17.9.03

dina kang pungkasan ? muga wae ora. amarga aku isih kepingin dolan rene. menungsa kang sableng ngumpul nang kene. ngrungoake kelakuan wong-wong kang kawogan ngurus ing negara uga ana ing gedung iki.

14.9.03

awak lagi kere malah dijak dolan. radha males, nanging aku paling susah nolak ajakan kanca. dadine, malem setu aku ngancani kancaku kliling kutha kang sarap iki. pisanan nongkrong nang warung apresiasi, ngobrol ra karuan sinambi nonton pengamen kang lagi manggung. "aku arep mulih nang jogja wae, ra nduwe duit," omongane si erwin, pegawe kono. "gue dapet 21 ribu," pengamen cilik seka sd kreo ngomong bangga.

bar kuwi, nongkrong nang cedhak blok m plaza, mangan soto lan gojekan karo cah-cah kono. ngrungoake gitarane bakul teh botol kang nyanyi "jaiman." bar kuwi malah nyanyi2 sholawatan jawa.

bosen. niatku mulih, wis ngantuk. nanging perkara mlaku-mlaku durung rampung. kancaku crita pijet susu lan samubarang bisnis seks liyane. kendaraan mlaku nuju jakarta kulon. mlebu ing wilayah esek-esek. mbuh ngapa, aku tansah gumun marang polah tingkahe menungsa2 wengi kaya ngene iki. apa maneh yen lagi fly, kelakuane luwih lucu tinimbang nonton gogon ethok2 ndlosor amarga salah lungguh.

"nomer 84 kuwi ayu," celatune kancaku. mataku nuju angka digital ing sak wijining saka. lagi ngeh yen ana layar kuwi. "sing ayu liyane?," takonku. "nomer 88 apik, susune gedhe," dheweke mrenges.

swara bising lan panggonang kang sempit marakke aku males suwe2 nang njero. ndasku ra isa dijak kompromi, aku tetep ora isa nikmati kahanan kaya ngene iki. mendhing minggat lan nongkrong ing warung ngarepan. nang kono crita masalah jurnalistik.

pas mulih, ana ribut2. "emang kenapa lu?," wong kang nganggo jaket sing padha karo kulite, ireng, nuding2. katone mabuk. wong kuwi ditahan dening kanca-kancane lan sekuriti kono. (jarene kancaku, sekuriti kene dijaga dening satpam ing kantore mbiyen, grup media paling gedhe ing indonesia). ing sisih liyane, cedhak lawang mlebu-metu, wong enom rambut cepak katon muring2. "saya ini sersan mayor,masa dibentak2 anak kemarin sore!"

ahad wingi, pas lagi sante nonton tv (aku durung mesti nonton tv sewulan pisan), reza teka. dheweke ngajak dolan-dolan bareng karo bobo. pisanane nang tiok, ra ana wonge. diteruske nang ngajak komet nang kos-kosane. bar kuwi minggat nang pejaten. nang kono ngobrol karo amin, imung, lan jojo. bosen nang kono, pindah nang kos-kosane deddy, kang banjur teka si rudi. isine dolanan ps karo mangan mi ayam.

bar kuwi minggat nang plaza senayan (kaya cah abg !). mubeng-mubeng ra karuan lan akhire nongkrong nang food court. lan bejane, aku ditraktir jojo.

aku mulih diterke rudi. niatku turu, ben lali, yen duitku kari 50 ewu.


saben dina aku mecaki gang iki, dalan karet karya pitu. ing pojok gang, ana wong tuwa kang asring dak sapa. aku ra ngerti jenenge. ing ngarep warunge, dheweke tansah lungguh, mbuh awan mbuh bengi. kadang ana wong liya kang ngancani, cangkrukan ana ing kursi kayu dhawa. sak wetara kuwi, ing ngarepkosku, wong-wong liyane uga dadi patemoning wong-wong ing gang kono. ana warung liyane kang dodol panganan lan kabutuhan padinan. aku jarang melu nongkrong. kadhang wong-wong kuwi lungguhan lan gojekan nganti jam 10. Mbuh ngapa, kok gojekanne ora nang pos kamling kang jarake watara 10 jangkah.

12 jangkah seka pos kamling, ngarah nuju dalan rasuna said, ana warung janganan kanggo sarapan. iki uga panggonan kanggo kumpul2. nanging luwih asring ibu-ibu kang ngrumpi macem-macem. ibu-ibu kuwi, kadang njupuk panggonan ing pojok gang nuju mesjid.

pas ing cedhak mesjid, ana grombolan liyane seka keluarga kang manggon nang kono. yen liwat gang kuwi kadhang kudu miringke awak, amrga uga dadi pawon wong-wong kono. mula, irung kudhu siap nampa pengambon panganan.

omah-omah ing gang iki rata2 cilik. ora kabeh nduweni omah2 kuwi, amarga akeh kang ngontrak utawa kos. yen nilik sukune: ana padang, betawi, jawa, batak, sunda, lan medura. setaun aku urip nang kene, durung ana dredah kang gedhe, paling wong padhu antarane anak lan ibune, utawa urusan bale somah liyane.

ing desake, sak kere-kere wong, mesti nduwe omah. sak kere-kerene ya kontrak, kang panggonane wiyar. lan aku yakin, ora ana wong mati kaliren. bnanging, yen golek omah kang apik magrong-magrong radha angel, sarwa prasaja lan sak cukupe wae. uga ora ana dalan kang kudhu miringke awak, utawa pawon ing dhalan utawa njaba omah (kejaba yen lagi ana wong nduwe gawe mantenan).

12.9.03

kopi kang pait iki dudu critaku dina iki. sak wise wingi ngrampungke tulisan kanggo koran tempo edisi minggu (virus komputer karo selebritas penyiar radio), gawean dina iki radha sante. rampung ? isih durung, amarga ana gawean seka kantor anyar lan pesenan freelance. dadi, anggep wae nunda stress. kamangka proyekku pribadi durung rampung.

1.9.03

aku ora miwiti dina kanti "september ceria" ala vina panduwinata. esuk iki aku dikanti teh gopek (kirimane renny dicampur jas-jus, cookies (iki panganan, dudu file komputer), campur sari, lan php.

dina iki, aku mung wawancara karo "menteri ketombe" ing istana wakil presiden. dheweke ngomong masalah papua lan verifikasi partai. menteri sing jarene sonya kompas iki "menteri yang ingin dianggap paling pintar" kuwi isih wae durung berubah.

cukup rong berita, lan aku wis males kerja. apa maneh entuk sms seka yuyu: wis.. seadanya aja. gak ngaruh lg buat masa dpnmu. bikin mangkel tempo itu adaknikmatan sdiri om :p. terus si dewi uga sms:plg k kos aja ang tidur! ntar sore br k ktr rapat.

trus aku mulih nang kos, nyetel radio pas lagu "september ceria"

26.8.03

aku mbiyen sok mbayangke, gajine jenderal-jenderal sing sok madon, main, lan mabuk nang hotel-hotel kuwi gajine radha lumayan. paling ora, setingkat gaji redaktur bidang. jebule, kok ya selevel reporter.

aku mau iseng mbukak lembaran-lembaran keppres. gayane golek data, ning mung iseng ndeleng gaji. amarga ana keppres masalah gaji pns, tentara, lan polisi. jebule gaji pokok jenderal marsekal utawa laksamana kuwi, yen nurut keppres sing anyar, mung rp 1.808.500 seka undak-undakan rp 1.479.000. yen maune rp 1.519.00 dadi rp 1.853.700. gajine mung kacek sithik thok karo gajine mbakyuku sing dadi guru sd. nanging, uripe bedha banget. sak wetara kuwi, gaji prajurit dua mung rp 600.000.

nalika isih liputan nang polisi mbiyen, aku nate dicritani karo sak wijining polisi, pangkate komisaris besar (selevel kolonel). ndheweke ngaku, yen nalika dadi kepala bagian sim (tukang gawe ijin numpak motor/mobil), ora nate njupuk gaji. etungane, gajine resmine kuwi mung sithik banget mula ora nate dijupuk. yen nilik gajine, pancen ora akeh. da'i bachtiar sing dadi kapolri kae, gaji pokoke mung rp 1.721.000. mestine yen entuk tunjangan kana-kene sing akeh. nanging tetep wae, aku yakin jumlahe isih kalah karo redakturku.

14.8.03

aksara jawa kuwi matine amarga kena pangkon. sastrawan jawa ? mbuh aku ra ngerti. nanging senen paing wingi esmiet wus tinimbalan dening Gusti Allah.

11.8.03

mau bengi ngrungoake wayang seka radio. lakone jaman narayana lan permadi golek bojo. sing ndalang ki hadisugito. aku dadi kelingan jaman cilik biyen. aku biyen males sinau. mula bijine elek. terus bapakku swargi nggawe crita judule narayana maling putri. kawit kuwi aku bisa maca lan nulis. semono uga nalika aku ra isa maca tulisan jawa. bapak uga nulis crita wayang nganggo tulisan jawa. kawit kuwi, masalah pelajaran basa indonesia lan basa jawa, aku entuk biji paling apik nang sd.

