14.11.10


métani tembung, utamané ing basa jawa lan melayu iku kaya dolanan wektu. kanggoné wong sing nganut kejawèn, asring dadi pétanan sing diterusaké dadi manéka warna crita lan malah dadi agama.

telu ing basa sangsekerta, telu iku tri, mèmper karo basa inggris three. ing basa jawa kuna asli, tembungé telu karo tiga. tembung iki uga dadi jalaran kanggo tembung tigan (endhog), sebabé endhog iku dumadi seka telung (3) matèri, yaiku cangkang, putih, lan kuning. telur iku uga dumadi seka telu. ing pewayangan, angka telu sing magepokan karo kapercayan disambungaké karo dumadiné bathara guru, togog, lan semar. déwa telu sing dumadi seka endhog. ing kitab purwacarita, dicritakaké yèn sanghyang tunggal dhaup karo dewi rekatawati. embuh piyé, sing baku sang déwi nglairaké endhog, dudu manungsa. amarga jèngkèl, endhog mau dibanting. cangkang dadi antaga (togog), putih dadi ismaya (semar), lan kuningé dadi manikmaya (bathara guru). manikmaya dadi rajaning déwa, antaga dadi pamilut para dur angkara, ismaya panggulawentah para ksatria.

gawé istilah pegawai iku rada anèh ing basa indonesia. tembung iki luwih cedhak karo basa jawa kuna. apa ana tembung gawai ing bausastra indonesia? ing basa jawa jelas ana, yaiku gawé. kaya déné gulai dadi gulé, ramai dadi ramé, semono uga, gawai iku dadi gawé. sejatiné, dudu gawai nanging gaway. dudu i nanging y. tembung2 sing nganggo y ing pungkasaning tembung iki lumrah ing basa jawa kuna. umpané: tamuy (tamu), wway (banyu:jawa; cai:sundha; air:melayu), wangkay (bangké:jawa, bangkai:melayu), gulay (arti ing basa jawa kuna yaiku manéka warna rempah2an), apuy (geni:jawa, api:melayu), raray (bocah), lan liya-liyané. tembung2 sing rada genit nganggo y iki isih ana ing basa osing. ana kalané, y uga tinemu ing tengah, dadiné kaya basa pocapan cah2 alay. upamané hyas (hias:melayu), mangulyat (menggeliat:melayu, ngulèt:jawa), syapa (sapa:jawa, siapa:melayu).

klangenan sejatiné, tembung iki mula bukané apik. nanging yèn panjenengan nginjen ing bausastra jawa saiki, klangenan iku bisa dimaknani slingkuhan. tembung iki jaman kunané yaiku kalangwan utawa kalangön. tembung linggané (kata dasar) yaiku "langö" utawa "langeu" (aksara "eu" iki isih ana ing basa sundha). ing basa bali dadi "langu." ing nyepi, salah sawijining sing diinggati yaiku "kalanguan". artiné ngilari apa sing dadi kasenengan. "langö” pancèn artiné kasenengan utawa kaéndahan. zoetmulder nganggo tembung iki kanggo nggambaraké sastra jawa kuna sing éndah. ing padinan jawa, klangenan iku artiné kasenengan, upamané manuk kutut, dolanan sing disenengi, lan uga slingkuhan. tembung linggané sing saiki yaiku “langen” sing artiné “seneng”. perkara klangenan iki bisa panjenengan waca ing panalitèn seka ui iki.

30.8.10


wis naté ngerti online game komputer sing jenengé nation states? aku wiwit dolanan nation states gara-gara ora kecanggah dolanan travian sing butuh wektu akèh. nation states ora kaya dolanan liyané. gawéyané max barry iki (penulis crita rékan ilmiyah) nggagas negara sing manut karepé awaké dhéwé. saben dina (setelanku) ana perkara (issue) sing kudu ditanggepi. tanggepan iku mengko sing dadi abang-biruné negara. negaraku jenengé jonggol. saiki wis mlebu urutan 16 ing tlatah The Land of Kingdom and Emperors kanthi sistem sing mèmper diktator lan campur bawur gak jelas ha ha ha .... ngrokok ora éntuk (kamangka aku ngrokok), wartawan salah nulis dipecat, tata basa iku penting, lambang kéwan nasional iku kadhal (lan dadi menu utama), dhuwité bénggol. pedunungé saiki ana 1.205 milyar wong.
aku isih durung sreg karo genderane. kanggo saiki, cukup kaya ngene wae.

22.8.10


mau, jagongan bareng nang plasa semanggi bareng pak pras, mas revo,lan bu kus. ndeleng buku2né mas révo marai ngiler. isiné buku2 kajian jawa klasik jaman majapahit. sing tambah ngiler, mau dhèwèké 'pamèr' disèrtasiné sing arep dicithak karo kpg. lan, ana manèh buku siji, yaiku terjemahan novèl 'the stranger' albert camus. halah, aku dhéwé isih durung rampung2 gawé terjemahan sauplik kaya ngono kaé. kanggo ngleremké pikir, tekan ngomah nyetel film lawas to kill mockingbird.

