wirondaya, anake wiraraja, lara ati. nambi kang ora digdaya, diangkat dadi wong nomer loro sawise raja. dheweke mung diwenehi panguwasa ing tuban. nalika ana patemon ing kraton majapahit, wirondaya nesu-nesu marang nambi. wijaya, sang raja, bisa maklum amarga wirondaya iku wong madura. dheweke uga kang ngganti jenenge dadi ranggawenang utawa ranggalawe, artine diwenehi panguwasa (wenang). dene
wenang, ing basa jawa, uga nduwe arti
benang.
lawe artine uga
benang.

nanging perkara ora mung semono wae, wijaya dadi nesu amarga ranggalawe nganggep sang raja ora wicaksana. keboanabrang diutus supaya mbrantas wong-wong brontak seka tuban iku. keboanabrang mateni ranggalawe ing pinggir kali. bojone loro bela pati suduk salira. nanging apa wijaya seneng? ing kidung ranggalawe, wijaya digambarke sedhih amarga kelangan prejurit kang prakosa.
tuban sejatine dudu panggonan kang sepele jaman semana. ing jaman airlangga isih bisa mesam-mesem ing kraton, tuban mlebu ing krajan kadhiri (saiki kediri). nalika airlangga munggah gunung, kaya plato kang golek artine urip, krajan dipara dadi loro: dhaha lan jenggala. ing kene tuban mlebu wewengkon jenggala. jaman ken angrok nyekel panguwasa, tuban wis dadi gedhe lan dianggep titik wigati kanggo urusan eksport-import. malah yen manut versi sejarah liyane, tuban iku sawijining panggonan kang digawe wong-wong cina pisanan mlebu ing majapahit. isine mung para pedhagang. prejurit tar-tar kang arep nyerang jayakatwang uga liwat tuban.
lan saiki, ing tuban wong-wong lagi rame merkaraake sapa bupati kang sah. perkara kaya ngene iki awet dilakoni kabeh jaman. sawise ranggalawe bisa ditumpes, majapahit uga ora tentrem. sora, kancane ranggalawe, difitnah karo mahapati. sora ora trima ranggalawe dipateni. dheweke banjur mateni keboanabrang. kaya bule amsterdam, mahapati nglakoake devide et impera. dheweke ngadu antarane kebo taruna (anake keboanabrang), lan nambi. mahapati kepengin dadi patih amangkubumi sing dicekel nambi. kabeh mati. nanging mahapati ora sisip ing bebendhu. wijaya ngerti yen kabeh iki pokale mahapati. dheweke rumangsa kelangan kanca-kancane kabeh. mahapati digeret menyang kuburan njaba kutha lan dipateni.
dalanan macet, buruh2 lagi nuntut hak. sejatine isin merga ora melu. aku dhewe ya isih buruh, ning konotasine wong lumrahe yen buruh kuwi kuli utawa pegaweyan kang paling ngisor. kaya dene istilah rumah susun lan apartemen. senyatane, apartemen kuwi ya rumah susun wong undang-undange ya isih padha, bedane mung fasilitase. kaya dene wayang, panyandhange dewa lan wayang biasa katon seka sikile. yen dewa (lan uga begawan) nganggo sepatu, yen satriya mung cekeran thok. raja utawa ratu umume nganggo praba. punakawan panyandhange ora karuwan lan rupa kang uga awut-awutan. iki nulis apa coba? wong yen lagi males nulis ya ngene iki.
ing dina-dina iki, rasane males arep nulis apa. aku nyoba nulis maneh apa sing mbiyen tak senengi. nyoba maneh ngetik nganggo wordstar, di pasang liwat dosbox utawa dosemu. dolanan maneh prince of persia sing kuno kae. ning katone wis ora wayahe maneh dolanan
apa aku bisa mlumpat sedhela wae, 2-3 jam, ing dina nalika kuwi? mabur ing jagad angka tanpa ngerti wektu. maca buku ing balkon sinambi ngrungoake manuk2 ngoceh. nyetel wayang nganti esuk dikancani kopi lan rokok.
udan isih deres, aku iseng nang ruang makan nonton tv. film konyol lan aku ora ngerti judhul film nang hbo iku. ngenani will kang ora percaya marang omongane bapake, edward bloom. edward seneng ndongeng. dheweke ora percaya. lan nalika bapake seda, kanyatan kuwi pancen dongeng. uripe pancen aneh. ing pungkasan, nggoleki nang internet lan ngerti judhule jebul bigfish. rampung kuwi, ana sms "redaktur gadget n it masih kosong. mau berubah pikiran?" embuh. aku saiki lagi iseng2 nulis nang wikipedia jawa. ketoke aneh yen nduwe blog nganggo jeneng antasena lan nganggo basa jawa ning gak ana nang wikipedia jawa. ana penjaluk request?
udan gedhe ngrangkul jakarta. ngajak nangis. nangis. nangis. nangis. nangis. nangis. nangis. nangis. udan gawe cengeng. cengeng. cengeng. cengeng.
sanga elemen jurnalistik? nulis kang premati lan ngati-ati? sing ana pigunane? pitakonan-pitakonan kang ngganggu pikiran. apa maneh nalika seminggu wingi dikon siaran nang radio 68h. aku kangen crita2 kang migunani, ora nulis sampah-sampah kaya saiki. nanging nalika ana sing nawani bali, aku rangu2. koran, sing duwe modhal raja sing lagi nyekel kuwasa, wong2 kang pikirane politik thok. aku bosen ing awang2, kangen ngambah lemah. nanging, aku uga ora kepingin ngambah ing lemah kang katone bakal gawe bubrah.
aku natah crita seka plipiran dina. ingak-inguk golek kanca, kang bisa gawe crita rena-rena. wis sak wetara dina, aku angel crita. dikaya ngapa wae, aku pancen dudu sapa-sapa.
kayadene awan kebak mega ireng, aku ora bisa mikir. dhadhaku kaya mlayu, njola-njola kaya jaran kelangan sendhalan. mbok menawa merga maca bukune kenangan lonthe-lontheku sing melankolis-e gabriel garcia marquez. bisa uga pancen aku lagi ora penak pikir.
