30.12.04

aku gumun
marang sliramu kang bisa wira-wiri ing utekku
lan pancen aku mung bisa gumun
sliramu kuwi kaya pedhut
ijo dadi putih,
abang dadi putih
ireng dadi putih.



28.12.04

ing njaba udan deres. pemehanku mesti teles kebes. lan kawit mau, aku mung nang njero kamar, ngadep komputer. sing ngancani? joss stone, dave mathews, count basie, basia, jamie cullum, lan saiki edie brickell. aku seneng lirike. let me turn your tv, before you crazy. came out for a while with me. no don't be lazy. tall trees shadow fall. (take a walk).

kopi fine blendku kari sithik. apa mendhingan nang supermarket? nanging udan ngene. katone luwih becik tetep lungguh ing kene. mandheng ngliwati jendela, nonton tanduran kang ijo, langit klawu, lan ngalamun.

--

mlaku nuju balkon. ing latar omah sisih, ana bebek putih lagi udan-udan. metu jam pira? nganggo payung apa udan-udanan kaya bebek mau? dina iki arep ngapa? ngapa kabeh kudu diwiwiti nganggo pitakonan2?
lungguh sik ing sofa kene. ngrokok. aku dadi kelingan, mbiyen wis nate gawe program komputer kang gawe keputusan apa sing arep tak lakoni.

--

ponsel muni. aku mangkat. ngliwati grimis nganggo sweater biru, clana coklat, lan sepatu biru.

aku luwe. mampir nang warung cedhak four season, mangan tongseng.

tekan kantor, mlebu regol, lan katon sepi. ngopi file seka cd nang komputere berto. nonton anton gawe situs. lan bosku pamer cd anyar. saiki, aku nulis sinambi ngrungoake samuel l jackson maca puisine pablo neruda, walking around. donya krasa sepi.

26.12.04

sewengi bingung ra isa nulis. isaku mung gawe iki.

23.12.04

asem, lagi enak-enake ngetik karo ngrungoake lagu, ana ambu sing beda karo kopi. sangit. terus ada kebul. monitor komputer kiamat...

20.12.04




iki dewi srikandi versi chiclit. ing pedhalangan, srikandi kang bisa mateni resi bisma. patine bisma mau amarga panahe srikandi direwangi roh dewi amba. amba kuwi artine ora 'amba' kaya jaman saiki, nanging artine kawula. dheweke anake prabu darmahambara kang mbarep, raja ing giyantipura. ibune dewi swargandini. sedulure loro: ambika (simbahe kurawa) lan ambiki (simbahe pandawa).


sakjane, dewi amba wis dipacangake karo prabu citramuka ing srawantipura. nanging sing nglamar akeh banget. mula banjur ana sayembara, sapa kang bisa ngalahke buta wahmuka lan arimuka kang bisa ndhaup putri telu iki. lan kang bisa ngalahke dewabrata (jeneng enome resi bisma), anake prabu sentanu ing astina.


putri telu diboyong, nanging ing tengah ndalan, dewi amba njaluk supaya dibebaske amarga dheweke wis dipacangake karo citramuka. bisma sarujuk. dewi amba lunga nemoni citramuka ing srawangtipura. nanging citramuka jebul ora gelem, amarga dheweke nduwe penganggep yen dewi amba kuwi wis sah duweke bisma marga menang sayembara. dewi amba bali ngoleki dewabrata. nanging, dewabrata uga ora gelem nampa. dewi amba meksa. dewabrata panas atine, dheweke medeni dewi amba nganggo panah. karepe ben lunga wae. nanging dewi amba tetep ngeyel pingin melu. tanpa diduga, cekelane dewabrata ora kenceng, panah ucul ngenani dhadhane dewi amba. sakdurunge mati, dewi amba janji ora bakal munggah kahyangan yen ora bareng dewabrata. ing supatane mau, dewabrata bakal mati ing tanganing wanita.


dewabrata dadi gela. dheweke banjur dadi resi lan ora kawin ngenteni dewi amba nyabut nyawane. jenenge ganti dadi resi bisma. resi iki mati ing tanganing srikandi kanti panah. sakjane, dheweke dhewe kang njaluk srikandi kang dadi mungsuhe ing baratayuda.


sakdurunge mati, dheweke nunggu dewi amba kanti dikrubungi pandawa lan kurawa. bisma njaluk supaya ana panggonan kanggo semendhe, kurawa ngekei dipan kang mewah. bisma nolak. dheweke milih dipan gaweane pandawa kang digawe seka pucuk-pucuk panah. nalika ngelak, kurawa ngekei ombenan kang nikmat, nanging bisma ora gelem. dheweke milih ombenan kang dicawiske pandawa, banyu kanggo ngumbah pusaka. bubar kuwi, wewayangan dewi amba teka, nggandeng tangane bisma munggah ing kahyangan.


kok dadi crita bisma? gak chiclit banget.