3.8.03





mulih seka kampung, lan bali maneh ing jakarta kang panas. ora ana pedhut ing kene, lan ora ana kolah kang isine kaya banyu es.

cuti wingi mlaku-mlaku menyang semarang, wonosobo, jogja, lan mesti wae magelang. tuku buku loro: berguru pada sastrawan dunia lan totto-chan. maca totto-chan dadi kelingan jaman cilikku kang nakal. iki crita-crita nakalku:

- nyemplungke kucing nang sumur
- ngedusi pitik nang jeding nganti mati
- ngobong pawon
- nguyuhi sepupuku seka nduwur jendela
- mbalang kancaku nganggo watu sak kepel, pas sirah
- nuthukke mercon nang kancane masku
- nyuwek-nyuwek buku lan nugelke garisan kancaku

ing sd, aku dikenal nakal banget. aku bebas ngapa wae nang kelas. mlaku-mlaku sak kepenake. amarga yen aku ngamuk, kelasku dadi mulih gasik amarga kelase semrawut. meja lan kursi pating slengkrah ora nggenah. sing wani nyeneni aku mung bu sus (kepala sekolah). bar ngamuk, yen kelas ora kadung bubrah, biasane aku digawa menyang perpustakaan. nang kono aku bisa meneng amarga akeh wacan.

ngamukku mari nalika ngacik kelas papat. nalika kuwi ana guru basa jawa, jenenge pak darto. wonge seneng dongeng. crita apa wae, nanging akeh2e crita wayang. bar kuwi, aku diwulang bu wati, anake pak darto. uga seneng dongeng. kawit kuwi aku ora ngamuk nang sekolah maneh.

23.7.03

bar padu karo smita notosusanto. asline aku dikon nambahi tulisan karo qoris masalah penelitian ing inggris. peneltian kuwi nyebutke yen feminisme wis ora ngetren nang inggris amarga konotasine negatif.

aku yakin yen dheweke mesti nyalahke aku, amarga aku seka tempo lan wong lanang. mula tak tambahi sisan hasil skripsiku biyen masalah majalah wong wadon kang malah ngukuhe stigma gender kang bedha. bar kuwi tambah rame maneh. ora wawancara malah dadi kerah.

pas ngobrol karo qoris, yen tempo ora disenengi feminis, dheweke malah nantang,"gimana kalau kita bikin bertengkar sekalian?". aku sih santai-santai wae. saranku siji thok,"ganti aja kata perempuan menjadi wanita, mereka akan marah."

aku ra mudeng, ngapa feminis-feminis mau dadi kereng banget yen karo wong lanang. ana uga wong lanang kang uga ndukung feminisme. aku wis nate krungu sakwijining wong lanang kang kerja ing jurnal perempuan. wong gawanane gadis arivia mau disengiti karo sakwetara feminis. alesane sederhana,"laki-laki tidak mungkin jadi feminis dan mendukung perjuangan perempuan."

kaya dene ing agama. wong-wong kang sangar kaya imam samudra lan sak kanca ora bakal bisa nyiarke islam. wong2 wis wedi sik. bedha yen lakune kanti alus lan ora ngajak kerah. wonge sing diajak padhu mesti bakal mlayu utawa nglawan terus.

-----

bedha crita. rong dina kepungkur aku melu pembukaan festival budaya jakarta. ana sing menarik, yaiku acara sohibul hikayat. dadi ana wong kang dongeng. wektu kuwi jenenge sing ndongeng sofian. critane masalah asal-usul ondel-ondel. crita masalah putri harsini siti lan tajul aripin. sak lawase iki aku ora nggatekke yen patung ondel2 kuwi aneh. amarga sing wadon elek lan sing lanang bagus. jebule asale seka crita iki.

20.7.03

lagu: aja lamis
 
aja sok gampang dadi wong manis yen to amung lamis,
becik aluwung prasaja nimas ora agawe cuwa,

tansah ngugemi tresnamu wingi jebul amung lamis
kaya ngenteni thukuling jamur ing mangsa ketiga,

aku iki pra sasat lara tan antuk jampi,

mbok aja amung lamis, kang uwis dadine banjur dhidhis (isin),

akeh tuladha kang demen cidra uripe rekasa,
milih sawiji endi kang suci tanggung bisa mukti

13.7.03

1. miwiti tulisan iki nalika tembang "kasih tak sampai" wis meh bubar.

2. henponku ilang meneh. tuku meneh? duit durung ana. nyolong ? ra tega.

3. ngimpi meneh. sliramu teka nalika udan. katon cuek marang banyu kang tumetes nelesi dastermu. tanpa akeh wicara, teka ing sak wijining omah. omah, sing aku dhewe ra ngerti duweke sapa. aku ana ing kono, ing ngarepan. lan aku tambah bingung, sliramu ujug2 dadi kucing.

4. pernah melihat cahaya yang keluar dari sarana ketidakadaan rindu?
seperti itulah mungkin ketika malam-malam di beranda, mengelus pipimu, lalu melangkah keluar.
untuk yang terakhir
untuk yang terakhir

(seka catetan lawas ing blog liya)

8.7.03

wingi mlaku2 nang salon rudy hadisuwarno, takon masalah nyambung rambut. artis2 kaya kris dayanti, agnes monica, elma theana, lan bella saphira wis nate nyambung rambut. ngerti regane ? watara 2-5 juta. pancen larang, amarga 20 rambut ukuran 16 inci wae regane ngancik sekitar 600 ewu. yen nggo tuku pecel lenggananku isa entuk 150 pincuk.

mungkin murah kanggone artis2 mau. agnes wingi bar ngetokke 1,5 miliar mung kanggo pesta ulang taun kaping 17. duwit semono akehe kuwi iso nggo tuku 50 ewu rambut utawa 10 ewu domain dot com. yen dirunut pancen radha masuk akal ngapa larang. amarga rambut rata2 mung tambah dawa 0,5 inci per wulanne. dadi ben isa nganti 16 inci butuh wektu 32 wulan, utawa luwih seka 2,5 taun.

sak lembar rambut, uga isa kanggo tuku 10 kupon asuransi kematian utawa kuis ok, sing dipandegani dening departemen sosial. yen wis tuku terus mati kecelakaan ing wektu 7 dina, entuk duwit kang isa nggo tuku 166 rambut.
kawit esuk, ngisor mataku sebelah kiwa keduten. ngapa ya?

7.7.03

sdsb arep ana meneh ? ora ! nanging mirip. si gemblung bachtiar chamsyah wis neken persetujuanne dina iki.

4.7.03

lagi maca cariyos dewi sri. kualitas bahasane elek, kasar. apa maneh akeh guru wilangan sing salah. bener kandane zoetmulder, kualitas sastra jawa ing periode tengahan elek. katone luwih enak maca serat ringgit purwa sing durung rampung tak waca.

1.7.03

gawean radha mendha, lan aku ana wektu maneh kanggo dolan2. lan, apa maneh yen ora nonton jazz gratisan. wong2 kang prigel dolanan swara kaya ora winates dening kahanan.

nalika nonton the jooana toivanen trio (joona toivanen, tapani toivanen, lan olavi louhivouri) seka finlandia, aku gumun tenan. ing ngatase isih cah sekolahan nanging mainne ngedab-edabi tenan. apa maneh pemain drume sing tak anggep linuwih, lan uga pianone. bayangke wae, seka drum isa metu swara-swara banyu, angin, wong baris, utawa suara lumrah liyane. eksplorasine tenanan.

liya dina, nonton the bill heid trio seka amerika. grup sing anggotane bill heid patrick o'leary, lan michael petrosino iki mainke jazz dasar. campuran mainstream lan blues, nanging menurutku, luwih kenthel blues-e. grup iki diselingi jam session karo adam baidych seka polandia. kanti mainke biola listrik, mainne uga ora nguciwani. ora kethung nang kuping radha aneh amarga baidych mainke fussion sing nggelar modernitas ing antarane swara seka jaman kepungkur.

lan mau bengi, soesja citroen, berend van de berg, ruud ouwehand, lan joost kesselaar. maine radha ngepop, campuran michael frank karo patti austin. nanging lumayan isa improvisasi, dadi jazze isih katon. sing rada kaget nalika dheweke nyanyi lagu sing wis suwe tenan aku ra krungu. lan kok ya isa-isane aku krungu seka wong bule seka landa iki. syaire kaya ngene ::

dhondhong apa salak
duku cilik-cilik
ngendhong apa pundhak
mlaku timik-timik

adik nderek ibu
tindhak menyang pasar
ora pareng nangis, ora pareng rewel
mengko ibu mesti mundut oleh-oleh
kacang karo roti
adik diparingi
rizal ramli setiawan jody metu seka panitia kerja sukhoi dpr. wong loro kuwi nolak yen rapat dianake tertutup. pingine rapat kabuka kanggo sapa wae."sehingga penjelasan kami diketahui publik," jarene ramli.

masalah pesawat sukhoi pancen rada sensitif. kasus iki digawe kanggo mojoake megawati seka kursi presiden. mula ora aneh yen rapat digawe tertutup. manut sakwijining katrangan seka kancaku sing kerja ing bappenas, rapat tertutup biasane dienggo wong2 dpr kanggo njaluk duit. dadi nang kono anggota dpr isa tawa-tawa masalah rega ben cangkeme mingkem. njaluke uga kanthi terang-terangan tanpa tedeng aling-aling.

nanging yen nurut teori konspirasi - kang lumrah dienggo analisis media - rizal lan jody kuwi bagean wong-wong sing kepingin nyerang. ing rapat kuwi, effendy choirie (pkb), happy bone zulkarnaen (golkar), ahmad sumargono (pbb) lan djoko susilo (reformasi) kepingine rapat terbuka. dadi ngerti dewe, sapa sing main ing kene.

ing media dhewe, ora kabeh media mbiwaraake masalah iki. ana sakwetara media gedhe kang ora gelem ngliput, utawa nulis mung sak cuwil thok. alasane ? ngerti dhewe.

ngomong2, grup media indonesia lan metrotv lagi dikei kaos kang ana tulisanne "surya paloh for president". kampungan tenan. aku guyon ngomong karo kancaku supaya gawe kaos tulisan "bhm for prisoner."
i'm in ravenclaw!

be sorted @ nimbo.net

29.6.03

nganggo kalung nang kantor, dikomentari. wis tak kira. kalung sing ngekei wahyu kang lagi wae mulih seka aceh. dek jumat bengi aku, komang, wahyu, yuyu, andi, karo dewi nongkrong nang kafe pasir putih kemang. wong2 padha ndelokke aku amarga nongkrong nang kafe nganggo klambi koko. ngobrol ra nggenah, mangan ra nggenah, lan wong2 ra nggenah.

