20.4.05

every moments a day
every day seems a lifetime
let me show you the way
to a joy beyond compare


lagu quando, quando, quando wis tak baleni ping lima. sapa sing arep ngancani dadi nelly furtado? apa aku mendhingan nyanyi you don't know me?


You give your hand to me
And then you say good-bye
I watch you walk away
Beside the lucky guy
You'll never never know
The one who loves you so
Well, you don't know me

19.4.05



tangi turu, rasane enteng. lungguh ing ngarepan, angin lirih nampek sirah. kaya ana angin kang mlebu sirah. nggebyur banyu ing jedhing, banyune kaya mrasuk pori-pori. aku kaya duwe sirah anyar, tuku wingi ing pasar. anggep wae ruwatan sirah.

18.4.05

15.4.05

iseng mbukak2 blog:

- ana posting lucu nang ajita
- aneh lan ora mudheng maca tulisane rina
- bagja ngresensi chiclit?

13.4.05

kaya perih, lan aja takon apa kang dadi panyebabe.

ing kreta, arjuna ngomong marang kresna,"aku ora arep maju perang."
kresna mesem. "sliramu sedhih kanggo wong-wong kang sakjane ora perlu mbok pikirke, nanging sliramu kaya wong kang kebak kawicaksanan. wong kang wicaksana ora perlu sedhih kanggo kang urip utawa kang wis pralaya."

nalika kurusetra kebak perjurit2 kang sedya mbuang getih, wong loro rembugan ngenani kaprawiran, reliji, lan eksistensi urip. perih ing telenging ati, gawe arjuna kepingin mbuang panah, maju kanti dhadha ngliga, nyerahke jiwa marang duryudana.

mbok menawa, rasa kaya ngene iki kang gawe mpu sedah ora bisa neruske nulis. nalika salya kudu mangkat perang, sedah ora wani nglawan atine maneh. mpu panuluh neruske. panuluh wani nulis patine salya lan setyawati kang tetep ing janji.

ana versi crita, yen sedah dipateni raja jabhaya kang akon gawe kakawin mahabharata iki amarga sedah njupuk prameswari dadi conto kanggo nggambarke setyawati. sedah dianggep kurang ajar. nanging versi iki mung gugon tuhon lan durung ana buktine. piye wae, bharatayudha kuwi crita kang gawe sedhih.

ing kene, hidimbi (arimbi) nangisi patine gatotkaca. lan apa kang diwejang dening kresna marang arjuna ora terus gawe satriya pendhawa iki tetep tatag nalika abhimanyu palastra. ksiti sundari bela pati, nanging sak durunge, dheweke njaluk marang uttari karas lan tanah (barang kanggo nulis) lan nulis riwayate banjur digantung ing mahanten (gubuk cilik ing tamansari). uttari uga nitipke rasa sungkawa marang abhimanyu. lan upama reinkarnasi maneh, bakal dadi cataka lan cucur (jenenge manuk kang dadi pralambang tangis).

ora. pikiranku ora ana sesambungane karo bharatayudha iki. aku dudu mpu sedah. aku mung ngrasaake perih, tanpa ngerti apa kang dadi jalarane.

untitled

kaya wong pekok, aku ra ngerti arep ngapa. metu pisan pas mangan awan mau. ing kamar, aku urip dhewe. aku dadi kangen karo paraga-paraga wis oncat seka anggaku. apa apike wengi iki gawe reuni? nanging ora! aku ora arep urip ing ndonya kuwi maneh. sajake, aku kudu nrima, yen aku ora bisa apa2.

untitled

apa sing salah seka awakku?

12.4.05

untitled

apa kang kudu tak tulis dhisik dina iki? sampah sing ngendi maneh kang bisa tak buang? aku kudu gawe crita maneh apa mbukak arsip lawas? ngantor apa nulis ing ngomah? ing kafe? ngapa sirahku tambah rusak?

10.4.05

ampang. ora, dudu ampang nanging pepes. dudu lungkrah. aku kepingin turu. turu kang dawa.

6.4.05




iki perkara rhytm. aku lagi mikir dina iki, ngapa aku ora nate bisa ngendhang. pengalaman pisanan (lan pungkasan) aku ngendhang nalika ibu-ibu pkk latihan gamelan. nalika kuwi mas gono, tukang kendhange, ora teka. aku dhewe ora ngerti apa sesambungane antarane tukang kendhang karo patriarki. tukang kendhang tansah lanang, senajan kuwi ing kumpulane gamelan pkk. mbok menawa ibu-ibu ora kepingin tangane dadi kasar. utawa pancen amarga pancen kendhang kuwi lambang patriarki? ing gendhing2 jawa, kendhang dadi raja ing perkara cepet-alon thuthukan. nanging yen perkara pimpinan, malah bonang barong kang dadi raja.

maune aku nganggep ora bisa ngendhang amarga bapakku ora bisa ngendhang. pas pkk gamelan ibu-ibu kuwi, aku njajal ngendhang. dadine bubrah. maune alon kepenak, banjur aku njajal tak banterke. ngerti dadine? ibu-ibu sambat amarga thuthukan dadi cepet banget aku ora ngerti carane ngalonke. akhire bapakku kang nrampungke perkara. bapakku nganggo tuding kang dithuthukke ing meja kayu kanggo ngalahke swara kendhangku kang sansaya semrawut. kawit kuwi aku kapok ngendhang.

aku banjur kelingan marang obrolan karo sak wijining guru les musik. jarene, alat musik kuwi tergantung sifat manungsane. dheweke nduwe anak loro, sing siji wonge grapyak, semanak, lan seneng kumpul2. bocah kuwi bisa dolanan piano utawa gitar, nanging luwih p[inter main drum. drum kuwi apike yen dimainke bareng karo liyane. anak sing sijine, seneng dhewe ing njero kamar. cah iki luwih pinter main piano.

nanging iki perkara rhytm. aku ora kepingin ngomongke ekastrovert-introvert.kendhang kuwi nyekel rhytm. ana kang konstan seka swarane. kabeh diatur kanti interval kang bener. pancen ing alat musik melodi, ana uga rhytm kang konstan, nanging kuwi bisa dirusak lan diimprovisasi. nanging yen drum gawe improvisasi? ing jazz, biasane nalika drum improvisasi, alat musik liyane mandheg sakuntara. yen ana musisi liya sing nekat mainke musik, dheweke mesti jago njaga lagune.

dadi iki perkara rhytm. aku wong kang ora nduwe ritme kang jelas. nalika uripku mlayu banter, aku butuh thuthukan kang bisa gawe uripku alon. nalika aku mlayu alon, aku butuh wong liya kang bisa gawe aku mlayu.

3.4.05

"kamu harus datang, tiketnya mahal." kuwi omongane bosku. dadi, aku teka nonton opera cavalleria rusticana merga alesan kuwi. yen dietung, rega sepatu, kaos kaki, clana panjang, calana njero, lan klambiku kalah larang karo tikete. apa maneh aku lungguh ing vvip.

banjur apa kang menarik? aku luwih seneng ngrungoake swara oboe. swara kuwi tak pisah seka swara liyane. lan jakarta chamber orchestra keprungu endah. swara kaya ngene iki malah ngelingake marang wengi-wengi nalika aku dolanan gaemlan ing pojok desa bareng karo wong2 kampung. konduktor kae kaya bapakku. bapakku nang ngarep nggawa tuding kayu.

opera karangane pietro mascagni iki kaya dagelan serius. wong2 ing panggung kae kabeh wong2 melayu, nanging nganggo panyandhang sarwa bule. klambi kang dienggo wadyabala paduan swara universitas parahyangan kae marai kelingan marang bungkus susu cap nona. klambi2 rancangane irsan iki katone ora cocok dienggo.

sing nonton, jelas ora kalah melayu wagu. akeh penonton kang keplok ing perangan wektu kang salah. aja-aja, alesane teka rene padha aku?

ah mungkin iki telenovela versi panggung lan nganggo basa italia. nulla! (nulla iku basa italiane "ora"). nek telenovela mestine jenenge opera sabun, nek iki?



lah kae, ana kancaku kang sakjane luwih seneng ngrungoake kyle minogue tinimbang lagu-lagu italia iki. apa merga dheweke pancen seneng? mbok menawa kancaku sing anak mantan mentri iki wis biasa nonton opera karo ngancani bapake. pas bubaran dheweke ngomong, "tuh, almamater gue, keren kan?"

ing njaba, aku ketemu oetomo, fotografer fashion. dheweke ngaku wis nate nonton opera iki pas nang inggris. "lumayan," jarene. nanging pancen aktinge elek. seneng nonton opera? "aku diundangan irsan."

ketemu qaris, wartawan fashion. "irsan gak cocok bikin busananya. dia lebih cocok bikin untuk macbeth." kesan ndesane kurang. "dia itu rancangannya bernuansa gelap."


terus, apa kang isa tak komentari seka opera kang ditekani wong2 wangi iki? aku kaya hc anderson sing nonton opera, kampungan banget. e...mungkin aku perlu komentar? opera iki lucu ning ora bisa gawe guyu. "oh, questo non lo dire..." (oh, aja ngomong kaya ngono), ngutip omongane santuzza kang dimainke binu d sukaman.

pagelaran kuwi dudu wenange wong kang mudheng thok. apa mung wong2 kang ngerti musik klasik kang entuk nonton? nonton kanti akeh aturan? apa kang sinebut endah lan estetis ora ana pathokan kang gamblang ginaris pesthi. "seni, kaya dene tresna, luwih gampang dialami tinimbang dikei definisi," jarene joseph machlis. aku ora kenal sapa kuwi mr. machlis, ning aku sarujuk marang omongane. "basamu kuwi ndonyamu," jarene wittgenstein. seni ing saben wong kuwi beda, lan kaya dene basa, swara uga dadi ndonya kang beda ing saben-saben wong.

ing kitab natya sastra, kang dadi panuntun estetika swara seka india kang dienggo ing jawa kuno, ngandhut ajaran ngenani gita. ana saptasvara kanti 7 nada (sadja, rsabha, gandhara, madyama, pancama, dhaiva, lan nisada). saben nada bisa dienggo kanggo samubarang rasa: perwira, nesu, lembut, gumun, dolanan, wedi, tresna, lan sedhih. aturan seka natya sastra iki ora gawe wong jawa kuno manut ngono wae, amarga sakbanjure wong jawa kuno nduwe gamelan kang beda karo wong india. laras pelog kanti 7 nada beda banget karo instrumen india.

gamelan kang mbiyen sok takenggo dolanan ing ngomah akeh2e nganggo slendro. lan laras slendro uga beda antarane jogja lan solo. ing ngomahku nganggo jogja, lan nalika aku ngrungoake gamelan seka surakarta pisanan, rasane aneh. gamelan nanging dudu 'gamelan.' kuwi amarga konsep swara gamelan ing pikiranku beda karo swara gamelan sing keprungu.

laras slendro dhewe dinuga seka gaweane wangsa syailendra. mung ana 5 nada (1,2,3,5,6). aku ora ngerti ngapa kok ora ana angka papat. aku uga ora ngerti, ing pelog dhewe ora genep pitu. pancen ana 7 nada. nanging, ora ana lagu gamelan jawa kang nganggo nganggo 7 nada kabeh, mesti mung 6. yen 4 dienggo, 7 ora dienggo. yen 7 dienggo, 4 ora.

jarene bapakku mbiyen, pelog kuwi luwih romantis lan melodius. jangka swarane luwih amba lan isa dienggo klangenan nalika sedhih, seneng, kasmaran, utawa nglangut ing wengi. nanging ngrungoake pelog ing wektu kang suwe bisa gawe bosen. mula ing pagelaran wayang kulit, nganggo pelog lan slendro genti genten. ana lagu kang cocok nganggo slendro, ana uga kang cocok nganggo pelog. lan ana uga kang cocok dimainke ing pelog lan slendro.

kanti konsep gamelan jawa kaya ngene iki aku nonton pagelaran opera seka italia. swara oboe lan biola kae ora nganggo pelog lan slendro. nanging aku isa ngrasaake yen lagu-lagu kuwi endah. swara kang akrab ing kupingku mung swara gong kang dithuthuk kanggo tandha yen pagelaran wis diwiwti lan dipungkasi. lagu-lagu kae sakjane lagu-lagu ing dina paskah, lan aku islam, mula utekku ora terus dadi relijius mikirke jesus. aku mung ngrasaake swara-swara kuwi kang endah, ora mikir kanti nalar logika. amarga, pancen alesanku nonton opera iki uga ora logis: amarga tikete luwih larang tinimbang rega sandhangan sing tak enggo.

