12.1.17

ing kolèksiku, aku nyimpen dhagelan mataram lan pengajian. gunané kanggo panglipur ati nalika aku krasa nelangsa nanging isih kudu kerja. lan yèn wis ngrungokaké lan tetep nelangsa, berarti pancèn lagi dikon nggrantes.

6.1.17

langit surem nanging ora ana riwis-riwis grimis. sawise mangan ngopi karo nyemil kukis, aku maca manèh cerpènku sing naté kapacak ing koran Jurnal Nasional. aku seneng diksi sing tak rawit ing karangan iku. aku banjur ngudhal-udhal email lawas, golèk tipak apa sing dadi lelandhesan crita mau. aku isih kèlingan ilustrasi ing koran kuwi, ana tulisané "oportunis" ngebaki kothak. aku uga isih kelingan sawijing komèntar seka crita cekak kuwi, sing kurang luwih "enak dijadikan cerita, tidak untuk dialami."

aku maklum, perkara kuwi, kaya déné aristoteles nganggep tragedi utawa crita sedhih iku mujudaké crita sing adhiluhung. nganyut lara ati iku pancèn sawijining rumus paling patrap nalika magepokan karo seni. iku uga sing dadi alesan lagu pop sing ngenes dadi kesenengané wong akèh.

4.1.17

pirang-pirang taun kepungkur, ana tukang ramal ing bali. musrik iki. wong kuwi ndeleng aku suwi, praupan sajak mesakake karo aku. mbok menawa pancen rupaku rupa melas. aku nganggep ramalan kuwi guyonan. aku arang ketemu tukang ramal sing niat crita. akeh-akehe bungkem yen tak kon njajal ngramal. sing iki, crita ya mung saupil, katone ora tega arep crita. wektu kuwi aku nganggep dheweke ngira aku bejad.

liya dina, ketemu tukang ramal maneh nalika ing jakarta. ora ana angin, ora ana udan, wong kuwi uga ngramal aku. critane mung saupil uga. dheweke malah nggedubrus perkara liya. perkara sing sawise takon karo swargi Ibuku, dicritani kanthi luwih jangkep. crita sing katone wis diruwat dening ibuku sawise kuwi. crita sing mung kudu isin amarga aku kaya kurang donga kanggo apa sing mbiyen tak anggep sepele lan musrik. sing iki jan-jane critane rada sumringah. aku uga nganggep iki guyonan.

nanging, kanyatane, guyonan kuwi katone wis kewiyak separo dalan sing tukang ramal seka bali iku. aku lagi mudheng, ngapa kok sajake, ramalan sing tak anggep kabar apik iku jebul didhisiki crita sing ora mung saupil thok. regede padha karo upil, mungkin ambune malah kaya mani. nanging, kuwi kaya kaca benggala nalika aku srawung ing alam awang-uwung sing nate diwedhar karo bapakku. ing ndonya awang-uwung, crita kuwi mung bisa ditesmak ing kahanan kang uga awang-uwung alias suwung. yen ing buddha disebut ‘sunya.’

wingenane, ana kenya sing medhar mantra sing lumrahe katulis ing watu mani. embuh kuwi pratandha apa. kuwi uga guyonan liya sing ditulis karo Gusti.

aku njajal medhar, nanging perkarane, sirahku ora bisa suwung. butuh lelaku. aku wis ora kepingin ngerti maneh. aku mung arep mlayu, mlumpati segara, ngupadi lelakon sing jarene isih disimpen dening peri.

jaman isih smp mbiyen, yen aku ngimpi, ibuku mung ngendika, “kuwi peri.”

peri-peri kuwi pancen sok crita perkara-perkara aneh. sawijining dina, aku ketemu nang impen lan mung nduduhake tulisan "i owe u" sing kapacak ing tembok werna ijo. peri kok bisa basa gaul inggris ngene. liya dina, ana peri liya teka ing impen lan ndongeng crita sing aku ora mudheng kuwi crita apa. pirang-pirang taun kepungkur, sawijing peri nemoni ing sawijing omah lawas. mlaku bebarengan karo mesam-mesem. bubar kuwi, durung ana maneh peri sing nemoni aku. mungkin peri-peri jaman saiki sibuk nonton serial korea kidul.

