30.11.04

aku ora ngerti, ngapa yen ana ing ngomah nulis kuwi gangsar tanpa pepalang. lan ing kene, batavia kang sarwa ngewuhke, gawe lakune getih ing nadi luwih banter tikel telu, sirahku mandheg ngalamun.

iki cuplikan tulisan pas cuti 2 minggu.

Nalu

Wengi kuwi, Nalu lungguh ing ngarepan. Sunar rembulan Asuji kaya mili liwat godhong wit Siwalan. Ing njero omah, Limus lagi nulis ing lontar.

Angkrikan cilik gaweane Nalu iki sengaja digawe, kanggo cangkruk sinambi ngalamun. Nyawang candra seka tengah wana kuwi rinasa beda yen dibandhingke karo seka ngarep omahe ing Wangsan. Ing Wangsan, kaendahanne rembulan maujud ing pasuryane Ni Sumag. Sumag? Nalu dadi kelingan yen lagi ninggal kenya. Apa Sumag isih kelingan marang dheweke?

Sithik lan alon, wewayangan Ni Sumag maujud ing cahya rembulan ing tengah wana. Wewayangane mantul seka godhong Siwalan, direwangi ambune kembang kenanga ing sisih kiwa omah. Rinasa, Ni Sumag dadi wujud kang tanpa wujud. Wujud kuwi kaya gambaran acintya, wujud kang angel digambarke kaya ngapa barang lan ambune.




Lango

Perkara kapercayan lan sesembahan, kuwi urusan keri. Ana kan luwih wigati tinimbang perkara kuwi. Dheweke mukti lan lungo seka desa iki.

Tresna uga dudu perkara wigati. Saklawase iki, dheweke nganggep tresna kuwi uga mung dolanan tinimbang sepi.

Nanging kawit wengi kuwi, perkara tresna tansah nggoda pikir kang nyanthol ati. Lango wiwit mikirke, tresna kang saklawase iki dilakoni apa pancen bisa dianggep tresna? Yen to wit-witan, tresnane kuwi kaya wit apa?

Oalah, ndonya kang tansah ngewuhke rasa. Tresna kuwi apa? Apa pancen bener kapercayan kuwi isa ngubah tresna dadi endah? Kapercayan? Sak ngertine, kapercayan kuwi kaya watu Ni Langgi ing galengan sawah.

Suwe mikirke, Lango tetep percaya yen kapercayan kuwi mung dolanan. Panemu kuwi tetep kukuh nganti dheweke ngalami prastawa ing sakwijining wengi.

Nalika kuwi, ana patemon maneh ing Pertapan Samber. Dheweke mlaku liwat sawah. Nyawang watu Ni Langgi, dheweke mesem. Alon-alon dheweke nyedhak. Kenya iki kelingan marang tembang Hyang Kareman, Sapwan, wong-wong desa, lan pitik cemani. Oh ya, dheweke kelingan tembunge Sapwan. Dewaning awake dhewe! Yen Sapwan nduwe Hyang Kareman, dheweke nduwe Ni Langgi. Lango mesem.

Esem kuwi kecandhet. Lemah obah. Apa iki?

29.11.04

9.11.04

[none]

wengi sepi. nonton tv ra mutu. weteng luwe


ramadhan ing jakarta kuwi, ora kaya ing kampung. jaman aku cilik, tarweh kuwi dolanan. akeh panganan lan uga kanca-kanca kang isa dijak dolanan. tinggal milih, arep dolanan jamuran, umpet-umpetan, utawa oyak-oyakan. rembulan kang jinggrang luwih kepenak maneh. nanging pas mulihe siap diseneni wong tuwa. amarga sikil reget lan gatel kabeh dolanan nang damen. nalika kuwi, aku luwih seneng dolan tanpa sandal utawa sepatu. kanggo nunggu buka, wanci awan dolanan mercon bumbung. yen ora ya maca buku nganti sore. kadhang kala ngrewangi ibu lan mbakyuku gawe panganan. yen ana kancane, mancing nang kali pinggir desa.

wis rada gedhe, ramadhan kuwi tambah gayeng. angger melu pengajian bar tarweh, dijamin weteng wareg. aku ora seneng dolanan mercon dhor. mendhingan maca buku utawa nonton nang bioskop kecamatan. Tarife isih 150 rupiah. saiki, gedhung bioskop kuwi wis ora ana maneh.

jaman wis tambah tuwa, lan ramadhan sangsaya nyenengke. tarweh kuwi kesempatan ngeterke cewek-cewek. mulihe alon-alon ben suwi tekan ngomah. bengine rondha lan ndangdutan sakkemenge. bubar subuhan, mlaku-2 seka mesjid tekan jembatan wates desa. awane mancing karo cewek utawa kliling2 kecamatan numpak pit motor.

kuliah? ramadhan kuwi golek buka gratis. iki kegiatan standar cah kos-kosan. Sakliyane kuwi ya biasa2 wae.

saiki? ramadhan kuwi berarti entuk thr.