24.6.03

bar nulis ttg harry potter. rencanane sesuk sak halaman digawe versi daily prophet. sing ngrancang si khoiri karo eko

23.6.03

aku sok gumun marang wong2 kang ngrancang situse nganggo tableless (alias tanpa tabel). amarga terus mlayune nganggo tag div sing asring ora cocok dibuka nganggo browser sak liyane internet explorer. yen dibuka, asring banget situse dadi semrawut, apa maneh yen nganggo iframe. kadang error
nalika prapañca nganggit nãgarakrtãgama, dheweke dadi dharmadhyaksa. jabatan kang mirip karo menteri agama ing jaman saiki. aku nganggep kitab iki kaya catetan jurnalistik kang crita negara majapahit nalika kapimpin dening rãjasanagara. apa kang ditulis mesti wae sing apik2.

ora kaya kakawin liyane, nãgarakrtãgama ora crita masalah mahabarata utawa ramayana. kapetung radha nyleneh yen nitik kabiasan jaman kuwi. naskah iki ditemoake ing lombok.

kuwi crita lawas, nalika kawi (pujangga) kudhu nurut omongane raja kang nyekel kuasa. kabeh kudhu manut apa kang digariske negara. basane uga basa kraton, kang ora lumrah diucapke ing padinan rakyat biasa. mula asring, basa kuno kang dienggo ing kakawin sinebut basa kawi.

ing jaman jawa tengahan, sak wijining pujangga nate nulis serat wicara keras (yen ora salah yasadipura). ora kaya kitab liyane, pujangga iki nulis nganggo basa ngoko. mesti wae akhire serat iki ora dadi misuwur amarga ora nurut kabudayan 'adiluhung' kang asring digembar-gemborake priyayi ing kraton.

jaman wus lumingsir adoh, lan tulisan kang kudhu nurut garising negara isih tetep ana. wartawan-wartawan lagi rame ngomongke pesene tentara. istilah kerene 'jurnalistik patriotik'. wartawan kang ngliput ing aceh ora entuk mbiwaraake omongane gam."kamu wartawan gam atau wartawan tni? kalau wartawan gam, jangan tanya-tanya gua deh!," ngono kuwi conthongane pejabat tni.

geblege, wartawan senior rosihan anwar malah mbela tentara. alesane, wartawan kudhu mbela negarane, kudhu patriotik kaya jaman nalika dheweke nglawan landha mbiyen. "kode etik, bagi saya dalam hal ini tai kucing," jarene.

sing paling rame ing kantor, nalika kanca-kancaku nate dipriksa gara-gara warta kang kapacak ing koran tempo. wong-wong mau dianggep ngelek-ngelek tentara amarga masalah wong-wong aceh kang ditembak mati. wartawan2 mau dianggep salah. nglawan negara. lan akhir-2 iki wong2 padha ngobrolke masalah dandhy dwi laksono. produser sctv iki dipecat sak wise nyiarake korban dom (daerah operasi militer). tujuanne siaran mau jan-janne becik, ngelingke tentara ben ora mbaleni kesalahane dek biyen.

terus, apa wartawan kudhu mbaleni jaman majapahit lan mataram ? ing amerika, jurnalisme patriotik kawentar nalika ana prastawa ii september kang ngancurke gedung wtc. contone geraldo rivera. wartawan fox news channel iki ngliput ing afganistan. dheweke tansah nggawa pistol, alesane kanggo jaga-jaga. nanging, yen ketemu usamah bin ladin, rivera ngaku arep nembak wong kuwi tinimbang diwawancarai.

yen ditarik ulur memburi, randolph hearst wis miwiti manipulasi ing abad akhir 19 dheweke akon karyawane gawe manipulasi gambar ilustrasi ing kuba, ben pembacane ngira yen kuba tenang-tenang wae..

dadi, aja percaya ngono wae marang warta. sapa ngerti awakmu diapusi !!!

salut kanggo komang

10.6.03

megatruh

kagiring niat supe branta lan gandrung
nyulik jurit-jurit sepi
nganggit pangangen ing dalu
nyangking gurit kadya kawi
nanging tyas rangu sumedhot

apa sliramu bisa cinandran tugu
kang lugu urip ing ratri
nunggu ing nawala watu
ngaras rasa ing prasasti
nglali nglari tanpa songsong

niatku angubur kang sinubya kalbu
ngobong kertas banjur lali
minggat ngadoh mbuang tatu
ben kabeh ditinggal mburi
sasat tanpa menga-mengo

(ahad wingi)
wan, piye kabare ? ana masalah ora ? ibu kok ngimpi ktmu kowe? kabar magelang apik2 bae. bls skr juga.

-sms seka magelang-

7.6.03

jam ngancik jam 12 luwih, aku wus nenggak banyu akeh. 2 gelas susu, sebotol fruit tea, 1 teh botol, setengah mug kopi, lan saiki lagi ngadep secangkir teh.

6.6.03

2 redaktur senior new york times mundur. howell raines (60) lan gerald boyd (52) mundur seka koran kang umure wis 152 taun mau amarga polah tingkahe jayson blair. blair ngaku nulis berita-berita sing salah, lan malah-malah dadi plagiat. malah, nate departemen kehakiman protes amarga salah ngutip omongane pejabat.

kuwi ing amerika. ing surat kabar kang wus antuk 7 penghargaan pulitzer. ing kene? aja takon, kedadean kaya sing dilakoni blair kuwi asring dilakoni juru warta kene.

wartawan-wartawan males, asring teka awan, lan banjur takon karo cah-cah sregep tangi gasik. persis kaya nalika sekolah mbiyen, takon pr. wong-wong mau mung nurun wae apa sing wis direkam dening wartawan liya. istilahe, kloning.

apa maneh saiki akeh wartawan radio lan online, sing mestine mburu berita luwih cepet. wartawan2 males mau mung copy paste wae seka internet. aja ngira yen iki dilakoni wartawan media ecek2. koran2 gedhe uga nglakoni kaya ngene. malah asring banget.

kadang kebiasaan kaya ngene dadi guyon. sak wijining wartawan media online telat teka. gage-gage takon, apa ana sing kliwat. cah-cah ngekei rekaman, terus lunga mangan. wartawan mau langsung laporan nang kantor banjur diupload. berita sing salah, amarga rekaman mau mung obrolane cah-cah sing memba-memba dadi narasumber. cah-cah padha ngakak ngerti yen berita mau wis ana ing internet. berita kang ngawur.

4.6.03

radio lagi acara kuliah subuh nalika aku tangi. sholat, terus ngrokok. aku paling bingung yen ing wayah esuk. jan-janne kepingin kaya mustafa sing rajin nulis ing wayah esuk, rong jam dheweke nulis. arep neruske maca buku isih males. akhire gawe susu coklat kanggo mbarengi mangan roti tawar. perse
diaan coklat wus tak entekke wingi.


ngancik jam sanga, aku kelingan isih ana cd sing durung tak tonton. film zhou yu's train. lagi dong yen sing main jebule tony leung Ka-fai lan gong li. gurit lan endahing swasana yunan kaya nyawiji. ayuning gong li sumunar kairing kaendahaning alam kang katon seka jendela sepur.


crita ing film iki jan-janne ora cocok karo kahanan atiku. ngomongke wong kasmaran, sastrawan sing lagi kepranan. aku dadi kelingan mpu panuluh ing hariwangsa. kakawin kang dianggit sastrawan jaman pemerintahan kediri iki nyritaake putri kang lagi sedih ing pinggir sendhang. sak wijining manuk nyedhak.banjur takon. jebule sang putri lagi sedih amarga pepujaning atine lagi lunga adoh, suwe, tanpa pamit.

manuk mau banjur janji nggoleki lan nemu kekasihing sang putri mau. wong mau banjur crita yen dheweke lagi lunga adoh mung arep gawe puisi, sak wijining kakawin. akhire, dheweke gelem mulih.

critane pancen lumrah banget. ing manggala (pambuka) kakawin mau, panuluh ngaku yen lagi ajar nulis. lan nalika dipamerke gurune, dheweke nesu. gurune ngajar panuluh, nanging ditangkis nganggo kayu (barang sing lumrahe kanggo nulis kakawin ing jaman kuwi). gurune nganggep kakawine elek. nanging wektu lumaku, lan panuluh pinercaya ngrampungku karyane mpu sedah kang durung rampung, yaiku bharatayuda.