mingkar mingkuring angkara akarana karenan mardi siwi sinawung resmining kidung sinuba sinukarta mrih kretarta pakartining ngelmu luhung kang tumrap ning tanah jawa agama ageming aji(wedatama, pangeran adipati mangkunegara iv) apa kang sinebut adab? apa laku utama kuwi? yen ing kabudayan jawa, wong-wong tuwa nganggo kitab2 kuno kanggo cekelan. arep njungkir-jempalitan ora apa-apa waton isih ing paugeran kitab2 mau. kitab kang kondhang dienggo cekelan iku wedatama lan wulangreh. kuwi ngelmu kasepuhan, jarene. ngelmune wong-wong sepuh, tuwa. kasare, nyedhaki mati. kancaku, cah banyuwangi, nate ngritik. "piye arep percaya omongane nang kitab2 kuwi yen kelakuane sing nulis ora karuwan." sultan-sultan jawa bojone akeh. seneng madhat lan ngombe2. banjur wong2 kuwi nulis ngenani kautaman. raja-raja sing seneng perang. kuwi padha wae goenawan mohamad ngomongke kasetyan. padha karo artis indonesia sing seneng gawe iklan nganggo basa manca. aku sok gumun, ing atase isi lagune nganggo basa indonesia, sing tuku ya wong indonesia, iklane nganggo basa inggris.  aku wis nate ngobrol karo sakwijining penyanyi. dheweke ngaku yen ora bisa nulis lirik lagu nganggo basa indonesia. jarene, nek nganggo basa indonesia lirike bakal kampungan lan ora bisa puitis. yen nulis nganggo basa inggris luwih lancar lan puitis, ngakune (dheweke ora ngomongke grammar). aku bisa mbayangke, yen lirike paling ya mung "i love youuuuuu, forever and ever, between me and youuuu. du du du yeaaaah." wong kok padha lucu-lucu, iiih gemes aku.
ana rasa pengin nulis. ana rasa pengin mlumpat nembus udan. aku arep nulis, nanging tanganku mung bisa dilempit ing ngisor bantal. nyatane, aku mung bisa lungguh maca buku ing taman ngarep kamar, sinambi ngrasaake esuk kang kebak swara manuk. esuk kang teles dening udan sewengi lan sesawangan bocah sekolah mangkat sinau.
iki wis wengi. nanging rasane kaya lagi turu. aku kepengin mlaku-mlaku. ngubengi jakarta tanpa rangu-rangu. golek pepadhang, golek awakku dhewe, sing wingi tak buang cedhak blumbang.
yeah, aku lagi angel mikir. kantor gak nyaman nggo ngetik. nang ngomah gak bs ngrokok. nang taman akeh wong wira-wiri. kanthi susah payah, aku nyoba sakkuat tenaga ngetik nang kantor. swara-swara musik seka meja ngarep, samping, mburi taklawan nganggo swara liya. aku seneng lagu magic reong karo country belejaguriki. minimal isa ngancani aku nulis sedhela. ketoke asyik yen diconvert nang mp3 apa ogg. btw, yen ana sing minat ngrungoake bule2 nuthuk gamelan ana ing kene
ana wektu kang rinasa lungrah. mangkat kantor tanpa nggape rasa. ing bis, sinambi nyangking tas plastik, ana pengamen mainke kokoronotomo. lagu kuwi dimainke kaya nganggo tempo a la pangkur pathet 5, alon banget kanthi swara dhuwur. rasane kaya dudu lagu seka jepang. kuwi luwih pas megatruh ngango jeneng beda.
esuk maca buku ing taman. kabiasaan iki ganti. mbiyen biyasane mca buku karo nyrutup kopi ing ndhuwur balkon. gandheng kahanan wis beda, taman cukup kanggo gantine. taman ora kaya balkon kang privat. ana cah2 sma sing sok ngrokok ing pojokan lan navis (anake sing jaga omah) nyedhaki ngajak dolanan. isih ana wit-witan lan manuk2 kang crewet. esuk iki aku neruske maca buku, seka bab 6 nganti purwa bab 8. ngerti2 wis jam 9, mlebu kamar dolanan gitar nembang blower's daughter lan amy. bosen maneh. ana sms seka ina karo rina. ngrungoake jamie cullum bengak-bengok. lan bosen maneh. lagi mangkat kerja, karo ngenteni bosen liyane.
walisanga dianggep kang gawe wayang gumebyar kanti rupa kang beda. wong-wong kuwi gawe mahabarata lan ramayana kang beda karo asline sing njupuk ajaran hindhu. Walisanga uga gawe tandhingan crita wayang kang sinebut wayang menak. Wayang iki dijupuk seka crita persia: qissai emr hamza. Ing melayu klasik diadaptasi dadi hikayat amir hamzah. aku dhewe durung nate nonton wayang menak. Aku mbiyen ngerti crita2ne seka dongeng bapakku sakdurunge turu lan kethoprak. jeneng2nge yen dipikir lucu amarga diadaptasi ing ilat jawa. Emr hamza dadi wong agung jayengrana (amir ambyah) kang urip ing mekah. terus ana umar maya (omar bin omayya), qobat shehriar (kobat sarehas), iman suwangsa (badi'ul zaman), dewi retno muninggar (mihrninggar), dewi kuraisin (qoraishi), nabi kilir (khidir), lukmanakim (lukman khakim), kelan (khaelani) lan arya dulmutalip (abdul mutthalib). jeneng2 negarane ya aneh: ngerum (romawi), yunan (yunani), medayin (madina). Nanging wayang iki kepetung gagal diusung para wali. Wong2 jawa tetep luwih seneng wayang purwa. nasibe padha karo wayang wahyu kang digawe broeder temotheus marji subroto 1960. Wayang iki dijupuk seka perjanjian anyar lan perjanjian kuno ing warga nasrani.

