22.12.08

"sekarang, XXXX sudah punya tas birkin," jaré kancaku. kanggo manungsa gagap mode, tas birkin kuwi ya mung tas. prèjèngané pancen luwih kinclong tinimbang tas seka goni utawa tas plastik sing umumé kanggo blanja ibu2 nang pasar. ora bisa lan katoné bakal ora gelem wong2 mau nggawa tas birkin menyang pasar. tasé bisa ngancik rega angka milyaran rupiah. sing murah2an bisa éntuk versi atusan èwu, gumantung seriné (seka a tekan z). nganggoné uga ora éntuk sawayah2. tas kuwi kudu dipangku, ora éntuk disèlèhaké sembarangan. nganggoné pas ésuk utawa soré. upama ana tas birkin kanggo lunga wayah wengi, iku artiné sing nduwé ora ngerti tata kramané tas sing sing wiwitané seka jane birkin.

aku naté takon karo mbak birkin iki. kanthi basa inggris plegak-pleguk, aku takon perkara tas sing dadi kondhang iki. mbak birkin katoné uga bosen nanggepi pitakonan bab tas. kayané, tasé kuwi blas ora bisa diumukaké.

piyé manèh, tas kuwi kadung kondhang ing antarané manungsa2 sing wacanané majalah fashion. sing jelas, palsuné akèh banget. naté, sawijining wong kondhang (nduwé butik, bojoné pengusaha production house) diunèk-unèkaké karo sawijining wong kondhang liyané (bintang sinétron, terkenal gara2 njupuk lakon sétan) amarga dikèi hadhiah tas birkin palsu.

banjur, perkarané apa nalika ana wong ngomong "sekarang xxxx sudah punya tas birkin"? tas kuwi larang tenan. paling ora, tas birkin siji bisa diijolake karo tas bottega-veneta telu. dadi, kemungkinané ana papat nalika ana wong wadon (utawa béncong) nduwé tas birkin:

  • sugih tenan

  • nduwé bojo wong sugih tenan

  • pacaran karo wong sugih tenan

  • utawa, dadi simpenané wong sugih tenan.

tanduran

mau bengi mestiné udan amarga godhong jeruk ing mburi omah katon teles. kembang méloné uga tambah akèh ésuk mau. sawetara ing ngarep, sawi cilik cedhak wit brambang katon luwih seger. saka cedhak katon yèn ana wiji cilik2. katon anèh amarga sawi ing mburi, dhuwuré kurang luwih telung kilan, durung naté ana wijiné. sawetara sing iki, sakilan waé ora ana. mrangguli tanduran ing wayah ésuk iku rasané nentremaké. swasanan isih gawé lejar ati lan godhong2 isih teles amarga embun utawa udan. ing wanci awan, godhong2 katon nglekentruk kaya wong kurang turu. ing soré, tetanduran kaya lagi tangi, lan nalika wayah wengi, tetanduran kuwi kaya lagi seger2é golèk hawa. ing antarané godhong2 kuwi, walang wis kaya kanca cedhak. yèn dicedhaki mung meneng ora nggapé. korbané jelas godhong2 kuwi dipangani kaya cemilan gratis. sing paling dadi favorit kanggo cemilan iku godhong bayem, timun, melon, tomat, lan lombok. malah asring wit2 bayem iku ora ngalami gedhé amarga entèk dipangan walang. nalika ngrembug perkara walang, iku kaya ngomongaké kéwan sithik. kamangka, ana akèh jinis walang sing kemliwer. ana sing soklat, ijo tuwa, lan ijo enom. sing jelas, tanduranku akèh-akèhé kepangan walang ijo kinclong cilik. walang isih dak anggep ora mbebayani. sing marai jèngkèl iku uler. naté, seminggu ditinggal mulih kampung, wit jeruk loro ing mburi padha kentèkan gondhong. sing ana mung kepompong tilas kupu. saliyané wit jeruk, korban liyané yaiku kembang ceplok piring ing ngarep. kuwi uga favorit uler. sing paling asring katon iku uler jaran (ana sunguné, werna soklat, wuluné ora rata).

11.12.08

wit bayem cilik-cilik ngancani ésuk iki. kopi, roti, lan swara radio. dina krasa nggawa prabawa ora kepénak. rasa tida-tida. kaladuk ora bisa uwal.