30.5.03

tangi kawanen, mau bengi keasiken dolanan delphi. jam wus liwat angka 10. ah, mau ngimpi disun dian sastro. gara-gara sak durunge turu bagja nelpon takon nomer telepone cah ayu iki. wingine aku ngimpi ketemu ibu lan mbak trie. pokoke lagi musim ngimpi apik.

neruske maca buku kakangwan-zoetmoelder, banjur adus. bar kuwi lunga sik nang cedhak pasar festival, njahitke sandal sing wis jebol. ora nganti limang menit rampung, aku munggah numpak s620. kopajane mlaku kanti alon tekan blok m. disambung numpak s608 jurusan tanah abang. tumben, dina iki ora ana wong ngamen.

dina kang lumrah. sholat jumat, mangan nang cedhak pasar kebayoran lama, maca koran, lan menthelengi komputer. pas maca sak wijining blog, aku nemu 2 paragraf kang persis kaya sing tak tulis kanggo edisi 29 mei. pancen ora ditulis sumber tulisane seka koran tempo, malah ngelink nang situs liya. ra penting, berarti ana sing maca tulisanku. kuwi wus cukup.

iki mau dikon nulis kafe nggo box. pas rampung nulis 2 deskripsi kafe (yu kitchen&bar lan caswell's) jebule ra sidha. yo wis nganggur. aku digaji kon nganggur. kaya dene rong dina kepungkur. tulisanku wis dadi suwi kanggo edisi wingi. mula tinimbang nganggur aku melu mbak maya karo dewi nang caswell's. nonton barista lomba gawe kopi. 12 menit 9 kopi. cepet ya? kopine enak2. kabeh seka jenis arabica. ana mesin espresso manual ing pojok. aku nggawa mulih java jampit. kopine wangi. dadi pingin dugem. ana sing pingin melu ?

28.5.03

cinakot jangganya pegat
gandariya semana wus ngemasi
sang prabu sentanu dulu
kang putra wus palastra
sigra nyandhak senjata wau sang prabu
purusada nyamber inggal
sentanu tinubruk aglis


(pangkur, serat kandhaning ringgit purwa pupuh ciii)

tangi turu awak seger. nglirik komputer banjur kelingan. mau bengi nginstal openoffice.org durung rampung. ngeklik sedela terus sholat. dina kang rada males. garapan kantor wis tak garap wingi. tinimbang nganggur aku mlaku-mlaku nonton pameran. pisanan nang pameran komputer ing jhcc terus pameran buku nang senayan.

26.5.03

ina sutinah, cah wadon umur 12 taun, lagi mlangkah nuju mcdonald's ing gajah mada plaza, jakarta kulon. ina lagi nunggu bis, nalika mimis nembus jantunge. cerita durung rampung. pelor liyane nembus sirahe eli nganti tekan tenggorakane. umure lagi 3,5 taun. ibune, mela, kang lagi nggendong uga kena gegere. mela lan eli, nalika kuwi lagi mlaku-mlaku ngrasake hawa sore ing kebon jeruk. maklum, lagi wae adus.

ngerti sing nembak ? jenenge brigadir satu budi, anggota reserse kriminal kepolisian resort jakarta kulon. jam ngancik wektu 16.00. sore kuwi, nem polisi lagi ngoyak bandar narkoba inng jalan kebon jeruk x. rencanane arep nggrebeg transaksi kang jumlahe 5 juta. nalika lagi ngindik-indik, ana sing mbengok sero,"awas polisi!". durjana loro sing lagi transaksi mlayu. polisi nembak, nanging ngawur. malah mateni bocah cilik loro mau. penjahate sing kecekel mung siji thok, liyane mlayu kanti sikil gobras getih kena mimis.

22.5.03

puluhan pisuhan :
1. asem
2. asu
3. babi
4. bajindul
5. bajingan
6. bedhes
7. cangkemmu
8. celeng
9. cocotmu
10. cokormu
11. congrormu
12. dancuk
13. dapurmu
14. dengkulmu mlocot
15. diamput
16. edan
17. gathel
18. gebleg
19. gemblung
20. gembrik
21. gendeng
22. gundulmu
23. jangkrik
24. jembut kriting
25. kake'ane
26. kemplu
27. kenthir
28. kethek
29. kirik
30. konthol (lan sak jenise)
31. lambemu
32. lonthe
33. matamu
34. mbahmu
35. mbladus
36. mrongos
37. ndasmu
38. ndladuk
39. ndlogok
40. nggambleh
41. nggenggek
42. pekok
43. pethuk
44. po'o
45. raimu
46. sableng
47. sapi
48. sarap
49. semprul
50. tai
51. telo
52. untumu
53. wedhus
54. wudhelmu

yen ana tambahan, kandani ya?

19.5.03


simpel, ngirit kain lan katon peteng. cocok kanggo sing sikile ora mbesisik lan ora ana panune nang pundak. sayang, wudele ora kethok. ora cocok nggo blanja nang pasar, ngrusak konsentrasi
desainer - calvin klein
model - Karolina Kurkova
Fall 2003 Ready-to-Wear

18.5.03

awakku rasane lemes. ngantuk. wis rong minggu gak jogging, mau meksa kemaki kliling2 rada adoh. dadine kemringet tenan...nanging sehat (ra ketung ra duwe duit)

13.5.03

gara-gara nggarap ijen sak halaman, wingi rada mumet. nanging awan mau, entuk telpon seka ibu sing anake kena autis. jebule kok ya diwaca.

sing jan-janne rada deg-degan masalah mode. aku biasane nolak nggarap. bingung banget nulis mode kuwi, ora ketung jan-janne mung 2-3 ukara thok. eh, redakturku (sing dina iki mlebu) malah njaluk maneh aku nulis 'nggo ngisi mode sesuk. ngerti sing tak tulis wingi ? ngene ukarane "
koleksi : nicola finneti
merah menyala dengan bahu terbuka. ceria, kekanak-kanakan, dan menggoda

7.5.03

jenenge a*****. umure ngancik 23 taun. jan-jane yen dideleng sekolahe rada keren. paling ora isa ngira lan cubriya marang kang bakal kedaden. nanging jenenge nasib kadang ora bisa dibedhek. dheweke kuliah ing unpas, bandung. nanging amarga kurang duit, dheweke gelem wae ditawari gawean nang malaysia. nanging nalika teka batam, jebule mung didol dening tanggane, sing nawari gawean mau. ana 1,5 taun dheweke kerja karo germo. jarene, kanggo nutup utang tanggane sing 2 juta.

wanita asal cimahi iki krasa nggrantes, lan asring nangis. nanging tetep wae, jenenge germo, ora ngagas blas. nganti sakwijining dina ana operasi seka pemerentah kang direwangi jurnal perempuan. dheweke isa ucul. nanging masalah durung rampung. nalika mulih, omahe wis ora ana. wis didol, lan jarene bapake wus seda. kanti rasa nggrantes, direwangi karo wong jurnal perempuan, dheweke nggoleki ibune. akhire ketemu ing pinggir sawah. ibune sing nyewa gubuk ing pinggir sawah kuwi seneng banget. amarga dikira wis mati. nangig ana masalah liya, ibune wis nunggak rong wulan sewa gubuk sing mung 20 ewu rupiah per wulan.

bisnis dol tinuku (trafficking) iki pancen ngeram-erami tenan. ing catetane pbb, asia tenggara kuwi paling gede jumlahe. sayang, ora ana jumlah sing pesthi amarga mlebu bisnis rahasia.akeh-akehe sing didol wong wadon lan bocah cilik. wong indonesia biasane didol nang australia, taiwan, hongkong, lan malaysia. indonesia mung ana perjanjian bilateral karo australia. kuwi ya amarga kasus abu quassey taun kepungkur. nalika aku takon karo menteri kesehatan, deweke mung kandha," sedang dipersiapkan." jawaban kaya ngene iki artine,"durung digagas."

trafficking uga durung diakomodir ing undang-undang. anane lagi ing draft, lan durung mlebu ing tangan presiden, apa maneh dpr. ing undang-undang perlindungan anak pancen ana. yaiku ing pasal 82 lan 83. nanging polisi ora mudheng. polisi apale mung kuhp, sing jan-janne wis lawas lan pantese dibuang nang sampah. sakwijining wartawan cilik seka makassar nate takon karo presiden masalah undang-undang iki. jawabe ibu gendut mau gaul banget. mung tiga kata (kaya lagune caffeine) lan ukarane kaya lagune ratu"baik-baik saja." (?)
(oleh-oleh seka dolan-dolan patang dina)

2.5.03

maca tulisanku "perang di pelataran parkir" kok rasane ampang. ndlujur ngono wae tanpa plot sing apik. artikel iki kaya ra duwe rasa. samubarang paragraf nyawiji tanpa parisuka lan reja.

isih lumayan pas nulis "paus dan cappuccino." sayang tulisanku iki sempat diprotes. dianggep nyinggung wong katolik.

wis telung minggu iki awak rasane kesel pikiran. ora ana dina tanpa nang kantor. piye? arep ngancani aku menthelengi komputer?

