28.10.06

Bakda

bada kang rinasa béda, tanpa akèh ketemu kanca. nalika umur mranjak kaya jarak rinengga becik, samubarangé uga mèlu salin rupa. plataran ngarep omah sing mbiyèn krasané wiyar kanggo dolanan, pamawasku, latar kuwi wis ora bisa kanggo playon. wit mlinjo ngarep omah sing umure sewelas-rolas karo pak lik yo, wis dikepras pirang2 taun kepungkur. saiki ana wit rambutan sing lagi ngembang. sing jelas krasa yaiku, nalika wong2 liya krasa sumuk, aku isih waé krasa adhem. "ndonya ora owah, lé!" aku sing nonton waé sing sok rumangsa sentimentil.

18.10.06

guyonan seka email

tukijo, tukang kayu seka pagunungan wonosobo. sawijining dina éntuk pagawéyan gawé mèbel ing hotel ing kutha jogja. nalika mangkat, bojoné ngeterké tekan stanplat (terminal) bis, lan janji yèn tugiyem, bojoné iku, bakal nyusul. tekan jogja, tukijo langsung ngirim e-mail  menyang bojoné.

ing panggonan liyane, isih ing wonosobo uga, rugiyem lagi nandhang sungkawa. atiné sedhih keranta-ranta amarga bubar ditinggal mati bojoné. nalika dhèwèké mulih seka ngeterké mayité nganti rampung kakubur, rugiyem mulih. kanggo ngilangi nglangut, rugiyem buka e-mail  kanggo ngecèk warta saka sanak-sesduluré.

iba kagèté, lagi waé dhèwèké maca sawijining email, rugiyem njerit lan semaput  anaké gumun, penasaran mèlu maca e-mail. anaké uga mèlu njerit.

sejatiné, kabèh iki amarga si tukijo salah mèjèt tombol. si ukijo sing lagi ana jogja salah, kuduné nulis tugiyem@wonosobo.co.id dadiné rugiyem@wonosobo.co.id. maklum waé, tukang kayu drijiné
gedhé-gedhé. aksara "t" lan "r" kan dhèmpèt.

isiné e-mail

yem, bojoku kinasih,

matur nuwun tenan wis mbok terké aku mau ésuk. aku wis tekan kanthi slamet. ing éné aku ditampa kanthi becik.  aku seneng amarga jebul akèh kanca-kanca lawas sing wis tekan ndhisik.

jaré sliramu arep nyusul, jenengmu wis tak dhaftarké ing kéné. tak tunggu lo supaya awaké dhéwé tansah bebarengan. sing sabar waé, mung ing kéné jebul rada panas.


salam kapang
bojomu, ijo

16.10.06

aku kangen nulis sing nggenah. kamangka yèn dipikir-pikir, piranti cumepak becik. aku mung kari ngobahké tangan, plirak-plirak rana-rene, mlaku-mlaku, ngrakit tembung dadi ukara, ukara dadi pada, lan tulisan jangkep bisa karipta.

patrapku saiki wis kaya béda.

28.9.06

wis suwé ora nulis nang blog iki. jan-jané ya kangen bisa nulis perkara-perkara ora mbejaji ning tetep wigati. aku lagi ewuh dening sawetara gawéan. ana gawéan sing kepenak, lan akèh sing ora kepénak.

sing tak anggep kepénak iku ya mung perkara wikibooks. aku lan kanca-kanca ing wikipédia jawa lagi ngajoaké marang yayasan wikimédia supaya nggawé wikibooks jawa. isih akèh sing kurang. bèn bisa cepet disetujoni kudu wis akèh isiné. usulan iki uga isih mlebu perkara kang nunggu pasetujoné wong akèh ing voting metawiki.

tak pikir, upama buku2 jawa wis akèh ora kababar (terbit) lan dicithak, bisa tetep urip ing ndonya internèt. kanggo sing minat arep nyengkuyung, urun2 tulisan siji loro (sokur yèn malah akèh) sumangga mampir ing inkubator pustakawiki jawa.