31.3.05



aku ngimpi apa mau bengi? aja-aja aku isih ngimpi? lucid dream? swra gamelan keprungu, kuwi artine ana sing telpon. tak angkat, lan keprungu swara ponakanku. ya ya ya, iki dudu ngimpi. aku tangi, lan mandheng tv kang isih urip. utekku isih durung waras. aristoteles percaya, yen utek kuwi isine lendir kang bisa gawe getih dadi adhem. lan hippocrates percaya yen utek kuwi urusane karo intelegensi, pikiran, lan ngimpi.

aku lagi kepingin ngimpi sinambi melek lan ora kepingin getihku adhem, mula aku njupuk majalah arena edisi inggris. molak-malik kertas dikancani kopi panas lan rokok ing balkon ngarep. leonardo dicaprio nganggo klambi gucci lan clana dawa prada. maca artikel wawancara karo model ceko petra nemcova, she has dirty laugh of cameron diaz(?)

bosen! aku mlebu kamar maneh, dolanan komputer. pisanane dolanan gawe gambar, banjur mbukak folder-folder lawas. aku nemu geguritan iki. penasaran, tak bukak.

dasanamamu

terus, yen lintang kae kudu uwal
reruntungan nyingkiri wates wektu
ilang golek pepadhang
seka bandha batinku
tak tunggu lungamu
ing pojok desa
ananging
ngapa aku sing lunga
ambyur ing jagad liya ?

yen lungaku dudu lunga laku
uwalku uga dudu uwal laku
nanging minggat kang nyingkiri semu
ilang ing kutha
anjang-anjang suluk tulisan
remukku dadi duit
tanpa maneh ngerti, kapan bisa
ilang


aku lali kapan nyusun ukara-ukara iki. lucid dream again?. gak ana tanggal kang ketulis. tak tiliki log file, lan nemu tanggal Monday, March 08, 2004, 6:48:46 PM. isa wae salah.

nanging ana file liya kanti tanggal meh padha. nday, March 08, 2004, 6:48:49 PM. tanpa judul.

bocah cilik mlaku timik2. tangane sing tengen digenggem ibune kang katon sayah amarga bar kuliah. mripate lingak-linguk, kaya golek barang tiba. kadhang mlumpat-mlumpat tanpa sebab. "putri, mbok aja nakal," ibune ngandhani karo nggateake bocah cilik mau. "bu, aku kecel," raine ndangak nganggo ekspresi manja terus ngulurke tanganne kanti sudut 60 derajat karo mbengok, "gendhong!"

ibune gage2 nyaut bocah wadon cilik mau, digendhong. bogor katon mendhung lan dheweke pingin cepet2 mulih. pingin ndang ndelehke awak ngleremke raga kang enthek nggo kluyuran nang kampus. lan mengko bengi kudhu isih nggarap tugas kang isih numpuk.

ndilalah ana mikrolet liwat, tangane ngathung lan mobile mandheg. muga2 pas tekan ngarep gang isih durung udan, dheweke mbatin. yen nganti udan, bisa-bisa si putri masuk angin.

mikrolet mlaku, kang uga, timik-timik. lan udan ngesok seka mega tumiba tanpa kira. (sori, kuwi mau mung imajinasi ngawur. lan muga2 ibune putri mau ra maca blog iki. nanging yen awakmu ketemu dheweke, aku titip salam. salam biadab!)


iki mesti ngimpi! aku kudu tangi, adus, lan mangkat kerja. remukku dadi duit!

28.3.05

"aku tangi kanti pikiran kebak sliramu. wewayanganmu lan wengi wingi kang gawe mabuk nalika dhewe bareng, ninggalke kisruh ing rasaku. cah manis, josephine kang tanpa bandhing, rasa aneh ketinggal ing atiku! apa sliramu nesu? apa sliramu dadi sedhih? apa sliramu khawatir?"

(surat napoleon bonaparte kanggo josephine. paris, desember 1795)

25.3.05

untitled

aku dadi pingin kaya rancari kang urip limang dina pisan, ing pucuking pegunungan kang asri. aku bosen kaya janawi kang tansah urip ing guwa kang peteng lan isane gawe crita. apa kang sejatine dadi kapangku? ora ana sing tak tunggu, kejaba mangu-mangu kaya asu neteske idu. kapan bisa uwal?

untitled

rasa tidha-tidha, ing wengi kang ngliga

21.3.05



nalika tresna teka, nalika rasa ora wani lunga, nalika sedina-dina mung ngimpi ndonya dadi neraka, lan sapa kang wani crita karo "nalika"?

16.3.05

saben esuk ana manuk kang ngoceh crewet ing ventilasi. wis kawit minggu wingi, ana manuk kang gawe susuh ing ventilasi kamarku. kamarku dadi kaya nang alas. nanging marai males kerja. mendhingan nyruput teh cap tjangkir sinambi ngemut cokelat. wulan iki gaweanku sakjane ora akeh, nanging rumangsaku ana kang ora jodho. utekku mlaku alon, nanging wektu ing njaba mlayu banter.

untung wae, wulan iki aku ora nulis profil. nulis profil kuwi nyiksa, amarga kudu ngeling2 wong liya kang sakjane ora kenal tenan. aku ora ngerti apa menungsa-menungsa kuwi ngapusi apa ora.

kadhang kala, gawean iki ana enake. ana kalodhangan kanggo ndeleng kelakuane wong liya. nggateake piye solah bawane, carane mesem, carane milih ukara wangsulan, sorot matane, lan piye yen menungsa kuwi nesu. yen lagi iseng, aku sok ngekei pitakonan kang bisa gawe nesu. ndeleng wong nesu kuwi asik, amarga bisa nonton piye wong2 iki ing kahanan kang paling wagu lan nyengit.


goenawan moehamad nate ngomong, yen arep nulis profil kuwi kudu ndeleng seka sisi liya. nek wong kang doikenal apik, dideleng sisi eleke. semono uga sakwalike. aku dadi kelingan perkara kisah ramayana. karangan valmiki iki dadi kontroversi. ing kitab ramayana (kang artine lakune rama), ravana (ing jawa dadi rahwana/dasamuka) digambarke buta galak kang wengis. dheweke nyulik sita (sinta). nanging ing versi srilanka, khususe suku tamil (singhala), raavana kuwi pahlawan. ing srilanka, ravana kuwi raja jaman kerajaan lanka kang mati amarga bela negara seka jajahan ayodya. ravana uga dikenal ahli obat-obatan tradisional. lan dheweke ora nyulik sita, nanging sita dhewe kang seneng karo rama. ing kitab jataka versi buddha, sita kuwi dudu bojone rama, nanging adhine. srilanka kuwi negara buddha, lan india 9ayodya) kuwi hindhu. dadi endi sing bener? amarga ing sejarah srilanka pancen ana raja kang jenenge ravana (kira-kira 5000 taun kepungkur) lan rupane nggantheng. rama dianggep wong hindhu kang arep njajah. valmiki nulis ing kitabe, yen crita kuwi ditulis nalika sita urip ing padepokane pas dheweke lunga amarga rama ora percaya yen dheweke isih suci.

lan aku? aku dudu valmiki kang pinter gawe ukara kang dawa lan endah. aku uga ora urip bareng sakpadhepokan karo narasumberku. rumangsaku kabeh ampang. aku mung bisa mbiji seka wangsulan lan patemon ing wektu 15 menit tekan sak jam.

sing kecanthol ing utek malah perkara-perkara kang remeh. linda christanty nek mlaku cepet rada kesusu. agnes monica njawab kanti praupan serius lan mata mandeng teges. carol belammy tingkahe cekat-ceket kaya wedi kentekan wektu. christian bautista kaya abg sing sok dolan nang mal. maia achmad logat surabayane kenthel. mariana renata rokoke marlboro light. gak penting! eh, tapi aku wis nate entuk email seka manager penyanyi cowok. sakwise bla-bla-bla nawani penyanyine ditulis profile, ing pungkasan surat ditulis, "yen pingin ngerti preferensi seks-e, isa ngubungi aku."
nyambung maneh perkara ayu. ing lagune yovie and the nuno, ana lagu "malam genic." lagu iki critane perkara cewek cakep ing wayah wengi nanging beda nek pas ketemu esuke. iki pengakuanne yovie ing koran surya,"tentang seorang teman wanita yang beberapa kali kita temui di klub-klub malam, dia terlihat sangat cantik tapi pas ketemu siang hari di plaza senayan, lho kok ancur?"

nah pas mulih magelang wingi ana crita liya. aku entuk crita seka ponakanku sing lagi ngancik sma kelas 1. dadi, sakwijining wengi, ana cah-cah lagi mabuk nang panggonan bekas pasar. salah sijine jenenge s*****. nah, dheweke mabuk berat. ndilalah ana cewek liwat. sebut wae cewek kuwi jenenge i. si s ngajak si i nang bekas pasar kuwi, terus saresmi (making love). kawit prastawa kuwi, si i tansah nggoleki si s. rumangsane, dheweke tresna tenan, kamangka sakdurunge ra nate nggagas. apa maneh, si i dudu kenya idola. perkarane, si s bingung. "emang aku tenan turu karo dheweke?" gandheng akeh sing ngintip, mula si s kudu pasrah yen pancen dheweke nate turu bareng karo si i. dadine, dheweke tansah ngindar aja nganti ketemu si i.

ing crita pisanan, ayu kuwi tergantung wayah. wengi apa awan? ing crita keloro, ayu kuwi perkara mabuk apa sadar? mbok menawa, yen aku nganggo rok sing tak enggo mau terus dugem nang embassy apa manna house ing kawasan taman ria kae, aku akeh dilirik cowok. mestine akeh wong mabuk ing wayah wengi. ha ha ha ha....wis ah, kok dadi nggilani ngene. aku dadi kelingan omonganku karo sakwijining gay, "i'm straight, jangan ngajak2 kalo jadi gay."

15.3.05


beauty and grooming? tema iki blas gak cocok karo sirahku. apa kang bisa sinebut ayu kuwi? ing ReadMe, ana wawancara karo sing nduwe situs suicidegirls. wong2 wedok kang nganggo tato kuwi dadi katon endah. endah? piye yen sinebut estetis wae?

wulan wingi aku ngobrol karo mariana, model lux. ayu kuwi apa? lan kaya lumrahe jawaban basi selebriti, dheweke njawab masalah sifat lan tingkah laku: inner beauty. "kapan kowe rumangsa ayu? apa nalika tangi turu kowe rumangsa ayu?" dheweke ngobahke sirah ngiwa nengen. gak! dheweke rumangsa ayu nalika didandani karo make up artist kang jempolan.


banjur, aku wingi takon karo matthew w. mungle, special make up artist sing nate entuk oscar. angel endi, gawe wong dadi ayu apa elek? dheweke njawab yakin, "mesti wae gawe luwih ayu, apa maneh nek dhasare pancen ora ayu."

ing ndonya kewan, kupu-kupu kuwi nduwe swiwi kang endah. nanging manut ahli biologi, kaendahan werna kang ana ing swiwi mau digunaake kanggo ngusir manuk. amarga, yen wernane apik, manuk bakal ngira yen kuwi barang ora enak.

lan aku mau weruh ana sandhangan kanggo pemotretan wulan iki. ana rok kang kaya kembang mawar ing studio. iseng, aku njajal. sayang ora ana kaca, sapa ngerti aku dadi narsis sejati sing kedanan karo awake dhewe. nanging, tetep wae aku ora rumangsa ayu.

14.3.05

10.3.05

"begitu aku keluar dari bandara lyon itu, indah sekali." bosku crita. aku ra mudheng arahe ngapa. apa maneh diteruske masalah nyoba panganan perancis,"yang sama sekali berbeda dengan makanan perancis sini. seperti yang di da vinci code itu." apa maneh iki?

"di antara dingin salju itu, aku masih nyempat-nyempatin ke bussines center." nah? "dan kamu ternyata lagi nomat di setiabudi building." oalah, mung ngomongi masalah kuwi? ya wis, aku pancen salah.

6.3.05

untitled

sms2 gak jelas seka kanca lawas, bingung arep ngapa, lan mikirke apa. sing paling mlebu akal ya mung dolanan komputer. dadine aku mau nang mal ambassador tuku cd program, permen, kopi, karo duren. eman, dene ora ana duren montong sing lemu ginuk-ginuk lan montok kae.

bubar kuwi ngapa? maca buku lagi males, film uga males. ngancik jam 9 njajal nguripke tv. padha wae, paling mung nonton cherrokee band. ndeleng iwan wiradz main, dadi kelingan jaman dheweke isih bareng karo yovie ing indonesia 6. jaman sma?

ora. aku ra kepingin ngeling2 maneh apa kang wis kelakon. katone luwih becik ndeleng tv, acarane kampungan ya ra pa pa. sing penting ora ngeling2 sampah.

4.3.05

untitled

udan iki duweke sapa? aku lali takon karo langit, "apa ora bosen nangis?" nanging aku ora bisa nyuwara. amarga swaraku mesti kalah banter karo udan kang sansaya deres.

kopi ing mug putih wis wiwit adhem. banyune mili, liwat gulu, banjur dibuntel usus kaya uler. nikotin lan kafein nyawiji mernahke ati. nanging tetep wae ora bisa lerem tentrem, amarga kalah karo udan.

wit nangka ing ngarep omah katon klebes. "aku iki kanca sinarawedi mring sepi." apa wit nangka duwe wenang gawe ukara ing wengi iki?

wengi iki pancen dudu wengine pedhut kang nylamur dadi asep rokok. nanging, aku ora kuwawa, amarga langit lagi tawang-tawang tangis, amarga wit nangka kadhemen ing sepi, amarga aku ora bisa lunga.