23.4.03

binaragawan
onok binaragawan terkenal duwe nadzar lek menang pertandhingan kate topo mbisu telung ndino.
gak nyongko temenan menang pertandhingan ndhok thailand/bangkok.
tekan omah, mbokne seneng banget mergo anake menang. saking suenenge arep
masak roti pisang, nanging gak duwe bahane. terus kongkonan bocah iku "le,
tulung tukokno endhog sekilo, susu seliter ambek pisang sepuluh iji"
anake mung manggut-manggut wong isih topo mbisu, blas langsung mangkat
nanggon warung sebelahe.
tekan warung bocahe bingung arep nembung kepiye wong topo mbisu, wedi batal.
akhire si bocah duwe akal njuk nuduhke lengene, sing duwe warung langsung
ngerti jarene "endhog sekilo yo...", mari  ngono njuk nuduhke teteke, sing duwe warung yo langsung ngerti,jarene :"susu yo le...", bareng arep nembung pisang si bocah bingung, akhire ketemu akal
njuk mlotrokake kathoke, nuduhke anune.
lah sing duwe warung bingung batine "arek iki kate gawe opo, kok pesen
endhog, susu ambek cabe kriting?"

liburan
ono bocah diajak wong tuane tamasya menyang pantai kutha bali. bapake
mlaku-mlaku dhewe, anake dolanan banyu laut. ujug-ujug anake mlayu marani
ibune karo ngomong "bu, bu aku mau weruh wong wedok-wedok sing dhodhone
luwih montok timbangane ibu"
ibune mangsuli "sssttt tak kandhani le, soyo tambah montok, wong wedok kuwi
soyo tambah goblog !"
anake balik dolanan banyu maneh. let sedhelo anake marani ibune maneh karo
takon "bu, bu aku mau weruh wong lanang-lanang kok anune luwih gedhe
timbangane duweke bapak ?"
ibune mangsuli "tak kandhani le, soyo tambah gedhe anune wong lanang kuwi
soyo tambah goblog !"
anake balik maneh dolanan. let sedhelo anake mlayu marani ibune karo ngomong
"bu, bu, bu, aku lagi wae weruh bapak ngobrol karo wong wedok sing paling
goblog, soyo suwe ngobrol, bapak soyo tambah goblog, goblog, goblog..."

ngglathak
marno lagi wae nggowo ponakane seko ndeso. sawijining ndino marno ngajak
ponakane kondangan. dasar ponakane wong ndeso mulo panganan opo wae disikat.
tekan ngomah ponakane takon:
ponakan: "pak lik, roti sing cilik-cilik mau roti opo ?"
marno: "sing cilik-cilik koyo opo to?"
ponakan: "iku lho sing koyo dimik rek rasane koyo kayu"
marno: "lho iku dudu roti, iku kanggo sogok untu le"

walikan
saman karo simin lagi podho bedhekan.
saman: "min gaweo ukoro yen diwolak-walik olehe moco unine ora malih"
simin: "ah gampang........ kasur ini rusak"
saman: "lho iku kan bahasa indonesia, sing boso jowo piye?"
simin: "embuh ah gak ngerti"
saman: "pak kadim midak kap"

21.4.03

sinau basa jawa ? aku entuk iki seka milis

1. yes mother dont do that: Yo mbok ojo ngono..
2. your head: enDas mu..
3. your eyes: Matamu...
4. your bald head: GUNDUL MU !!
5. your knees falling down: Dengkulmu anjlog !!
6. your bellybutton on fire: Udhelmu kobong !!
7. your auntie's money: duwite mbokdemu tah ?
8. your grandfather money: Duwite mBahmu !!
9. your auntie teach you about that ? mbokdemu sing ngajari yoo??
10.your mother goalkeeper: makmu kiper ...
11.like that yes like that but don't be like that : ngono yo ngono ning ojo ngono
12. my body is not delicious today = awakku lagi gak enak.
13.your face far away : raimu adoh
14.your lips: lambemu
 
Kata2 tambahan terpopuler :
a. your bellybutton turn up : udelmu bodong
b. your head smell gum benzoin : nDhasmu mambu menyan
c. cricket !!! : jangkrik/diancuk
d. your head was blown = ndasmu njeblug
e. your eyes blind = matamu picak
f. wanna eat your head : Tak kletak ndasmu !

17.4.03

yen manut edonline.com, aku cocok dadi wartawan. iki hasile :

according to this survey you are a creative type person.
individuals with high artistic scores and interests are often sensitive, emotional, unconventional in outlook, and have a great need for self-expression. they may be reluctant to assert their opinions or capabilities except through their art. this type of person scores higher on originality than any other type.


gawean sing cocok :

architecture, art, foreign languages, english, journalism, literature, music, theater, graphic design, interior design, photography, fashion illustration, public relations, advertising


yen pingin njajal nang kene
ana grimis esuk iki, nanging mung sedela. ana susu, coklat, lan roti ngancani banyu tletik-tletik kang ora niat medun saka langit. ancasane aku mbacutke nulis naskah sing suwe ora tak jamah maneh, kawit 3 bab ilang goro-goro salah nyimpen. mbaleni maneh pangangen kuwi, nanging macet durung nganti sak kaca.

aku dhewe isih bingung marang plote, kabeh isih kabur tanpa arahan sing jelas. mbuh, karo mlaku. dadi ra dadi sing penting usaha. apa amaneh gawean lagi numpuk durung tak garap. kahananku saiki lagi nyoba nylaraske utek karo gawean. maklum, sak wise ngurusi hukum kok menggok adoh nang liputan sing alusan ngene. enak, merga isa nulis bebas lan diwenehi kebebasan luwih. isa nulis tanpa akeh disunting.

iki kutipane:

Lelakonku dudu lelakonmu
samburang ambyuh ing jagade dhewe-dhewe
ngulandara ya muspra
cinandet rasa kang nyangking tatu
iki dudu wayah kang becik
kanggo ngingu lara lapa

yen katresnan jinja lan cidra
lelakonku dudu lelakonmu
nyawijia mring lakon enggal
lan
mungkur ing pangangen. iku pinesthi
kudu kalakon tanpa pinenggak maneh

eling mring kapangmu ?
kuwi dudu kapangku
maneh.
eling mring asmara dahanaku ?
kuwi dudu dahanamu

sapa sing cidra sapa sing jinja
iku dudu kapesthen
nanging arasaning werna ratri
kang karajut dening kahanan

nanging branta kebacut bosok
nanahen lan ora bakal pulih
suwek jantungku !
beleh atiku !
aku wus bosen nyidra impen.

sliramu dudu banowati
aku dudu janaka
pijer iki impen kang kudu kasimpen
tinanding lakonmu, lakonku

rikala branta
njawil ati maneh
njupuka 'rek jres
bus...
kobong dadi ireng thuntheng

eling nalika tangan kumlawe ngaras rambutmu ?
utawa lambe kang nyawiji
tukar rasa
nyambung kangen
ing pucuking lambe ?

lambeku
lambemu
wus
kobong

16.4.03

garapan, kuwi kadang mung sok wedi awale wae. kamangka ya wus lumayan suwe nyambut gawe ngene, nanging kadang isih rangu-rangu arep mlangkah. lan iki mau lagi wae rampung garapanku, sakwise wawancara karo richard oh lan rachel maryam. nanging jebul ana tambahan gawean, kanggo dina senen. ning ya ra papa, katone ora patia angel. santai sik..........

15.4.03

akeh gawean. aku nganti mumet nggarape. karepku arep nggawe format anyar, ben struktur tulisane ora mung ngono-ngono thok. bola-bali aku wira-wiri lantai 1 lan 2. nanging tetep wae isih wagu. tulisan mentok nang karakter 3000-an, kamangka jatahe kurang luwih 6000 karakter.

data-data sing wingi entuk ya mung ngono-ngono thok. blas lumrah. nganti pas aku nang ruang asap, golek inspirasi, aku rerasan. pas kuwi ana yuyu lan seno, "moga saja ada iklan satu halaman." yen ana iklan kan gaweanku berarti ditunda seminggu maneh. lan pas, nulis nang lantai 3, ana telpon seka qoris,"ana iklan sak halaman."

10.4.03

wareg, bar mangan. dina iki rada iwut. gawean akeh sing durung rampung. nulis perkara sing kadang lumrah, misale iseng.

8.4.03

wengi ngancik sirahku
rokok dak sulet
ngajak nikotin gegojekan
nguwalke gela
nanging tetap wae
wewayangan mencolot rana-rene
rokok dak cecek, njupuk bantal.
rasane tetep abot
turu nanging ora turu

7.4.03

nanging....a k u b i n g u n g
aku srawung karo jagad sing suwe tak cabut seka sirahku. sumunar kadya lumintiring lintang alih, cumlorot ing angkasa. nyanding rembulan, ngajak mlaku-mlaku ing planet2 adoh. lan aku kamitengenen nyawang angkasa kang ora mung ireng thok

apa sliramu bisa nyawiji karo lintang-lintang kae? sesandingan karo gubug penceng sing pener ini sisih kidul ? aku pingin janji, naging wedhi yen cidra. aku pingin ngaras rambutmu, nanging tan kuwawa.

5.4.03



rumangsaku kok dina kaya kebak werna pink. akeh kembang mlipiri galengan. mungkin wus wayahe, nanging tetep wae ana rasa rangu-rangu. ngapa ya? apa pancen merga males? apa ora yakin?

3.4.03



mau bar nonton premiere cradle 2 the grave. kaya biasane, isine mung gedebag-gedebug thok. jet li malah dadi kaya steven seagel. yen ora dikon nulis resensine, aku ya males jane.

ing film iki, aku luwih seneng nonton kelly hu. ayu tenan.

selasa wingi, leslie cheung menyang sak wijining kafe ing lantai 24 mandarin oriental hotel. jam ngancik jam 4 sore. kaya biasane deweke pesen es lemon, sak gelas banyu es, apel, lan sebungkus rokok. bintang film hongkong kuwi kanton angles, jumangkah mubeng2 kafe.

watara sak jaman bar mlaku ra karuan, cheung metu nang balkon lan akon pelayan nyiapke meja. deweke uga njaluk pen lan selembar kertas. terus nulis,

depresi! matur nuwun kanggo fans. matur nuwun kagem prof. mike. wus setahun aku nandang. matur nuwun mr tong, matur nuwun fei che. ing uripku ora ana sing salah. ngapa bisa kaya ngene?

tulisan kuwi dilebokke ing jakete, lan ditemoake dening polisi, sakwise cheung mlumpat seka balkon lan mati.