6.9.06

tak tau

pungkasan dina iki, tlapukan mataku sisih kiwa mung kedhuten waé. ati ya
rasané lungkrah kamangka minggu iki isiné kebak gawéyan. arep mlayu ora
ngerti kudu mlayu nandi, mesthiné yèn mlayu ngono waé aku bakal
diundamana dèning wong akèh.

maca pawarta kongres sastra jawa ka-pindho ing semarang, marai aku
kepéngin mèlu, nanging aku ora nduwé wektu. mémangé aku sastrawan? ha ha
ha ha... rasané tulisanku mung isi sampah.

nalika aku wingi mlaku-mlaku nang taman ismail marzuki, aku nemu buku
kang ngemot roman panglipur wuyung loro. katoné aku lagi jodho karo
roman panglipur wuyung akhir2 iki, dadi wis ana 4 novel picisan jawa
sing wis tak duwèni. lumayan, sapa ngerti mengko aku bisa melu nguripké
sastra jawa. mémangé aku sapa?

30.8.06

sedina ya mung ngéné iki. lagi mau aku milang-miling jatah tulisanku. tetep waé durung bisa nulis. aku malah nulis nang wikipedia. sithik. ora akèh.

sedina ya mung klontang-klantung ora jelas. sejatiné akèh sing nang sirah. rasané kaya wis arep wutah tekan ngendi2. gawéan rana-gawéan réné mung marai bingung.

29.8.06

blogi

blogger lagi semrawut. gara-gara ganti format, aku isih bingung piyé
carané ngaksès. aku njajal iki nganggo e-mail. maklum, browserku
kepétung lawas.

akhir2 iki, rasané kaya kurang wektu. aku kangen ngalamun kanthi jenak.
kaya dina2 wingi, dina iki akèh janjian karo manungsa2 liya.

10.8.06

hm... gawean lagi akèh, rasané malah kaya ora bisa mikir. kiwa tengen kebak pangangen. buku sing kuduné rampung tak waca dina iki uga ora bisa. kantor lagi akèh sawetara urusan, sing kayané, ora keconggah pikiran. aku kaya ngranggèh geni nganggo tangan nglegena. tanpa apa-apa.

coba mikir. ayo mikir!

ora. aku ora bisa mikir.

nelpon wong, dijak ngobrol!

lagi males ngobrol.

nongkrong nang kafé!

dhuwité kudu ditabung.

4.8.06

mikar-mikir, ndelok rana-réné, kok ya angèl golèk omah kanggo wong sing dhuwité cupet kaya aku iki.

1.8.06

kancaku nuding layar komputer. aku ora mudheng karepé. nang layar akèh warta sing rata-rata ana tulisané crash karo model. "kenapa?" aku takon kaya wong pekok.
"mèces"
tembung apa manèh iki? mèces? "mèces?"
"iya, mati."
"siapa?"
"model, masih 19 tahun."
"emang kenapa?" aku isih krasa pekok.
"sedih. kasihan."



jeneng model kuwi Heather Bratton, dudu model kondhang uga. dhèwèké peragawati seka florida. mbok menawa aku sing kejem. aku luwih krasa sengsara karo prastawa ing lebanon kana. akèh manungsa mati. tuwa-enom. wadon-lanang.

rajapati luwih gawé miris nalika aku isih sok dolan menyang kantor polisi. saben dina ana wae cathetan ong mati kang teka. para juru warta sumringah yèn ana wong pati ora prasaja. yèn mung mati ketabrak sepur kuwi lumrah lan ora dadi pawarta wigati. ora kemedol.

teori nulis wong mati isih kaya sesanti lawas diktator éropa. "wong sewu mati iku statistik, wong siji mati iku tragedhi." koran-koran sing ngedol getih, migunaaké sesanti iki kanti becik.

