desa kuwi jenenge srikuwe. panggonane ing mburi candhi mendut. jaman isih cilik, aku kepranan marang latar-latar sing amba, kebon ing ngendi-ngendi, lan banyu kang bening. rasane kaya tentrem adhem. nanging, jarene masku, urip ing kene iku panas. dudu panas amarga alam, nanging amarga urip tetanggan kang tansah saingan.
yen pas lebaran, dolan ing kene kaya kudu nekani wong sakampung. saben mlaku ing ndalan utawa mampir ing sawijining omah, wong-wong wis bisa ngira sapa aku. aku ora nate urip ing panggonan iki. nanging wong-wong tuwa apal marang raiku kang memper karo ibuku. “iki mesthi anake marliyah.”
jarene, praupane ibuku nurun marang aku, masku sing nomer siji lan mbakyuku nomer lima. aku asring ngancani ibu menyang pasar, ketemu karo kanca-kancane ibuku. yen dolan menyang pasar rejowinangun, magelang, ibuku kaya lagi nganaake reuni. aku seneng ambune pasar. pas isih sma, aku sok dolan menyang pasar kuwi sing mung 300 meter seka sekolahan. ora tuku apa2, paling yen pas ana dhuwit aku tuku buku bekas utawa kaset-kaset lawas. mesthi wae, tanpa ibuku.
nalika cilik, aku asring nangis yen tangi turu ora ana ibu ing sandhingku. aku kaya dikhianati. aku kaya kebuang. aku wedi kelangan.
esuk iki, aku kaya kebuang. aku ora nangis kaya jaman mbiyen. tembang samudana wis wola-wali keprungu, mbok menawa wis ping telu. banjur ana telpon seka mas yanto. luh kaya wus ing pucuk idep. aku ora arep nangis, nanging banyu ora bisa dicandhet. aku arep ndonga wae, muga-muga ibu ora suwe nang rumah sakit...