8.11.04

setu wingi, ana sing nelpon ngepasi bubar saur. wong wadon iki, mbiyen sengsara amar dirudapeksa. dheweke takon kabarku lan njaluk ngapura. njaluk ngapura?

mbuh piye, aku kaya ora trima yen dheweke sing njaluk ngapura. kudune aku!

nanging kuwi uga ora penting. aku mung bisa bingung kudu njawab apa. sing jelas dheweke saiki wis nemu ndonyane dhewe, kang luwih becik tinimbang jaman kawuri.

1.11.04

crita lenong:
ing tengah alas, durjana krungu swara kenya-kenya kang lagi gegojegan. nalika dicedhaki, jebul para widadari lagi adus ing sakwijining tlaga. durjana nyaut klambi siji. para widadari ngerti yen ana sing ngintip, mula padha mlayu njupuk klambine terus buurrr ! mabur munggah langit, kejaba widadari siji sing klambine dijupuk durjana. akhire durjana entuk bojo widadari.

crita minahasa:
pemudha kang gaweane golek iwak, mamanua, lunga menyang tlaga. jebul ana widadari lagi adus. klambi dicolong, widadari mabur, mamanua entuk bojo.

ing toraja-bare'e sing dadi tukang intip jenenge si bongko. ing india kuno, puruwawas, medura - arya menak. lan ing jawa, crita iki kondhang kanti lakon jaka tarub-nawang wulan.

aku ra ngerti, ngapa crita kaya ngene iki sumebar ing asia tenggara. beda panggonan, ganti lakon. sing aku penasaran, sing ngarang crita iki asline mbiyen. mungkin gaweyane pancen sok ngintip wong adus nang blumbang. yen ora, sakwijing pujangga kraton kang seneng mlebu keputren nonton putri raja lagi padusan.
tangi, buka, udad-udud, gawe permohonan cuti
lagi wae merem, deni teka ndelehke kertas plastik ing meja. werna abang. sapa sing kurang kerjaan kaya ngene iki? ngekei aku undangan fashion show? turu meneh.

zzzzzzzzzzzzzzzzz
males. ngantuk. ......

maca berita, rapat, ngobrol, turu.

zzzzzzz

28.10.04

lagi asik neruske crita kang wis suwe ora tak teruske. iki sebagian crita kuwi.


Wengi kuwi desa Wangsan wus kapilut dening wengi, dadi siji mring ireng kang mencereng. Swara gender keprungu seka sakwijining omah. Dudu. Dudu omah, ananging mahanten ing ngarep omah. Kidung kapilara keprungu sajak golek kanca. Wong kang nuthuk gender mau merem, kaya pingin mlebu ing kidung kanti sesidheman.

Panganggone kang prasaja suwala mring crita kang ana ing kidung. Tembang kang nyritakake ngenani Wibisana kuwi ngulandara alon keprungu tekan omah ing ngarepe.

Ora ana kang ngerti, ngapa Nalu nembang Ramayana ing pupuh Wibisana dadi raja Alengka. Wis telung dina iki, kawit mulih seka Bhumisegara, Nalu tansah nembang ing wayah ratri. Ana kang ngira yen ing Bhaira Budha dheweke entuk wisik gaib.

Sedina sakdurunge, Nalu nembang ing pupuh Sarphakenaka ngganggu Lesmana. Ing dina sakdurunge maneh, dheweke nembang Hyang Kareman. Ora ana kang ngerti tembang iki. Tembang iki ora nate keprungu sakdurunge seka sapa wae. Nalika esuke tangga teparo padha takon, Nalu mung mesem. Tanpa jawaban.

Sakwise tembang Wibisana rampung, Nalu ganti crita. Saiki dheweke nembang dewaning asmara, Kama.

Critane Kama kang ngayahi jejibahan golek reka nyadarke Dewa Siwa. Para dewa nyarujuki yen Siwa kang bisa mrantasi raseksa Nilarudraka kang ngobrak-abrik kahyangan.

Ananging Siwa semedi tanpa kendhat. Dheweke ngulandara ing jagad kadewatanne dhewe, nlusuri ening ing cipta, rasa. Dheweke kaya lali yen nduwe prameswari kang isih suci.

