27.7.12

20.6.12

jadwal acarané sing mengko nang ustrali wis tekan. katoné padhet. rada aras2en mangkat nyang melbourne. nanging, aku pengin uga ketemu salju (haiyah, ndesané kebukak). ngomong2 masalah ndesa, pas dina senèn wingi aku nemu kembang semboja kelopak enem. tekan kantor, dak pamèraké karo mas sius. aku isih kelingan. jaman mbiyèn, nalika ing saréyan (kuburan), aku asring golèk kembang semboja kelopak enem. umumé, kembang semboja iku kelopaké lima. cah-cah - lan uga aku - padha ndèlèhaké kelopak mau ana ing buku. jaréné bèn pinter. kanyatané? blas ora nyambung.

5.6.12

bar nemu tulisan seka majalah kejawèn terbitan balé pustaka (taun 1935): Tiwas dening anggènipun tapa. Ing dhusun Kagokên, bawah asistèn wêdana Gatak, Surakarta, wontên tiyang kalih kakang adhi, sami anakipun kapala dhusun Kagokan. Sadhèrèk ingkang sêpuh cariyos badhe tapa mêndhêm, adhinipun ingkang kapurih mêndhêm, sakawit botên purun, nanging sarèhning dipun pêksa, inggih dipun pituruti. Enjingipun pêndhêmanipun dipun tuwèni, pinanggih taksih gêsang, nanging ingkang wontên pêndhêman nalika sumêrêp dipun tuwèni malah muring-muring, gadhah panêdha sampun dipun tuwèni malih. Wusana sanès dintên ing ingriku wontên ganda botên eca, sakawit dipun kintên bathang tikus. Sarêng wontên sagawon ngêmbus-êmbus dhatêng papan pêndhêman, adhinipun sawêg èngêt, pêndhêman lajêng kadhudhuk, kakangipun pinanggih sampun pêjah. Miturut papriksan doktêr, pêjahipun jalaran kêplêpêgên.

20.5.12

sambel tomat

parkir utek dhisik. sawisé nyunting tulisan2 basa indonesa kesuntik jargon2 inggris, rasané perlu lerem ing antarane larikan basa jawa. sinambi mangan marning pedhes olèh2é weny seka surabaya. perkara pedhes2an, aku dadi kelingan jaman nang pesantrèn. seminggu mulih pindho. mulih ing tengah minggu iku kanggo njupuk sambel racikané ibu. gandhèng wis kangen tenan karo sambel trasi versi ibu kuwi, setu wingi aku nyoba gawé. lunga menyang pasar, blanja lombok abang, godhong salam, gula klapa, tomat, lan trasi. ora persis, mung mirip. sambelé ibu luwih legi. racikané digodhog dhisik. versiku, tak gorèng waè. gula jawané luwih akèh. bojoku sing biasané mèlu nganggo sambel ijo gawéyanku, rong dina wingi ketoké kurang minat ha ha ha ha. wis lumrahé dadi wong gunung, aku luwih seneng panganan legi, klebu sambel sing sak mesthiné pedhes.

3.5.12

wah, jebul blogger saiki rada minimalis. aku arep nyoba aktif maneh

5.1.12

warung kopi ngarep kantor iku dadi cangkurkan saben soré (lan uga awan). wong-wong ngobrol ora jelas, ngalor ngidul, ngétan ngulon, munggah mudhun. nah, ana kalané, obrolané ngancik tekan crita dolanan jaman cilik. playon ing antarané udan, pedhang2an nganggo manggar, prosotan nganggo mancung, gawé gèthèk seka debog, tulup2an, bèkel, lan sapunanggalané.
cah2 sing gedhé ana kutha sok gumun. "emang itu masih ada? aku dengernya dari bokap kalau cerita tahun 40-an."
rada anyel njawabé. pikiré wong kuwi, critané kaya jaman laskar pelangi waé. nanging kanyatané pancèn mangkono. yèn wayah udan ngéné iki, wong2 tuwa padha wanti2 supaya ora dolan menyang kali. wedi banjir mengko klelep nang kedhung. kanyatané, wong2 tuwa kuwi ya ora digugu ujarané lah wong banyu kali lagi kebak2é lan mesthiné nyenengaké y`en ora pas wayah udan. yèn pas dolan nang kali, sakliyané dolanan pasir uga golèk urang. ngepasi pas supit (sunat), biasané cah2 padha pépé manuk ing watu2 panas. rasané gatel2 piyé. halah