1.3.05

nonton jakarta ing wayah wengi seka lantai 9 kuwi katon endah. sinambi nyekeli sakgelas kopi lan ngrungoake ani difranco nyanyi promised land. nanging yen aku mudhun, mbok menawa aku isa weruh kang luwih endah maneh. apa malah luwih semrawut?

nalika mbiyen pisanan teka nang jakarta, aku kepranan marang lampu-lampu kuwi. ing ndesaku, gebyaring lampu mung ana nalika pahargyan 17 agustus. yen jam wus ngancik angka 8 bengi, wong-wong kaya dikomando mlebu omah, sedhakep ing ngarep tv, utawa kemulan sarung. ora. ora kabeh kaya ngono. ana kang banjur ngobong gawe bata, utawa cangkruk ing warung.

lan saiki? aku wis ora kaya mbiyen, kang metu omah seka lawang iringan lunga dolan ngancani konang ngenteni matine. lampu-lampu ing ngisor kae dudu konang ing sawah. lampu-lampu kuwi tansah gumebyar saklawase pln ora mblenjani janji tetep nguripi.

saiki, aku lungguh ing ngarep komputer lan lagu icarus nyuwara. rokok a mild kemebul. rokok? kapan aku bisa mlayu seka nikotin iki? critane ndangdut banget.

sakjane, sing marai dadi candhu kuwi nikotin apa utekku? yen manut fashionable dictionary sirah kuwi pancen gak cocok kanggo mikir. banjur apa aku kudu neruske gawean keparat iki? intervensi utekku wis ora lumrah maneh. aku dadi kepingin dadi kucing, turu mlungker nang ndhuwur gendheng.

27.2.05

sliramu kang anguwuh kapang

kusung-kusung nglari wektu
ing dhadha sumlempit mega sapantha
nglacak lepasing panggrahita
pupus ijo kang jumedhul
dudu panguwuh kang angranuhi
tempuk warna putih ing ati
apa isih lumaku ing lengkehing pamawas
amarga rahina pinalang mangsa
walang angkup gegutonan karo angin wengi
sliramu kang anguwuh kapang
nanging mung kandheg gumawang ing lelamunan
sinambi ngetung trubusing crita lan geguritan

kandanghaur-indramayu
januari, 1977
(geguritane jfx hoery kanggo atnirah kang kapacak ing dharma nyata no 305, minggu iv april 1977, dijupuk seka buku pagelaran)

25.2.05

ing wengi iki, aku kelingan omongan karo sakwijining dhalang.
urip kuwi apa?
piye lakune?

nalika awakmu wis pasrah lan mutuske yen wis ora ana maneh pepadhang, kuwi wis tekan pucuking kahanan. kaya wong kang wuda tanpa tenaga, wektune mung ngenteni sengsara kang paling sengsara.

kaya dene nalika kabeh katon peteng lan sirah ora kuwat ngangkat, ana panalangsa kang banjur bubrah dadi endah. lambe bisa mesem maneh, mripat kedhep maneh, lan awak kaya digrujug banyu sak ember.

ing wengi iki, sirahku wus kadung kobong, geseng, dadi awu. dadi, aku ora susah mikirke maneh: "urip kuwi apa?" utawa "piye lakune."
mbuang wektu dina iki. luwih apik, aku dadi isa kerja
(siji,loro, telu, papat)

23.2.05

mata kemepyur, sirah mumet, awak ora kepenak. gawean numpuk. meh mati apa ya?

22.2.05

untitled

nalika kuwi, aku minggat. apa kang kepikir bocah durung genep ngeja ukara nalika lunga? ora ana! grimis kaya ngancani tangisku. aku minggat seka lawang mburi. bapak nyeneni amarga nakalku.

aku mlangkah ngidul, ngliwati kuburan, mlaku tanpa ngerti arep nandi. akhire, aku tekan pinggir kali, ing pojok desa kang dadi wates karo desa tangga.

bingungku durung rampung. kanggo ngleremke ati, aku lungguh ing ngisor papringan. banjir ing kali dadi sesawangan. banyu kuwi kaya utekku. buthek lan ora anteng. ndilalah untuku lagi lara. rasane kesiksa.

banjur katon mbakyuku sing nomer pitu nyedhak, ngajak mulih. "bapak isih duka?"

"ayo mulih, bapak ngekon aku goleki kowe. iki banjir!"

aku dituntun mulih. ngliwati dalan kang mau maneh. ing pawon, ibuku nangis, nyekep aku. nanging nalika arep mlangkah mlebu omah, jebul mbakyuku ngaousi. bapak isih masang mripat amba.


21.2.05

'Have you ever had a dream that you were so sure was real? What if you were unable to wake up from that dream? How would you know the difference between the dream world, and the real one?'

-Morpheus from The Matrix

20.2.05

untitled

pratidina tinalyan ri pinggir ing jurang
çinapa
Yan pira kari ngwang tan sasar?
ndãtar wruh ri naya ngwang
çunya manusup
bhinukti kadöha
kawêkas
swabhãwa Nistrsna
mûr ta ko! Erang ri kawitan!
ulah kakawaça de twas
anglîla inantyakên,
her ring sãçri


19.2.05

untitled

Kesel,ngantuk,merga mau bar dijak dolanan.
Lungguh nang gang wetan pasar
Ketone wektu dadi perkoro sing ora penting.
linambaran kringet asin ing awan kuwi
jan-jane durung pgn rampung,nanging yen dituruti ora bakal ono rampunge
sansaya dadi mawa, murub, ngenteni ilang dicaplok udan
Punapa niki kedah dirampungi?

17.2.05

untitled

swara gludug, udan, lan king of convenience lagi jam session. awak lagi ora kepenak, katone merga pungkasan dina-dina iki manganku ora ajeg. lan ing kamar, aku mung bisa maca buku, ngintip udan seka gorden biru sumilak.


14.2.05

softhome:
News: Service down. Hardware problems. Working on it. Your data is safe ... just not accessible right now.
Go celebrate Valentine's Day while we work on this.
sapa ngira yen aku dolan rene maneh. nyawang kahanan kang kudune ilang.
"piye kabarmu?" julduz takon. dheweke nyrutup teh sinambi nyawang kang lungguh ing ngarepe, arga. jaman mbiyen, paraga loro iki arang ngobrol bareng. ndonyane beda, kancane beda.
"biasa wae. wis suwe aku ora lungguhan ing kene. sajake kabeh wis salin rupa. hans ngganti cafe iki kaya panggonan aneh." mripate arga ndeleng sakkupenge, ora ana kang kenal. tulisan blousy kang kelap-kelip ing cedhak lawang mlebu kelap-kelip genit. "oh ya, isih sok ketemu angga?"
"ora, pungkasan kae pungkasan 90an. ngapa?"
"kowe lak kanca cedhake to? nek manut tanggalan jawa, 1 suro wingi dheweke genep 10 taun bubar karo flimsy."
"iya. bener. ning nek manut tanggalan umum, suk 31 mei."

arga meneng sedhela, njupuk cangkir, nyrutup kopi, banjur neruske omongan.
"bar prastawa kuwi, angga katone kaya ilang digondhol angin."
"cah kuwi pancen aneh, gaweane ngalamun karo turu thok."
"apa apike flimsy?"
"aja takon aku, ansa wae sing wis nate seneng."



sakbanjure, rembugan siji mlumpat nang rembugan liyane. cafe sansaya sepi. wengi tambah ora jelas ambune. lagu-lagu blues keprungu lamat-lamat. paraga loro iki ngobrolke sing aku ora mudheng arahe. sakdurunge aku dadi edan, mendhing lunga wae. pas aku nuju kasir, seka kadohan katon angga mlebu, nyangking flute. dheweke mung mesem ngliwati mejane julduz lan arga. dheweke munggah panggung ing pojokan langsung nyebul suling wesi kuwi. lagune gak mudheng. arga ngadeg seka lungguhe, mlangkah nyedhaki piano. julduz mung mandheng seka kadohan, lan hans nggabung ing panggung nyekel stick nuthuk drum. aneh, kudune dudu angga sing bareng paraga loro iki, nanging ansa. dudu flute, nanging gitar. dudu lagu nelangsa kang alon iki, nanging fushion sing rame. dudu aku sing kudune nyekseni ing kene, nanging flimsy. banjur kelingan puisi yoen-flimsy xxv, 23 oktober 94.

jalan panjang menderet
kaki masih terasa berat
kamu
aku
dan jangan biarkan
kau biarkan aku sendiri menunggui malam sendiri
dan tak bisa pula lihat senyummu


dudu! dudu puisi iki, nanging guritan liyane: flimsy, 21 september 2003

sumadya karya kang prapta
nyingkiri anggamu
jinuwing mamring ratri
nalika sliramu ngudang putri


tanpa rinasa, panggonan iki dadi ora sepi maneh. ana jj, anc, sec, lan camp kang sak umuran karo arga. ana crust, clumsy, lan iza. ana stiff lan lenn. lan ana sundref kang urip ing jaman pungkasan. ora mung kuwi thok. isih akeh maneh. lagu sepi kuwi gawe rame.

9.2.05

untitled

lagi sadhar yen aku durung mangan blas. mung ngombe kopi, pocari sweat, es campur karo ngrokok. dadi pas tangi turu mumet. mangan males, turu gak jenak, dolan aras-arasen.

8.2.05

untitled

kalungha-lungha ta lakuku
ksantabyãkna ngwang
nala hiniris kâmâçara
sandeha ta buddhi

6.2.05

sewengi maca crita menungsa jenenge santiago. aku tuku terjemahan buku iki kanggo siap2 yen wengine ora isa turu. aku asal wae njupuk buku iki, pas pisanan tekan kasir, embuh ngapa, aku balik maneh. kliling2 ing toko buku gunung agung. maune aku arep tuku buku fisika. nanging banjur kepikiran aku kepingin tuku buku crita. dudu buku cerpen. uga dudu buku sastra kang akhire sedhih. nanging uga dudu buku chic lit sing basane gawe bingung. akhire buku kimia tak selehke maneh ing rak, diganti buku novel ngenani kimia.

diwiwiti kanti crita narcissus, aku wus kepranan. akhir2 iki aku pancen kepikiran perkara narsis, lan ing buku iki crita narsis dadi guyonan.




impen-impen sing tak lakoni mlaku siji-siji, nyedhaki pikirku ing tengah wengi. aku rembugan marang awakku dhewe. banjur, perkara-perkara nemoni mbaka siji, uluk salam, takon kabar, ngancani aku ngliwati wengi sinambi ngrokok lan ngombe teh lemon instan.

sakwise rembugan rampung, kabeh pamitan, sun pipi kiwa tengen, lan akhire perkara-perkara kuwi lunga mlumpat liwat jendhela, lansalah sijine mbengok mecah esuk kang isih peteng,"aku dolan sik, sesuk tak mampir maneh."

3.2.05

sapa kang bisa dolanan utek kanti culika? apa mbuang kang wis kelakon kuwi dosa?

aku tansah kepranan marang crita gaweane charlie kaufman. dheweke dolanan kenangan ing eternal sunshine of the spotless mind, ndonyaning pikiran ing being john malkovich. lan dolanan awake dhewe ing adaptation.
charlie


ing budha utawa hindu, ana reinkarnasi. aku rumangsa, kuwi kaya mlumpat menyang alam pikiran kang beda maneh. kabeh sarwa anyar.

nanging aku ora percaya reinkarnasi, uga crita mesin dolanan kaufman. aku wis nate mbuang kenangan nanging tansah mulih maneh kanti pasuryan kang isih bergas lan merak ati. aku nate mateni dina kawuri, nanging tetep wae getihe wangi.

pikiran, mbok menawa, kaya hardisk komputer kang ora bisa diformat maneh. bisane mung milah endi kang isih perlu diwaca maneh. utawa, mbagi pikiran ing folder2 kang tumata kanti becik. lan kenangan, dianggep wae kaya file ".dll" kang pantese dadi sampah. mlebu direktori recycle bin kang hidden.