Kama semedi, kembang-kembang katresnan katon kanti endah ngupengi Siwa. Ananging kembang kuwi muspra, langsung layu tanpa bisa ngalahke bebendhu.

"Apa tresna wus ora ana gunane?" batine Kama ora percaya. Dewaning asmara iki banjur kelingan Ratih.
"Ratih, apa tresna wus ora ana gunane?"

Tembang kecunthel tekan semene. Kuwi tembang pungkasane Nalu sakdurunge ilang.

-----------
kamus

kapilut: terpesona
mring : dengan
mencereng : melotot
mahanten : rumah kecil depan rumah di arsitektur zaman dulu
kapilara : teraniaya
sajak : seperti
sesidheman : diam-diam
suwala : menolak
kidung : lagu
ngulandara : mengembara
pupuh : bagian dari suatu cerita/syair
bhumisegara : nama daerah borobudur zaman dulu
bhaira budha : nama bangunan borobudur zaman dulu
wisik gaib: bisikan gaib
ratri : malam
tangga teparo: tetangga
jejibahan : kewajiban
reka : cara
nyarujuki : dari kata 'sarujuk' yang artinya sepakat/setuju
mrantasi : menyelesaikan dengan baik
kendhat : putus
ening : hening
muspra : sia-sia
bebendhu : halangan
kecunthel : terpenggal

12.10.04

"datang ya? lupa ya sama aku?" swara wong kang nelpon wingi awan rasane kaya isih ketinggal nang kuping. aku kudu teka. nanging gawean isih akeh. lan ngapa aku kudu kelingan janji teka dina iki. nyaut wadhah sabun, mlebu kamar mandhi. kepikiran aku durung ngrampungke tulisan. coverstory? aku arep nganggo clana coklat apa ijo? gebyar-gebyur lan ati ora jenak. ora penak.

metu kamar mandhi
mlebu kamar.
nguripke komputer.
ngleboake cd biru kang ana tulisane twentysomething jamie cullum..
njupuk mug putih langsung gawe kopi.

nalika rampung, weruh cd coklat miles davis. twenty something durung rampung lagu rhese are the days, tak ganti swara2 trompet nows the time.
nuripke rokok amild.
mandheng jendela kang isih ketutup korden biru.
njupuk pda, iseng maca ebook. ""ing tengahing jagade dhewe kang ora langgeng iki, aku rumangsa dadi kayu kang lungkrah, kesasar." ngapa aku maca divine comedy kang marai sedhih iki? ora nganti sak rong paragraf, aku mandheg.

"bsk jam berapa? dimana?"
sms iki uga mlebu ing pikiran. bengi iki rapat maneh. proyek buku iki nambai stres.

"kontak-kontak terus ya?"
swara seka wong tak telpon mau bengi isih nyanthol ing kene. aku kudu golek pepadhang.

ngapa ya?
ana buku apa?
anthony gidden?
whitehead?
romoshon?
pacar kecilku? rampung rong puisi wis bosen.
gak ana sing asyik.
agenda lawas? katone menarik.
tulisan apa iki? oh, resensi film hulk jama ing kantor lawas.
maca cerpen2 sing ora dadi.

wetengku krasa mules. mlebu jedhing karo nyangking agenda liyane.
ana tulisan sing menarik. tulisan iki sing gawe rasa sumringah sithik. aku uga ra mudheng ngapa kok kaya ngene. tulisane biasa wae.
setting: rapat dpr ing gedung paling pojok

usulan am fatwa untuk bersidang di luar gedung dpr dipermasalahkan di rapat paripurna. sehabis akbar tandjung membacakan pidato pembukaan, chotibul umam wiranu melakukan interupsi. "usulan itu sangat naif," ujarnya menanggapi usulan fatwa tersebut. menurut chotibul, hal tersebut semacam ajakan kepada tni/polri untuk ikut dalam politik praktis. ungkapan ini kemudian diiringi lontaran"hu..." oleh beberapa anggota dewan dari fraksi lain. ....bla bla..bla...

aku ngrampungi ritual mbuang mules iki sakwise maca puisi. kang aku uga ora ngerti kanggo sapa.

pagi tadi aku menculikmu
dari kolong tempat tidur
matamu sembab, namun
tetap saja memuakkan

siang tadi aku memakimu
sampai air liurku habis
sepuas kata
dan tak ada lagi umpatan tersisa

malam ini aku membunuhmu
dengan bilah malam
yang menusuk tepat jantungmu
tetapi, mengapa aku yang terkapa?