numpak kreta awan iki seka kebayoran. ndeleng kreta ekonomi kang suk-sukan, luwih miriske tinimbang nonton film indie. munggah kreta sansaya maneh. wong ngemis lan bocah cilik ora bisa sekolah wira-wiri. nalika weruh wong tuwa bungkuk ngemis, aku kelingan ibuku. lakune alon, kaya-kaya wedi arep mlangkah. nalika arep mlebu menyang gerbong liyane, wong kuwi mandheg suwi. netrane mandheng mengisor. wates antar gerbong kang tansah obah katone gawe netra tuwa kuwi kudu mandheng luwih suwe kanggo bisa ngepaske lakune. jakarta kuwi kejem. istilah kuwi wis ana jaman aku isih cilik, nalika aku dhewe ora nduwe impen lan mikirke yen mengkone aku bakal urip ing kene. jaman landa mbiyen, titik nol jakarta ing menara syahbandar. kanggo pemukiman, sekitar menteng lan jakarta kota dadi punjer panggonan. ngepasi indonesia dicekel soekarno, titik nol jakarta pindhah menyang monas. kebayoran dadi pemukiman. nanging nalika dibangun blok m, kawasan iki mludhag ora karuwan. kabeh perkara ekonomi katone dadi siji. ciputra nyoba ngganti jalur. kebun karet didadeake kawasan satelit kang saiki dadi pondok indah. kawasan elit ganti panggonan. proyek iki sukses. banjur, tren pengembang nyoba nggawe kawasan satelit luwih adoh maneh. lippo nggawe kutha dhewe ing tangerang. ing dpr saiki lagi perkara. jakarta kuwi kaya apa sih? sutiyoso kepingin ana menteri khusus kanggo nangani jakarta, bekasi, tangerang, depok, lan bogor, lan cianjur. yen ora, kuwi kabeh ing ngisore gubernur jakarta. utawa gubernur selevel menteri. usul iki pancen aneh. yori antar, arsitek, nate ngritik perkara kutha-kutha satelit iki. jakarta dadi tambah lemu. panggonan kang rejo nyebar ing sakdengah panggonan. soekarno mbiyen nate nduwe ide mindhah kutharaja seka jakarta menyang palangkaraya. pembangunan wis diwiwiti. niyate kaya amerika kang mindhah kutharaja seka new york menyang washington. dadi, pusat ekonomi karo pusat pemerintahan beda. palangka raya uga pas ing tengah-tengah indonesia, tinimbang jakarta kang luwih cedhak ing sisih kulon. . nanging banjur soeharto dadi raja anyar jakarta. mbok menawa dhukun-e soeharto (sing wong jawa) ora nganjurke yen kutharaja dipindhah mlumpat segara. dadine, jakarta tetep dadi pusat sakkabehane. lan saiki wis kaya telat. nalika aku mau tekan ciledug, kuthane mikael iki, lalu lintas semrawut. grimis riwis-riwis ngajak aku mlebu tekan plaza baru. ing papan ngisor akeh wong dodolan emas. ing ndhuwur dodolan panyandhang, ing ndhuwur dodolan handphone. pertokoan ing jakarta lan sakcedhake kuwi pancen polane isine mung mirip2 ngene iki. telu-telune ngurusi perkara gaya. yen dibandhingke karo kutha liyane, mal ing daerah biasane ora kakehan wong dodolan sandhangan. pancen ana toko sandhangan, nanging akehe ora kaya ngene. (aku bosen nulis, ngantuk) ..... zzzzzzzzz
ana sing ketinggal ing pojok kutha rerasan kesingsal pengangen mlaku mlaku, mlaku mlaku, mlaku, maku sansaya ora ngerti langkah laku
sakwise mubeng2 kliling jawa (jember, surabaya, banyuwangi, gilimanuk, jogja, magelang) akhire bali ing kasunyatan: jakarta. kasunyatan sing gawe kangen nalika lunga-lunga, nanging ora kepenak nalika dilakoni. seka panggonan-panggonan kang wis diliwati, rasane sing paling marai gawe krasan kuwi magelang. saiki ngantuk, ngusir mata merem nganggo kopi. niate arep maca buku secret rendezvous kobo abe, ning rasane pikiran durung siap maca-maca sing serius. aku malah maca2 artikel ngenani kopi. aku lagi terobsesi karo kopi. ndeleng werna-werna grinder nang froogle. hmm, awan iki ana janji karo wong nang kafe...
katone aku bakal kangen, kangen banget karo komputerku
awakku kesel. masalah akeh, gawean akeh. ning jebul masalahe wong liya luwih akeh, luwih rumit
wingi dolan nang sakwijining proyek omah ing bintaro. apik, tak akoni lumayan. kolam renang, kamar mandi mewah, taman lan teras wiyar. nanging nalika tekan ruangan ndhuwur garasi, kabeh sarwa prasaja. resik nanging kaku. beda karo taman ing sisih tengen omah. trap-trapan kang nuju panggonan iki uga cilik. panggonan iki kanggo batur (pembantu). umpama wong sing nduwe omah iki nduwe asu, mbok menawa kandhang asune luwih apik tinimbang panggonan iki. wong-wong kang rila ngetokke dhuwit jutaan kanggo ndandani asu nang salon, nanging nggaji bature ora nganti sakjuta. yen mlaku-mlaku nang mall, bature ngetutke, kaya rahwana diiringi punggawane. konsep kelas kaya ngene iki awet wiwit jaman mbiyen. aku kenal menungsa sing bature kudu lungguh ing jogan yen dheweke lagi ana ing ruwangan kang padha. mbok menawa, menungsa kaya ngene karepe lucu, ben kaya adegan srimulat kae.
debian, aku seneng debian. nek lesbian gnu/linux?  ning aku luwih kepengin ngopi2 nggo iki  karo klambi iki
akhir2 iki awakku krasa pegel. aku ora ngerti entuk seka ngendi pegelku iki. pikiranku uga lagi owah, maca berita nang koran wae isa kepikiran terus. kamangka, berita koran kuwi isine pesimis thok. ndonya kaya arep kiamat sesuk esuk. durung maneh, ana kucing lan anak2e sing isih cilik manggon nang pyan kamarku. saben bengi mung rame thok. turu gak jenak. banjur? gaweanku numpuk, lan lagi sadhar yen aku kudu ngrampungke kabeh gawean minggu sesuk. sing goblog maneh, aku gawe jadwal wawancara narasumber ngawur, mepet2 kabeh karo rencanaku cuti. nyetel lagu2ne jamie cullum sing anyar ben semangat. ning kok tetep wae. mesti ana sing salah karo sirahku. coba ganti lagu. sik sik sik ngrampungke get your way. ....... enake ganti apa ya? gamelan digul wae, ben sisan nglangut. ngrungoake swara gambang slendro marai kelingan ngomah. kelingan jaman cilik nunggoni bapak dolanan gambang ing ruang ngarep. utawa, thuthukan gambange paman, sing luwih apik timbang bapakku. improvisasine luwih macem2. ngancik tekan lelagon ladrang mugi rahayu, dadi alon banget. aku ora ngerti piye konsep kang sejatine. yen ing gendhing2 kang alon, thuthukan gambang, gender, siter, lan bonang luwih cepet tinimbang liyane. malah ing lagu-lagu dolanan sing ritmene cepet, gamelan2 mau ora dienggo. ning ketoke gak sehat nyetel ladrang esuk2 ngene iki. ganti wae narto sabdo. speaker komputerku sing parah eleke apa soundcarde? apa rekamane? aku wingi wis convert sebagian seka kaset ning ketoke isih angel diresiki swara2 kemresek kuwi.