29.3.03

yen sliramu gelem
nikah yuk
tak tunggu
keplokmu

27.3.03

aku kaya manjing ing donya liya. tan wanuh apa-apa.
mulai saka awal. mecaki dalan-dalan aneh. lucu, lan kadang nganyelke.

mau bengi nonton acarane moda mania. kumpulane wong-wong sing ambyur ing jagad model. kadang ngobrol karo wong2. ana dj, desainer, model, lan wartawan. akeh banci nand kene. ngobrol sinambi tlapakan tangane dilempit, kaya pisang, nang ngarep dada. suarane cilik, kadang uga gede.

aku mung akeh meneng, ngadek seka pojok, ngombe jus, lan nonton wong padha basa-basi. aku pancen lagi basa-basi. tugasku rene ora liputan. nanging dikon kenalan karo menungsa-menungsa iki. lan aku mung akeh nonton.

bar kuwi nonton kenya-kenya krempeng mlaku kaya robot. kabeh padha, wedhi kepleset.
mesem kuwi ngguyu sing lirih. lan wong wadon luwih sering ngguyu tinimbang wong lanang. nanging kakean mesem, isa diarani edan. nulis apa sih iki ?

26.3.03

langit klawu, ana mendung nggawa hawa panas. lungguh nang pojok sinambi udud rokok djarum cherry, sing ambune ya kaya cherry. terus njajal sing vanilla. ambune ya kaya vanila.

mau bar wawancara karo mas aendra. suwe ra ketemu ngobrol macem-macem. saiki deweke gawe perusahaan dewe. cah iki pancen mletik pikire. mluncat rana mluncat rene.

bar kuwi menyang kantor. qaris nggoleki, lan aku ana tugas gawe artikel info lan indikator. pas wis rampung gawe indikator, jebule edisi sesuk wis ana iklan sak halaman. wah mathuk tenan. dadi gawean lancar dina iki. aku paling nyiapke nggo edisi sesuke. nyantai .....nang pusat budaya italia.

25.3.03


jadwal kerja:
rebo awan wawancara nang pasar festival
kemis mbengi nonton fashion show
jumat mbengi nang yu kitchen & bar

24.3.03

urip anyar ing posisi anyar. gawean mung nerjemahke berita thok. ana liputan dugem, ning sesuk wae. dina iki browsing mandeng tulisan-tulisan sing marakke mumet.

19.3.03

komisi kebenaran lan rekonsiliasi kang durung rampung digarap. akeh wong sing ra setuju. nanging aku setuju. ngrujuk marang afrika selatan, sing dipandegani dening nelson mandela.

yen mung mikir balas dendam, tak pikir ora bakal rampung-rampung. kabeh sarwa ngawur, njaluk menange dewe. ananging, pancen ora mung terus bubar ngono wae. aku luwih sarujuk marang konsep sing disetujui abdul hakim garuda nusantara. ketua komnas ham iki, nrujuk marang konsep ing korea selatan. wong sing nduwe kejahatan ing jaman kepungkur, ditlisik sik. divonis salah, njaluk ngapura, terus kudu gela.

katonne ngremehke marang korban. nanging apa pancen dendam kuwi kudu diwales? tak pikir ana sing luwih bisa males, Gusti Allah !

17.3.03

ruang kebak peluk. kemebul seka arah ngendi2. lan rokokku wus entek.

dina kang ngeselke. kakean berita, ra jelas

14.3.03

iki gambar nalika ulang taun ke-17. nalika kuwi jan-janne lagi sedih. nanging aku lali sedih merga apa. ketoke bar patah hati. terus, karo mbak tentrem digaweake sega kuning. aku ra ngira yen ulang taun kuwi dirayaake. nalika kuwi males tenan. blas ra mood. nanging yen kelingan marakke kangen. amarga sak lebare ulang taun kuwi ora ana maneh perayaan resmi kaya ngene. apamaneh, sing sok nganakke ulang taun kuwi bapakku, sing wus seda. lan kuwi ya mung aku thok, sedulur liyane ora ana sing dirayaake.





13.3.03

ana kalane urip kuwi kaya diwalik-walik. mula aku rada ra setuju yen mung nggagas samubarang mung nganggo utek thok thil. kadang pancen logis. kaya nalika newton ndeleng apel tiba lan ngomongke gravitasi. nanging ana uga sing ndeleng kanti relatif, kaya einstein lan derida. whitehead, ngelokke intuisi kanggo ndeleng samubarang. ranggawarsita nganggo wening. lan ana uga sing ora kejamah nalar lumrah, kaya wong-wong sing mumpet nang guwa kahfi.

awan kuwi, aku kesusu ana janji marang sakwijining pejabat. wektu mepet banget. gelem ra gelem aku kudu numpak taksi. taksi abang tak stop ing ngarep halte cedhak melania megaria. sing nyopir katon lesu kanti praupan sing padha karo langit dina iki. mendung nyoret angkasat.

taksi perisai bangsa kuwi mlaku mbelah jakarta. kutha sing tak anggep ora nduwe isin. jarene, betawi kuwi sejarahe seka ukara mambet (mambu) tai. nalika kuwi sultan agung nyerang kompeni ing kawasan iki. lan kanggo srana beteng ben walanda ora wani nyedhak, prejurit mataram ngising nandi-nandi. sak engga landa ora wani nyedak amarga jijik. mula diarani mambet tai, lan banjur kawentar dadi betawi. embuh bener mbuh ora. nanging kutha iki pancen kaya tai. paling ora yen nonton tingkah polahe menungsa ing kene. seka terminal tekan panggonan wong nganggo jas larang.

ora. aku ora arep ngomongke yen sopir taksi mau tai. nanging, paraga saka cirebon mau curhat nasib keluargane. anakke papat. deweke nyewa kontrakan ing kawasan slipi kanti ragad 180 ewu sewulan.aku ora mbayangke kaya ngapa panggonane. jarene mung diwatesi tripleks. sing marakke ati trenyuh, anakke sing mbarep, sing sekolah nang smu 35 cedak wisma benhil, wis seminggu ora sekolah. bocah kuwi sluntrut wae. turu nang mesjid lan lagi mulih yen bar adzan subuh. deweke ora entuk sekolah amarga durung mbayar duwit sekolah nem wulan. jumlahe 800 ewu. kamangka sedela maneh lulus. sopir taksi sing yen nang ngomah turu ing njaba kuwi ngaku ora duwe duwit.

deweke wis nyoba nekani sekolah lan ngedol kipas angin siji-sijine. di dol payu 80 ewu. nanging sekolah tetep ngeyel yen kudu mbayar 800 ewu. surat katrangan seka rt/rw ora dianggep. mbayar utawa minggat !

sopir iki wis nyoba golek gawean kanggo anake. sapa ngerti isa dinggo panglipur sepaning ati. nanging, jebul tetep kudu nggawa duwit. contone dadi tukang koran. ben isa dadi tukang koran kudu mbayar jaminan.

aku ra mudheng kudu ngapa. isaku mung nyoba dadi panggonan pangudarasa. kadhang nanggepi, nanging ra wani nyaranke. uripku, jebule luwih entheng. paling ora saiki.

wengine, aku nonton wong maca puisi. kaya biasane, sikilku mung dilandesi sandal ban ireng lan kaos kang uga ireng. clana jins kumel tak tekuk amarga kedawan. aku mlebu ing galeri cemara 6 rada rangu-rangu. akeh wong nganggo jas, lan ing parkiran katon sedan kedutaan perancis ngaling-alingi dalan. wong-wong sing mambu wangi. parfum kang mungkin luwih larang tinimbang ragad sekolah nem sasi anak sopir taksi mau. aku krasa kere banget.

daerah menteng wengi kuwi udan, nanging katon wong-wong sumringah. wong-wong sing lagi ngrayake wulan puisi sak ndonya, istilah kerenne le printemps des poetes.

aku isih kamitengenen nalika dorothea rosa herliany maca pusi sing pungkasan, santa rosa,1
tapi aku letih bermimpi
rumah ini sempit dan kotor.
jikapun harapan itu tiba,
ia hanyalah segumpal waktu yang sia-sia

11.3.03

kanggo sing kepingin ngerti kronologis penyerbuan tempo klik nang kene
kaya biasane, tangi turu, udad-udud. radio sing tansah tak panjer mesti wae ngancani. anane mung berita. sing dirembuh prastawa kebakaran gedung departemen keuangan. mbuh ra ruh, radio tak pateni, genti nyetel mp3. lagune kla project. ora suwe komang nelpon. takon nomer telpone komet sing anyar. maklum komet kelangan hp pas liputan doa massal nang monas minggu wingi.

mangan roti, kuwi kebiasaanku kawit lara wingi. mung entek siji, terus diglontor aqua. tinimbang nganggur dolanan tripeaks disik. bar kuwi bosen. ganti maca cerpen. kuwi ya mung kuat sak lembar. buku kuwi tak selehke, adus, mangkat. ngono thok !! esuk kok ra mbejaji ngene.

10.3.03

sore iki ora ana udan. lan krasa kelangan. ora ana banyu tumetes, lan godong teles klebes.

aku banjur kelingan. nalika jaman smp lan sma, aku kudu tangi gasik. numpak bis. sakdurunge jam 6 esuk aku kudu wis siap nang ngarep omah golek angkutan. liwat jam enem, angkutan wis kebak lan mesti aku keri.

jaman kuwi rasane pingin misuh. turu kaya durung rampung wis kudu menyat adus. nanging saiki malah kangen. jam-jam semono kuwi ing desaku isih ana pedut. katon putih, kusem, lan nggawa hawa adem.
jenenge wong yen lagi males, kabeh sarwa ra niat. nanging mungkin iki penyakit gawanan, kawit bayi. wis sakwetara wektu proyek-proyek pribadi akeh sing durung rampung. malah ana sing babar blas durung tak demek. elek tenan...

