ana kalane urip kuwi kaya diwalik-walik. mula aku rada ra setuju yen mung nggagas samubarang mung nganggo utek thok thil. kadang pancen logis. kaya nalika newton ndeleng apel tiba lan ngomongke gravitasi. nanging ana uga sing ndeleng kanti relatif, kaya einstein lan derida. whitehead, ngelokke intuisi kanggo ndeleng samubarang. ranggawarsita nganggo wening. lan ana uga sing ora kejamah nalar lumrah, kaya wong-wong sing mumpet nang guwa kahfi.
awan kuwi, aku kesusu ana janji marang sakwijining pejabat. wektu mepet banget. gelem ra gelem aku kudu numpak taksi. taksi abang tak stop ing ngarep halte cedhak melania megaria. sing nyopir katon lesu kanti praupan sing padha karo langit dina iki. mendung nyoret angkasat.
taksi perisai bangsa kuwi mlaku mbelah jakarta. kutha sing tak anggep ora nduwe isin. jarene, betawi kuwi sejarahe seka ukara mambet (mambu) tai. nalika kuwi sultan agung nyerang kompeni ing kawasan iki. lan kanggo srana beteng ben walanda ora wani nyedhak, prejurit mataram ngising nandi-nandi. sak engga landa ora wani nyedak amarga jijik. mula diarani mambet tai, lan banjur kawentar dadi betawi. embuh bener mbuh ora. nanging kutha iki pancen kaya tai. paling ora yen nonton tingkah polahe menungsa ing kene. seka terminal tekan panggonan wong nganggo jas larang.
ora. aku ora arep ngomongke yen sopir taksi mau tai. nanging, paraga saka cirebon mau curhat nasib keluargane. anakke papat. deweke nyewa kontrakan ing kawasan slipi kanti ragad 180 ewu sewulan.aku ora mbayangke kaya ngapa panggonane. jarene mung diwatesi tripleks. sing marakke ati trenyuh, anakke sing mbarep, sing sekolah nang smu 35 cedak wisma benhil, wis seminggu ora sekolah. bocah kuwi sluntrut wae. turu nang mesjid lan lagi mulih yen bar adzan subuh. deweke ora entuk sekolah amarga durung mbayar duwit sekolah nem wulan. jumlahe 800 ewu. kamangka sedela maneh lulus. sopir taksi sing yen nang ngomah turu ing njaba kuwi ngaku ora duwe duwit.
deweke wis nyoba nekani sekolah lan ngedol kipas angin siji-sijine. di dol payu 80 ewu. nanging sekolah tetep ngeyel yen kudu mbayar 800 ewu. surat katrangan seka rt/rw ora dianggep. mbayar utawa minggat !
sopir iki wis nyoba golek gawean kanggo anake. sapa ngerti isa dinggo panglipur sepaning ati. nanging, jebul tetep kudu nggawa duwit. contone dadi tukang koran. ben isa dadi tukang koran kudu mbayar jaminan.
aku ra mudheng kudu ngapa. isaku mung nyoba dadi panggonan pangudarasa. kadhang nanggepi, nanging ra wani nyaranke. uripku, jebule luwih entheng. paling ora saiki.
wengine, aku nonton wong maca puisi. kaya biasane, sikilku mung dilandesi sandal ban ireng lan kaos kang uga ireng. clana jins kumel tak tekuk amarga kedawan. aku mlebu ing galeri cemara 6 rada rangu-rangu. akeh wong nganggo jas, lan ing parkiran katon sedan kedutaan perancis ngaling-alingi dalan. wong-wong sing mambu wangi. parfum kang mungkin luwih larang tinimbang ragad sekolah nem sasi anak sopir taksi mau. aku krasa kere banget.
daerah menteng wengi kuwi udan, nanging katon wong-wong sumringah. wong-wong sing lagi ngrayake wulan puisi sak ndonya, istilah kerenne le printemps des poetes.
aku isih kamitengenen nalika dorothea rosa herliany maca pusi sing pungkasan, santa rosa,1
tapi aku letih bermimpi
rumah ini sempit dan kotor.
jikapun harapan itu tiba,
ia hanyalah segumpal waktu yang sia-sia