20.7.06

yèn manut naskah pangeran wangsakerta, ing hujung kulwan (jeneng lawasé ujung kulon) naté ana negara salakanegara. naskah iki isih dadi parembugan ramé perkara asli-orané. upama naskah kuwi bener, salakanegara (sing ora naté mlebu buku sejarah ngendi waé) dadi negara paling kuna ing indonesia. dewawarman kang asli seka india dadi mantune aki tirem. dhèwèké kawin karo larasati.

sesambungan iki banjur dadi cikal bakalé tarumanegara, sunda-galuh (pajajaran), sanjaya, kutai, swarna-dwipa lan liya-liyané manèh. critané ora kaya babad tanah jawi sing isiné wong-wong sekti bisa mabur utawa ngetoaké geni. naskah iki, critané digawe ing abad le-17 déning panitia kang digawé pangeran wangsakerta kanthi ragad seka kraton banten lan mataram.

akèh sing ora percaya, lan akèh uga kang percaya, utamané wong sundha. dadiné, debat bener orané naskah iki kaya rasis. para ahli purbakala sing nolak mrangguli yèn bukti-bukti ing naskah kuwi rada aneh. naskah kuwi nyritaake seka wiwitan jaman sadurungé masehi, malah dadi kaya crita évolusi vèrsi jawa.

de casparis mung bisa ngguyu, jaréné buchori. profesor filologi iki ya nganggep nek naskah iki gawean anyar. malah dhèwèké nambah sumber pustakané barang.

bener apa orané, sing penting critané menarik. crita ing buku iki tak pikir sejajar karo ndonya atlantis sing ngedab-edabi kuwi. ahli amerika nate nduwé hipotesis yèn atlantis iku sundaland utawa tanah sunda. yèn manut simbah aristoteles, atlantis iku remuk gara-gara gunung creta njebluk. yèn ngono, creta apa krakatau?

ing jagad budhayawan sunda, panemuan iki asik. nanging pakar liyané, umar anggara jenny (gak ana sesambungan paseduluran karo aku) nganggep yen tanah sunda sing kasebut iku wis remuk, lan sing kasisa yaiku kepulauan natuna. iku adhedhasar karo panalitèn biomolekulèr, wong-wong natune gèné paling tuwa yèn disandhing karo bangsa autronésia liyané.

tembung atlantis sing pisanané metu saka plato iki ilang dening lindhu gedhé. akeh buku digawé, fiksi lan ilmiah. nanging atlantis iki isih kaya guyonan ilmiah. nanging guyonan iki asyik, amarga nalika pikiran isih bisa dienggo mbayangké, kanyatan ora penting manèh. nanging kanyatané saiki, ing cedhak ujungkulon, wingi ana lindhu gedhé.

yen dndeleng kahan saiki, kaya-kaya crita ilangé atlantis dibalèni. atlantis kondhang amarga negarané gemar ripah loh jinawi. rakyat makmur rajané gembur. nanging suwé-suwé akh tindak kadurakan. korupsi lan colong jupuk ana ngendi-ngendi, kahanan tentrem dadi ora gawé ayem. atlantis ilang amarga dewa-dewa nesu.

19.7.06

gandhèng arep nulis gak bisa-bisa, aku dadi nyoba salin basa naskah sing kudu diedhit iki. mbok menawa bisa marai niat nyambut gawé. ana sing ngerti iki omongané sapa?
aku kudu kaya manungsa sampurna. kabèh wong-wong kae kepéngin ndelok kaya ngono. ya wis, sèwu èsem, tansah bisa katon manis. wong-wong kuwi sok lali, sejatiné dhéwé ki ya padha waé. coba kowé dirubung déning sekumpulan wong-wong kang nggatèake, mrangguli saka kadohan terus-terusan, dayamu kaya disedhot saben dina nganti krasané sepa. kowé kondhang, dhuwit, nanging durung mesthi santosa uga, to? dadi ora ngapusi. ana kalané aku nurut waé apa karepé wong-wong kuwi, gawe pawarta sakepénaké. aku ora nggubris. wong-wong kuwi tetep ora kenal aku.

18.7.06

rasane kaya kepengin mangkel kudu ngedhit tulisan sing kesalahane fatal-fatal kaya ngene iki. sejatine aku arep nyoba mbenerake tulisan-tulisan sing wigati, jebul malah kesalahane fatal. ngapa ya enake?

14.7.06

ngetik. ngetik? utekku isih macet. mendhing dolan nang kantor liya dhisik, golek obyekan....