1.1.17

ana titik ing dalan lawas kuwi
kapangku kerangu wudhu
dadya srengenge yen arep jingglang
ambles bumi yen sedya ngilang

11.12.16

sirahku lagi akeh muter. sedina mung nang ngarep laptop. pas adzan isya, aku lagi metu. ngarep-arep ana pikiran sing bisa mletik. dalanan kator wiyar. kremun cilik ngancani mlaku. lagu-lagu payung teduh semumpel ing kuping. ngimbangi kangen. nyingkire cemburu. ngrusak pikiran sing sumadya. embuh. aku ora entuk kakean mikir. aku rasane kaya kepingin ngulandara. ben ilang kabeh sing ngruweti pikiran. wengi iki becike ngetik sing akeh. sesuk turu sing akeh.

4.11.16

kelingan impenku jaman semana, nalika kabeh isih durung diwiwiti. bapak mung mesem. “tenane?” kelingan uga nalika miwiti lan sawetara kanca ngujar padha, “tenane?”

8.10.15

lagi seneng-senenge dolanan ukulele. unyu. cuilik. prasaja. rasane luwih gampang tinimbang gitar, mung patang senar. aku ngirim tab nang ukulele-tabs.com. njajal, mengko bakal disalin karo situs-situs ra jelas kakean iklan kuwi apa ora. aja njajal chord kuwi nganggo gitar, swarane bakal blero ha ha ha. contone lagu tik tik bunyi hujan iki.

26.6.15

ndeleng cah-cah sing bengak-bengok nggugah wong kanggo saur marai kèlingan jaman isih nang ndésa. lan yèn dipikir2, pancèn kelakuan kaya ngono kuwi luwih patut nang ndésa. ing kampungku, nalika kuwi, mung ana rong omah sing kristen. siji wong budha. udakara wong lima sing kejawèn lan ora naté solat. lan ya ana cah kristen sing mèlu bangak-bengok nggugahi wong turu. yèn mangsa rambutan wis abang, éntuk bonus njupuk (nyolong) woh-wohan. jaréné halal njupuk barangé wong sugih. mung nggawa kenthongan lan mubeng desa. kejaba kanggo nggugah, uga kanggo medèni maling sing tambah niat ing wulan pasa. yèn cedhak omah sing ana bayiné, swara mandheg sik.

nalika wong-wong sing bengak-bengok kuwi banjur gedhé lan ngumbara menyang kutha, kelakuan kuwi isih diuripaké. banjur diturunaké. ora sadhar yèn ing kutha, wong agama liya luwih akèh. mbok menawa kabudayan kaya mangkono mau bisa ditrapaké ing panggonan sing kabèh muslim, kaya ing islamic village, tangerang.

lan jakarta, bekasi, bogor, depok, tangerang diisi déning wong-wong kampung kaya aku iki. gagap mudheng yèn kampungé saiki ora mung muslim thok. ora ngerti unggah-ungguhing wong kutha.

24.6.15

kaset

kelingan nalika bar tuku kaset jaman mbiyèn. ngonthèl nang toko èlèktronik siji-sijiné nang salaman. mulih kanthi sumringah nggawa kasèt sing diplastiki. isih mambu cina. sedina-dina mung nyetėl lagu-lagu kuwi-kuwi wae. diwolak-walik. a-b. b-a. a – puter balik – a maneh. b – puter balik – b manėh. ngurutaké seka lagu pisanan, keloro, ketelu ... kaya wong dzikir, kudu urut. ngrungoaké lagu karo maca liriké sing kesambung karo bungkusé.

