30.6.02

kawula dereng saged wangsul


sumurup laku
ingkang mboten gangsar
kawula nyuwun pangapunten
dereng saged cawis jarit bathik coklat kuning

kalih wulan punika
kawula mboten saged ngadep
wangsul
nyangking tas cangklong mlebet regol ngajeng

punapa kapang tasih
kasimpen ing ngandap bantal ?
sampunna kapang
kalebur ing tirta soca
amargi ingkang ragil
tansah memuji rahayuning katresnan, kapang, lan kawigaten
mbok menawi, wulan sa ngajengipun,
kawula wangsul
lan saged njawab pitakon ingkang katinggal
ing paran


00:33 7/1/02
-----------------
lagi asyik ngompori cah-cah gawe blog

28.6.02

Hujan Bulan Juni

tak ada yang lebih tabah
dari hujan bulan juni
dirahasiakannya rintik rindunya
kepada pohon berbunga itu


tak ada yang lebih bijak
dari hujan bulan juni
dihapusnya jejak-jejak kakinya
yang ragu-ragu di jalan itu


tak ada yang lebih arif
dari hujan bulan juni
dibiarkannya yang tak terucap
diserap akar pohon bunga itu


1989
Sapardi Djoko Damono
pas wawancara karo damsyik mau, wetengku mules. iki mesti merga mau sarapan, aku ra biasa sarapan esuk. ning piye maneh, ngobrole enak tenan, dicritaake tentang sejarah dansa, bla..bla..blaa.

kanggo mecah perhatian wetengku sing mules, tak sambi ngrokok. padahal ing perpustakaan ora entuk ngrokok. untung ora ana pak sugeng, sing mbau reksa perpustakaan. akhire, ku kuat setengah jam ngobrol lewat telpon. puass. sak cepete aku nang wc. legaaaaaa........

bar kuwi ngobrol karo seno sing bar liputan kebakaran. taman puring kebakar. wah mesti akeh handphone ludes, nang taman kuring kondang amarga dadi pusat dol-tinuku hp colongan. memang rame banget mau, saengga jalan kebayoran baru, cedak kantor polisi, kudu ditutup. untung wae mau numpak taksi, dadi ora telat nang kantor. padahal sak janne aku prei.

bar ngobrol, nonton sedela mtv, ana lagune melly "bimbang". enak, bar ngising terus nonton dian sastro. ngisingku dadi kethok estetis.
wis suwe ora mbukak fray, jebule saiki tampilane beda. lumayan dibanding mbiyen sing prasaja banget. saiki nglangut, arep mulih isih aras-arasen. tapi sesuk aku ana janjian karo narasumber jam 7 esuk, wah kudu tangi gasik iki. sak wise kuwi kethoke enake mlaku-mlaku nang book fair, mumpung bar gajian. terus ngapa ya ? oh iya, nonton bal-balan, terus turu. si deddy ngajak nonton bal-balan nang newscafe, males tenan. mending push up dibanding nang newscafe. masalahe mbayar...he..he..

apa nonton nang front row wae ? nek nang kono isa gratis, panganan karo mlebune. nanging tetep wae males.

mulih ahh..........................
pas mbuka situs tata ana alamat email karo password-e sisan. tak jajal jebule isa. kenthir !
rencanaku dina iki mulih kampung, ning kok ana gawean sing durung rampung. males tenan, mosok tugas kon nggoleki sekolah dansa-dansi, terus wawancara him damsyik. aku ora nduwe nomer telpon-e. kampret...kampret

setengah dina mung browsing blog-blog thhok. jebule akeh wong sing nganggep uripe rekasa. ketoke naif, ning ya kenyataanne ngono.

26.6.02

lagi wae ngobrol karo kak seto mulyadi. di dongengi putri sewidak loro. nalika semana, ana ibu sing nduwe anak elek rupane. cah wadon kuwi mung nduwe rambut sewidak loro. nanging, ibu tetep sayang. si ibu asring nyanyeake lagu kanggo anakke. ing lagune kuwi, si anak dicritaake ayu lan suk bisa dadi bojone raja.

sak wijining dina, salah sawijining punggawa kraton krungu. "iki penghinaan," jare punggawa kuwi. sang punggawa lapor marang sang raja. rajane utusan prejurit supaya nggawa putri kuwi. deweke penasaran, jarene punggawa putri kuwi elek, ning si ibu kok ngomong yen ayu rupane.

si ibu setuju, asal dipethuk nganggo kereta kang katutup rapet, saengga sang raja dewe sing antuk mirsani. akhiri sewidak loro digawa menyang kraton. ing sepanjang perjalanan, ibune tansah nenuwun marang dewa. deweke yakin yen anake bakal dadi ayu kinclong. para widodari krungu panjaluke ibu kuwi. mula pada mudun lan ndandani sewidak loro. tekan kraton, sewidak loro rambutewis ora sewidak loro maneh. deweke ayu. lan akhire dadi bojone raja. unenak tenannn.

nalika ngobrol mau, aku dadi kelingan bapakku sing asring crita yen arep turu. crita mau, crita sing dadi favorite kak seto mbiyen lan tansah kelingan tekan saiki. jarene, crita kuwi ngandut pesan moral kang apik, yaiku keyakinan kakng kuat. keyakinan bisa ngubah urip kang maune ora kabayangake. wah nek iki curhate kak seto.