23.11.08

aku seneng swasana ésuk, apa manèh isih udan kaya dina iki. tetanduran jejogèdan kena angin. tak tiliki, wit timun sing isih bayi ana kang wis sekarat amarga kena udan. katoné kudu ndang dipindhah nang éyuban. sawisé udan rada lerem, wis wayahé mancal pit onthèl werna jingga. dalan teles. wit-wit padha klebus nanging ing parkiran wis mèh kebak. dhasaré dina senèn. dina senèn sing isih tetep padha. aku dhéwé ora ngerti dina iki arep ngapa kejaba jadwal rapat. rapat sing tak pikir tanpa guna.

10.11.08

langit peteng, gawéan ngampleng. pawarta ora jelas wira-wiri tanpa ngerti kudu ngapa. ing dina sing tambah peteng, ing pawarta tanpa marga lempeng.


7.11.08

aku keponthal-keponthal ngoyak wektu. kabèh wong kaya mlayu ngglandhang pengarep-arep.

untung isih ana tetanduran nang ngomah sing bisa ngancani thengak-thenguk. pancèn wit tomat ora bisa dijak gojegan. wit lombok mung meneng waé tanpa swara. sawi-sawi bisané mung ngrembuyung dhéwé.

cukup nyandhing kopi, rokok, lan radio. saben dina aku ketemu ésuk sing ora béda adoh.

10.9.08

23.7.08

kelingan jaman sing wis mlayu http://andre93.multiply.com/photos/album/1/My_Memorabilia#13

16.7.08

sesawangan ndonya lagi katon singup. angin diumbar ngliwate wates. pucuk kemlandingan ngajak ngramal

20.3.08

kabar sing tanpa nyana. aku kelangan kanca raket. esuk iki, pappilon tilar donya.

26.12.07

sirah mumet lan rumangsaku, aku ora bisa mrantasi apa-apa. akèh prakara mung kaya dadi guyon nalika soré. apa ya aku bisa dadi manungsa kang nduwé guna?

18.12.07

gara2 ngobrol karo mikaél kapan kaé, aku nyoba nginguk milis apresiasi sastra. sakjané aku lagi males maca2 sing mambu sastra. aku rada keganggu nalika sastra dirembug kanthi ati panas.

pas mau arep posting, nang blogger jebul blog lawas hanjakata arep diuripaké manèh. sakelingku, aku naté mèlu posting nang blog sing isiné puisi iki, nanging aku lali. terang waé, aku ra naté nganggep puisi sing tak tulis iku barang sing sèrius.

aku dudu pu dharmaja sing nganggep sastra iku adiluhung utawa pu tanakung sing golèk wisik kanggo nulis kakawin. aku uga dudu prapanca sing nenangis mangsa kaliwat kanthi ngèling-éling nalika isih dadi wong unggul.

nanging ya bèn, piyé manèh aku saiki luwih milih maca buku2 php apa shell scripting. miturut aku, aluwih mumet maca puisi tinimbang maca larik2 tulisan shell.

gandhèng lagi akèh sing gawé puisi kanggo mikaèl nang milis apresiasi sastra, aku tak mèlu2 (ning iki nganggo shell script sing prasaja, aku kangèlan yèn kudu nganggo basa inggris, ilatku gak lanyah)


#!/bin/bash
# not GNU in mika
cat /dev/null > mika.txt
chmod a-r mika.txt
if [ ! -e "mika.txt" ]
then
whoami > mika.txt
fi
done
logname > mika.txt
logout&
ing wanci ésuk, aku tansah mlaku2 karo jingglang. ngukur dalan-dalan sinambi nyawang kahanan. ésuk mau, langit ana garis2 klawu. jingglang tetep mlaku2 (kanthi ditétah). yèn ndeleng kahanan kaya ngéné iki rasané tentrem, ayem, apa manèh yèn bisa nginguk sawah ing sebrang kali.

ing cedhak omahku, pas pinggir kali cibodas sing biyasané tak liwatî bareng jingglang, ana wit-wit gedhé. wit-wit iku ora ditegor déning pengembang perumahan amarga ana gugon-tuhon jim sétan peri perayangan. jaréné, ing kono ana makam kawitan, leluwur.

mbuh bener apa ora, aku sarujuk waé yèn wit-wit gedhé iku isih tetep magreng ngadeg mencereng. dadiné akèh manuk2 alas sing isih ana. isih ana gangkrangan (aku naté weruh mencolot seka sawijining omah kosong). sing jelas, isih ana asu karo pitik jago sing tansah ngumbar swara.