8.3.03

godong-godong ijo cumawis, siniram udan ngesok umpak-umpakan. ana sms. "kantor majalah tempo didatangi orang-orang tommy winata. dan pemred serta dua redaktur diangkut". menarik, jarene bagka, mas manan sirahe bocoh. tommy, njupuk pengacara si desmond. wong iki mbiyen wus nate diculik jaman awal reformasi (tai). tommy dewe, sak lawase iki dikenal preman jas-jasan. deweke duwe artha graha lan hotel borobudur. sak liyane kuwi bisanis tkw nang taiwan lan hongkong. nanging sing paling terkenal bisnis judi ing pulau seribu. menungsa siji iki uga sing disebut2 mebkingi sutiyoso nalika nyalonke dadi gubernur wingi. rapat2 wong2 dprd nalika kuwi dianake ing hotel borobudur. pokokmen dawa banget yen arep ngomongke wong iki. nalika nyerbu ing kantor majalah, begundal2 kuwi nganggo sragam artha graha. lan ngerti tuntutanne ? "perbuatan melawan hukum". kampungan tenan. katone si desmon kudu sinau hukum meneh. apa mungkin utekke wis sowak merga diculik?

tommy tersinggung karo warta sing ditulis masalah tanah abang. jarene, tersinggung amarga disebut "pemulung besar". gombal...........

2.3.03

esuk iki ing senayan

kaya dene lemah kang kecampur banyu udan
ati kang tuwuh seka dina kang raina
lilanana aku lunga
nyisir galengan sawah ing buri omah

kadiparan impenmu wengi iki?
aku njaluk kapangmu sing mbok tinggal ing sanding wit gedang
sedyaku, miwiti laku nganggo rejaning ati
kang wus suwe dadi pengaji
ing lali

1.3.03

kantor sepi, padha kondangan. nang mbak maya.

maca koran males. koran tempo dina iki covere norah jones, judule "melukis di kanvas jazz"

wedang teh, rokok a mild, lan komputer. ngancani aku lungguh nang pojokan. ora ana asbak ! tak enggo sampah dadi asbak. jan-janne mau rencana jogging, nanging aku tangi kawanen. akhir2 iki kakean acara sing ra jelas. nongkrong tekan wengi.

28.2.03

ing pojok warung
ana kucing ireng putih
matane lucu, rada genit
tak jak guyon
nyawang aku kaya gumun
"gelem rokok?"
deweke isih nyawang aku gumun
tak kei sedotan
ben kanggo dolanan
malah nyawang, kaya lagi bingung
yo wis
sedotan tak gletakke
eh malah dinggo dolanan nganti ngadeg-ngadeg
kucing edan !
jebule situsku mlebu nang listing special report "javanesse on the internet"
dina iki mubeng-mubeng ra karuan. aku tangi telat, amarga mau bengi ngancani cah-cah nongkrong nang newscafe. jan-janne males. ngantuk. dadine telat. pas tangi, cahya srengenge isih katon ayub-ayuben. nanging jebule wis meh jam 9, ana sms seka cah republika. asem, abu bakar ba'asyir dina iki nang kejati. cekat-ceket adus, lan nang kono pas simbah seka solo iki arep mlebu mobil mbalik nang mabes polri. lumayan, isih kumanan wawancara karo pihak kejati lan pengacara.

bubar kuwi, cabut nang kpu, rencanane ana rapat pleno dina iki. tekan kono jebule acarane ra sida. kanggo tamba cuwa aku wawancara karo imam prasodjo. bla bla bla. embuh ra ruh !!

seka kpu, mangkat nang mabes polri. tak rewangi numpak taksi, amarga wis meh wektune sholat jumat. wis, bar kuwi kaya biasane, arep wawancara ba'asyir maneh nanging ora isa. ana polisi 7 sing njaga. yo wis, dadine wawancara kapolri. rame-rame lan mesti wae tangane pegel amarga nyekel tape rekaman.

dina sing nganyelke...

27.2.03

nalika jakarta udan, mau awan, aku dikancani kopi, udud, karo roti keju. lungguh nang pasar festival lantai ngisor sinambi maca novel. wong pada wira-wira, nanging isih sepi. ing kafe iki, mung ana wong telu, klebu aku. nanging weteng tetep luwe, maklum weteng jawa, durung wareg yen ora mangan sega.

sak wise kuwi golek data, jan-janne arep nulis masalah perusahaan manca sing ngawur-ngawur kuwi. nanging angel, wira-wiri kana kene. tinimbang nganggur aku golek data anyar partai-partai. pas metu seka kantor kuwi, aku lagi kelingan yen ana wong sing isa dijaluki tulung masalah perusahaan kuwi. wis telat. sesuk wae.

mangkat kantor rada ayem. ana sing isa ditulis. nggambuse polllll

25.2.03

sing kepingin ngerti hurup2 asia, gari pilih bali, jawa, sunda, vietnam, apa kamboja ?

apa pingin nonton tanggalan jawa?

yen arep ngerti grup band jawa nang suriname. ana sing jenenge kekancan, sambatan, lan rupia. yen grup gamelan jenenge mbangun trisno

24.2.03

riwayat mbah kakung, warnodimejo, nalika cilik. tak jupuk seka catetanne bapakku. ora kabeh, amarga pancen dawa critane.


jenenge bocah warno, lahir ing tahun 1895. dilahirake kembar dhampit, karo adhine sing jenenge warni nanging ora kedawa umure, tilar donya nalika umur 5 tahun.
bapake asma onggodimejo, lurah hormat desa kanci; senajan garwane mung siji nanging peputra nganti 18, dene sing sugeng nganti dewasa ana 11. pak warno kakang ragil, dene ragile aran danang sing sakwise sepuh haji mochtar, dilem; ya bapake haji jarzi zadan ba, sak kadange.

onggodimejo seda ninggal kokohan loro sing isih cilik-cilik, yaiku warno kang ngancik umur 7 tahun lan danang, 5 tahun. sarehne randha mulane bocah loro mau uripe rekasa, nyandang mangane kurang kopen jalaran ditinggal embokne sing kerep lunga bakul para karo sembet, ider turut desa-desa tekan gunung, malah kerep nginep nganti pirang-pirang dina. tujune bocah-bocah mau nriman lan militan, ora tau sambat ora tau nggresula. yen pinuju embokne ora kondur, danang gelem nutu pari, nosoh beras, diliweti nganti dadi sega, ganep sak njangane pisan.

sedulure tuwa sing wis padha mentas kang manggon tunggal sak desa padha gemati lan welas asih, yaiku : jagareja, kyai jamzani, lan dullah harun. bocah loro kerep diundang prelu diprentah, dikongkon, mung sak perlu kanggo aling-aling olehe arep menehi apa-apa.
saben esuk bocah loro mau padha mlaku-mlaku mangkat sekolah menyang bandongan sing adohe kira-kira 5 kilometer. yen sore padha ngaji ana ing mesjid diwulang kakange ipe yaiku kyai jamzani sing galake kepati-pati.

danang sregep tumandang gawe bab apa wae, nanging warno rada kesed sungkan pegawean. sing disenengi maca buku, nembang, lan ndongeng. yen wis maca buku sok nganti lali sakkabehane. yen nembang swarane apik, yen ndongeng akeh kanca sing padha ndomblong seneng ngrungoake.

sarehne warno maju sekolahe tur pinter, mangka nang omah ora pati kopen, luwih-luwih papane adoh, mula embokne nuli ngiguhake murih kepenake. anake dingengerake lurah sepampang sing cedak bandongan. ana ing sepampang watake sing kesed dadi malik grembyang, saiki dadi sregep, mula kanggep pasuwitane. ditresnani lan dialem.
kanthi pawitan karep, mantep, lan sregep, sekolahe klakon bisa tamat tahun 1909. oleh surtipikat standaar school sing biji nomer siji. sarehne sekolahe wis tamat, kathik ngaji qur'an ya wis katam, apal surat yaasin tur macane berjanji apik, kyai jamzani seneng banget. adhine mau nuli disupitake bareng karo putrane dhewe, yaiku dardak.
bubar supit wis jaka kemala kala. nuli diajak kakange, dullah harun sing bebara nukang kayu ana ing semarang, sakprelu digolekake pegaweyan. wusana oleh, dadi pembantu mandhor plabuhan semarang. lagi bae arep urip rada seneng marga bayare lumayan, dilalah nampa alangan mripat sing tengen lara nganti cacat ora kena kanggo ndeleng, wusana kepeksa metu saka pegaweyan, terus mulih nang ndesa maneh. njujug omahe mbakyune yaiku udarejo sing wis omah wanasaran. mbok udarejo uga wis randha duwe anak cilik-cilik telu, yaiku juweni, jahid, lan badriyah. tekane tiba kebeneran, amarga saiki adhine mau dikon momong keponakane sing saben dina ditinggal lunga adol lenga ana ing protelon gathukan.

kocapa ing tahun 1918 ing magelang ana pendaftaran ujian guru desa (volk school). warno melu ujian. begjane awak yen wis tekan. ujiane lulus tur nomer siji. pemerintah maringi hadiah. tanpa kursus tanpa sekolah, terus diangkat dadi kepala sekolah desa, mbukak sekolaha ana ing desa genita kecamatan windusari.

19.2.03

aja mikir nalika sirah krasa bunek. rasane males, lan aku ra kepingin ngrampungke apa-apa. ngilangi buneking pikir sing kaya-kaya nyanthol tanpa aku isa enda.