12.7.06

"kang, aku wis bosen dadi wewayangan.'' paraga iki ora nunggu wangsulan. dheweke malah ngucap seka pethikan gatholoco

warnane tan kaprah janmi
wandane apan bungkik
kulite basisik iku
kelawan tanpa netra
tanpa irung tanpa kuping
remenane anendra sadina-dina.


pocapan pungkasan iku sajake ngece. senenge turu sedina-dina? tak bales nganggo geguritane hariwisnu harwimuka memori sing ketriwal

crita kutha kaboyong menyang desa
nuwuhake sujanaku mangsane wengi ngemuli prawanmu
ing koridor peteng, kamar-kamar sepi
apa sing koklakoni?
apa kudu dakplayoni?


paraga iku mengo. "ukara apa iku? surasane kaya mambu tembung-tembung sing aku ora ngerti."

paraga sing ngaku jenenge darmagandhuliki banjur lungguh. sikune dipaske pupu, tlapak tangane nyangga wan.

"iki geguritan."

"koridor iku apa? apane geguritan?"

"koridor iku panggonan dawa. iki ngelmu sejati, kowe durung mesthi bisa ngerti."

"dawa? kaya ndonya awang-uwung?"

"ora. nek kuwi wis klasik..."

"klasik? apa maneh kuwi?"

"kuwi tembung anyar sing durung ana ing jamanmu. kowe mulih wae kana menyang jamanmu dhewe."

"ora. aku isih kepengin lungguh ing kene." darmagandhul banjur lungguh slonjor, kaya nepak rasa, golek hawa. kaya jaka kepranan prawan tangga. "kowe kenal lia aminudin?"

"ora. ngapa?"

"loh, jarene dheweke titisane ruh sejati, kok kowe bisa ora ngerti. dheweke uga jarene ngerti ngelmu sejati."

"kuwi mung wewayangan thok."

"wewayangan piye?"

"kaya awakmu kuwi." aku jengkel. "aku mulih sik, wis wengi. bojoku mundhak nunggu aku."

"aku melu, aku kenalke karo bojomu..."

"haiyyah.... dhapurmu...."

darmagandhul mencolot munggah awang-awang. aku arep mulih. dheweke mesthi ora ngerti slipi, dadi ora mungkin bisa nututi.

iki crita rekan (fiktif)
ana kalane, urip iku mlaku mung seka perkara-perkara kang ora dinuga. aku kelingan perkara iki gara-gara maca riwayat suparto brata. sastrawan jawa iki jebul wiwitane dudu sastrawan jawa. nalika iku, dheweke lagi sumpeg atine. ing ati kang kaya ngono mau dheweke ketemu karo wanita kang jenenge ninuk ing solo. kenya iki seneng maca panjebar semangat. dheweke dadi niat nulis crita rekan ing sastra jawa supaya diwaca si ninuk iku mau.

aku nete ketemu wanita kang kandha,”jane, kabeh lelakune wong iki diobahke dening tresna’.’ ha ha ha … nalika kuwi aku kandha ora sarujuk. apa ya kabeh wong sadonya kudu tiba tresna dhisik sadurunge makarya? aku uga ora percaya marang omongane freud sing surasane padha karo perkara tresna iku. nanging, mbok menawa aku uga kliru.

7.7.06

maca majalah sing metu dina iki, aku rumangsa tulisanku tambah semrawut. banjur pitakonan-pitakonan klasik metu seka angen-angenku. nalika aku akhire milih njupuk pagaweyan iki, rumangsaku wis bener.

ngerti dhewe, lulus kuliah iku kaya ana geni ing dhadha kang bisa ngobong sapa wae. ing semarang, aku nyoba mlaku kaya impen jaman isih sd. prakara jugar dening kahanan. banjur aku lunga menyang kutha liyane. ing surabaya, jebul idealisme iku mung ana ing buku. aku ora kuwat ndeleng wartawan mburu warta kanthi laku nistha. aku mulih ndesa ngedhemke rasa.