#pungkasan.sh #!/bin/bash if [[u < i]] then $HOME=u elif [[i > u]] then $HOME=i elif [[i!=u]] then $HOME=$OLDPWD fi startx exit 0
esuk iki udan, listrik byar-pet amarga kagi ana sing ndandani pompa banyu ing ngisor. awan iki, aku krasa ana sing ilang, nanging aku ora ngerti kelangan apa.
udan udan udan aku kepencil ing ngarep prambanan. lungguh ing panggonan liren, ana bule telu sing aku gak mudheng ngomong apa.
mudhun seka kreta ing kutoarjo, langit isih peteng. lemah teles bar diguyang udan lan subuh cepak tekane. pisanan sing kepikir, ngopi2 ing warung. sinambi ngobrol ora jelas karo wong prembun lan bakule, rasane pikiran kumepyar. kopine enak. jarene bakuke sing gawe pancen sekti. merk-e aneh, muntu. kopi asli kutoarjo kang anane ya mung nang kene. sekilo 36 ewu.
 dina iki tsunami, setaun kepungkur.
 artine gambar iki bisa dideleng ing kene
waduh ana sing nyetel richard cocciante, iki jenenge nyiksa mood sing lagi kepengin kerja.
sepi. aku tangi turu tanpa swara radio utawa tv. lan esuk iki aku dikancani tahu lan pisang goreng. mbiyen, tuku 2 ewu entuk tahu 3 pisang 3. saiki mung entuk 4 gorengan thok. ana teh kang mrantasi weteng ben bisa gawe esuk iki krasa serius. dolanan pysol (simple simon) lan gtkboard (othelo, memory, pentaline) nganti bosen. sakdurunge nonton berita tv sing wagu2. menteri2 diangkat. ganti nyetel radio, isine pakar2 ekonomi ngece kabinet 'imf bersatu' kuwi. iki ngelingke marang kitab wicara keras, anggitane yasadipura ii. kitab iki isine mung nesu-nesu thok marang kahanan jaman kuwi. ngaku turun brawijaya, ora sekti ngaku anak pandhita, ora beteh ngeleh ngaku anak pujangga, ora wereh pa siji ngaku anak sujana, nalare liwar ngaku anak ngulama, ora bisa ngaji ngaku anak cina, ora kucir ngaku anak santri, ora bisa maca kul-hukira2 arti indonesiane ngene: mengaku keturunan brawijaya, tidak sakti mengaku anak pendeta, tidak tahan lapar mengaku anak pujangga, buta huruf mengaku anak orang pandai, kabur pikirannya mengaku anak ulama, tak tahu mengaji mengaku anak cina, tidak dikuncir mengaku anak santri, tidak dapat membaca qul-humendhing mangkat wae. mikirke kaya ngene bisa ora bar-bar. mlaku tekan plaza chase, numpak kopaja 19 tekan kantor. kantor sepi. ngobrol2, nguripke koputer, mangan awan.
foto iki takgawe nganggo pda. iki siji-sijine foto kang tak gawe nalika kuwi. nalika kuwi aku lagi lungguh ing kursi pinggir segara. kayu kan katon kuwi meja bunder kang persis ing ngarepku. sakwetara pegawe hotel lagi ngrataake pasir, bule-bule jogging, lan asu sepasang kang lagi kawin. kuwi mau ora bisa katon ing foto iki. kadhangkala, akeh perkara kang luwih becik ora katon.  esuk kuwi adhem. aku isih kelingan omonganku karo pimredku yen aku males mangkat menyang bali iki. aku ora nate bisa ngrasaake apa endahe bali. nanging beda nalika kuwi. aku bisa ngrasaake endahing bali. esuk-esuk nongkrong ing pinggir segara, wan ngrungoake wong ngomongke komputer, lan wengine ngopi-ngopi ing lobby. niatku mangkat pancen wus seje. aku kepengin aufklarung. aku kepengin mulih dadi wong anyar nalika tekan jakarta maneh. lan pancen, setahun iki aku dadi menungsa liya, kang aku dhewe ora ngerti ngapa bisa kaya ngene. nalika lunga menyang garuda wisnu kencana, aku weruh lintang ing ndhuwur. lintang kuwi endah. ana rasa kang suwe ilang lan aku bisa nemu maneh. aku kaya dikampleng, diantemi, lan dipulasara dening wektu-wektuku nalika kuwi. ana kapang kang banjur kesimpen dadi bosok dening wektu, dening kahanan, dening crita kang ora ngerti ukarane kepriye. apa lintang kae bisa dadi crita liya? nalika mulih, pitakonan isih tetep dadi pitakonan. banjur, ana cathetan-cathetan melankolis. ana impen-impen sing aku ora ngerti maknane. saiki, aku kepengin mbukteake, yen impenku salah. wingi, aku ngobrol karo budi pradono. arsitek iki crita perkara rancangan-rancangan utopia. utopia kuwi endah, nanging tan ginape. akeh wong kang ora mudheng uga yen kuwi pancen endah. kaya lintang ing ndhuwur kono, bisa wae wong liya nganggep kaya lampu kurang sorot. esuk iki, lagu-lagu cengeng metu seka komputerku. ora ana ombak segara lan asu kawin. sing ana mung tumpukan majalah kang wujude wis ora jelas.
