30.7.10

Alice wiwit krasa kesel, ngancani mbakyuné lungguhan ing pinggir kali, lan ora ana sing bisa dilakoni; sepisan pindho dhèwèké ngintip buku sing diwaca mbakyuné, nanging tanpa gambar utawa pirembugan sing katon, banjur apa gunané sawijining buku, Alice mikir, tanpa gambar lan pirembugan? Mula dhèwèké nimang pikiré dhéwé (sakecandhaké mikir ing dina sing panas njalari ngantuk lan pekok,) apa gawé kalung kembang iku layak karo résiko methiki kembang, nalika sawijining trewèlu mata abang enom mlayu nyedhaki.

Ora ana sing nengsemaké semono uga Alice mikir yèn iki ora lumrah nalika trewèlu iku nyuwara "dhuh, aku mestiné telat banget!" (nalika wis kedadèn, alice lagi rumangsa sak mestiné dhèwèké éram, nanging nalika isih kedadèn kok katoné lumrah waé); nanging naika trewèlu tenanan njupuk jam seka sak rompi, ndelengaké kanthi premana, banjur kesusu, Alice gagé gumrégah, sak nalika iku kepikiran yèn dhèwèké durung naté weruh sawijining trewèlu kanthi rompi utawa jam sing ana ing njeroné, lan kanthi kebak rasa penasaran, dhèwèké gagé nyebrang kebonan, lan weruh ana rong trewèlu gedhé ing sangisor pager. Nalika mluncat medhun, Alice ora nggagas babar blas piyé carané metu seka ndonya kuwi.

27.7.10

dadi tukang sunting tulisan kuwi gak nyaman nalika ketemu frase2 basi utawa sesora (slogan) sing mestiné males krunguné. aku ngira, sing nulis sesora2 klasik mau lagi (utawa tansah) males mikiraké tembung sing trap lan cekli. rumangsané sing maca ora bosen? lah kuwi lak kaya wong lagi cures atiné terus dikandhani: "ndonya iki amba", "durung jodhoné", "ora susah nglokro."
upamané:

  • "life begin at 20/30/40/50" (gak logis, gak mboys)

  • "bagaimana tidak" (aku ora naté nganggep frase iki kerèn)

  • "pink/red/whatevercolor is a new black" (raimu ireng?)

  • "bla bla bla dalam satu genggaman" (frase basi kanggo nulis tèknologi télpon)

  • "beatilicious & plèsèdan kamiinggrisen liyané - (gak kreatif, nunut imajinasiné wong liya)

  • "yellow/trunk/pak dhé is back" - (salahé dhéwé mèlu trèn, diapusi tukang rancang)

  • lan liya-liyané

8.7.10

nyoba nulis sawetara pelukis indonesia ing wikipedia jawa. gara-gara kudu nulis perkara senirupa ing majalah, dadiné, gelem ora gelem kudu srawung karo menungsa2 kuwi. ing kantor, gambaran2 seka pelukis kondhang sumebar ing sadengah papan.
gambar2 kuwi larang. mesthiné. lan tetep waé aku ora mudheng perkara2 kaya ngéné iki. corat-coret lan kabèh sarwa kebak wadi. kanggo pelukis kondhang, layar putih kosong sing durung ana corètan babar blas kejaba tapak asma pelukis, wis bisa dibayar larang. kabèh sarwa ngéramaké.
udakara sepasar kepungkur, aku teka nang pamèran lukisan sing nampilaké lukisan2 seka pelukis2 kondhang indonesia seka sadengah jaman. apa sing bisa dimangertèni seka gambar2 kuwi? aku ora ngerti. apa sing bisa diculik dadi crita? kuwi sing mbok menawa bisa nyenengké ati.
"pelukis kuwi kudu pinter," jaréné sawijining kolèktor lan juragan galèri. aku rada mlenggong nalika krungu. priyayi kuwi ndelengaké aku kanthi premana. dhèwèké banjur crita dawa lan aku tetep ora bisa mudheng.
ing crita liya, ana pelukis sing banjur banting stir dadi calo lukisan. tembung 'calo lukisan' iki pancèn kasar lan ora trap karo sing ditulis ing kertu jeneng. nanging, yèn niaté pancèn dodolan, dadi panggonan kanggo dumadiné karya sing dijupuk seka pesenan, tak pikir tembung 'calo lukisan' iku pas.

3.7.10

aku dhéwé wis lali kapan pungkasan ngganti template (cangkang) blog iki. sak jané kurang puas.

17.6.10

èntuk rekaman pangkur jengglèng seka kolèksiné indah. guyonané basiyo ki marai ngèkèk, mung pancèn ora bisa lucu yèn diterjemahaké nang basa liya. aku ya gak yakin indah bisa ngguyu ngrongakaké basiyo. lah wong nèk mung ditulis waé ya gak lucu, kudu ngerti intonasiné.

6.6.10

jadwal dina iki: ketemu karo buruh negri.
status: diganti dadi sesuk.

jadwal dina iki: chatting karo juragan swasta.
status: gak jelas.

jadwal dina iki: ngrampungake tulisan ngenani utek.
status: kurang bahan.

jadwal dina iki: ora ngisi blog.
status: garing.

