30.5.09

nalika cilik, aku nganggep jeneng kuwi lumrah-lumrah waé. wong-wong ing désaku nyebut téla jéndral kanggo ubi kayu. panganan favorit sing digawe seka téla iki yaiku tapé. omahku durung naté nduwé téla jéndral. ing ngarep omah, mbiyèn, ana téla taun. iki kaya téla jéndral mung uripé bisa nganti taunan. rada gela nalika ngrasakaké téla taun iku ora énak. bapak nandur téla kuwi kanggo sesenengan, amarga sesandingan karo wit jeruk lan kembang nyonyah nginang.

sing bisa disenengi seka wit téla taun iki godhongé. jaman cilik, godhongé kanggo kitiran nang tangan. suwé2nan karo kanca-kanca. bisa uga kanggo kalung-kalungan, disesuwir gagangé lan godhongé disasakaké sithik.

ngomong-ngomong soal tapé, ing kutha jember (kuthané bojoku), sakdalan-dalan wong dodolan tapé karo suwar-suwir. panganan iki nyamleng kanggo wédangan.

wingènané, aku tuku téla jéndral rong kilo. lan, cukup nyamleng kanggo kanca wédangan wayah ésuk. jelas, ditambah gula jawa.

26.5.09

5.5.09

Mulih



“Lan aja mampir ing bar pisanan sing arep mbok liwati banjur mabuk ing kana,” ucap sing jaga pakunjaran nalika wong kuwi nutup jam sakuné lan nganggo cincin kawiné. Lagi iki, sawisé nem taun, dhèwèké ora mangsuli.


Ing jaba, mangsa panas mantheng. Warna-warni. Langit biru, wit-witan ijo, trèm-trèm kuning. Para wanita manèka warna, manuk-manuk tanpa aran.


Sakabèhané lan sapa waé didulu kanthi gorèh; élok temen déné ora ana sing nyerang.


Wong-wong sing biyèn ana pihak kana sing ngadoh saiki nyebrang kanggo nyalami lan nyekel tangané.


“Mitraku, aku krungu awakmu nandhang kahanan sing ora nyenengaké... percayaa, aku uga mèh waé gagal oncat.”


Saiki dhèwèké wis ora winates ing adat ireng-putih sing jelas kaya kapatrapaké ing pakunjaran.


Bojoné nggawa plesiran ing sawijining dina Minggu. Dhèwèké lan anak lanangé sing isih cilik. Anaké sing nalika kuwi lagi ngancik nem sasi saiki umuré wis mèh pitung taun.


Nalika mecaki dalan cilik ing alas, anaké matur,”Rama sing nuntun,” banjur matané dimeremaké. Bocah kuwi ngerti pratandha tangan ramané; luwih saka semenit dhèwèké mlaku, tanpa ndulu, ngilari watu-watu, pang-pang, ledrekan, mèloni tapakan. Banjur dhèwèké miyak matané lan ngucap,”Saiki aku sing nuntun, Rama.” Ramané merem lan nuruti anaké kurang luwih sepuluh langkah. Dhèwèké uga ngerti pratandha seka tangan anaké.


Banjur dhèwèké melèk, lan seka lirikan mata dhèwèké weruh èsem cilik ing lambé bojoné. Bojoné sadhar yèn dhèwèké lagi didelengi.


Langit biru, gegodhongan ijo, lan ngliwati sela-selaning gegodhongan iku cahya surya kandel lan padhang jingglang tumiba ing watu-watu, pang-pang, lan ledrekan.




alih basa 04/30/09


seka “Pulang” Árpád Göncz (Fuad Hassan)