sinambi mbukak jendhéla kamar, nyanyi-nyanyi ra karuwan. kanthi sesawangan kebon pisang.

ing jaman nalika lagu diėcėr kaya saiki iki, metu siji-siji, lagu-lagu kuwi kaya kurang bregas. kaya wong kenalan nang plataran wiyar dalan jénderal sudirman, ijolan kertu (sing ana kalané ora dilirik blas jenengé, kejaba jabatané). lagu-lagu kuwi yang mung ngono kuwi. diundhuh seka itunes apa piratebay, milah milih lagu sing disenengi thok. banjur, gawé pleilis. rasané dadi béda. kaya muslim mazhab imam syafii sing wudhu kudu urut, terus mèlu wudhuné imam hanafi sing bisa diwolak-walik. kaya kurang khusuk.

(karo ngentèni undhuhan ost dreams, mbiyèn tuku kasèté urunan karo mbak tentrem)

9.9.14

mangkat gasik menyang jakarta. amarga durung sarapan, tuku gedhang godhog sik nang cedhak palem semi. regané 2500 rupiah. numpak bis 62. kaya biyasané, turu. tangi rada kebablasen. mudhun benhil. mampir indomaret tuku permèn. numpak ojèk. tekan kantor lan isih tetep luwé.

14.1.13

tangi turu udan deres. jingglang ngocèh ésuk2. mangkat kerja mèlu rina, sing nyetiré blusukan nang pinggiran. tekan palem semi, ganti numpak bisa mayasari 62. untung ora bocor, biasané bis iki sok bocor yèn udan. sadawané dalan, aku ngrungokaké pengajiané kyai imron jamil. tekan kantor, absèn sik terus pesen wédang jaé nang warung ngarep. nyrutup wédang sinambi ngrungokaké 'tak kira dina iki bakal udan' sing dinyanyèkaké déning sondre lerche. Pas

13.1.13

udan gawé tipak béda tumrap barang sing béda. dalan-dalan padha teles. akèh manungsa sing milih mlungker kemul sarung. udan uga nyangking klawung utawa pelangi. pungkasan aku weruh klawung nalika ing melbourne wingi, pas ing sa dhuwuré iklan koran ing pojok collins street. katoné énak udan2 ngéné iki nongkrong nang kafé-kafé sing sumebar ing kutha iku. udan uga gawé pepinginan perkara panganan dadi béda. umumé, wong2 jawa sing asli ndésa seneng karo téla anget, uwi, gorèngan, gatotan, lan liya2né. ing cedhak omah, sing paling pas yaiku srabi. apa becike gagé tuku srabi ya?

8.1.13

urip ing jakarta kuwi kaya mbuwang wektu. mangkat-mulih kerja butuh 2 jam. ngrembug perkara wektu, jaman nalika uripku isih seneng nglangut sinambi nyawang njaba cendhéla, iku uga mbuwang wektu. dadi kelingan jaman liyané manèh nalika sinau filsafat, aku saiki iki kaya déné manungsa industrialis ala marcuse. aku naté nyingkiri pagawéyan amarga pamikiran iki. lan wewayangan iku teka manèh. aku isih durung ngerti uga, tekan wanci iki, nanggepi wektu sing sansaya runcit.

7.1.13

rasané. Lagi bosen. nonton tv, pencat pencèt rémot, film2 kriminal.

27.7.12

20.6.12

jadwal acarané sing mengko nang ustrali wis tekan. katoné padhet. rada aras2en mangkat nyang melbourne. nanging, aku pengin uga ketemu salju (haiyah, ndesané kebukak). ngomong2 masalah ndesa, pas dina senèn wingi aku nemu kembang semboja kelopak enem. tekan kantor, dak pamèraké karo mas sius. aku isih kelingan. jaman mbiyèn, nalika ing saréyan (kuburan), aku asring golèk kembang semboja kelopak enem. umumé, kembang semboja iku kelopaké lima. cah-cah - lan uga aku - padha ndèlèhaké kelopak mau ana ing buku. jaréné bèn pinter. kanyatané? blas ora nyambung.

