wong kuwi nutup jam sakuné lan nganggo cincin kawiné. Lagi iki, sawisé nem taun, dhèwèké ora mangsuli.


Ing jaba, mangsa panas mantheng. Warna-warni. Langit biru, wit-witan ijo, trèm-trèm kuning. Para wanita manèka warna, manuk-manuk tanpa aran.


Sakabèhané lan sapa waé didulu kanthi gorèh; élok temen déné ora ana sing nyerang.


Wong-wong sing biyèn ana pihak kana sing ngadoh saiki nyebrang kanggo nyalami lan nyekel tangané.


“Mitraku, aku krungu awakmu nandhang kahanan sing ora nyenengaké... percayaa, aku uga mèh waé gagal oncat.”


Saiki dhèwèké wis ora winates ing adat ireng-putih sing jelas kaya kapatrapaké ing pakunjaran.


Bojoné nggawa plesiran ing sawijining dina Minggu. Dhèwèké lan anak lanangé sing isih cilik. Anaké sing nalika kuwi lagi ngancik nem sasi saiki umuré wis mèh pitung taun.


Nalika mecaki dalan cilik ing alas, anaké matur,”Rama sing nuntun,” banjur matané dimeremaké. Bocah kuwi ngerti pratandha tangan ramané; luwih saka semenit dhèwèké mlaku, tanpa ndulu, ngilari watu-watu, pang-pang, ledrekan, mèloni tapakan. Banjur dhèwèké miyak matané lan ngucap,”Saiki aku sing nuntun, Rama.” Ramané merem lan nuruti anaké kurang luwih sepuluh langkah. Dhèwèké uga ngerti pratandha seka tangan anaké.


Banjur dhèwèké melèk, lan seka lirikan mata dhèwèké weruh èsem cilik ing lambé bojoné. Bojoné sadhar yèn dhèwèké lagi didelengi.


Langit biru, gegodhongan ijo, lan ngliwati sela-selaning gegodhongan iku cahya surya kandel lan padhang jingglang tumiba ing watu-watu, pang-pang, lan ledrekan.




alih basa 04/30/09


seka “Pulang” Árpád Göncz (Fuad Hassan)

29.4.09

wingi, dina sing kebak déning kahanan sial. cd telu (rega 8900 rupiyah) ilang tanpa guna amarga cd writer ngadhat. ngaksès liwat hp malah mung ilang pulsa thok. terus, nang warnèt ping 2 uga tanpa guna. server-é down. kabèh kok sarwa salah. bangkrut kana-kéné. katoné pancèn dikon kudu ndang golèk pagawéyan. ana lowongan?

14.4.09

6.4.09

untung mau mas njata nélpon. wis sawetara wektu iki aku ngilari yèn ana wong nélpon. kadhang, nalika ati lan pikiran wis ditata thirik-thirik, banjur ilang sakeplasan nalika ana wong nélpon.

mas njata arang nélpon aku. bisa diétung nganggo driji sikil. iki mau, nélpon. nomeré asing. tak angkat lan jebul mas njata. ora akèh sing dirembug. intiné uga wis ngerti. nanging béda. sakwisé tak pikir-pikir, aku banjur kèlingan ibu. ya, kaya ngono kuwi yèn ibu ngendika. rasa tidhem, ditata, lan dadi ketularan ayem. tetep waé béda. ibu kaya nduwé tentrem sing akèh (sadurungé kena stroke). aku ora ngerti, seka ngendi cara komunikasi kaya ngono kuwi. rembugan tanpa tembung. maknaning tembung ora bisa dilarah seka tembung sawantah (denotasi), nanging seka intonasi, playuné ukara, lan praupan. iku wis cukup. wis. saiki aku arep kerja manèh

5.4.09

ing dina sing sarwa kesel. jonggol lagi ketiban grimis riwis-riwis. niatku arep nerusaké pakaryan kudu wurung dhisik. katone durung ana palilah saka Gusti Kang Murbeng Dumadi. sirahku kecanthol kangen.

29.3.09

banyu udan tumètès.

“wis naté ngitung banyu udan?”
“aku durung édan.”

kembang ceplok piring goyang dangdut amarga angin.

“goyangané salah. kuwi tango, dudu sing tak ajarké wingi.” aku njajal nesu karo wit sing dhuwuré sakdengkul iku.
“kowé wingi ngajari apa? gambyong?” paraga kuwi nguntal cuwilan biskuit pungkasan.
“dudu, wingi tak ajari bambangan.”
“lah, bambangan karo sapa? kuwi tari sing butuh satria.”
“durung ana. satriané isih durung ketemu.”

kahanan kaya jam nem soré kamangka isih jam papat.

“aku kangen langit biru,” ujarku
“aku kangen langit biru semu ijo terus ana gambar pit onthel nang sela-selaning méga,”ujaré.
“émangé ana?”
“mulané kuwi aku kangen. aku ora arep kangen karo langit sing wis naté tak dulu.”

udan tambah deres.

“aku pamit.” dhèwèké nggedrig sikil kaping telu terus mabur tanpa nganggo jas udan. wiwit kapan dhèwèké bisa ajian pancasona kaya gatotkaca? embuh. muga-muga ora kesamber bledhèk. aku nggedrig sikil supaya ambles bumi kaya antasena. gagal. ngetik manèh waé.

9.3.09

ana rasa tentrem ing dina-dina iki. sawise ngliwati sewulan tanpa ngantor, aku isih nyoba dadi manungsa anyar. tanpa ngrasakaké jakarta sing sedina-dina macet. "hibernasi!" kuwi tembung sing tak ucapaké yèn ana wong takon. sedina-dina amung ngetik lan ngurusi tanduran. urip pas-pasan kanthi kanca radio. sing marai stress iku sambungan internet. aku krungu yèn ana tangga sing suksès masang internèt nganggo antena wajan. muga2 bisa.

5.2.09

dina2 iki lagi kakèan perkara. rasanya kaya keponthal2. sing marai gela, aku dadi kélangan wektu ora bisa teka nang kawinané mikael. jan, wektu pancèn ora bisa ditari
iki wis ngancik atusan dina nalika aku mlebu ing jagad iki. banjur, sakplesan, aku kaya kepingin mlayu.

18.1.09

jeng birkin II

sawijining dina, ana aktor terkenal plesiran menyang bali. ing sawijining panggonan, aktor iku ketemu sawijining pengacara (sing uga kondhang). kira2 obrolané kaya mangkéné. "ngapa nang kéné?" pitakoné aktor gantheng sing lagi laris iku. pengacara kriwil2 nganggo kacamata mau langsung mbukak tas gedhé. ing kono ana tas liyané sing akèh. iku tas-tas birkin palsu. "iki, lagi kulakan kanggo nyogok bojo2 hakim" he he he sori, isih isu sing padha: tas birkin.