--------

dipacangake = dijodohkan
ndhaup = memperistri/nikah
sarujuk = setuju
supata : kutuk

19.12.04

rasane, ana watu kang nindhih sikilku
tan kuwawa mlangkah
mung bisa nyawang srengenge kang ateng mencereng
aku kepanasen
meh mateng


17.12.04

lungguh nang sofa balkon. isis. silir. bubar tangi turu. sirahku mumet amarga luwe, wingi mung mangan ping pisan thok. nanging lagi males metu, sakwetara nyrutup teh.

15.12.04

lagi jeleh, bosen, males mikir. iki kudu dirampungi, kudu golek panglipur ati, sakdurungi gawean mateni wektuku. nonton? maca buku? turu? ngalamun? dolan-dolan? gak ana ide!

14.12.04

basa kang owah merga menungsane owah.
jawa kuno - jawa saiki - indonesia

ramya - rame - ramai
lyang - leng - liang
agya - age - lekas
kagyat - kaget - kaget
wwalu - wolu - delapan
kulwan - kulon - barat
wwang - wong - orang
ruksak - rusak - rusak
wuri - buri - belakang
wagus - bagus - bagus, elok
wuhaya - baya - buaya
syisya - siswa - siswa, murid


jaman cilikku mbiyen, bapakku nukoake buku tembang kang critane "sembadra larung." burisrawa pancen seneng tenan karo wara sembadra kang ireng manis. nanging sembadra luwih milih arjuna. pancen akhire arjuna dhaup karo sembadra, senajan katresnan sejatine arjuna kuwi dewi banowati. ing crita mau, sembadra dipateni dening burisrawa lan dilarung ing samudra.


ing kitab mahabarata, burisrawa kuwi anake raja bahlika, lan neruske keprabon dadi raja. ing pedhalangan jawa, dheweke anake prabu salya, raja mandaraka. ibune aran setyawati, kang asring dadi pralambang wanita kang setya.adhine, dewi banowati, bojone raja astina duryudana. ing wayang, dheweke dadi mungsuh sejatine setyaki. rambute ngrembyak kaya bob marley (nanging luwih dawa). awake gedhe setengah raseksa, kaya hagrid ing crita harry potter. wonge brangasan lan umuk.


ing baratayuda, burisrawa mati dening setyaki. lan nganti patine, burisrawa ora nduwe bojo. tresnane mung siji, marang wanita kang milih arjuna kang nduwe bojo akeh, sembadra.

11.12.04

rajapati

kamar semrawut, sedina mung ngalamun thok. gak
produktif. kopi pait ngancani wengi, niatku arep nulis
kang sarwa endah. nanging kabeh ukara lagi lunga. aku
malah kepingin mateni werna abang kang sedina iki
mbungkus utekku. minggat wae kana, sakdurunge ana
rajapati lan gawe lara ati.

7.12.04

aku paling seneng nalika pas 'terobsesi' (aku gak mudheng basa jawane terobsesi). rasane, awak anget, sirah melar, lan irung megar mingkup kanti konstan. nalika wingi nongkrong ing warung kopi amerika, aku kaya cah ilang. nanging aku pas terobsesi. ana wong wadon loro nganggo blazer ireng sibuk karo laptope. rong pasang menungsa guyonan ing sisih kiwa. aku mandeng dalan rasuna said. ora ana kang spesial. kaya wengi wingi lan wingenane maneh. uga wengi mbiyen nalika durung ana warung kopi iki.

mlaku ngliwati dalan mburi, mulih mandeng dalan-dalan kang asring diliwati. lan aku isih terobsesi. mandheng langit tanpa wicara, grundelan tanpa ukara. utekku rusak.

lan mau, bubar seka aksara, nyangking buku loro. the fortune of taste kang nyitaake sejarah permen karet, lan novel magic seeds. gak! aku wis suwe males maca. rumangsaku aku wis ora nduwe obsesi maca buku. aku luwih seneng nonton wong-wong lungguh ing kafe, mlaku-mlaku ing selasar, wong tuku bakso, tukang bangunan turu nang suketan, omongan ra karuan seka radio, obrolan sopir taksi, lan kabeh kang urip ing ngarepku.