5.6.12

bar nemu tulisan seka majalah kejawèn terbitan balé pustaka (taun 1935): Tiwas dening anggènipun tapa. Ing dhusun Kagokên, bawah asistèn wêdana Gatak, Surakarta, wontên tiyang kalih kakang adhi, sami anakipun kapala dhusun Kagokan. Sadhèrèk ingkang sêpuh cariyos badhe tapa mêndhêm, adhinipun ingkang kapurih mêndhêm, sakawit botên purun, nanging sarèhning dipun pêksa, inggih dipun pituruti. Enjingipun pêndhêmanipun dipun tuwèni, pinanggih taksih gêsang, nanging ingkang wontên pêndhêman nalika sumêrêp dipun tuwèni malah muring-muring, gadhah panêdha sampun dipun tuwèni malih. Wusana sanès dintên ing ingriku wontên ganda botên eca, sakawit dipun kintên bathang tikus. Sarêng wontên sagawon ngêmbus-êmbus dhatêng papan pêndhêman, adhinipun sawêg èngêt, pêndhêman lajêng kadhudhuk, kakangipun pinanggih sampun pêjah. Miturut papriksan doktêr, pêjahipun jalaran kêplêpêgên.

20.5.12

sambel tomat

parkir utek dhisik. sawisé nyunting tulisan2 basa indonesa kesuntik jargon2 inggris, rasané perlu lerem ing antarane larikan basa jawa. sinambi mangan marning pedhes olèh2é weny seka surabaya. perkara pedhes2an, aku dadi kelingan jaman nang pesantrèn. seminggu mulih pindho. mulih ing tengah minggu iku kanggo njupuk sambel racikané ibu. gandhèng wis kangen tenan karo sambel trasi versi ibu kuwi, setu wingi aku nyoba gawé. lunga menyang pasar, blanja lombok abang, godhong salam, gula klapa, tomat, lan trasi. ora persis, mung mirip. sambelé ibu luwih legi. racikané digodhog dhisik. versiku, tak gorèng waè. gula jawané luwih akèh. bojoku sing biasané mèlu nganggo sambel ijo gawéyanku, rong dina wingi ketoké kurang minat ha ha ha ha. wis lumrahé dadi wong gunung, aku luwih seneng panganan legi, klebu sambel sing sak mesthiné pedhes.

3.5.12

wah, jebul blogger saiki rada minimalis. aku arep nyoba aktif maneh

5.1.12

warung kopi ngarep kantor iku dadi cangkurkan saben soré (lan uga awan). wong-wong ngobrol ora jelas, ngalor ngidul, ngétan ngulon, munggah mudhun. nah, ana kalané, obrolané ngancik tekan crita dolanan jaman cilik. playon ing antarané udan, pedhang2an nganggo manggar, prosotan nganggo mancung, gawé gèthèk seka debog, tulup2an, bèkel, lan sapunanggalané.
cah2 sing gedhé ana kutha sok gumun. "emang itu masih ada? aku dengernya dari bokap kalau cerita tahun 40-an."
rada anyel njawabé. pikiré wong kuwi, critané kaya jaman laskar pelangi waé. nanging kanyatané pancèn mangkono. yèn wayah udan ngéné iki, wong2 tuwa padha wanti2 supaya ora dolan menyang kali. wedi banjir mengko klelep nang kedhung. kanyatané, wong2 tuwa kuwi ya ora digugu ujarané lah wong banyu kali lagi kebak2é lan mesthiné nyenengaké y`en ora pas wayah udan. yèn pas dolan nang kali, sakliyané dolanan pasir uga golèk urang. ngepasi pas supit (sunat), biasané cah2 padha pépé manuk ing watu2 panas. rasané gatel2 piyé. halah