wayang kuwi dolanan wewayangan. dudu objek yang sejati nanging bisa agawe nangis. empu kanwa, pujangga jaman airlangga nate nulis: wong kang nonton wayang nangis, ngungun lan sungkawa, kamangka wus ngerti uga yen kang ditonton mau mung kulit kang ditatah, diwenehi wujud manungsa, lan bisa ngucap. wong kang nonton kaya wong kang seneng rajabrana ndonya. mula dadi kepencut, ora ngerti yen sejatinu mung bayangan kaya silumankanti ndonya kang beda, mbah kanwa iki kaya mbah buyut plato kang lunga menyang akademia. "ndonya iki mung tiruan." kaya dene sufi kang mumpet ing nggunung. akeh wong2 kuna kang nganggep wayang kuwi luwih sejati tinimbang asline. dhalang2 ora wani gawe crita prabu baladewa kalah yen entuk tanggapan nang madura. akeh sing percaya, yen wong-wong madura kuwi keturunane prabu baladewa. baladewa kuwi kratone ing mandura, ing crita wayang. dadi ya mirip karo jeneng madura. ana maneh kang banjur dadi fatalis. Hyang kuwi ya kaya dhalang. manungsa mung manut apa karepe dhalang. dadi ing jawa, ana kang ngugemi omongan "mung sak derma nglakoni."yosodipuro i nganggep liyane maneh. dhalang kuwi pralambange suksmane manungsa. wayang kuwi kekarepan. ana sakwijining wayang kang asline seka wewayangan. bagong kuwi lair seka wewayangane semar. yen ing lakon-lakon, kadhangkala crita iki digambagrke bagong seka kuncunge semar. mula, tinimbang petruk karo gareng, wujude bagong luwih mirip semar. semar njaluk karo dhewa supaya entuk kanca, mula digawe kanca seka wewayangane mau. nanging ora kaya semar, bagong ora nduwe sopan-santun lan grusa-grusu. bagong lan semar beda ing sifat, nanging mirip ing wujud. ing pedhalangan surakarta, wiwit 1749 nganti jaman anyaran indonesia mardhika, wayang bagong ora ana. kadhangkala diganti nganggo wayangkang sinebut cengguris. kabiasaan iki diwiwiti seka jaman pakubuwono iii. pakubuwono iii kuwi asor karo walanda (voc). dheweke isin merga kalah karo landa, mula ora ngentuakake bagong ana ing wayang. bagong, kang sifate cluthak lan ngomong saksenenge, asring digawe dhalang kanggo ngritik sapa wae. ing jogja, bagong tetep aman-aman wae ana ing wayang. malah dhalang-dhalang jogja nambahi maneh tokoh antasena kanggo ngritik penjajah landa. nanging ora kaya bagong, antasena isih nduwe panguwasa. dheweke ksatria. lan bagong?  bagong kuwi mung wewayangan, dadi apa kang dilakoni ora ana beban. bagong dadi gantine nalika semar ewuh ing wicara. asline, ing pedhalangan jawa wetan ora ana petruk lan gareng. punakawan kuwi umume pancen mung loro thok. bancak lan dhoyok. togog lan bilung. jurudeh & prasanta (wayang panji). sabdapalon & nayagenggong. penthul&tembem. nanging ing bali, punakawan kuwi ana papat. ing jawa kulon ana wolu. kejaba kuwi, wayang sejatine luwih pas yen dideleng seka mburi kelir. dadine mung ireng lan putih. semar lan bagong dadi ora beda adoh.janaka karo karo irawan kuwi sejatine ora beda adoh. wong tuwa apa enom sejatine ora beda. sandhangan rakyat karo panguwasa ya padha irenge. ora katon gebyare makutha sang kresna utawa ali-aline bambang ekalaya. yen wis ngene iki dadi kaya ketemu pak dhe karl marx. simbah buyut plato wis lali. nanging wewayangane awake dhewe? mbokmenawa ora bakal bisa lali. yen isih ana srengenge, isih ana cahya, isih ana rembulan, dhewe nduwe wewayangan.
ing jagad karawitan, martopangrawit luwih kondhang tinimbang pontjopangrawit, gurune. aku uga lagi ngerti pontjopangrawit setengah minggu kepungkur, ing bentara. buku riset margaret j kartomi nyritaake gamelan gaweane pontjopangrawit kang sinebut gamelan digul. gamelan iki digawe nalika ing digul 1920-an. maune aku ora niat maca bukune. aku mung penasaran karo gendhinge, lan ing bukune ana bonus cd-ne. lan pancen elok tenan. gamelan kuwi rinungu apik. kamangka barange digawe seka kaleng lan kayu-kayu bekas. bonang digawe seka rantang-rantang bekas. nanging swarane luwih apik tinimbang gamelan seka wesi. umume, gamelan kuwi ana loro, yen amnut materiale. gamelan seka wesi, kang asring dienggo ing ndesa-desa lan gamelan perunggu, kang dienggo ing kraton. yen kaya sing tak enggo dolanan jaman cilikku mbiyen,, gamelane paling ya seka wesi. aku wis nate nuthuk gamelan perunggu nalika melu lomba, lan pancen swarane cemengkling. bali perkara gamelan digul mau. nalika ngrungoake swara rebab kang dimainke pontjopangrawit, rasane kaya nglangut. nalika dheweke ing digul, dheweke nggawe rebab seka kaleng sarden lan membran-e nganggo kulit kewan. swara rebab ing cd iki pancen ora nganggo rebab kuwi, amarga rekamanne ing antarane 1956-58. ing kene, gendhing renyep, ladrang eling-eling kasmaran slendro mau rinasa sepi ing pikiran. gamelan digul dhewe saiki ana ing monash university. ana rekaman tahun 2002 seka gendhing iki lan isih rinasa apik. seka gendhing ladrang wilujeng (laras slendro manyura), swara gambange isih apik, kenong isih cemengkling (ning katone sing nuthuk kurang alus), balungan (saron, demung) isih waras swarane. sing ora waras ya critane pontjopangrawit kuwi. dheweke melu pki lan rekasa dening kahanan. ora kaya hatta kang bisa urip luwih kepenak ing digul (ana rewang lan entuk nulis, digaweake omah dhewe), ahli gamelan iki kudu melu mbukak alas lan kena malaria. crita seka penerjemah versi indonesia, hersri setiawan, uga ora kalah nrenyuhke. mantan anggota lekra kang dibuang ing pulau buru iki uga kesurang-surang kahanan. jaman ing pulau buru, kurang luwih 17 gamelan wis digawe. gamelan2 kuwi digawe seka bekas bom-bom. rinakit dadi gamelan kang luwih lengkap lan kanti (jarene) swara kang luwih apik. ananging, gamelan2 mau wis ora ana tilase. <
lagu blower’s daughter lagi keprungu seka radio. sakwetara aku kudu nulis saktulisan maneh lan ngedit saktulisan liyane. wa lah, malah ditambahi lagu2 king of convinience
turon ing kamare swargi bapak. mentas wae radione ngrampungke crita, judule "mitoni." aku dadi kelingan bapak lan uga durung tilik kuburane lebaran iki. bapak mbiyen sok ngisi acara kaya ngene iki ing radio. maca novel basa jawa kang akeh2e isine tresna, tresna, lan tresna. istilahe crita2 panglipur wuyung. wuyung kuwi artine "jatuh cinta." eman, dene saiki wis angel golek acara kaya ngene iki. mbok menawa, amarga wacanane kurang.