ing busway, nonton petugas kang katone rumangsa gagah nganggo sragam, penumpang ayu kang bingung arep madhep ngendi. apa sing kira2 dipikirke? lungguh ing sisih tengen lan katon mingkring2 ora jenak. cah lanang kanti penganggo kasual sithik2 nglirik kenya kuwi. lungguh ing sisih kiwa, nanging gayane kaya ora minat. lungguhe uga mingkring2 ora jenak. pisan pindho mandheng njaba jendhela, lan mlengo kanti alon ing arah kenya mau. kenya mau ora nate mandheng ing arah wong lanang mau.

tak pikir, kahanan iki luwih apik tinimbang aku maca novel kang kandel. aku isa mbayangke critane wong telu iki dadi narasi kang beda. nanging, tetep wae, aku isih terobsesi sakwise metu seka busway.

6.12.04

wong-wong lagi ngomongke masalah metu gawean. kantorku lan kantorku sing mbiyen. bedane, yen kantor mbiyen wong2e sibuk golek lumpatan panggonan, ing kantorku wong2 metu gawe gawean. emnuh endi sing luwih becik, aku gak peduli.

mulih seka bali wingi, rekane aku arep badan nang pak lik, nanging aras-arasen. mendhing nang ngomah, lan melu mlaku2 bareng kanca2 kuliah mbiyen. mlebu kantor, tuku majalah infolinux sing anyar, melu rapat, lan kabar2 kang gak enak. sapa peduli?

rasane, wis suwe aku dadi menungsa gak pedulian kaya ngene iki. nanging toh, sapa peduli?

2.12.04

[none]

pantai isih sepi. kancaku mung grimis lan asu-asu kang
wira-wiri. ana asu kang kawin in sisih kanan. Sing
lanang wulune coklat sing wedok ireng. manuk2 kemliwer
ing ndhuwur ombak kang isih aras-arasen ngadek jejeg.
langit ing sisih wetan seperangan katon klawu.

ing tanjung benoa kene,
mung ana laut lan aku
angin lan grimis
manuk sriti lan langit klawu
asu lan asu

30.11.04

aku ora ngerti, ngapa yen ana ing ngomah nulis kuwi gangsar tanpa pepalang. lan ing kene, batavia kang sarwa ngewuhke, gawe lakune getih ing nadi luwih banter tikel telu, sirahku mandheg ngalamun.

iki cuplikan tulisan pas cuti 2 minggu.

Nalu

Wengi kuwi, Nalu lungguh ing ngarepan. Sunar rembulan Asuji kaya mili liwat godhong wit Siwalan. Ing njero omah, Limus lagi nulis ing lontar.

Angkrikan cilik gaweane Nalu iki sengaja digawe, kanggo cangkruk sinambi ngalamun. Nyawang candra seka tengah wana kuwi rinasa beda yen dibandhingke karo seka ngarep omahe ing Wangsan. Ing Wangsan, kaendahanne rembulan maujud ing pasuryane Ni Sumag. Sumag? Nalu dadi kelingan yen lagi ninggal kenya. Apa Sumag isih kelingan marang dheweke?

Sithik lan alon, wewayangan Ni Sumag maujud ing cahya rembulan ing tengah wana. Wewayangane mantul seka godhong Siwalan, direwangi ambune kembang kenanga ing sisih kiwa omah. Rinasa, Ni Sumag dadi wujud kang tanpa wujud. Wujud kuwi kaya gambaran acintya, wujud kang angel digambarke kaya ngapa barang lan ambune.




Lango

Perkara kapercayan lan sesembahan, kuwi urusan keri. Ana kan luwih wigati tinimbang perkara kuwi. Dheweke mukti lan lungo seka desa iki.

Tresna uga dudu perkara wigati. Saklawase iki, dheweke nganggep tresna kuwi uga mung dolanan tinimbang sepi.

Nanging kawit wengi kuwi, perkara tresna tansah nggoda pikir kang nyanthol ati. Lango wiwit mikirke, tresna kang saklawase iki dilakoni apa pancen bisa dianggep tresna? Yen to wit-witan, tresnane kuwi kaya wit apa?

Oalah, ndonya kang tansah ngewuhke rasa. Tresna kuwi apa? Apa pancen bener kapercayan kuwi isa ngubah tresna dadi endah? Kapercayan? Sak ngertine, kapercayan kuwi kaya watu Ni Langgi ing galengan sawah.