30.1.05

wayang idolaku pisanan, jaman cilik, kuwi bagong. alesane prasaja wae: lucu. bagong lair seka wewayangane semar. semar dhewe nduwe sejarah aneh. dheweke anake sanghyang tunggal karo dewi wirandi. asale mung seka endog. endog mau dadi anak telu: sanghyang tagamaya (tejamaya) seka cangkang, sanghyang ismaya seka putih telur, lan sanghyang manikmaya seka kuning telur.

tejamaya lan ismaya akhire pancakara. wong loro mau rebutan sapa kang luwih tuwa. amarga padha sektine, ora ana kang kalah, ananging rupane dadi elek kabeh. wong loro iki asline rupane bagus. banjur sanghyang tunggal misah anak2e kang padha rame dhewe iki. kanggo ukuman, tejamaya lan ismaya dikon medhun ing bumi, lan manikmaya kang wenang ngganti dadi panguasa ndonya.




tejamaya dikon mbantu raja-raja ing tanah sebrang. lan amarga cangkeme amba kaya cangkang kulit kang pecah, mula dijenengi togog kang artine "patung." ismaya dikon melu raja-raja ing jawadwipa. ismaya sanggup nanging njaluk kanca. banjur sanghyang tunggal kanda "ing mburimu (bagong) kuwi kancamu!". bagong kuwi sakjane sebutan kanggo rambut ing m,buri. yen ing ngarep dijenengi kuncung, yen nglawer ing mburi jenenge bagong.


sanghyang ismaya manuksma marang janggan smara/smarasanta, putune ismaya dhewe. janggan kuwi artine penulis,/pengarang akhire jenenge dadi semar thok.

maune, semar karo bagong thok kang dadi panakawan. banjur ana petruk lan gareng. panakawan dhewe artine "kanca kang nyekseni" utawa "pangiring." seksi dianggap sah yen ana wong loro. mula ana semar lan bagong utawa togog lan bilung. ana uga catugora lan sarawita. ing bali, wayang punakwan sinebut delon lan sangut sarta twailen lan merdah. ing wayang madya: capa lan capi. ing wayang klithik: sabdapalon lan nayagenggong. ing lakon minakjingga: dayun lan melik. ing wayang gedhog kang nyritaake jaman kedhiri: jarodeh lan prasanta.

panakawan-panakawan mau dadi pralambang wong-wong kang nyekseni. kabeh mau mung rakyat biasa, wong-wong cilik kang bisa ngandhani lan ngelingke yen ana ksatria/raja kang salah. ing versi mahabarata, semar kuwi ora ana. anane resi domya kang ora nduwe kanca lan ing kasta brahmana.

kanti panakawan iki, dalang nduwe kalodhangan ngritik apa wae. nalika jaman mataram anyar (islam) gandheng raket karo penjajah belanda, pamarentahan rusak. lemah direbut sakwenang2 lan pajek dhuwur. banjur ana lakon "petrik dadi ratu."

prabu welgeduwelbeh(petrik) kasil ngalahke lan mbongkar prabu pandupragola (gareng). nanging, prabu welgeduwelbeh dhewe kalah dening bagong. nalika petruk dadi ratu iki, negara sengsara. prabu welgeduwelbeh mrintah kanti sakwenang-wenang. jarene welgeduwelbeh iki seka ilat jawa ngomong basa landa "wel edel bey" (aku ra mudheng apa makna asline. ana sing ngerti?) irunge kang mancung pancen paten dadi pralambang bule-bule landa.

27.1.05

ganti gambar. iki gambar rokok nganggo logo antasena kanti potongan rambut ala socrates
aku wis suwe nggoleki lagu iki, lan lagi wae ketemu wengi iki didownload seka kene. aku kepingin nyanyi....(kanggo sliramu)

25.1.05

iseng browsing, lan aku nemu situs unik. jebul perl kuwi maune ahli sastra. kanggo wong sing gak seneng bahasa pemrograman: perl kuwi jeneng bahasa pemrograman (conto liyane:html, pascal, visual basic, java). asring dienggo ing linux utawa kanggo webserver.

nah, jebule wis tau ana puisi kang digawe nganggo sintaks bahasa perl. iki contone:

if ((light eq dark) && (dark eq light)
&& ($blaze_of_night{moon} == black_hole)
&& ($ravens_wing{bright} == $tin{bright})){
my $love = $you = $sin{darkness} + 1;
};

puisi iki diadaptasi seka lagune jim steinman the invocation. dijupuk seka the 2nd perl poetry contest

aku dadi pingin nggawe, nanging dadine gak asik. aku njajal nganggo turbo pascal.

program awan_iki;
var
feeling: string;
cloudy: boolean;
begin
feeling:="lonely";
cloudy:=true;
if you=here then
begin
feeling:=" happy";
end;
clscr;
end.
sakwijining jeneng, borobudur. wong2 ing sakkupenge candhi iki sok nyingkat kanti ukara "mbudhur." saiki, borobudur dadi jeneng kecamatan. ing babad tanah jawa disebut "bukit borobudur." pu prapanca nate nulis sakklebatan "budur" kanggo bangunan suci agama budha aliran wajradhara.

jeneng iki wiwit keprungu wong jaman saiki nalika raffles teka nang tanah jawa lan ana sing lapuran yen ana candhi gedhe kanti aran "borobudur." banjur wong2 golek maknane.

raffles ngarteake "boro jaman kuno." budur dianggep seka "budo" kang artine kuno, lan boro kuwi jeneng desa ing sisih wetan candi. nanging, raffles ora manteb. dheweke uga gawe arti liya. boro artine agung, budur artine buddha. dadi, artine "sang budha kang agung."

"bhara" ing jaman kuno pancen nduwe arti "agung", nanging uga ana arti liyane. bhara kuwi kaya ukara "para" kang nunjuk makna jamak. dadi, isa uga dimaknani "buddha kang akeh."

perkarane, para ahli basa ora puas. kok bisa buddha dadi budur? banjur poerbatjaraka gawe pangira. boro kuwi seka ukara "biara." apa maneh, ing tahun 1952 ditemoake genta (lonceng) gedhe ing sakwijining pondasine candhi.
ukara "budur" dianggep sakwijining jeneng.

de casparis beda maneh. dheweke nemu ukara majemuk ing sakwijining prasasti tahun 842 "bhumisambharabudhara." jeneng iki sinebut kanggo sakwijining bangunan suci kanggo nyembah roh leluhur. ing tlatah arkeologi, panemone de casparis iki dianggep paling valid. nanging tetep wae durung dimangerteni artine.

ahli liyane, moens, ngeyel. dheweke ngrujuk ing india kidul. ing kana ana "bharasiwa" kang dienggo sebutan kanggo sing melu agama siwa. mula dheweke nganggep asline ya "bharabuddha," sebutan kanggo sing nganut buddha. durung maneh, moens nyangkutke karo basa tamil "ur" kang artine "kutha." dadine "bharabuddha + ur" kang artine "kuthane wong kang melu buddha."

wong2 mau padha rame golek arti lan ora ana kang ngerti endi sing bener. piye yen aku gawe arti beda. misale budur seka ukara "budhug" sing arti arti basa jawa kunane "doyan mangan" lan "boro" dijupuk seka "bara" kang maknane "malah"? dadine, "malah doyan mangan." nek ora, dijupuk seka "buda" kang artine "wuda" (telanjang) lan "bara" dimaknani kaya jaman saiki sing artine "ngulandara (mengembara)." artine, "lunga adoh kanti wuda." wis wis wis tambah gak jelas. cukup!


24.1.05

nalika nonton film the guardian, ing njaba udan deres. kilat nyamber kadhang kala. kos-kosan sepi. mung ana aku ing loteng.

esuk iki isih udan. aku kudanan, lan meksa kudu mulih maneh ganti klambi. mlaku, nggawa payung biru, midak dalan-dalan kang dikumbah banyu.

sore iki langit isih mendhung.
sore iki, utekku melu mendhung.

mbok menawa aku kudu golek tembang pucung utawa kinanthi, sakdurunge megatruh dadi lelagon kang merak ati.

19.1.05

sé que usted todavía lo ama
wengi ing kantor, bubar nongkrong nang starbuck bni 46. ing njaba rembulan kaya roti serabi sing dicokot separo. kali ing sebelah kantor banjir lan got pinggir dalan mbludag.

aku kentekan ukara, arep kerja angel.

14.1.05

nalika impen mlebu ing sirahku
watara patang minggu kepungkur
tangi seka turu lan rangu2
arep takon nanging mangu
nalika mulih wingi
aku mung bisa nyimpen pangira
lan ora wani takon
"bu, punapa kula kedah mlajar malih?"


9.1.05

ana lakon wayang kang kawit cilik gawe aku miris. bapakku mbiyen duwe kasete, nek ora salah sing dadi dhalange ki timbul. lakon kuwi "samba juwing" uga asring sinebut "samba sembit." ana uga kang sinambung ing lakon "ulamdrema-ulamdremi."

samba kuwi anake kresna seka dewi jembawati. wonge bagus nanging kumalungkung. dheweke nduwe sedulur tuwa, jenenge sitija, prabu ing trajutrisna. sitija kuwi anake dewi pertiwi karo wisnu kang nitis ing kresna. sitija nduwe bojo jenenge dewi yadnyanawati.

nalika pas lamaran, yadnyanawati gelem nampa sitija amarga dheweke anake wisnu. lan wisnu nitis ing anggane kresna. yadnyanawati iki titisane batari dremi. lan dheweke dijanji bakal bisa ketemu batara drema kang nitis dadi anake kresna.

pas ing pengantenan, yadnyanawati salah misuhi sikile samba, kang pancen asline titisane batara drema. dheweke lagi krasa yen salah, amarga jebul sing titisane batara drema kuwi samba, dudu sitija. gandheng wis kebacut, yadnyanawati tetep dadi bojone sitija utawa sinebut uga bomanarakasura.

nanging, sakbanjure yadnyanawati lan samba laku sedheng. wong loro mau sesidheman ngrakit asmara kang wis tinitis seka drema lan dremi. ing tamansari, wong loro iki nglakoni katresnan kang pinenggak wewaler.

sakwijining dina, sitija ngerti. dheweke nesu. nanging samba ora gelem mundhur. lan banjur, sitija ngajar samba. patine samba iki ngeneske, amarga awake dicuwil2 lan disuwek-suwek. tangan lan sikil dimutilasi dening sitija amarga nesune tenanan. bubar kuwi, sitija nangis. dheweke kelingan yen samba kuwi adhine dhewe. apa maneh, dewi yadnyanawati banjur melu lampus dhiri bela pati.

versi iki anane mung ing jawa. ing india, samba mati sakwise baratayuda. kayadene matine abimanyu lan kumbakarna, lakon iki dianggep kramat lan arang digelar. bedane, kumbakarna lan abimanyu mati ing perang bela negara.

--------------------
kamus:
kawit : sejak
miris : ngeri
kumalungkung : merasa lebih
nitis : menitis
anggane : badannya (angga=badan)
kebacut : telanjur
pinenngak : dilarang
wewaler : aturan
lampus dhiri: bunuh diri



8.1.05

iki sore kang diguyang grimis. manuk emprit ing kebon ngarep rame ngoceh. aku nyekseni langit kang alon-alon peteng, nyuwek dina dadi wengi. kaya kelir ing wayang kang surem amarga cahya blencong ketutupan gunungan. aku dadi kelingan, sliramu seneng puisi "tonight, i can write."

30.12.04

aku gumun
marang sliramu kang bisa wira-wiri ing utekku
lan pancen aku mung bisa gumun
sliramu kuwi kaya pedhut
ijo dadi putih,
abang dadi putih
ireng dadi putih.



28.12.04

ing njaba udan deres. pemehanku mesti teles kebes. lan kawit mau, aku mung nang njero kamar, ngadep komputer. sing ngancani? joss stone, dave mathews, count basie, basia, jamie cullum, lan saiki edie brickell. aku seneng lirike. let me turn your tv, before you crazy. came out for a while with me. no don't be lazy. tall trees shadow fall. (take a walk).

kopi fine blendku kari sithik. apa mendhingan nang supermarket? nanging udan ngene. katone luwih becik tetep lungguh ing kene. mandheng ngliwati jendela, nonton tanduran kang ijo, langit klawu, lan ngalamun.

--

mlaku nuju balkon. ing latar omah sisih, ana bebek putih lagi udan-udan. metu jam pira? nganggo payung apa udan-udanan kaya bebek mau? dina iki arep ngapa? ngapa kabeh kudu diwiwiti nganggo pitakonan2?
lungguh sik ing sofa kene. ngrokok. aku dadi kelingan, mbiyen wis nate gawe program komputer kang gawe keputusan apa sing arep tak lakoni.

--

ponsel muni. aku mangkat. ngliwati grimis nganggo sweater biru, clana coklat, lan sepatu biru.

aku luwe. mampir nang warung cedhak four season, mangan tongseng.

tekan kantor, mlebu regol, lan katon sepi. ngopi file seka cd nang komputere berto. nonton anton gawe situs. lan bosku pamer cd anyar. saiki, aku nulis sinambi ngrungoake samuel l jackson maca puisine pablo neruda, walking around. donya krasa sepi.

26.12.04

sewengi bingung ra isa nulis. isaku mung gawe iki.

23.12.04

asem, lagi enak-enake ngetik karo ngrungoake lagu, ana ambu sing beda karo kopi. sangit. terus ada kebul. monitor komputer kiamat...