14 mei 2001


aku metu kamar mandhi kanti ati lega. mungkin amarga wetengku sing ora mules, mungkin merga puisi lan berita lawas sing aku gak mudheng maksude apa. mbuh! aku mangkat kerja wae. ngrampungi kawean sing kececer.

jebul ana sms seka pimredku.

jumenten nggelar kloso, dodol kupat ngarep gapuro. meniko dinten bade poso, menawi lepat kawulo sakaluargo nyuwun ngapuro

tak jawab

juminten mlebu majalah, lambene abang raine sumringah. menungsa karem gawe salah, nyuwun pangapurane uga ben atiku bungah

mangkat.

7.10.04

kudune, ora ana kang wani nggangu gawe esuk iki. tanpa gawean kang nyiksa utek, tanpa inspirasi kang isa dibuntel dadi dagangan kang bakal dicithak. komputer jangkrik mung bisa mbisiki thelonious monk "ruby, my dear, kanti swara kang nggawa ngalamun. pda sak genggeman mung bisa ngancani dolanan. teh wis entek kari 30 cc. glek, banjur ilang.

nanging isih ana kang kudu dirampungi. aku pingin mulih! mandheng menoreh ing sisih lor, gunung merapi ing sisih wetan. watu yoni ing ngarep omah.

saiki, aku mung bisa nonton cecak kang lagi mangan semut, ing cedhak monitor 14 inci, kanti iringan count basie nyanyi "left my baby." mendhing diganti wae, benny goodman kanti tembang "flying home". apa isa kaleksanan?

isih ana tulisan ngenani mural. isih ana buku musik film kang kudu diresensi. mendhing, adus sik, sakdurunge kabeh muspra lan aku mung bisa ngalamun ing kamar sedina-dina. lan cecak mau wis lunga, mbuh ana ngendi.



muspra: hilang musnah
yoni: batu lambang perempuan peninggalan jaman dulu
cithak: cetak
kaleksanan : terlaksana

6.10.04

mandheng jendela, kamar kang anyar (paling ora lagi telung dina nginep). lan rumangsaku kaya ora nang jakarta. nanging uga ora kaya ana ngomah. marai lali, yen sakjane aku lagi ditumpuki gawean kang akeh. lan durung siji-sijia kang rampung.
iseng kliling2 blog, lan nemu ana wong masang quoteku. "narsis itu indah" he he he

28.9.04

nalika nang lift, embuh ngapa aku kepikiran sakwijining prastawa pirang puluh tahun kepungkur. nalika kuwi aku isih cilik, lan mbakyuku sing nomer pitu lan swargi bapakku lagi ngomongke: 'rupa sing aristokrat.' mungkin wae aku kepikiran amarga mau bengi melu pemotretan sing model-e seka uzbekhistan. rupane aneh, jarene kancaku,"seperti bukan manusia."

nalika kuwi, aku gak mudheng apa maksude rupa sing aristokrat mau. aku isih sd, lan aku ora isa njarwaake apa maksude rupa sing dianggep adhiluhung mau. sakwise ngancik sma, aku lagi paham, apa sing dimaksud rupa priyayi mau.

ananging ing lift mau, aku kepikiran, "apa rupa aristokrat kuwi?" apa kuwi sing di-ece trunajaya nalika ngece wong2 mataram anyar sing asline dudu seka keturunan raja? apa aristokrat mau mung rai kang resik amarga asring dilulur ing salon? lan aku kelingan apa omongane penerjemah-e model seka uzbekhistan mau," kalau di sini, dia kelihatan cantik. di negara asalnya sana, wajahnya hampir sama semua seperti itu."



kamus kanggo sing basa jawane pas-pasan

prastawa : peristiwa
sakwijining : suatu
kepungkur : yang lalu
njarwaake: menerjemahkan
asring: sering

24.9.04

nalika esuk, siaran radio ngomongke masalah wong kang kudu mlaku alon. mlaku alon kuwi bisa ngemong sirah kang lagi bunek. tanpa mikirke tujuan, ananging proses.

awan iki, akudolan menyang galeri cemara, nonton pameran karo berto. seni instalasi sing dipasang standar wae. lan aku iseng njajal sakperangkat audiosystem sing judule jakartanoisecore. nalika headphone tak pasang ing kuping, isine marai mumet, rasane utek kaya dibombardir swara-swara campur aduk. katone iki swara campuran seka knalpot bis kota lan swara elektrik. dicampur dadi semrawut.

bar seka kana, kepikiran mampir nang ayu. rasane enak yen nongkrong ing pinggir tlaga ngarep omahe ayu. lan pancen tenan, enak tenan. pas tekan kono, ayu lagi nonton dvd last life in the universe. sinambi udad-udud lan ngombe coca-cola/tekita, obrolan tekan ngendi2 sinambi nyawang tlaga seka nduwur.

dina iki, uripku pancen ketok alon. sayang, email yahoo-ku, kawit mau esuk tekan saiki uga mlaku alon. aku gak isa mbukak kawit mau.