30.7.10

Alice wiwit krasa kesel, ngancani mbakyuné lungguhan ing pinggir kali, lan ora ana sing bisa dilakoni; sepisan pindho dhèwèké ngintip buku sing diwaca mbakyuné, nanging tanpa gambar utawa pirembugan sing katon, banjur apa gunané sawijining buku, Alice mikir, tanpa gambar lan pirembugan? Mula dhèwèké nimang pikiré dhéwé (sakecandhaké mikir ing dina sing panas njalari ngantuk lan pekok,) apa gawé kalung kembang iku layak karo résiko methiki kembang, nalika sawijining trewèlu mata abang enom mlayu nyedhaki.

Ora ana sing nengsemaké semono uga Alice mikir yèn iki ora lumrah nalika trewèlu iku nyuwara "dhuh, aku mestiné telat banget!" (nalika wis kedadèn, alice lagi rumangsa sak mestiné dhèwèké éram, nanging nalika isih kedadèn kok katoné lumrah waé); nanging naika trewèlu tenanan njupuk jam seka sak rompi, ndelengaké kanthi premana, banjur kesusu, Alice gagé gumrégah, sak nalika iku kepikiran yèn dhèwèké durung naté weruh sawijining trewèlu kanthi rompi utawa jam sing ana ing njeroné, lan kanthi kebak rasa penasaran, dhèwèké gagé nyebrang kebonan, lan weruh ana rong trewèlu gedhé ing sangisor pager. Nalika mluncat medhun, Alice ora nggagas babar blas piyé carané metu seka ndonya kuwi.

27.7.10

dadi tukang sunting tulisan kuwi gak nyaman nalika ketemu frase2 basi utawa sesora (slogan) sing mestiné males krunguné. aku ngira, sing nulis sesora2 klasik mau lagi (utawa tansah) males mikiraké tembung sing trap lan cekli. rumangsané sing maca ora bosen? lah kuwi lak kaya wong lagi cures atiné terus dikandhani: "ndonya iki amba", "durung jodhoné", "ora susah nglokro."
upamané:

  • "life begin at 20/30/40/50" (gak logis, gak mboys)

  • "bagaimana tidak" (aku ora naté nganggep frase iki kerèn)

  • "pink/red/whatevercolor is a new black" (raimu ireng?)

  • "bla bla bla dalam satu genggaman" (frase basi kanggo nulis tèknologi télpon)

  • "beatilicious & plèsèdan kamiinggrisen liyané - (gak kreatif, nunut imajinasiné wong liya)

  • "yellow/trunk/pak dhé is back" - (salahé dhéwé mèlu trèn, diapusi tukang rancang)

  • lan liya-liyané

8.7.10

nyoba nulis sawetara pelukis indonesia ing wikipedia jawa. gara-gara kudu nulis perkara senirupa ing majalah, dadiné, gelem ora gelem kudu srawung karo menungsa2 kuwi. ing kantor, gambaran2 seka pelukis kondhang sumebar ing sadengah papan.
gambar2 kuwi larang. mesthiné. lan tetep waé aku ora mudheng perkara2 kaya ngéné iki. corat-coret lan kabèh sarwa kebak wadi. kanggo pelukis kondhang, layar putih kosong sing durung ana corètan babar blas kejaba tapak asma pelukis, wis bisa dibayar larang. kabèh sarwa ngéramaké.
udakara sepasar kepungkur, aku teka nang pamèran lukisan sing nampilaké lukisan2 seka pelukis2 kondhang indonesia seka sadengah jaman. apa sing bisa dimangertèni seka gambar2 kuwi? aku ora ngerti. apa sing bisa diculik dadi crita? kuwi sing mbok menawa bisa nyenengké ati.
"pelukis kuwi kudu pinter," jaréné sawijining kolèktor lan juragan galèri. aku rada mlenggong nalika krungu. priyayi kuwi ndelengaké aku kanthi premana. dhèwèké banjur crita dawa lan aku tetep ora bisa mudheng.
ing crita liya, ana pelukis sing banjur banting stir dadi calo lukisan. tembung 'calo lukisan' iki pancèn kasar lan ora trap karo sing ditulis ing kertu jeneng. nanging, yèn niaté pancèn dodolan, dadi panggonan kanggo dumadiné karya sing dijupuk seka pesenan, tak pikir tembung 'calo lukisan' iku pas.

3.7.10

aku dhéwé wis lali kapan pungkasan ngganti template (cangkang) blog iki. sak jané kurang puas.