20.12.04




iki dewi srikandi versi chiclit. ing pedhalangan, srikandi kang bisa mateni resi bisma. patine bisma mau amarga panahe srikandi direwangi roh dewi amba. amba kuwi artine ora 'amba' kaya jaman saiki, nanging artine kawula. dheweke anake prabu darmahambara kang mbarep, raja ing giyantipura. ibune dewi swargandini. sedulure loro: ambika (simbahe kurawa) lan ambiki (simbahe pandawa).


sakjane, dewi amba wis dipacangake karo prabu citramuka ing srawantipura. nanging sing nglamar akeh banget. mula banjur ana sayembara, sapa kang bisa ngalahke buta wahmuka lan arimuka kang bisa ndhaup putri telu iki. lan kang bisa ngalahke dewabrata (jeneng enome resi bisma), anake prabu sentanu ing astina.


putri telu diboyong, nanging ing tengah ndalan, dewi amba njaluk supaya dibebaske amarga dheweke wis dipacangake karo citramuka. bisma sarujuk. dewi amba lunga nemoni citramuka ing srawangtipura. nanging citramuka jebul ora gelem, amarga dheweke nduwe penganggep yen dewi amba kuwi wis sah duweke bisma marga menang sayembara. dewi amba bali ngoleki dewabrata. nanging, dewabrata uga ora gelem nampa. dewi amba meksa. dewabrata panas atine, dheweke medeni dewi amba nganggo panah. karepe ben lunga wae. nanging dewi amba tetep ngeyel pingin melu. tanpa diduga, cekelane dewabrata ora kenceng, panah ucul ngenani dhadhane dewi amba. sakdurunge mati, dewi amba janji ora bakal munggah kahyangan yen ora bareng dewabrata. ing supatane mau, dewabrata bakal mati ing tanganing wanita.


dewabrata dadi gela. dheweke banjur dadi resi lan ora kawin ngenteni dewi amba nyabut nyawane. jenenge ganti dadi resi bisma. resi iki mati ing tanganing srikandi kanti panah. sakjane, dheweke dhewe kang njaluk srikandi kang dadi mungsuhe ing baratayuda.


sakdurunge mati, dheweke nunggu dewi amba kanti dikrubungi pandawa lan kurawa. bisma njaluk supaya ana panggonan kanggo semendhe, kurawa ngekei dipan kang mewah. bisma nolak. dheweke milih dipan gaweane pandawa kang digawe seka pucuk-pucuk panah. nalika ngelak, kurawa ngekei ombenan kang nikmat, nanging bisma ora gelem. dheweke milih ombenan kang dicawiske pandawa, banyu kanggo ngumbah pusaka. bubar kuwi, wewayangan dewi amba teka, nggandeng tangane bisma munggah ing kahyangan.


kok dadi crita bisma? gak chiclit banget.



--------

dipacangake = dijodohkan
ndhaup = memperistri/nikah
sarujuk = setuju
supata : kutuk

19.12.04

rasane, ana watu kang nindhih sikilku
tan kuwawa mlangkah
mung bisa nyawang srengenge kang ateng mencereng
aku kepanasen
meh mateng


17.12.04

lungguh nang sofa balkon. isis. silir. bubar tangi turu. sirahku mumet amarga luwe, wingi mung mangan ping pisan thok. nanging lagi males metu, sakwetara nyrutup teh.

15.12.04

lagi jeleh, bosen, males mikir. iki kudu dirampungi, kudu golek panglipur ati, sakdurungi gawean mateni wektuku. nonton? maca buku? turu? ngalamun? dolan-dolan? gak ana ide!

14.12.04

basa kang owah merga menungsane owah.
jawa kuno - jawa saiki - indonesia

ramya - rame - ramai
lyang - leng - liang
agya - age - lekas
kagyat - kaget - kaget
wwalu - wolu - delapan
kulwan - kulon - barat
wwang - wong - orang
ruksak - rusak - rusak
wuri - buri - belakang
wagus - bagus - bagus, elok
wuhaya - baya - buaya
syisya - siswa - siswa, murid


jaman cilikku mbiyen, bapakku nukoake buku tembang kang critane "sembadra larung." burisrawa pancen seneng tenan karo wara sembadra kang ireng manis. nanging sembadra luwih milih arjuna. pancen akhire arjuna dhaup karo sembadra, senajan katresnan sejatine arjuna kuwi dewi banowati. ing crita mau, sembadra dipateni dening burisrawa lan dilarung ing samudra.


ing kitab mahabarata, burisrawa kuwi anake raja bahlika, lan neruske keprabon dadi raja. ing pedhalangan jawa, dheweke anake prabu salya, raja mandaraka. ibune aran setyawati, kang asring dadi pralambang wanita kang setya.adhine, dewi banowati, bojone raja astina duryudana. ing wayang, dheweke dadi mungsuh sejatine setyaki. rambute ngrembyak kaya bob marley (nanging luwih dawa). awake gedhe setengah raseksa, kaya hagrid ing crita harry potter. wonge brangasan lan umuk.


ing baratayuda, burisrawa mati dening setyaki. lan nganti patine, burisrawa ora nduwe bojo. tresnane mung siji, marang wanita kang milih arjuna kang nduwe bojo akeh, sembadra.

11.12.04

rajapati

kamar semrawut, sedina mung ngalamun thok. gak
produktif. kopi pait ngancani wengi, niatku arep nulis
kang sarwa endah. nanging kabeh ukara lagi lunga. aku
malah kepingin mateni werna abang kang sedina iki
mbungkus utekku. minggat wae kana, sakdurunge ana
rajapati lan gawe lara ati.

7.12.04

aku paling seneng nalika pas 'terobsesi' (aku gak mudheng basa jawane terobsesi). rasane, awak anget, sirah melar, lan irung megar mingkup kanti konstan. nalika wingi nongkrong ing warung kopi amerika, aku kaya cah ilang. nanging aku pas terobsesi. ana wong wadon loro nganggo blazer ireng sibuk karo laptope. rong pasang menungsa guyonan ing sisih kiwa. aku mandeng dalan rasuna said. ora ana kang spesial. kaya wengi wingi lan wingenane maneh. uga wengi mbiyen nalika durung ana warung kopi iki.

mlaku ngliwati dalan mburi, mulih mandeng dalan-dalan kang asring diliwati. lan aku isih terobsesi. mandheng langit tanpa wicara, grundelan tanpa ukara. utekku rusak.

lan mau, bubar seka aksara, nyangking buku loro. the fortune of taste kang nyitaake sejarah permen karet, lan novel magic seeds. gak! aku wis suwe males maca. rumangsaku aku wis ora nduwe obsesi maca buku. aku luwih seneng nonton wong-wong lungguh ing kafe, mlaku-mlaku ing selasar, wong tuku bakso, tukang bangunan turu nang suketan, omongan ra karuan seka radio, obrolan sopir taksi, lan kabeh kang urip ing ngarepku.

ing busway, nonton petugas kang katone rumangsa gagah nganggo sragam, penumpang ayu kang bingung arep madhep ngendi. apa sing kira2 dipikirke? lungguh ing sisih tengen lan katon mingkring2 ora jenak. cah lanang kanti penganggo kasual sithik2 nglirik kenya kuwi. lungguh ing sisih kiwa, nanging gayane kaya ora minat. lungguhe uga mingkring2 ora jenak. pisan pindho mandheng njaba jendhela, lan mlengo kanti alon ing arah kenya mau. kenya mau ora nate mandheng ing arah wong lanang mau.

tak pikir, kahanan iki luwih apik tinimbang aku maca novel kang kandel. aku isa mbayangke critane wong telu iki dadi narasi kang beda. nanging, tetep wae, aku isih terobsesi sakwise metu seka busway.

6.12.04

wong-wong lagi ngomongke masalah metu gawean. kantorku lan kantorku sing mbiyen. bedane, yen kantor mbiyen wong2e sibuk golek lumpatan panggonan, ing kantorku wong2 metu gawe gawean. emnuh endi sing luwih becik, aku gak peduli.

mulih seka bali wingi, rekane aku arep badan nang pak lik, nanging aras-arasen. mendhing nang ngomah, lan melu mlaku2 bareng kanca2 kuliah mbiyen. mlebu kantor, tuku majalah infolinux sing anyar, melu rapat, lan kabar2 kang gak enak. sapa peduli?

rasane, wis suwe aku dadi menungsa gak pedulian kaya ngene iki. nanging toh, sapa peduli?

2.12.04

[none]

pantai isih sepi. kancaku mung grimis lan asu-asu kang
wira-wiri. ana asu kang kawin in sisih kanan. Sing
lanang wulune coklat sing wedok ireng. manuk2 kemliwer
ing ndhuwur ombak kang isih aras-arasen ngadek jejeg.
langit ing sisih wetan seperangan katon klawu.

ing tanjung benoa kene,
mung ana laut lan aku
angin lan grimis
manuk sriti lan langit klawu
asu lan asu

30.11.04

aku ora ngerti, ngapa yen ana ing ngomah nulis kuwi gangsar tanpa pepalang. lan ing kene, batavia kang sarwa ngewuhke, gawe lakune getih ing nadi luwih banter tikel telu, sirahku mandheg ngalamun.

iki cuplikan tulisan pas cuti 2 minggu.

Nalu

Wengi kuwi, Nalu lungguh ing ngarepan. Sunar rembulan Asuji kaya mili liwat godhong wit Siwalan. Ing njero omah, Limus lagi nulis ing lontar.

Angkrikan cilik gaweane Nalu iki sengaja digawe, kanggo cangkruk sinambi ngalamun. Nyawang candra seka tengah wana kuwi rinasa beda yen dibandhingke karo seka ngarep omahe ing Wangsan. Ing Wangsan, kaendahanne rembulan maujud ing pasuryane Ni Sumag. Sumag? Nalu dadi kelingan yen lagi ninggal kenya. Apa Sumag isih kelingan marang dheweke?

Sithik lan alon, wewayangan Ni Sumag maujud ing cahya rembulan ing tengah wana. Wewayangane mantul seka godhong Siwalan, direwangi ambune kembang kenanga ing sisih kiwa omah. Rinasa, Ni Sumag dadi wujud kang tanpa wujud. Wujud kuwi kaya gambaran acintya, wujud kang angel digambarke kaya ngapa barang lan ambune.




Lango

Perkara kapercayan lan sesembahan, kuwi urusan keri. Ana kan luwih wigati tinimbang perkara kuwi. Dheweke mukti lan lungo seka desa iki.

Tresna uga dudu perkara wigati. Saklawase iki, dheweke nganggep tresna kuwi uga mung dolanan tinimbang sepi.

Nanging kawit wengi kuwi, perkara tresna tansah nggoda pikir kang nyanthol ati. Lango wiwit mikirke, tresna kang saklawase iki dilakoni apa pancen bisa dianggep tresna? Yen to wit-witan, tresnane kuwi kaya wit apa?

Oalah, ndonya kang tansah ngewuhke rasa. Tresna kuwi apa? Apa pancen bener kapercayan kuwi isa ngubah tresna dadi endah? Kapercayan? Sak ngertine, kapercayan kuwi kaya watu Ni Langgi ing galengan sawah.

Suwe mikirke, Lango tetep percaya yen kapercayan kuwi mung dolanan. Panemu kuwi tetep kukuh nganti dheweke ngalami prastawa ing sakwijining wengi.

Nalika kuwi, ana patemon maneh ing Pertapan Samber. Dheweke mlaku liwat sawah. Nyawang watu Ni Langgi, dheweke mesem. Alon-alon dheweke nyedhak. Kenya iki kelingan marang tembang Hyang Kareman, Sapwan, wong-wong desa, lan pitik cemani. Oh ya, dheweke kelingan tembunge Sapwan. Dewaning awake dhewe! Yen Sapwan nduwe Hyang Kareman, dheweke nduwe Ni Langgi. Lango mesem.

Esem kuwi kecandhet. Lemah obah. Apa iki?

29.11.04

9.11.04

[none]

wengi sepi. nonton tv ra mutu. weteng luwe


ramadhan ing jakarta kuwi, ora kaya ing kampung. jaman aku cilik, tarweh kuwi dolanan. akeh panganan lan uga kanca-kanca kang isa dijak dolanan. tinggal milih, arep dolanan jamuran, umpet-umpetan, utawa oyak-oyakan. rembulan kang jinggrang luwih kepenak maneh. nanging pas mulihe siap diseneni wong tuwa. amarga sikil reget lan gatel kabeh dolanan nang damen. nalika kuwi, aku luwih seneng dolan tanpa sandal utawa sepatu. kanggo nunggu buka, wanci awan dolanan mercon bumbung. yen ora ya maca buku nganti sore. kadhang kala ngrewangi ibu lan mbakyuku gawe panganan. yen ana kancane, mancing nang kali pinggir desa.

wis rada gedhe, ramadhan kuwi tambah gayeng. angger melu pengajian bar tarweh, dijamin weteng wareg. aku ora seneng dolanan mercon dhor. mendhingan maca buku utawa nonton nang bioskop kecamatan. Tarife isih 150 rupiah. saiki, gedhung bioskop kuwi wis ora ana maneh.

jaman wis tambah tuwa, lan ramadhan sangsaya nyenengke. tarweh kuwi kesempatan ngeterke cewek-cewek. mulihe alon-alon ben suwi tekan ngomah. bengine rondha lan ndangdutan sakkemenge. bubar subuhan, mlaku-2 seka mesjid tekan jembatan wates desa. awane mancing karo cewek utawa kliling2 kecamatan numpak pit motor.

kuliah? ramadhan kuwi golek buka gratis. iki kegiatan standar cah kos-kosan. Sakliyane kuwi ya biasa2 wae.

saiki? ramadhan kuwi berarti entuk thr.