takbir wis rame keprungu. swara radio mung ngancani tanpa ginape. aku rumangsa, pasa taun iki nggawa akeh wangsulan marang pitakonan-pitakonan salawase uripku. lebaran iki uga nggawa wangsulan liyane. uripku sabanjure, uripke kepungkur. teror telpon sing kejawab maneh seka sapa, lan laku urip sebanjure. uga, dosa-dosa kang ora kinira sing wis dilakoni. aku pancen kudu njaluk ngapura marang wong akeh. aku pancen ora bakal dadi fitri suci kaya bima nalika ketemu dewa ruci.
iseng dhudhah2 lemari nemu buku jaman semester 2/3. isine cathetan pejaran plus pisuhan2. ing cedhak lembar pungkasan nemu puisi2 sing akeh2e wis lali. yen dideleng tanggale durung suwe, 21 agustus 1998. sing paling seneng "mengenangmu barang sesaat, untuk ayah." sing paling aneh "reuni." sing paling kampungan "diamku klasik." sing sok romantis "catatan masa kecil." enake endi sing ditulis nang kene? iki wae..., sing paling cekak. diamku klasik sambil mendengar bbc london cari di bawah kasur ini seribu rindu yang telah kubuang bangsat! diamku tetao klasik
mbok menawa, kaya ngene iki kang kelakon ing jaman mbiyen. nalika...
nyambut gawe rasane wis gak bisa konsentrasi. pikirane mung kepengin ndang mulih tekan ngomah........
ing wayang, tatahan tangan ana maknane. jarene bapakku swargi, tanganne satriya kuwi lambang sistem politik jaman wali-wali. wali kang kondang ing babagan wayang ana akeh. sunan kalijaga kondhang dadi dhalang. sunan giri seneng ngubah wayang. mula, dhalang sok nyebut sing kuwasa ing jagading wayang kuwi sanghyang jagad giri nata, amarga sing nata wayang-wayang kuwi mbiyen sunan giri. banjur ana uga sonan bonang kang lantip ing gendhing. tangane satriya kuwi dadi pralambang yen ulama ana ndhuwuring umara (panguwasa/sultan). driji panunjuk dilempit lan ditutup dening jempol, kuwi lambange umara. lan kang tetep merdhika ya driji telu liyane kang dadi pralambang ulama utawa para wali.

tangane wayang kang ala dipralambangake beda. sing dilempit driji manis lan sing tengah (kaya posisine driji metal). kuwi dadi pralambang tangan kang seneng ngrusak. malah ing wayang kang awujud raseksa, tangan sijine thok kang bisa obah. tangan sijine nyengkerem ing mburi. iki dadi pralambang sing siji seneng ngrusak, sing sijine ngenggem raja brana (harta) kang ora gelem dibagi kanggo wong liya. aku lagi ngerti sakwise nggateake yen jebul pendhita durna lan patih sengkuni uga nganggo posisi driji sing kaya ngene, mung wae tangane bisa obah kabeh. raseksa/buta kang bisa diobahke tangane loro-lorone mung buta cakil. tangan paling khas kuwi tangane werkudara/sena/bima. tangane nggegem kuku pancanaka.yen wong saiki, posisi kaya ngene iki dianggep lambange wong saresmi. dene wong-wong cilik ora ana kang mesti. ananging yen punakawan biasane drijine panunjuk sing ora dilempit. kuwi maknane, punakawan utawa wong cilik kuwi bisa dadi pituduh kanggo satriya. bisa uga dimaknani, wong cilik kuwi gaweane protes lan bisa nudhuhke umpama wong kang kuwasa lagi salah. nanging, artine liyane, wong cilik kuwi kurang ajar!

nunggu maghrib sinambi browsing, sinambi ngisi kuping seka album-album anyar sing ana ing meja. ana lee ritenour world of brazil karo def jazz.
jaman revolusi perancis, wong-wong eropa mikirke kamardhikan. busana kan tren ing jaman kuwi luwih simpel. antoine-nicolas de condorcet, pakar matematika, mikirke sing liya. nalika wong2 nganggep revolusi kuwi nyedhakke marang tatanan anyar kang endah, condorcet sedhih. pancen bener kamardhikan kuwi cedhak, nanging dheweke nganggep ngadohke marang kasantosan, kabegjan, kebahagiaan. ing inggris, bukune thomas paine rights of man laris amarga ngomongke hak rakyat. panguwasa bingung. nasionalisme karo agama dadi tameng. dadi negara monarki dudu jawaban, nanging aku uga ora nganggep sosialis utawa liberal kuwi jawaban liyane kang luwih becik. demokrasi? aku ora ngerti. ukara iki ora nate nemu pungkasan kang becik. tanpa negara kaya sing dikarepke karl marx? kuwi ya kaya utopia-ne thomas more liyane. aku ora ngerti wangsulane, kaya dene aku ora ngerti ngapa kok nulis perkara iki. katone mung mbuang2 pulsa wae merga lungguh dhewe ing balkon sepi.