12.11.07

mau ngentèni bis nang prapatan cileungsi suwé tenan. lagi jam 8.30-an aku éntuk bis biru rega 8.000-an iku. dalanan lancar lan tekan kantor 9.30. wis 2 minggon iki aku dadi komuter, numpak bis antarkota antar provinsi (maklum, jonggol isih mlebu jawa barat). kapan bisa uwal seka jakarta sing sansaya kurang ngepénakaké?

5.10.07

wis suwé ora ngeblog lah kok ana wong ngirim e-mail karo kaos. mas wahyu, sing mbiyèn natè kirim2an e-mail (2-3 taun kepungkur) ngirim e-mail. jaré arep mulih kampung. éman, déné ora bisa ketemu.

sing sijiné kaos. lumayan, desainne pas. mbuh sapa sing ngirim, ana tulisané nganggo basa inggris "no one cares about your blog." ha ha ha... coba yèn kaos kaya ngènè iki dikirimaké menyang wong2 sing arep mèlu pesta bloger. terus terang, aku rada eneg marang wong2 marketingan internet iki. klebu mantan kanca kosku nang semarang iki.

kiriman loro iki dadi ngèlingaké yèn aku isih nduwé blog. wikipedia waé saiki rada kapiran amarga aku lagi ngoyak setoran arep lebaran. sésuk mulihhhhhhhh!!!!!!!!!!!

sejatiné, aku wis nduwé rong omah. virtual lan sing ana ing kanyatan. wis naté nyoba ngetik antasena.com? percayaa, kuwi mung bakal muspra wong banjur mesthi bakal mlayu ing blog iki. aku wis kadung mapan ing panggonan iki, lan tak pikir luwih becik yèn tetep kaya ngéné. apa manèh "no one cares about your blog":) jeneng domain antasena.com iki éntuk gratisan, yèn manut ukum virtual, domain iku dudu duwèkku. aku mung éntuk nganggo. (panjenengan bisa ngecèk kanthi prasarana whois). déné, omah sing bener-bener omah uga durung arep tak panggoni. rancangané lagi arep tak panggoni sakwisé riyaya mengko.

11.9.07

ésuk iki mbukak komputer, nuju bloglines ngintip ana sing anyar seka multiply-né mikaèl. kaya biasané, cah ciledug iki ngundamana, rerasan marang kahanan. nanging dudu kuwi perkarané. maca tulisan-tulisanné mikaèl dadi kèlingan yèn aku wis suwééééé banget ora ngrasakaké rasa basa kang éndah.
aku wis ora bisa nulis.
titik.
aku nganggep tulisané mikaèl apik.
titik.
yèn ngono, aku arep gawé geguritan waé kanggo mikaèl.
koma,


mikaèl golèk lintang
déné, sapa sing bisa jaga langit kaé?
aku ngreti, dudu kowé.
sakngertiku, kowé ora naté bisa ngancik awan ing wayah awan.
titik.

6.9.07

mau bengi, aku nglirihaké kangen kanthi gitaran. rasané sepi tenan ditinggal anak-bojo nang kampung. arep dolan uga males. wis ora jamané manèh. arep dolanan komputer lagi akèh error. huh.....

8.8.07

hmm, sawisé kélangan hp semingguan iki, aku isih durung ngerti arep nganggo hp lan nomer apa. sakwetara nganggo sing nomer fren. aku jané isih kepingin nganggo fren waé nanging durung ana hp cdma murah sing bisa kanggo ngecèk e-mail lan ana fasilitas wap. lagi golèk-golèk lan bèn waé wong2 padha misuh amarga aku durung nduwé hp manèh.

6.8.07

mau ésuk tangi tanpa tangisané jingglang. sibuné uga ora ana. rasané sepi, apa manèh mau bengi ngimpi nggéndhong jingglang mlaku-mlaku nang alun-alun.