Suwe mikirke, Lango tetep percaya yen kapercayan kuwi mung dolanan. Panemu kuwi tetep kukuh nganti dheweke ngalami prastawa ing sakwijining wengi.

Nalika kuwi, ana patemon maneh ing Pertapan Samber. Dheweke mlaku liwat sawah. Nyawang watu Ni Langgi, dheweke mesem. Alon-alon dheweke nyedhak. Kenya iki kelingan marang tembang Hyang Kareman, Sapwan, wong-wong desa, lan pitik cemani. Oh ya, dheweke kelingan tembunge Sapwan. Dewaning awake dhewe! Yen Sapwan nduwe Hyang Kareman, dheweke nduwe Ni Langgi. Lango mesem.

Esem kuwi kecandhet. Lemah obah. Apa iki?

29.11.04

9.11.04

[none]

wengi sepi. nonton tv ra mutu. weteng luwe


ramadhan ing jakarta kuwi, ora kaya ing kampung. jaman aku cilik, tarweh kuwi dolanan. akeh panganan lan uga kanca-kanca kang isa dijak dolanan. tinggal milih, arep dolanan jamuran, umpet-umpetan, utawa oyak-oyakan. rembulan kang jinggrang luwih kepenak maneh. nanging pas mulihe siap diseneni wong tuwa. amarga sikil reget lan gatel kabeh dolanan nang damen. nalika kuwi, aku luwih seneng dolan tanpa sandal utawa sepatu. kanggo nunggu buka, wanci awan dolanan mercon bumbung. yen ora ya maca buku nganti sore. kadhang kala ngrewangi ibu lan mbakyuku gawe panganan. yen ana kancane, mancing nang kali pinggir desa.

wis rada gedhe, ramadhan kuwi tambah gayeng. angger melu pengajian bar tarweh, dijamin weteng wareg. aku ora seneng dolanan mercon dhor. mendhingan maca buku utawa nonton nang bioskop kecamatan. Tarife isih 150 rupiah. saiki, gedhung bioskop kuwi wis ora ana maneh.

jaman wis tambah tuwa, lan ramadhan sangsaya nyenengke. tarweh kuwi kesempatan ngeterke cewek-cewek. mulihe alon-alon ben suwi tekan ngomah. bengine rondha lan ndangdutan sakkemenge. bubar subuhan, mlaku-2 seka mesjid tekan jembatan wates desa. awane mancing karo cewek utawa kliling2 kecamatan numpak pit motor.

kuliah? ramadhan kuwi golek buka gratis. iki kegiatan standar cah kos-kosan. Sakliyane kuwi ya biasa2 wae.

saiki? ramadhan kuwi berarti entuk thr.

8.11.04

setu wingi, ana sing nelpon ngepasi bubar saur. wong wadon iki, mbiyen sengsara amar dirudapeksa. dheweke takon kabarku lan njaluk ngapura. njaluk ngapura?

mbuh piye, aku kaya ora trima yen dheweke sing njaluk ngapura. kudune aku!

nanging kuwi uga ora penting. aku mung bisa bingung kudu njawab apa. sing jelas dheweke saiki wis nemu ndonyane dhewe, kang luwih becik tinimbang jaman kawuri.

1.11.04

crita lenong:
ing tengah alas, durjana krungu swara kenya-kenya kang lagi gegojegan. nalika dicedhaki, jebul para widadari lagi adus ing sakwijining tlaga. durjana nyaut klambi siji. para widadari ngerti yen ana sing ngintip, mula padha mlayu njupuk klambine terus buurrr ! mabur munggah langit, kejaba widadari siji sing klambine dijupuk durjana. akhire durjana entuk bojo widadari.

crita minahasa:
pemudha kang gaweane golek iwak, mamanua, lunga menyang tlaga. jebul ana widadari lagi adus. klambi dicolong, widadari mabur, mamanua entuk bojo.

ing toraja-bare'e sing dadi tukang intip jenenge si bongko. ing india kuno, puruwawas, medura - arya menak. lan ing jawa, crita iki kondhang kanti lakon jaka tarub-nawang wulan.

aku ra ngerti, ngapa crita kaya ngene iki sumebar ing asia tenggara. beda panggonan, ganti lakon. sing aku penasaran, sing ngarang crita iki asline mbiyen. mungkin gaweyane pancen sok ngintip wong adus nang blumbang. yen ora, sakwijing pujangga kraton kang seneng mlebu keputren nonton putri raja lagi padusan.