perang ndonya kepisan, kanggone politik jagad, dianggep wiwitan negara-negara nyawiji. perang agawe rukun negara-negara kang ing sisih kang padha. ananging, kanggone wong-wong kang melu perang (uga keluwargane, kuwi dadi kasangsaran ing ngendi-endi. manut cathetan sejarah, akeh wong dadi kere, panganan angel digoleki. sawetara kuwi, ing jagad mode, jaman-jaman kuwi wiwitan haute couture (istilah perancis sing aku ora nate bisa nyebut kanti bener) mrambah tekan ngendi-endi. inggris lan perancis dadi pusating ndonya. milan lan new york uga melu kondhang. ngrembuk haute couture (adi busana) kang regeng dienggo ing pesta-pesta iki kaya dadi guyonan nyenengke ing kantor. desainer-desainer indonesia kuwi akeh-akehe ya mung tukang jahit. wong-wong kuwi bisane njiplak seka buku-buku mode, ditiru polane lan diganti wernane, banjur digawe nganggo kain murahan kang dituku seka pasar tanah abang utawa mangga dua. sakwise kuwi didol larang nganti atusan juta. kanti rega sing bisa dienggo tuku sedan kuwi, asring uga jahitane kasar. nanging wong-wong mau antikritik. ning saiki kan pasa? luwih becik ora susah diteruske rembugane, mengko batal pasaku.
aku kepengin turu. aku kepengin mulih. aku kepengin bali magelang, ning taggal 28 isih suwe. (matur nuwun kanggo ririn sing wis nggolekake tiket)
wong-wong rapat, aku lungguh cedhak pojokan lan ora mudheng apa sing dirembug. rapat iki sampah, wong-wong iki sampah, gawean iki sampah.
perangan tengah ing pagelaran wayang, nalika gunungan tancep panjer jejeg, gara-gara mesti ana. nanging yen pas bharatayudha, gara-gara ora ana. aku ora ngerti alesane kang saknyatane, nanging bapakku mbiyen wis nate ngendika, yen bharatayudha kuwi crita kang sedhih, mula ora ana wektu kanggo gojeg. ananging apa gara-gara kuwi perangan kang nyenengke? dhalang tansah miwiti gara-gara kanti "bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap." banjur dhalang nggremeng "oommmm" kanti swara kang alon, kaya ati kang perih. kayangan rame lan ndonya isine bubrah. gunungan diobat-abitke rana-rene. blencong (senthir kanggo pepadhang ing wayang) kedhap-kedhip amarga kena angin sabetane gunungan. gonjang-ganjing kuwi mandheg nalika petruk, gareng, bagong, lan semar metu ing pagelaran. gareng nggresula amarga kakehan utang, bagong ngece lan ngajak guyon, petruk nembang, lan semar ngekei wewarah. ing kene, dhalang bisa ngetoake swara asline. gareng swarane cemengkling ora ngepenakke kuping, bagong sember gedhe, semar temuwa. petruk? ora ana kang padha swara petruk antarane dhalang siji lan liyane. yen kepengin ngerti kaya apa swara asline dhalang, rungokna wae swarane petruk. mula gara-gara dadi perangan kanggo ngritik panguwasa, kanggo usul yen ana kang ora cocog ing ati. nanging ing jaman orde baru, dhalang entuk jejibahan nyiarake program-program pemerintah. dadi, dhalang kaya dene juru kampanye kanggo pemerintah umpama ora arep dilarang karo negara golek pangan. gara-gara kuwi sejatine dadi pralambang marang samubarang kang kedaden. nalika raja lan ksatria ngrampungke urusane, gara-gara dadi pepiling yen para panguwasa kudu eling marang rakyate, wong-wong cilik kaya anak-anake semar iki. amarga, yen wong-wong cilik iki ora digateake, bumi bakal gonjang-ganjing lan para dewa ora jenak lungguhan ing kayangan.  ukara 'bumi' dijupuk seka 'bhumi' 'bhumi', ing jawa kuna, artine meh padha karo negara. desa kuwi 'wanua' utawa 'thani'. kumpulaning wanua/thani kuwi 'watek/watak.' kumpulaning watak/watek kuwi bhumi. bhumi-bhumi iku ginabung dadi negara pusat kang dipimpin dening 'maharaja.' dadi, mirip kaya sistem 'negara serikat.' gara-gara dhewe ora ana kang ngerti kapan wiwit mlebu ing pagelaran wayang kulit. nanging ing prasasti abad iv jaman tarumanegara, ana katrangan yen 'mawayang' (wayang) lan 'mabanyol' (lawak) wis ana lan dadi tontonang kang populer. rajane nalika kuwi gawe kali ciliwung. lumrah ing jaman kuna, raja-raja gawe saluran irigasi utawa saluran banyu awujud kali kanggo nguripi rakyate. amarga rakyat kuwi wigati supaya 'bhumi' tetep tentrem lan ora ana gonjang-ganjing.
esuk mau aku mikirke perkara rega lenga sing larang lan manuk pilek kang mateni wong. awan resik2 kamar lan nemu peta wisata bali, ana no hp kesawa, guide sing mbiyen ngancani desember taun wingi. wengi iki, dewi nelpon, bom njeblug maneh. apa perlu, ndonya iki diruwat?
sugeng pepisahan kanggo nomer 08568985876
 rumangsane, urip kaya mlaku cepet. lan nalika aku nyoba weruh raiku dhewe, ing esuk kang bigar lan wengi kang tintrim, aku jebul wis salin rupa. siji-siji kabeh dipethik seka panggonan kang beda, rinakit dadi rai anyar kang durung ngerti apa jenenge.
akhir2 iki bingung arep ngapa. akeh gawean sing blas ora tak lirik. aku lagi krasan ana ngomah, ing kamarku kang ditata anyar, karo komputerku, karo critaku. karo turu zzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzz
nothing so true as what you once let fall, ‘most women have no characters at all’. matter too soft a lasting mark to bear, and best distinguish’d by black, brown, or fair. how many pictures of one nymph we view, all how unlike each other, all how truealexander pope padi nyanyi mahadewi, alexander pope nulis puisi, lan aku nate percaya yen widodari kuwi ana. nanging wektu mbukteake, widodari kuwi mung impen amarga aku kakean turu.