8.11.04

setu wingi, ana sing nelpon ngepasi bubar saur. wong wadon iki, mbiyen sengsara amar dirudapeksa. dheweke takon kabarku lan njaluk ngapura. njaluk ngapura?

mbuh piye, aku kaya ora trima yen dheweke sing njaluk ngapura. kudune aku!

nanging kuwi uga ora penting. aku mung bisa bingung kudu njawab apa. sing jelas dheweke saiki wis nemu ndonyane dhewe, kang luwih becik tinimbang jaman kawuri.

1.11.04

crita lenong:
ing tengah alas, durjana krungu swara kenya-kenya kang lagi gegojegan. nalika dicedhaki, jebul para widadari lagi adus ing sakwijining tlaga. durjana nyaut klambi siji. para widadari ngerti yen ana sing ngintip, mula padha mlayu njupuk klambine terus buurrr ! mabur munggah langit, kejaba widadari siji sing klambine dijupuk durjana. akhire durjana entuk bojo widadari.

crita minahasa:
pemudha kang gaweane golek iwak, mamanua, lunga menyang tlaga. jebul ana widadari lagi adus. klambi dicolong, widadari mabur, mamanua entuk bojo.

ing toraja-bare'e sing dadi tukang intip jenenge si bongko. ing india kuno, puruwawas, medura - arya menak. lan ing jawa, crita iki kondhang kanti lakon jaka tarub-nawang wulan.

aku ra ngerti, ngapa crita kaya ngene iki sumebar ing asia tenggara. beda panggonan, ganti lakon. sing aku penasaran, sing ngarang crita iki asline mbiyen. mungkin gaweyane pancen sok ngintip wong adus nang blumbang. yen ora, sakwijing pujangga kraton kang seneng mlebu keputren nonton putri raja lagi padusan.
tangi, buka, udad-udud, gawe permohonan cuti
lagi wae merem, deni teka ndelehke kertas plastik ing meja. werna abang. sapa sing kurang kerjaan kaya ngene iki? ngekei aku undangan fashion show? turu meneh.

zzzzzzzzzzzzzzzzz
males. ngantuk. ......

maca berita, rapat, ngobrol, turu.

zzzzzzz

28.10.04

lagi asik neruske crita kang wis suwe ora tak teruske. iki sebagian crita kuwi.


Wengi kuwi desa Wangsan wus kapilut dening wengi, dadi siji mring ireng kang mencereng. Swara gender keprungu seka sakwijining omah. Dudu. Dudu omah, ananging mahanten ing ngarep omah. Kidung kapilara keprungu sajak golek kanca. Wong kang nuthuk gender mau merem, kaya pingin mlebu ing kidung kanti sesidheman.

Panganggone kang prasaja suwala mring crita kang ana ing kidung. Tembang kang nyritakake ngenani Wibisana kuwi ngulandara alon keprungu tekan omah ing ngarepe.

Ora ana kang ngerti, ngapa Nalu nembang Ramayana ing pupuh Wibisana dadi raja Alengka. Wis telung dina iki, kawit mulih seka Bhumisegara, Nalu tansah nembang ing wayah ratri. Ana kang ngira yen ing Bhaira Budha dheweke entuk wisik gaib.

Sedina sakdurunge, Nalu nembang ing pupuh Sarphakenaka ngganggu Lesmana. Ing dina sakdurunge maneh, dheweke nembang Hyang Kareman. Ora ana kang ngerti tembang iki. Tembang iki ora nate keprungu sakdurunge seka sapa wae. Nalika esuke tangga teparo padha takon, Nalu mung mesem. Tanpa jawaban.

Sakwise tembang Wibisana rampung, Nalu ganti crita. Saiki dheweke nembang dewaning asmara, Kama.

Critane Kama kang ngayahi jejibahan golek reka nyadarke Dewa Siwa. Para dewa nyarujuki yen Siwa kang bisa mrantasi raseksa Nilarudraka kang ngobrak-abrik kahyangan.

Ananging Siwa semedi tanpa kendhat. Dheweke ngulandara ing jagad kadewatanne dhewe, nlusuri ening ing cipta, rasa. Dheweke kaya lali yen nduwe prameswari kang isih suci.

Kama semedi, kembang-kembang katresnan katon kanti endah ngupengi Siwa. Ananging kembang kuwi muspra, langsung layu tanpa bisa ngalahke bebendhu.

"Apa tresna wus ora ana gunane?" batine Kama ora percaya. Dewaning asmara iki banjur kelingan Ratih.
"Ratih, apa tresna wus ora ana gunane?"

Tembang kecunthel tekan semene. Kuwi tembang pungkasane Nalu sakdurunge ilang.

-----------
kamus

kapilut: terpesona
mring : dengan
mencereng : melotot
mahanten : rumah kecil depan rumah di arsitektur zaman dulu
kapilara : teraniaya
sajak : seperti
sesidheman : diam-diam
suwala : menolak
kidung : lagu
ngulandara : mengembara
pupuh : bagian dari suatu cerita/syair
bhumisegara : nama daerah borobudur zaman dulu
bhaira budha : nama bangunan borobudur zaman dulu
wisik gaib: bisikan gaib
ratri : malam
tangga teparo: tetangga
jejibahan : kewajiban
reka : cara
nyarujuki : dari kata 'sarujuk' yang artinya sepakat/setuju
mrantasi : menyelesaikan dengan baik
kendhat : putus
ening : hening
muspra : sia-sia
bebendhu : halangan
kecunthel : terpenggal

12.10.04

"datang ya? lupa ya sama aku?" swara wong kang nelpon wingi awan rasane kaya isih ketinggal nang kuping. aku kudu teka. nanging gawean isih akeh. lan ngapa aku kudu kelingan janji teka dina iki. nyaut wadhah sabun, mlebu kamar mandhi. kepikiran aku durung ngrampungke tulisan. coverstory? aku arep nganggo clana coklat apa ijo? gebyar-gebyur lan ati ora jenak. ora penak.

metu kamar mandhi
mlebu kamar.
nguripke komputer.
ngleboake cd biru kang ana tulisane twentysomething jamie cullum..
njupuk mug putih langsung gawe kopi.

nalika rampung, weruh cd coklat miles davis. twenty something durung rampung lagu rhese are the days, tak ganti swara2 trompet nows the time.
nuripke rokok amild.
mandheng jendela kang isih ketutup korden biru.
njupuk pda, iseng maca ebook. ""ing tengahing jagade dhewe kang ora langgeng iki, aku rumangsa dadi kayu kang lungkrah, kesasar." ngapa aku maca divine comedy kang marai sedhih iki? ora nganti sak rong paragraf, aku mandheg.

"bsk jam berapa? dimana?"
sms iki uga mlebu ing pikiran. bengi iki rapat maneh. proyek buku iki nambai stres.

"kontak-kontak terus ya?"
swara seka wong tak telpon mau bengi isih nyanthol ing kene. aku kudu golek pepadhang.

ngapa ya?
ana buku apa?
anthony gidden?
whitehead?
romoshon?
pacar kecilku? rampung rong puisi wis bosen.
gak ana sing asyik.
agenda lawas? katone menarik.
tulisan apa iki? oh, resensi film hulk jama ing kantor lawas.
maca cerpen2 sing ora dadi.

wetengku krasa mules. mlebu jedhing karo nyangking agenda liyane.
ana tulisan sing menarik. tulisan iki sing gawe rasa sumringah sithik. aku uga ra mudheng ngapa kok kaya ngene. tulisane biasa wae.
setting: rapat dpr ing gedung paling pojok

usulan am fatwa untuk bersidang di luar gedung dpr dipermasalahkan di rapat paripurna. sehabis akbar tandjung membacakan pidato pembukaan, chotibul umam wiranu melakukan interupsi. "usulan itu sangat naif," ujarnya menanggapi usulan fatwa tersebut. menurut chotibul, hal tersebut semacam ajakan kepada tni/polri untuk ikut dalam politik praktis. ungkapan ini kemudian diiringi lontaran"hu..." oleh beberapa anggota dewan dari fraksi lain. ....bla bla..bla...

aku ngrampungi ritual mbuang mules iki sakwise maca puisi. kang aku uga ora ngerti kanggo sapa.

pagi tadi aku menculikmu
dari kolong tempat tidur
matamu sembab, namun
tetap saja memuakkan

siang tadi aku memakimu
sampai air liurku habis
sepuas kata
dan tak ada lagi umpatan tersisa

malam ini aku membunuhmu
dengan bilah malam
yang menusuk tepat jantungmu
tetapi, mengapa aku yang terkapa?

14 mei 2001


aku metu kamar mandhi kanti ati lega. mungkin amarga wetengku sing ora mules, mungkin merga puisi lan berita lawas sing aku gak mudheng maksude apa. mbuh! aku mangkat kerja wae. ngrampungi kawean sing kececer.

jebul ana sms seka pimredku.

jumenten nggelar kloso, dodol kupat ngarep gapuro. meniko dinten bade poso, menawi lepat kawulo sakaluargo nyuwun ngapuro

tak jawab

juminten mlebu majalah, lambene abang raine sumringah. menungsa karem gawe salah, nyuwun pangapurane uga ben atiku bungah

mangkat.

7.10.04

kudune, ora ana kang wani nggangu gawe esuk iki. tanpa gawean kang nyiksa utek, tanpa inspirasi kang isa dibuntel dadi dagangan kang bakal dicithak. komputer jangkrik mung bisa mbisiki thelonious monk "ruby, my dear, kanti swara kang nggawa ngalamun. pda sak genggeman mung bisa ngancani dolanan. teh wis entek kari 30 cc. glek, banjur ilang.

nanging isih ana kang kudu dirampungi. aku pingin mulih! mandheng menoreh ing sisih lor, gunung merapi ing sisih wetan. watu yoni ing ngarep omah.

saiki, aku mung bisa nonton cecak kang lagi mangan semut, ing cedhak monitor 14 inci, kanti iringan count basie nyanyi "left my baby." mendhing diganti wae, benny goodman kanti tembang "flying home". apa isa kaleksanan?

isih ana tulisan ngenani mural. isih ana buku musik film kang kudu diresensi. mendhing, adus sik, sakdurunge kabeh muspra lan aku mung bisa ngalamun ing kamar sedina-dina. lan cecak mau wis lunga, mbuh ana ngendi.



muspra: hilang musnah
yoni: batu lambang perempuan peninggalan jaman dulu
cithak: cetak
kaleksanan : terlaksana

6.10.04

mandheng jendela, kamar kang anyar (paling ora lagi telung dina nginep). lan rumangsaku kaya ora nang jakarta. nanging uga ora kaya ana ngomah. marai lali, yen sakjane aku lagi ditumpuki gawean kang akeh. lan durung siji-sijia kang rampung.
iseng kliling2 blog, lan nemu ana wong masang quoteku. "narsis itu indah" he he he

28.9.04

nalika nang lift, embuh ngapa aku kepikiran sakwijining prastawa pirang puluh tahun kepungkur. nalika kuwi aku isih cilik, lan mbakyuku sing nomer pitu lan swargi bapakku lagi ngomongke: 'rupa sing aristokrat.' mungkin wae aku kepikiran amarga mau bengi melu pemotretan sing model-e seka uzbekhistan. rupane aneh, jarene kancaku,"seperti bukan manusia."

nalika kuwi, aku gak mudheng apa maksude rupa sing aristokrat mau. aku isih sd, lan aku ora isa njarwaake apa maksude rupa sing dianggep adhiluhung mau. sakwise ngancik sma, aku lagi paham, apa sing dimaksud rupa priyayi mau.

ananging ing lift mau, aku kepikiran, "apa rupa aristokrat kuwi?" apa kuwi sing di-ece trunajaya nalika ngece wong2 mataram anyar sing asline dudu seka keturunan raja? apa aristokrat mau mung rai kang resik amarga asring dilulur ing salon? lan aku kelingan apa omongane penerjemah-e model seka uzbekhistan mau," kalau di sini, dia kelihatan cantik. di negara asalnya sana, wajahnya hampir sama semua seperti itu."



kamus kanggo sing basa jawane pas-pasan

prastawa : peristiwa
sakwijining : suatu
kepungkur : yang lalu
njarwaake: menerjemahkan
asring: sering

24.9.04

nalika esuk, siaran radio ngomongke masalah wong kang kudu mlaku alon. mlaku alon kuwi bisa ngemong sirah kang lagi bunek. tanpa mikirke tujuan, ananging proses.

awan iki, akudolan menyang galeri cemara, nonton pameran karo berto. seni instalasi sing dipasang standar wae. lan aku iseng njajal sakperangkat audiosystem sing judule jakartanoisecore. nalika headphone tak pasang ing kuping, isine marai mumet, rasane utek kaya dibombardir swara-swara campur aduk. katone iki swara campuran seka knalpot bis kota lan swara elektrik. dicampur dadi semrawut.

bar seka kana, kepikiran mampir nang ayu. rasane enak yen nongkrong ing pinggir tlaga ngarep omahe ayu. lan pancen tenan, enak tenan. pas tekan kono, ayu lagi nonton dvd last life in the universe. sinambi udad-udud lan ngombe coca-cola/tekita, obrolan tekan ngendi2 sinambi nyawang tlaga seka nduwur.

dina iki, uripku pancen ketok alon. sayang, email yahoo-ku, kawit mau esuk tekan saiki uga mlaku alon. aku gak isa mbukak kawit mau.