23.6.02

wengi, gawe utek kelingan dolanan gamelan. wayah ngene iki, mbiyen, karo bapak dolanan gamelan. rasane enak tenan. biasane aku nabuh bonang, utawa thithi. yen ora ya saentukku, angger aja kendang utawa rebab. masalahe aku ra isa mainne. wis tau, nalika bapak lagi ngajar gamelan ibu-ibu pkk, mas gono sing biasane nyekel kendang ora teka. aku njajal. pertama-pertamane enak, terus iramane tak banterke, maklum dudu gending nanging lancaran. tibake aku ora isa ngalonke. ibu-ibu pada panik merga dadi cepet banget. untunge bapak ngalonke nganggo tuding kayu. yen rebab, aku wis tau njajal, ning gandeng bapakku dewee ya ora bisa aku ra ngerti carane main. swarane malah awut-awutan.

tekan saiki, aku isih kepingin main gamelan, sayange kok ya ra tau ana kesempatan. aku pingin nduwe siter. pas aku nang bis bareng akro tukang siter, jarenen regane Rp. 300 ewu. wah ya ketoke ra nyandak duwitku. rasane iri nalika deweke main siter nang bis. nanging, saiki kuku jempolku wis ora dawa maneh, dadi ya tetep wae ra isa main siter.

nalika bapak seda, nang ngomah isih ana gambang slendro lan pelog, uga saron slendro. nanging gambange saiki dijupuk paman tayuh. tak pikir luwih apik nang kono, aku dewe rada males dolanan gambang. mending gender sing swarane rada alon. isa nggo nglangut.
piket mbengi. ra ana gawean. ngrokok mild sinambi nyrutup kopi susu. hueenak tenan. sedina mau ya mung nang ngomah, lan syukur alhamdulilah, klaim kesehatan kaca mataku akhire metu. pas tak cek nang ATM mau, ana tambahan duwit Rp.215.000, berarti ra sah utang !! lan isa tuku sate ayam nang pasar mencos. mangan sate nang tanggal-tanggal neraka kaya ngene iki jan rasane mewah, wareg kayane elok tenan.
ngerti yura arep nulis tentang netscape 7, aku dadi kepingin nulis gerakan anti microsoft. ketoke menarik. mau sore aku nulis kanggo panjebar semangat. rasane golek ukara kaya golek wong ayu nang kantor, angel !
embuh ngapa, aku dina iki kelingan tentang zorro. nalika cilik aku kepingin kaya zorro. nalika kuwi aku nggawe topeng lan nggawe pedang seka kayu tak cet perak, terus gantine jaran nganggo sempalan seka kayu blarak kambil. aku uga nduwe gudang 'rahasia', panggonane nang gudang mbako-ne ibuku. nalika mlaku-mlaku, aku mikir yen wong-wowng bakal ra ngerti aku. pokoke kaya zorro. ning jebule wong-wong tetep kenal aku. berarti crita zorro ngapusi. dasar cah cilik.

21.6.02

mungkin, sak wijining dina mengko aku isa mikir luwih jero. akhir-akhir iki kelingan omonganne herbert marcuse ngenani masyarakat teknokratis. yen tak pikir-pikir, kerjaku saiki persis apa sing ditulis filsuf mau. urip kesusu, kerja,lan ora nate ngrenungake apa sing dikerjake. apa sing dikerjaake ora saka renungan kang jelo, nanging kaya robot kang kapogram dening kahanan. kapitalis tenan.
terus piye carane uwalseka kahanan iki ? mungkin aku kudu nyepi utawa semedi kaya plato? ra mungkin, aku isa mangan seka ngendi ?
iseng. ngapa ya ?
iseng. ngapa ya ?

19.6.02

durung entuk tugas. nganggur tenan. nulis apa ya ? neruske crita wingi?
mau bengi mulih telat, masalahe ana kelas basa jurnalistik seka mas ivan lan mas johan. ngantuk sak jane. mengko bengi kethoke ya mulih telat maneh. ana kelas fotografi. yen ngene iki dadi semangat nulis. ning kok mumet ya? ngrungoake yura lan edu padu basa jurnalistik saiki ? wong loro pada udur beritane faisal tentang kebakaran.
ratri ngindik laku, nyaru dadi bayangan lucu. apa ana komet ?
saben dina ngetik. ra bosen ? sakjane ya bosen. ning piye maneh, golek duwit je !! sedina udad-udud wae ra ana ide menarik. isih kelingan crita sing tak tulis mau bengi. ngganjel rasane.

aku uga kelingan tawaran pindah kerja.gelem ra ya ? kethoke sih gajine lumayan lan sing jelas aku pingin serius nang budaya. tapi, aku rangu-rangu.

Wingi bar maca "Pasar" Kuntowijoyo. Rasane muak karo budaya Jawa sing kakehan aturan unggah ungguh basa. Aku yakin basa feodal bakal ilang ing sak wijining wektu mengko.

16.6.02

genep 27 taun. terus ngapa ? ra beda karo taun wingi, rencana gagal kabeh !

14.6.02

aku titip tulisan
kanggo bapak
nanging alamate ngendi ?
pasareyanne ora ana alamate.
"Cedak blumbang ngisor wit pring"
apa kudhu dak tulis ngono ?
yen langkah jumangkah kanti tidha-tidha

dalan ora bakal lempeng

ati tuwuh saka anggitaning ratri

nyawiji dadi lancaran tanpa wanuh thuthukan bonang

aku kudu minggat

saka dalan iki