17.6.10

èntuk rekaman pangkur jengglèng seka kolèksiné indah. guyonané basiyo ki marai ngèkèk, mung pancèn ora bisa lucu yèn diterjemahaké nang basa liya. aku ya gak yakin indah bisa ngguyu ngrongakaké basiyo. lah wong nèk mung ditulis waé ya gak lucu, kudu ngerti intonasiné.

6.6.10

jadwal dina iki: ketemu karo buruh negri.
status: diganti dadi sesuk.

jadwal dina iki: chatting karo juragan swasta.
status: gak jelas.

jadwal dina iki: ngrampungake tulisan ngenani utek.
status: kurang bahan.

jadwal dina iki: ora ngisi blog.
status: garing.

4.6.10

ana sawetara wong kejawèn sing tak kenal. yèn ngrembug kejawèn, aja terus dikira agamané iku kejawèn. iki perkara kapercayan lan ora winates ing siji-sijining agama. lan kaya dalané para wayang, wong2 mau mesti nduwé crita sing béda. saben wong kaya nduwé kitab dhéwé2.

31.5.10

iseng mlebu nang api code yahoo, jebul ana yahoobatlle. siap?

  • cicak vs buaya - sing menang buaya! 1,570,031 vs 2,400,038

  • cecak vs baya - sing menang baya! 111,000 vs 11,501,410

  • love vs hate - sing menang love! 2,147,483,647 vs 826,015,599

  • israel vs palestine - sing menang israel! 1,160,086,739 vs 177,004,621

  • yahoo vs google - curang! imbang!

  • lebay vs alay - total lebay! 1,230,021,263 vs 3,080,058

  • bos vs karyawan - jelas bos! 81,302,277 vs 6,860,072

11.5.10

jakarta tambah suwé tambah njelêhi. aku ra ngerti nganti bisa tekan
kapan tetep waras jiwa.

19.4.10

kabèh kok sarwa kebeneran. dongaku kaya diijabahi dening Gusti Allah kanthi prasaja. ora ana sing ngayawara. esuk iki, aku lumaku kanthi ati sing digawé tentrem. aku kepingin sesandhingan karo manuk emprit sing sok mencok ing wit-witan sandhing kali. aku dedi kelingan marang pak sarwanto, rowang ing pinggir kali.
“kaya newu kitab,” ujare pak sarwanto nalika bubar sholat. priyayi iki seneng banget disilihi buku ringgit purwa sing matikel-tikel jilid.
“durung bar macané, lagi tekan kaca .....” yak! katon banget yèn wis ora uwal tembung jawané. yèn cah saiki mesthiné bingung ana tembung ”kaca” ing kéné. lumrahé dijarwakaké dadi “mirror” yèn in basa inggris. kamangka, iki artiné “page.” ora merga umuk-umukan nganggo basa inggris. priyayi lulusan sekolah rakyat iki kadhang ya sok ngajak ngobrol nganggo basa inggris.
wingi soré, bojoku bisa girang gumuyu éntuk panènan seka kebon pinggir kali. tela pendhem.

12.4.10

sigrak temen ndonya iki nalika nonton tv utama midangetaké kahanan saka lembaran koran. nanging, nalika wong-wong wis mlebu omahé dhéwé2, apa ya tetep bisa sigrak kaya nalika ketemu para juru warta.

wus tahunan aku ketemu karo manungsa2 sing regeng dadi bahan warta. wus tahunan uga aku nyeksèni wong-wong kuwi mung dolanan ukara. semono uga aku.

29.3.10

langit njaba wis peteng kawit mau. mendhung. suntingan gaweyan isih akeh lan rasane kaya tanpa kendhat.
sapa sing isih maca blog iki? rasane kok aku dhewe wis lali yen nduwe blog iki.

16.2.10

kangen tilik blog iki. aku uga kangen marang tulisan-tulisan sing bisa ngleremaké ati. sawisé makarya manèh ing jagad tulisan ha-ha hi-hi. sing dirembung mung perkara sosialita golèk pengalem; blaka suta, aku kangen karo dina-dina nalika sengkud menthelengi angka lan sintaksis php lan actionscript. aku uga kangen bisa kanthi rena maca buku-buku jawa. kaya kapang sing ngganjel lawang panganti. kori tetep binuka lan nunggu nawala.

5.1.10

ngrungokaké albumé tika, rasané kuping kaya ditéror
ngrungokaké lagu ‘sebuah obsesi’ marai kèlingan jaman smp. kelingan yudi, eko, gatot, gufron, irwan, janan, lan liya-liyané.
sawijining dina, aku karo gufron mbolos sekolah. smp-ku kuwi nang èrèng- èrèng menorèh. mlaku adoh ngiwati punuk gumuk (bukit) banyak angkrem lan tekan wewengkon purworejo. yèn aku ménggok ngiwa, bakal tekan kulon progo. déné aku karo gufron milih ngiwa. nalika tekan pucuk, aku seneng banget merga radioku nangkep frekuensi akèh banget. nganti tekan sma, aku nandi2 nggawa radio.