22.9.04

wingi sedina rapat, nganti aku turu pas ing tengah rapat. dina iki, setengah dina rapat. urip kok isine mung rapat.

awan mau, aku iseng lungguhan cedhak blumbang ngarep gedhung landmark. ana cah wedhok cilik, jenenge ori, nyedhaki aku. nggawa karcis2 kreta jurusan depok-tanah abang akeh banget. terus dheweke ngajak dolanan. embuh entuk ide seka ngendi, dolanane rada wagu. kaya dolanan sinau ngetung. tumpukan karcis2 mau gantian nyekele, terus ngetung: "satu, dua, tiga,..." sakdurunge, negtung takon dhisik arep ngetung pira. terus yen aku ngetung lima, aku entuk ngeplak dheweke ping lima. nek dheweke ngetung tekan 10, dheweke ngeplak ping sepuluh. kaya wong pekok. kadang dheweke salah ngetung, kebablasen tekan sepuluh kamangka mung ping sanga. dadine dheweke ngeplak aku tambah siji. wis nate tak kon ngetung tekan 15. ori bingung. jebul dheweke mung isa ngetung tekan 12.

13.9.04

nalika jaman kadiri, arok dadi akuwu. dheweke nyusun strategi kanti ngumpulke brahmana siwa lan tani. brahmana siwa sengit marang tunggul ametung kang wisnu, lan para tani nesu amarga kelakuane sing sakwenang-wenang. banjur arok nyedhaki tunggul ametung lan nawakake bantuan kapurih ontran-ontran kuwi isa katumpes. tunggul ametung ora ngerti yen sakjane arok dhewe sing gawe ontran-ontran kuwi.

wijaya, anak turune arok kang wus ngliwati abad, nate mbaleni prastawa kuwi kanti swasana kang beda. dheweke njaluk bantuan pasukan cina kang teka kanggo mateni maratuwane. wong2 ttiongkok ora ngira, yen
sakbanjure wijaya bakal balik nyerang. banjur wijaya gawe negara majapahit.

sejarah mung nyathet yen arok lan wijaya kuwi wong kang pinter (lan licik). arok ngedekke singosari lan wijaya gawe majapahit. sejarah ora nate nyathet, pirang prajurit kang mati amarga kelakuane. sejarah uga
bakal nyathet, bom kang wingi njebluk ing cedhak kosku, watara 10 menit jangkahan sikil. nanging korban-korban kang mati ing prastwa kuwi, ya mung dadi guyonane koran lan majalah kanggo sakwetara wektu.
"ini menarik," aku kelingan banget ukara iki kang nate diomongke redakturku mbiyen. ukara kang gawe mangkel lan marai wegah maca koran. lan yen wektu ngijinke, koran-koran bakal dadi bukti sejarah, kanggo
pirang-pirang abad mengko. lan mungkin, wong-wong kang bakal maca koran kuwi uga bakal ngomong,"ini menarik!"

"saya mengutuk kejadian itu!" ukara iki asring metu akhir2 iki. tv, radio, koran. wong2 kaya wajib ngomongke ukara iki. kaya japa mantra kang kuwat banget. ing sejarah aturan ing jawa, kutukan kuwi nate dadi
aji. ing prasasti jaman mataram kuno (sakdurunge abad 10), ing watu-watu tinulis ukuman kanggo wong kang nerak aturan lemah perdikan (sima). nalika kuwi ukumane mung kutukan, kang isine kurang luwih kaya ngene:
yen lunga nang alas bakal dipangan macan, yen lunga ing alas disamber bledhek utawa dicokot ula, lan yen mati ora ana sing ngrumat. yen kesalahane gedhe, wong kang nerak paugeran mau diusir seka desane.

ngancik jaman kahuripan, kadiri, majapahit, ukumane ora cukup mung kutukan. ing prasasti-prassti ditambah ukuman dhendha. wong2 kang nerak paugeran bakal bayar duit kanggo kesalahane mau. banjur tambah maneh, ukuman fisik. tugel tangan utawa tugel sirah. ing prasasti2 mau, uga ana owah-owahan. yen mbiyen, wong2 desa kang
teka ing perayaan sima mau ditulis lengkap. malah ana wong sing liwat uga ditulis. ngancik jaman majapahit, kang ditulis mung raja, pejabat istana lan daerah. wong desa kang ditulis mung rama desa (kepala desa).