4.6.10

ana sawetara wong kejawèn sing tak kenal. yèn ngrembug kejawèn, aja terus dikira agamané iku kejawèn. iki perkara kapercayan lan ora winates ing siji-sijining agama. lan kaya dalané para wayang, wong2 mau mesti nduwé crita sing béda. saben wong kaya nduwé kitab dhéwé2.

31.5.10

iseng mlebu nang api code yahoo, jebul ana yahoobatlle. siap?

  • cicak vs buaya - sing menang buaya! 1,570,031 vs 2,400,038

  • cecak vs baya - sing menang baya! 111,000 vs 11,501,410

  • love vs hate - sing menang love! 2,147,483,647 vs 826,015,599

  • israel vs palestine - sing menang israel! 1,160,086,739 vs 177,004,621

  • yahoo vs google - curang! imbang!

  • lebay vs alay - total lebay! 1,230,021,263 vs 3,080,058

  • bos vs karyawan - jelas bos! 81,302,277 vs 6,860,072

11.5.10

jakarta tambah suwé tambah njelêhi. aku ra ngerti nganti bisa tekan
kapan tetep waras jiwa.

19.4.10

kabèh kok sarwa kebeneran. dongaku kaya diijabahi dening Gusti Allah kanthi prasaja. ora ana sing ngayawara. esuk iki, aku lumaku kanthi ati sing digawé tentrem. aku kepingin sesandhingan karo manuk emprit sing sok mencok ing wit-witan sandhing kali. aku dedi kelingan marang pak sarwanto, rowang ing pinggir kali.
“kaya newu kitab,” ujare pak sarwanto nalika bubar sholat. priyayi iki seneng banget disilihi buku ringgit purwa sing matikel-tikel jilid.
“durung bar macané, lagi tekan kaca .....” yak! katon banget yèn wis ora uwal tembung jawané. yèn cah saiki mesthiné bingung ana tembung ”kaca” ing kéné. lumrahé dijarwakaké dadi “mirror” yèn in basa inggris. kamangka, iki artiné “page.” ora merga umuk-umukan nganggo basa inggris. priyayi lulusan sekolah rakyat iki kadhang ya sok ngajak ngobrol nganggo basa inggris.
wingi soré, bojoku bisa girang gumuyu éntuk panènan seka kebon pinggir kali. tela pendhem.

12.4.10

sigrak temen ndonya iki nalika nonton tv utama midangetaké kahanan saka lembaran koran. nanging, nalika wong-wong wis mlebu omahé dhéwé2, apa ya tetep bisa sigrak kaya nalika ketemu para juru warta.

wus tahunan aku ketemu karo manungsa2 sing regeng dadi bahan warta. wus tahunan uga aku nyeksèni wong-wong kuwi mung dolanan ukara. semono uga aku.

29.3.10

langit njaba wis peteng kawit mau. mendhung. suntingan gaweyan isih akeh lan rasane kaya tanpa kendhat.
sapa sing isih maca blog iki? rasane kok aku dhewe wis lali yen nduwe blog iki.

16.2.10

kangen tilik blog iki. aku uga kangen marang tulisan-tulisan sing bisa ngleremaké ati. sawisé makarya manèh ing jagad tulisan ha-ha hi-hi. sing dirembung mung perkara sosialita golèk pengalem; blaka suta, aku kangen karo dina-dina nalika sengkud menthelengi angka lan sintaksis php lan actionscript. aku uga kangen bisa kanthi rena maca buku-buku jawa. kaya kapang sing ngganjel lawang panganti. kori tetep binuka lan nunggu nawala.

5.1.10

ngrungokaké albumé tika, rasané kuping kaya ditéror
ngrungokaké lagu ‘sebuah obsesi’ marai kèlingan jaman smp. kelingan yudi, eko, gatot, gufron, irwan, janan, lan liya-liyané.
sawijining dina, aku karo gufron mbolos sekolah. smp-ku kuwi nang èrèng- èrèng menorèh. mlaku adoh ngiwati punuk gumuk (bukit) banyak angkrem lan tekan wewengkon purworejo. yèn aku ménggok ngiwa, bakal tekan kulon progo. déné aku karo gufron milih ngiwa. nalika tekan pucuk, aku seneng banget merga radioku nangkep frekuensi akèh banget. nganti tekan sma, aku nandi2 nggawa radio.

29.11.09

mbok bilih, kawula saged cecawis sekul abrit ingkang mitayani
ugi katresnan ingkang sundhul wiyati
kawula remen
déné, donya taksih mubeng ngganjret
kados gangsingan laré alit

24.11.09

udan riwis-riwis nang ngarep lawang. kamangka, subuh mau aku isih weruh clèrèt abang ing langit wétan. wit anggur sing isih bayi ing ngarep omah katoné bisa mèsem sumringah. aku? siap2 njajal jas udan anyar.

19.10.09

nalika proof reading kanggo buku kumpulan cerpèn dadi kangen nulis. aku lali, kapan pungkasan nulis dawa sing aku bisa seneng macané. aku lagi maca telung cerpèn. lan durung ana sing sreg lan bisa ngudar rasa. aku dhéwé ora mèlu pas pemilihané. aku mung dikon maca thok.

20.9.09

klambu

njupuki pepengetan sing nglari lempitan lawang. karonsih marang merang
lan trembesi. jamuran ing cedhak wit mlinjo sing ra ana tilase maneh