18.2.03

ana rokok, sing nggawa peluk. nggawa mlayu langitmu, langitku. jarene miles davis, i fall in love too easy. gombal !

semut-semut kluyuran, kaya kurang gawean. ireng, rerambatan nang pojokan. nyebar tanpa pepalang.

jarene davis, i thought about you. suara trompet, cemengkling nyengkiwing kuping. nyanding rasa tida-tida.

lagi ngapa ? ngalamunke donya kang cumawis lan kelangan kang ora uwis-uwis ? nggarisi jaja kang dijur mumur dadi bubur ? sarap !

saiki richard elliot ngelingke, on the run. nanging aku pingin mulih ! if tomorrow never comes, elliot isih ngeyel. ana sing katon, nanging tan kejamah. lan aku mlayu ngadoh, golek taksi, ngobrol karo supire, banjur lali. kuwi ancangane !

nyatane, semut-semut isih kluyuran, peluk ngancasi angin, trompet lan clarinet pada padu ra karuan.

golek wacan ! edward w said ra nggape. thomas hardy mlengos. george orwell mumpet. utek buntet, seret, ngempet tabet.

karepmu apa? embuh !
mau esuk tangi, langsung kelingan jaman sd. nalika kuwi bar sekolah aku lagi seneng-senenge nyebul suling. gage-gage aku menyang pinggir sawah mburi omah terus dolanan suling. kaya wong romantis wae. nongkrong nang pinggir sawah kuwi pada enakke karo nang kali. jaman sma aku nongkrong nang kali bareng kanca-kancaku sinambi ngombe degan. gathukane mangan klapane bareng gula jawa. jaman smp, aku nang kali bubar mulih sekolah. jarak sekolahan tekan ngomahku kurang luwih 3 kilo, ngliwati sak desa liyane. ing wates desa ana kali, jenenge kali progo. kadang aku mulih mlaku, yen numpak bis (jaman semono) mbayar rp 50,-. sak durunge tekan ngomah mampir sik nang kali, sholat nang nduwur watu, terus jebur...nyemplung kali. mulih pas mesjid adzan ashar. nang mesjid sik, terus lagi mulih ngomah.

jaman kuliah, aku kaya kelangan panggonan kang asri kanggo ngumbar rasa. kahanan kang idum, lan isa nglangut tanpa ana sing ngganggu.

17.2.03

jenenge komet. aku ra ngerti ngapa jenenge kaya ngono. kamangka rupane blas ora mirip karo komet. sipit, lan yen ngguyu untune katon kabeh. ngakune seka sragen, jawa tengah.

pisanan aku ngerti deweke nang kampus. blas ora tertarik. putih mangkak lan yen dideleng suwe-suwe kaya wong korea. nanging sing naksir akeh banget. jarene, yen malem minggu nganti antri tekan ngedi-endi. ana sing nang pasar, ana sing nang tukang cukur.

"panggil aku komet", kuwi tulisanne nang bloge. lan nalika kancaku mati kebakar, deweke malah curhat masalah cewek. hlo, jarene akeh sing naksir ? embuh. takon dewe karo wonge.

sambungan sing uga mbahas komet :
saljudiparis
olenka
ilalang
lagi udad-udud arep nulis blog, eh malah dikon rapat.piye iki?

karepmu !!!!

14.2.03

akhire diganti karo mas agung. pas nulis mau, mas agung nonton aku nulis berita. deweke usul nganggo ukara "ngotot" kanggo ngganti ukara "bersikukuh". aku ngeyel, amarga "ngotot" kuwi basa jawa, lan durung ana nang kamus besar bahasa indonesia. akhire aku ngomong," terserah yen mas agung pingin 'ngotot', ning aku tetep arep nulis 'bersikukuh'."

katone sepele, nanging yen digagas, yen dadi basa indonesia kudune dadi "mengotot", lan iki rasane wagu, amarga seka ukara "otot". mulane luwih sreg nganggo "bersikukuh". lan akhire? beritane dadi diubah, dadi "ngotot". ha..ha..ha..
esuk tekan awan dolanan komputer lan sinambi nyetel lagune chrisye. sak durunge mangkat, mangan gudeg ndisik nang cedak matari. enak tenan. bar kuwi iseng-iseng niliki partai-partai sing wis daftar ulang nang depkehham. ngobrol masalah partai karo pak wicipto nang lantai enem. glenikan golek berita ngene luwih enak tinimbang ngalamun nang ngomah.

tekan kantor, cekat-ceket lunga jumatan nang kejaksaan selatan. bar kuwi browsing sedela nang kantor. mung ana seno sing asyik chatting. mbuh chatting karo sapa. terus teka mas agung, udad-udud sinambi maca koran, nang ruang asap. pas theng jan loro minggat nang kantor ppp reformasi. bar seka kana mulih maneh.

rutinitas. mungkin kanggo wong liya gawean kaya ngene iki ora mboseni. nanging justru ora ana sing rutin kuwi malah dadi rutinitas sing mboseni. ketemu karo wong-wong beda saben dina, sing tingkah polahe uga beda. nanging banjur krasa yen kuwi ana gunane.

aku kelingan memoar utuy tatang sontani ing "dibawah langit tak berbintang". nalika cilik, utuy males sekolah. gaweanne nongkrong seka esuk tekan sore ing pinggir rel sepur. seka kana, ing sak wijining resensi ing majalah kalam, disebutke yen jaman kuwi utuy sinau ngenani menungsa. ing memoar mau, deweke kanti terangt-terangan ngritik wong sing sinau masalah menungsa seka buku. yen deweke anggepanne beda, sinau menungsa supaya digawe buku. menarik.

pancen kadang-kadang aku krasa, wong kakean maca buku terus lali marang sesrawungan. lali yen endahing alam ndonya iki ora isa diwakili dening sak losin buku. buku kuwi wing tiron seka prastawa sing sak nyatane. isa luwih apa, isa luwih elek. nanging ora mungkin pada.

10.2.03

arep mulih, jebul udan. gondes tenan.mending njajal sepatu anyar

9.2.03

dina senen kaya biasane. langit isih mendung, lan akeh sms mlebu. seka sms kerja tekan sms ngajak dolan. aku lagi bosen dolan, uga kerja. rong dina wingi aku mung nang ngomah, ngrampungke maca novel sinambi ngrungoake radio. selingane, blanja nang hero, jogging, dugem nang al azhar, kerja bakti, lan nang pameran ulang taunne pramudya ananta toer.

pas nang al azhar aku males tenan. bareng karo kanca-kanca kuliah dolan. rencanane sewengi kaya biasane. untung wae mobille rewel, dadi isa turu enak. arep nolak ra enak, melu rasane males. bosen, ndonya wengi sing isine gumebyar, kamangka ing liputan aku ketemu wong kere meh saben dina.

7.2.03

novel "candikala kapuranta" menang rancage. rancage kuwi penghargaan kanggo sastra daerah sing dipandegani dening ajip rosidi. sastra daerah sing mlebu yaiku sunda, jawa, lan bali. taun wingi sing menang, kanggo sastra jawa, kumpulan cerpene jayus pete. sayang aku ora entuk. golekane angel. yen sing candiakala kapuranta iki pancen tak akone apik tenan. penokohanne katon urip, lan ora nganggo pralambang sawantah kaya umume sastra jawa liyane. suparta brata, ing majalah panjebar semangat ngalem entek-entekan novel iki. novel garapan sugiarta sriwibawa iki isa ditemoni ing toko gramedia (aku wus tau weruh nang gramedia blok m). sastra sunda sing menang "kembang-kembang petingan" (holison me), lan bali dijupuk "bunga gasdung ulung abancang" (i nyoman manda).
lagi ra kepingin ngagas apa2. dina iki mung maca novel lan ngrungoake lagu kroncong karo campur sari.

6.2.03

nulis masalah hukuman mati. jebule ngeri ya? regu tembake ana 12 tamtama, 1 bintara, lan dipimpin sak wijining perwira. sing ditembak, entuk lungguh, ndodok, utawa ngadek. ditembak pas jantung. ing antarane sing nembak mau ora ana sing ngerti bedile sapa sing diisi peluru tenan, lan sing ora. dadi wong-wong sing nembak mau uga ora ngerti sapa sing mateni.
deklarasi hak asasi manusia

1.2.03

nang kantor males. dina iki koran tempo covere leony. ngapa ya? bar chatting karo ,bulan lan enda.

aku kok kangen mulih kampung ya? katone enak, musim udan nang magelang, turu sedina-dina, ngalamun, nulis puisi, utawa maca buku.

sawetara kuwi majalah panjebar semangat minggu iki covere jenenge ayu, lan memang pancen ayu. sampul mburi kandhi wrahatnala.
awak isih kesel, mau turu jam 5 lan tangi kurang luwih jam 8. mau bengi pas arep turu rudi nelpon, ngejak dugem. yo wis, akhire melu cah-cah muter-muter betawi. bareng rudi, tiok, bobo, dedi, lan disupiri reza. pisanan nang kafe champion kemang, nang kono aku mung ngombe kopi thok. rada lumayan. bar kuwi cah-cah ngejak nang stadium, panggonan bejat nang kawasan kota.

aku jan-janne males. aku karo tiok mung nongkrong nang ngarep bar lantai 2. nang kono nontoni wong transaksi seks. bocahe pancen ayu-ayu, regane sekitar 180 ewu. mungkin yen aku ketemu nang ndalan karo wong-wong mau ora bakal ngerti yen gaweanne kaya ngono.

aku dadi kelingan kancaku nalika isih nang surya. deweke nate crita masalah pacare dek jaman kuliah. pacare mau sugih lan gumebyar. kancaku mau dikei pager lan dicekeli mobil. jaman kuwi pager isih klebu barang mewah. sak wijining dina, kancaku ana acara seminar nang hotel. pas ngobrol karo pegawe hotel, deweke disodori daftar menu cewek sing ana foto-fotone. jebule pacare mau ana ing daftar kuwi.

kancaku mau banjur takon marang pacare. lan jebul pancen bener. pacare mau ngaku terus terang, lan banjur njlentrehke yen ibuke lan sedulure uga profesine pada. terus, kancaku mau bubar.