enem wulan aku golek pepadhang, kaya janaka golek wahyu. yen janaka tapa ing tengah alas, aku mung mangan-turu-nonton tv-maca koran. kuwi tapaku. nalika mangkat jakarta, aku ngajab ketemu karo kanca-kanca jaman isih kuliah, kanca-kanca sing asring sambung rasa sinambi ngombi kopi ing warung-warung pinggir dalan. wong-wong kuwi jebul uga wis ora kaya sing tak bayangke. kapitalisme sing mbiyen diundhamana saiki malah diuja dadi dewa. syukur dene isih ana kanca-kanca liyane kang tetep ing jalure.

aku nyoba mlaku ing kutha kanthi laku alon-alon. aku nyoba ora keseret apa sing mbiyen dadi mungsuhku. ing kene, aku ketemu karo wong2 sing mbiyen dadi mungsuh jaman kuliah. wektu mbukteake, kanca bisa dadi mungsuh, mungsuh bisa dadi kanca.

nalika wingi ana rong koran ngajak aku mlebu, aku rangu madheg mangu. aku katone wis ora kuwat nyangga laku. kapitalisme pancen ngewuhake. sapa wonge sing ora kepengin gaji gedhe? luwih akeh tikel-matikel saka gaji saiki?

nanging koran? ing koran uripe panas. pancen aku mung ngurusi perkara budhaya utawa teknologi, nanging saelingku mbiyen, tetep ana akeh titipan.

banjur, ndeleng kahananku saiki, apa ya ora jeneng aku melu ombak gedhe sing digawe seka kapitalisme sing ngewuhake?

4.7.06

kledhang-kledhang sore teka. sawise wingi kinunjara dening rapat sedina, dina iki aku mung kepengin ngenggar rasa. mau bengi turuku ora jenak.

dina iki, aku ngenggar rasa kanthi crita panglipur wuyung (novel picisan 1950-1960-an). yen maca crita jaman semana, tak kira ora akeh beda kaya dene basa indonesia. maca novel raumanen kang digawe era 1970-an, rasane kaya wis kuna banget. nanging maca crita panglipur wuyung iki, ora beda akeh karo novel basa jawa saiki. paling ejaane kang beda.

aku kepengin ngenggar rasa dhisik...

19.6.06


desa kuwi jenenge srikuwe. panggonane ing mburi candhi mendut. jaman isih cilik, aku kepranan marang latar-latar sing amba, kebon ing ngendi-ngendi, lan banyu kang bening. rasane kaya tentrem adhem. nanging, jarene masku, urip ing kene iku panas. dudu panas amarga alam, nanging amarga urip tetanggan kang tansah saingan.

yen pas lebaran, dolan ing kene kaya kudu nekani wong sakampung. saben mlaku ing ndalan utawa mampir ing sawijining omah, wong-wong wis bisa ngira sapa aku. aku ora nate urip ing panggonan iki. nanging wong-wong tuwa apal marang raiku kang memper karo ibuku. “iki mesthi anake marliyah.”

jarene, praupane ibuku nurun marang aku, masku sing nomer siji lan mbakyuku nomer lima. aku asring ngancani ibu menyang pasar, ketemu karo kanca-kancane ibuku. yen dolan menyang pasar rejowinangun, magelang, ibuku kaya lagi nganaake reuni. aku seneng ambune pasar. pas isih sma, aku sok dolan menyang pasar kuwi sing mung 300 meter seka sekolahan. ora tuku apa2, paling yen pas ana dhuwit aku tuku buku bekas utawa kaset-kaset lawas. mesthi wae, tanpa ibuku.

nalika cilik, aku asring nangis yen tangi turu ora ana ibu ing sandhingku. aku kaya dikhianati. aku kaya kebuang. aku wedi kelangan.

esuk iki, aku kaya kebuang. aku ora nangis kaya jaman mbiyen. tembang samudana wis wola-wali keprungu, mbok menawa wis ping telu. banjur ana telpon seka mas yanto. luh kaya wus ing pucuk idep. aku ora arep nangis, nanging banyu ora bisa dicandhet. aku arep ndonga wae, muga-muga ibu ora suwe nang rumah sakit...

15.6.06

akeh gawean, wong-wong nang kantor malah ribut nyanyi2 gak jelas.