iki ngimpi: aku numpak sepur nuju beteng (desa omahe mantan pacarku). kawit kapan ana sepur ing kene? sakngertiku anane mung dhokar utawa ojek. ongkose sewu rupiah, nanging aku nduwene 10 ewu. nanging aku disusuki 10 ewu. dadi gratis. nanging terus aku cubriya, amarga wonge wadon kabeh. terus dhuwit mau ganti werna dadi krupuk urang dibungkus plastik. aku metu mlumpat, lan sepur mau ilang. ngepasi aku mlumpat ana wong wadon loro, ngajak ngobrol ngenani tulisanku. loh? ning jebul aku gaweane wis beda.mau bengi langsung turu ngono wae. tanpa nyetel tv, uga komputer. nalika tangi, sholat, lan kaya biasane: dolanan komputer karo nyrutup teh cap tjangkir. utekku tekan ngendi2. iseng mbenerke tulisanku. 6 bab? lumayan lah. tambah 2 bab ing 2 minggu iki. mangkat rada awan menyang toko buku aksara kemang. ing ndalan ngobrol karo sopir sing semangat crita ngenani 'kebijakan lalu lintas di jakarta.' aku njupuk buku papat, lan banjur mulih numpak metromini 77. aku paling seneng maca buku ing bis. lan karo nggateake tulisan ngenani burma (myanmar), aku dadi kepikiran. ing ndonya liya, kahanan liya, kahanan kang uga beda. aku lagi ngerti yen animal farm karangane george orwell kae sindiran kanggo negara burma.

tekan blok m wis tekan kaca (halaman) 23. mangan soto ayam lan es cao ing blok m karo neruske maca, mbayar (lan sing dodol ngomong 'makasih' tanpa ndeleng aku), tuku pulsa, terus munggah ing terminal. jakarta mendhung. udan rintik2, wong2 nganggo klambi sekolah mlayu2 wedi kudanan. kopaja s66 mlaku mlipiri dalan, nganti tekan ratu plaza aku mudhun. karo mlaku aku isih kelingan burma. we burmese, we need to escape. we don't want to read non-fiction. we want only fiction and fantasy. we want to read about heroes - strong men, clever men. jarene hla htut, wong burma. kyaw thein, penyair, mung bisa nulis puisi ngenani tresna, amarga bawa akyaung m'yay neh (aja nulis perkara urip!). wedi, nesu, sedhih. dendam? kedjaba kasebut ing dhuwur, jen mbokmenawi aku diparengi honorarium supaja kagem uang duduk para staff redaksi db jen nglembur bengi.ing taun 1962/1963, majalah djaja baja gawe sayembara ngarang crita cekak (cerpen). sayembara iki diumumke ing edisi 29 desember 1963. ana 179 cerkak mlebu kang tinulis dening 163 pujangga. sing menang nomer siji slendang bang-bangan anggitane suparta brata, nomer loro godhaning katresnanany asmara. lan kang istimewa kuwi juwara sing nomer lima, yaiku sura dira djajaningrat, lebur dening pangastuti kang tinulis ismijati seka kediri. tinimbang pengarang liyane, dheweke ora kondhang ing jagad sastra jawa. kaya layang kang tak kutip ing dhuwur, ismijati ora gelem nampa hadiah. wanita iki kelairan 19 september 1925. ismijati kuwi lonthe lan mucikari ing kediri. nalika kuwi umure wis 38 taun, dadi kepetung 'lonthe tua.' nanging jarene suripan sadi hutomo (iki hb jassin-e sastra jawa), isih ketok seksi. ismijati ngaku, yen dheweke dadi lonthe ora merga golek dhuwit. dheweke malah wis nate melu organisasi wanita. alesane mlebu bisnis seks kuwi mung prasaja: balas dendam karo bojone. wedi, nesu, sedhih, dendam. kuwi energi liya kang kebak inspirasi. nalika aku munggah nuju kantorku ing lantai 26, wong2 katon resik wangi kaya tanpa perkara. aku lungguh ing mejaku, lan mungkin uga kaya tanpa perkara.
tangi turu ing kamar semrawut lan aku kelingan aswatama. iki mesti merga mau bengi ngrungoake wayang seka radio. mau bengi aswatama diajar sadewa ing alun-alun dwarawati. aswatama kuwi wayang ora penting. rambut lan sikile kaya jaran, amarga lair seka jaran sembrani malihane dewi krepi. wonge kendel, pinter, lan piter olah kaprajuritan. pusakane cundamanik. wonge ngeyelan. nalika bharatayudha, dheweke ngerti yen prabu salya licik. nalika kuwi salya dadi kusire adhipati karna. salya kuwi maratuwane karna. perang tandhing antarane arjuna lan adhipati karna iki sakjane imbang. ngepasi karna arep manah arjuna, jarane disendhal dening salya, mula panahe mleset mung ngenani rambute arjuna. arjuna ganti gelungan rambut dadi kaya karna, mula lakon wayange 'karna tandhing' amarga kaya ana karna loro lagi tandhing. ngerti polahe salya kaya ngono kuwi, aswatama nesu. dheweke lapuran karo prabu duryudana. nanging duryudana iku uga mantune salya. aswatama disalhke lan diusir seka astina. dheweke mulih menyang tempuru, kerajaane ibune. bharatayudha wus rampung lan aswatama kelingan karo banowati kang mestine wis randha. dheweke nyulik banowati, nanging ora gelem. banowati isih kelingan yen dijanjeni bakal dadi bojone arjuna. banowati bisa oncat seka cekelane aswatama lan mulih menyang kraton banjur dhaup karo arjuna. ngepasi wengi, aswatama mlebu karton astina. alon-alon dheweke mlebu kamare wong-wong kang lagi turu. iki kedaden ing lakon 'aswatama nglandhak.' ing kono dheweke mateni wong akeh. drestadyumna (sedulure srikandi sing mateni durna), pancawala (anake yudhistira), srikandi, lan mestine banowati. dadi banowati mung dadi bojone arjuna mung sedina. banjur aswatama mlaku nuju kamare parikesit. bayi parikesit nangis lan njejak pusaka pasopati kang banjur ngenani pundhake aswatama. aswatama njerit, mlayu, lan konangan dening bima. bima nesu lan ngremukke sirahe aswatama nganggo gada rujakpolo.
|