22.9.04

wingi sedina rapat, nganti aku turu pas ing tengah rapat. dina iki, setengah dina rapat. urip kok isine mung rapat.

awan mau, aku iseng lungguhan cedhak blumbang ngarep gedhung landmark. ana cah wedhok cilik, jenenge ori, nyedhaki aku. nggawa karcis2 kreta jurusan depok-tanah abang akeh banget. terus dheweke ngajak dolanan. embuh entuk ide seka ngendi, dolanane rada wagu. kaya dolanan sinau ngetung. tumpukan karcis2 mau gantian nyekele, terus ngetung: "satu, dua, tiga,..." sakdurunge, negtung takon dhisik arep ngetung pira. terus yen aku ngetung lima, aku entuk ngeplak dheweke ping lima. nek dheweke ngetung tekan 10, dheweke ngeplak ping sepuluh. kaya wong pekok. kadang dheweke salah ngetung, kebablasen tekan sepuluh kamangka mung ping sanga. dadine dheweke ngeplak aku tambah siji. wis nate tak kon ngetung tekan 15. ori bingung. jebul dheweke mung isa ngetung tekan 12.

13.9.04

nalika jaman kadiri, arok dadi akuwu. dheweke nyusun strategi kanti ngumpulke brahmana siwa lan tani. brahmana siwa sengit marang tunggul ametung kang wisnu, lan para tani nesu amarga kelakuane sing sakwenang-wenang. banjur arok nyedhaki tunggul ametung lan nawakake bantuan kapurih ontran-ontran kuwi isa katumpes. tunggul ametung ora ngerti yen sakjane arok dhewe sing gawe ontran-ontran kuwi.

wijaya, anak turune arok kang wus ngliwati abad, nate mbaleni prastawa kuwi kanti swasana kang beda. dheweke njaluk bantuan pasukan cina kang teka kanggo mateni maratuwane. wong2 ttiongkok ora ngira, yen
sakbanjure wijaya bakal balik nyerang. banjur wijaya gawe negara majapahit.

sejarah mung nyathet yen arok lan wijaya kuwi wong kang pinter (lan licik). arok ngedekke singosari lan wijaya gawe majapahit. sejarah ora nate nyathet, pirang prajurit kang mati amarga kelakuane. sejarah uga
bakal nyathet, bom kang wingi njebluk ing cedhak kosku, watara 10 menit jangkahan sikil. nanging korban-korban kang mati ing prastwa kuwi, ya mung dadi guyonane koran lan majalah kanggo sakwetara wektu.
"ini menarik," aku kelingan banget ukara iki kang nate diomongke redakturku mbiyen. ukara kang gawe mangkel lan marai wegah maca koran. lan yen wektu ngijinke, koran-koran bakal dadi bukti sejarah, kanggo
pirang-pirang abad mengko. lan mungkin, wong-wong kang bakal maca koran kuwi uga bakal ngomong,"ini menarik!"

"saya mengutuk kejadian itu!" ukara iki asring metu akhir2 iki. tv, radio, koran. wong2 kaya wajib ngomongke ukara iki. kaya japa mantra kang kuwat banget. ing sejarah aturan ing jawa, kutukan kuwi nate dadi
aji. ing prasasti jaman mataram kuno (sakdurunge abad 10), ing watu-watu tinulis ukuman kanggo wong kang nerak aturan lemah perdikan (sima). nalika kuwi ukumane mung kutukan, kang isine kurang luwih kaya ngene:
yen lunga nang alas bakal dipangan macan, yen lunga ing alas disamber bledhek utawa dicokot ula, lan yen mati ora ana sing ngrumat. yen kesalahane gedhe, wong kang nerak paugeran mau diusir seka desane.

ngancik jaman kahuripan, kadiri, majapahit, ukumane ora cukup mung kutukan. ing prasasti-prassti ditambah ukuman dhendha. wong2 kang nerak paugeran bakal bayar duit kanggo kesalahane mau. banjur tambah maneh, ukuman fisik. tugel tangan utawa tugel sirah. ing prasasti2 mau, uga ana owah-owahan. yen mbiyen, wong2 desa kang
teka ing perayaan sima mau ditulis lengkap. malah ana wong sing liwat uga ditulis. ngancik jaman majapahit, kang ditulis mung raja, pejabat istana lan daerah. wong desa kang ditulis mung rama desa (kepala desa).

8.9.04

ngobrol karo wong ambon masalah kerusuhan. rasane isa stres dhewe yen mikirke kelakuane wong2 kuwi. gawe rusak kono-kene. kaya wong dolanan simcity utawa warcraft, donya mung kaya dicekelsakwetara wong thok
ngobrol ing telpon. "can you tell me where the idea irish music in bellefire?" ana jawaban seka wong ing london. aku ra mudheng, suarane lirih banget. "i think you can be a model" bla bla bla bla, aku uga gak krungu suarane, lirih banget. lan aku mbayangke kenya ayu iki ing kana lagi mesam-mesem krungu bas a inggris logat jawa. "can you speak loudly?" akhire aku krungu, nanging bar kuwi swarane ngadoh maneh. katone dina iki pancen dudu dinaku.

mau esuk tangi amarga alarm seka handphone lan tivi kang dijarke urip lagi nyiarke berita. aku kelingan obrolanku wingi karo sinto masalah berita. terus medhun nang warung ngarep omah tuku ketan 2 lan bakwan 2, dadine genep rp 2000. sakdurunge mangkat, aku nyetel kaset medulla (bjork). aku kok dadi kelingan renny ya?

mangkat,nganggo clana ijo, sandal ireng, kaos ireng. awan iki aku janji ketemu karo music library nang radio one, mas heri. aku mangkat rana mlaku, rekane kanggo ngeleremke pikir, kang katone lagi bunek. tekan kana, jebul mas heri lagir apat. dadine ngalamun dhewe karo nyawang tv kang lagi nyiarke warta2 ing donya film. ana kancaku sing mbiyen sok dolan bareng nang kantor polisi. saiki wong iki mulya, dadi penulis skenario film.

bar kuwi, mas heri teka, terus windy. ngobrol masalah musik, terus golek mangan nang ngisor. rencanane arep golek gudheg, nanging ora ana. terus mangan rames. gandheng weteng luwe, dadine mangan apa wae ya enak. bar kuwi mulih mlaku maneh, ngepasi srengenge ing pucuk panase.

tekan kantor ngantuk. males kerja, niate mulih wae turu nang kos-kosan. nanging dina iki aku ana janji wawancara karo bule kuwi marai males. nang kantor cah-cah wis lengkap. aku lagi males ngobrol. lungguh nang njaba karo ngrokok nang ngarep lawang. nang kono ana cah loro lagi curhat. wah iki, males banget!

nek dipikir2, dudu dinane sing salah. nanging utekku.
"kok tadi gugup sih mas? kadang terpatah-patah," wong seka warner ngomentari wawancaraku mau
"iya, masalahnya sambil mbayangin cathy yang cantik itu, ha ha ha." aku njawab sak kenane. sakjane kuwi dudu masalah cathy kang ayu (aku wis nate ketemu lan pancen ayu tenan),, amarga ngobrole liwat telpon. nanging amarga basa inggrisku sing semrawut.

akeh sing ngomong, kosa-kata basa jawaku aneh. kamangka yen nduwe kamus basa jawa, kosa kata kuwi lumrah kabeh lan ana. mungkin kala-kala perlu ana glossary kaya ngene iki.

uga : juga
katone : tampaknya (dari kata 'katon' yang berarti terlihat)
kamangka : padahal (macane: kamóngókó ó diwaca kaya ing aja utawa mawa (geni)
amarga : karena

5.9.04

esuk iki, maca serat jakasura-tresnawati. crita iki ditulis maneh dening prijana winduwinata ing tahun 1966. ana sing nduwe duga yen katresnan kang kapenggak dening kuwasa iki critane mpu dharmaja rikala jaman kediri, nalika raja-raja jawa isih kemaki nduwe bojo selir 80. aku ora mudheng, ngapa crita kaya ngene iki tansah dibaleni. kaya rara mendut lan pranacitra, kaya jayengrana lan layonsari.

critane jakasura lan tresnawati iki dadi beda, amarga ing jaman kuwi digawe kakawin kang kondhang. crita smaradhahana kaangit dening mpu dharmaja. critane ngenani tresnaning bathara kama lan ratih kang tanpa jiwa. ing pungkasaning crita, sinebut yen ratih lan kama manitis mring kinararatu ing jenggala lan mring kameswara ing kediri. lan ing pungkasan dhewe sinebut, muga-muga ratih lan kama ora nitis ing anggane kawi (pujangga), amarga dadi pujangga kuwi susah.

critane kameswara lan kinararatu mau asring dadi lakon kethoprak, lan yen ing wayang dadi critane wayang gedhogan. kameswara kuwi raden panji inukertapati lan kinararatu kuwi dewi candrakirana. tresnaning wong loro mau pancen rada rumit, mlipir ing desa-desa mula ora gumun yen akeh kang seneng.

nanging jakasura-tresnawati? kuwi crita kang kesingkir ing pinggir. tresnaning wong cilik kang direbut dening raja. tresnawati kudu gelem dadi bojone raja, lan jakasura kudu nglilaake. kudu? nalika kuwi jakasura lan tresnawati sesidemen dhemenan. jakasura kang banjur dadi prejurit mlebu ing senthonging tresnawati, nyilem ing asmara kang pinenggak nata.. lan kaya crita pranacitra-rara mendut lan jayengrana-layonsari, wong loro mau kudu mati.

padha-padha selingkuhe, nanging critane beda. nalika basudewa ngrayu nyi sagopi lan nglairake udawa, kelakuan iki dianggep lumrah. udawa dadi patih negara. lan nalika arjuna ngajak andum sari karo banowati, perkara kuwi dianggep becik amarga kanggo tujuan politik pandawa lan kurawa. perkara negara dirampungke ing katresnan. nanging nalika tresna mung cukup ing tresna (kaya jakasura-tresnawati mau), kuwi nista. apa merga wong jawa pancen ora nganggep tresna kuwi penting?

25.8.04

esuk mau miwiti nganggo lagu2 ideologi (sing ora ana ing kasunyatan) : but for now (jamie cullum) lan soulmate (michael frank).

dina iki nulis rong tulisan sing ngawur kabeh (mereka yang lain lan toko buku baru itu). ben wae elek! lagi gak napsu nulis. aku malah isih kepikiran neruske tulisanku liyane (nalika nalu nabuh gender lan kalangkyang nembang).

apa sing wigati? ngapa aku dadi keranjingan golek sisik melik menyang ndonya kang wus dikubur dening wektu?

aku mbayangku lungguh ing ngisor wit cedhak candhi mendut. nyawang borobudhur ing tengah tlaga sinambi nyekel suling. dudu candhi borobudhur sing saiki. candhi kang ana ing tengah tlaga kang amba.

wengi iki aku iseng kliling nang blog2, mbukai email2 ku sing jarang tak bukak. kaya wong lunga ziarah, mbaleni sing kawuri. nanging aku kliling2 ngawur, kaya sing mbiyen uga dilakoni novi. lan aku nemu blog sing ana tulisane menarik. katone dusun onggosoro iki cedhak omahe titin.
halo? thok thok thok....
e m b u h

5.8.04

aku mbiyen seneng corat-coret nang bukune bapakku. mungkin amarga mangkel, akhire aku dikei buku harian. bukune cilik, lan aku mau iseng maca karo cekakak-cekikik. isih ana tulisan regane buku cilik sing ana tulisane "pocket diary" kuwi, 300 rupiah. ana tempelan gambar ferry fadli kanti tulisan "brama".
kaya gambar lan bukune, isine semrawut lan ndangdut banget.

cathetan pisanan tanggal 16 september 1987, isine ngenani ngadepi mid semesterlan kasmaran marang 2 kenya: s****mi lan s******ti. kuwi kanca beda kelas, aku nang siji c, wong loro mau siji b, lungguhe jejer. s****mi kuwi cah seka desa tangga, rambute dawa lurus kaya duweke dewi yull. yen s******ti iku anake juragan pitik gemak kang rambute cendhak. terakhir ketemu, rambute dikriting karo nggendong bocah cilik sing ya kriting. omahe ing prapatan cedhak pasar.

esuke, tanggal 17, ana tulisan yen aku bengine ngimpi ketemu s****mi b**i. kenya sing pungkasan iki anak juragan gendheng, omahe cedhak s******ti. nah, pas tanggal 27 september ana tulisan "aku menerima kabar bahwa dia mulai berdagang." aku mikir, sapa iki? mungkin s****mi. nanging bengine aku ngimpi karo b**i, amarga tanggal 28 ana tulisan "aku bermimpi dia ikut pmr. bersama2 denganku, lalu dia duduk di sampingku"

payahe, amarga buku cilik iki sok dowaca masku lan mbakyuku, dadine aku gawe sandi. sandi mau akeh jumlahe lan aku wis lali cara macane. punjul yen 20-an gaya. jan-janne mbiyen aku ana buku cilik gambar pramuka sing isine sandi2 mau, tak delehke ing laci meja tv, nanging nalika meja mau pindah, bukune ilang.

contone, ing tanggal 13 oktober, sedina aku nulis nganggo 3 sandi.

(sandi vi)
berangkat (tidak sekolah) (tidak bertemu) (tidak dengan) dita. and dua peet sudah. senengnya, pencilmu ketemu. and senengnya sudah, kepalamu terbawa di (luar kelas) waktu pramuka.

(sandi ix)
sedantata nangtampipi nyapak iju junyatuga gayahase (-1) tinyaba sepragi makian kinrabe suansar kusabe dejanar (3-;4-) denganku (2-)

sandi iv
semaking nangkap, lama gita, amanda dalam lahgi, benar tari, suka dahlia, putra niyati, busa kutu, santai dita, yangga, dari patri, menggala guna nari kantin semmarang bisa lantai sandy dyta.

tulisan pungkasan ing buku iki kacathet tanggal 3 desember 1988. ora nganti entek kertase bukune wis ganti, aku ngganti buku sing rada gedhe lan tuku dhewe. cathetan pungkasan itu intine : "waktu aku akan naik bus ke sek dia tampak tersenyum bahagia". lan nganti tekan saiki, ora ana kenya-kenya mau sing dadi pacarku amarga aku dhewe gak nate kandha.

1.8.04

wacanan apa kang pas nalika tangi turu? ana majalah gq gumlethak ing pojok kasur. gak minat. mungkin esuk iki maca sing rada serius. tomorrow's god tak saut. nanging buku putih iki ora nduwe wibawa. aku mung maca mlumpat-mlumpat kaya kodok ing tlaga, mlumpat seka terate siji menyang terate liyane. wacanan iki tak pikir guyonan kang ora lucu. aku malah kelingan ngancani ayu nongkrong nang gambir akhir wulan kepungkur.

nalika kuwi, wong2 pada nyekel cimeng. mung aku kang ora, nyekel gitar karo ndeleng monas. jebule ana lampu byar pet ing pucuk monas kae. ana salah sijining wong ing kono kang ngoceh ngenani Gusti Allah, lan nganggep cimeng kuwi digawe Sing Agawe Jagad kanti premati, kanti keluwihan kang ngedab-edabi. omongane wong mau kaya tulisane neale donald walsch ing buku putih iki.

lalekna wae, buku kuwi, aku njupuk the noodle maker. nalika aku njupuk buku iki nang aksara, sedina sakdurunge nongkrong nang gambir, tak pikir buku iki crita ngenani juru masak. sing jaga toko buku kuwi jenenge wulan (penting?). aku maca rong bab lan isine omongan antarane penulis lan tukang donor getih profesional nang cina. menarik, nanging aja esuk iki. yen aku neruske maca mesti males kerja.

aku kelingan buku elizabeth costello. ing sakwijining bab dicritaake nalika costello lunga menyang nigeria. ing acara peluncuran bukune (costello kuwi penulis novel), ana wong nigeria kang ngritik. jarene, buku karangane costello mau apik. nanging mungkin ora pas yen ing nigeria. wong2 nigeria ora masalah yen kudu dansa, mangan bareng, utawa ngobrol sewengi, nanging ora yen maca buku. maca buku kuwi sepi. kritikus mau banjur crita yen ing eropa, budaya maca kuwi apik. mlebu ing kreta, lungguh, langsung maca buku. ora ngobrol. kuwi apik kanggo utek, nanging ora apik kanggo bebrayan. nyekel buku nalika ana wong liya kaya ngekei tandha "buku iki luwih apik tinimbang ngobrol karo kowe."

nanging aku arep ngobrol karo sapa? wong2 wis padha lunga kerja. marani komputer, mbukak kword lan xmms, ngetik dikancani fariz rm lan the groove. ben semangat.

walah, entuk sms ! huruf kapital kabeh. sapa iki? "met pagi bapak anggoro ...pkabar? adi mawardi tempo sby." jebul wartawan surabaya asli madura. tak bales "kabar baik. bagaimana suasana srby nan ceria? dpt no-ku dr sapa." nganti aku mangkat kantor, sms gak dibales.

21.7.04

setengah dina nang ngomah. ngobrol karo kanca kos, ngetik sinambi ngrungoake gendhing2 jawa. senen-selasa wingi aku kaya diteror wektu, sms lan telpon seka ngendi2. rasane kepingin mbanting telpon. apa maneh wingi pemotretan cover, mboseni.

nglangut ngrasaake kos-kosan sing panas. isa ngrampungke sak tulisan ('hikayat orang-orang narsis') lan ngedit lan ngekei pengantar sak tulisan ('kalung neon dan my little boy').

13.7.04

esuk-esuk nulis, ing komputer kanti iringan cd isobel. gorden kang luwih asring ketutup nyirep cahya kang sakjane ora sepiraa. esuk iki hawane kepenak. kanggo ngalamun, nulis, thengak-thenguk sinambi nyruput teh cangkir.


dina iki, aku pingine ora nang kantor sik, nanging ngulandara tekan kemang golek buku. tekan aksara aku langsung nuju rak ing waliking lorong mlebu. ing kono aku njupuk buku kang dijupuk seka blog, salam pax the bagdad blog. terus milang-miling nonton buku sing diseleh meja, aku njupuk elizabeth costello kang ditulis jm coetzee. dadi, nalika numpak kopaja 77 aku maca bukune coetzee. ukara-ukarane prasaja tanpa pralampita kang ngayawara.


mlaku-mlaku ndhisik nang blok m, mangan bakso, banjur mangan bakso ing ngarep pasar. mlebu malku-mlaku maneh terus ngantri nang bus way.

layar monitor wis dikebaki templekan kertas post it loro.


"aku udah cemplungin siaran pers ttg stand-nya sampoerna di prj itu di xxxxxxxxx@yahoo.com"

"kata abel: besok pagi ya kita ngerjain highlight."


kalawarti panjebar semangat anyar wis teka, naskah seka warner bross firebelle lan the corrs teka kanti foto kang peni. kerja lagi males. apa iki pengaruh seka lagu-lagune isobel kang mau tak puter? embuh! apa pisang sing tak pangan mau nggawa hawa beda? ra ngerti.

5.7.04

malem minggu bareng john lan paul

ing dina
nalika swara beatles sesideman ngajak demenan
nanging aku lagi ora karem
aku arep nonton langit
lungguhan ing balkon sinambi takon-pinakon
karo sapa?

"you can hear me!" john lenon ngeyel (1)
"you see nothing" kandhane paul mcartney (2)

nanging butuhku mung lungguhan
sinambi nyekel sakcangkir kopi

"we're all living in yellow submarine,
we're all living in yellow submarine" (3)
john karo paul nyanyi bareng

piye yen sesuk wae?
aku bakal lungguh ing kene maneh
ngenteni udan
nyulam crita
dijilid dadi pustaka
kang isine mung kapang

nanging saiki mangsa ketiga
critane kudu beda
piye carane ben dina katon endah?

"when i'm home everything seems to be right" (4)
nanging adoh yen kudu mulih
"seems so hard to find" (5)
pancen
"listen, do you want to know a secret?" (6)
apa kuwi
"hey, you've got to hide your love away" (7)
apa hubungane? ra sah ngayawara!
"come on, come on" (8)
apa sih?
"everything was right" (9)
kuwi lak nalika semana,
jaman dina isine mung padhang njingglang
"i said something wrong" (10)
terus?
"love is such an easy game to play" (10)
jarene sapa? aku ra percaya

tak critani wae
sore kuwi aku lungguh bareng
nyawang lintang sinambi cekelan tangan
lan sesumbar yen tresna kuwi
digawe ing ratri
lan katone dheweke setuju

"well, she was just seventeenth.
you know what i mean" (11)

pancen, lan kuwi crita lawas
luwih seka 10 tahun kepungkur
pantes disuwek, dibuang
nanging aku ora ana crita liya

"i'm so tired" (12)

ya wis, sugeng ndalu
aku isih kepingin lungguh ing kene
sapa ngerti ana crita kanggo sesuk wengi

kutipan dijupuk seka lagu-lagune beatles
(1) and your bird can sing
(2) for no one
(3) yellow submarine
(4) hard day night
(5) things we said to day
(6) do you want to know a secret
(7) you've got to hide your love away
(8) please,please me
(9) she said-she said
(10) yesterday
(11) i saw her standing there
(12) i'm so tired

16.6.04

esuk ing tanggal kang padha setahun kepungkur
tangi amarga swara adzan subuh ing radio kang sakbanjure nyuwaraake lagu-lagu jazz. ngapa esuk tansah teka kanti pangajab kudu tangi?


njupuk banyu wudzu nalika jam ireng putih ing nduwur meja ngarah 5.15. komputer kang sewengi urip kanti mencereng ndeleng aku, aksara f kang digawe seka mozaik foto kaya urip.
ngrungoake radio sinambi main magic lines lan blockout.


bosen, terus muter lagu2 mp3. sing jelas2 kepingin tak rungoake 'selamat untukmu' sing dinyanyeake fariz rm karo deddy dhukun.


gawe capucino instan terus ngobrol karo dino, sinambi maca koran edisi minggu. ana cerpen 'nun' gaweane sitok srengene. lumayan!


5 tahun kepungkur
tangi, sholat, turu maneh. tangi maneh nalika jam 7.30. mangan sinambi nonton indonesia today ing rcti. trus nonton nba final2# antarane spurs vs knick (menang spurs) terus turu maneh. tangi jam 12.30


dina iki
tangi esuk amarga adzan subuh seka mesjid sebelah. sholat bajur turu maneh. lampu isih tak jarke peteng. sewengi sirahku kaya arep njeblug. akhir2 iki aku asring mumet tanpa aku ngerti sebabe. mau bengi turu sakwise magriban, aku ora sholat isya.
sakwise wareg ngalamun aku nyetel tv. ana film skubidu. gak menarik! swara tv dadine kanggo ngiringi aku terus ngimpi. mau bengi aku ngimpi lunga nang roma bareng pappilon numpak prau sing dawane kurang luwih telung meter. niyate golek buku. wektune mung sedhela lan tekan kono ketemu philip. kan philip lagi nang london? mbuh! sakdurunge mulih, aku mampir nang bakso malang karapitan (iki gak jelas maneh, ana bakso malang tekan roma). ana cewek ayu, ning aku ra ngerti sapa jenenge.


sakwise nguripke lampu aku njupuk hp kang ketinidihan pas mau bengi turu. ana 3 sms. seka mikael, ida, novi. aku gak isa mbales amarga pulsane kari rp 60,-
nonton acara lipstik. presentere dian utami. isine : kasus cerai tya subijakto, yuni shara meteng 4 wulan, shandy aulia nyolong2 numpak mobil. gak penting banget! mendhingan ngising sinambi maca buku. pas balik maneh ana sms seka anik.

8.6.04


"gamang itu artinya apa?"
ana sing takon wingi, lan ora ngira yen pitakon kuwi bakal metu seka
utekku kanggo awakku dhewe.

"who's got the power?"
kapacak ing sampul suplemen majalah time spring 2004. aku ra peduli marang
ukara iki.

"minat?"
pitakon iki teka mau bengi. pikirku: apik kanggo playon. apa petualangan
anyar? tansah mlayu terus? kapan tekan? kuwi dudu donyaku!


"aku main dengan chord primitif"
awan iki ana sing ngajak crita musik. aku ra mudheng. seleraku primitif.
dudu kuwi sing kudu tak lari, nanging komposisi beda kanti ladrang
subakastawa semangat bebop.


"hari ini gerhana matahari"
terus ngapa? langit nyimpen srengenge kawit mau. mung klawu mayungi wong2
demo ing bunderan hi karo dpr.


barang larang ana ing ngarepku, ing kotak abang tua.
"itu safir"
"yang putih diamond?"
"ya, ini diamond"
"berapa nih?"
"11 ribu yu es"

7.6.04

utek lagi bingung. ana sing gelem ngekei saran?

3.6.04

wingi awan dolan menyang rumah sakit jiwa. wong2 nganggo sandhangan kang padha. ana sing cengengesan, mbesengut, sopan, bengak-bengok.

bengine, aku dolan nang studio mendut nonton teater abu karo jazz piano walter lampe. jan-janne kelakuanne wong2 iki ora beda adoh karo wong2 nang rsj mau. bedane mung sing siji entuk duit lan nduwe alasan. sijine dipeksa mlebu ben ora nganggu. sing nduwe alasan wong liya, dudu sing mlebu rsj.