29.11.02

rencanane aku arep didaftarke dadi wartawan istana. muga-muga ra sida. aku males yen dipindah rana, ora entuk kaosan, jeans ora entuk (ra ketung aku jarang nganggo jeans), klambi kudu dilebokke, sepatu ket ra entuk (sangsaya sandal ban) .

---

sesuk mulih, ana sing pingin melu ?

27.11.02

tambahan link sing jelaske gunane blog kanggo wong wadon iran
ana partai baru, ana sing pingin melu ? aku bar mlebu nang blog wong iran. njelaske ttg blog nang iran. jebule nang kono blog luwih maju, ana portale, sing jelas-2 nganggo basa arab. terus ana blog sing katone menarik diwaca yaiku ing hoder. ana informasi ngenani blogger sing bunuh diri. sarap !! pas tak bukak bloge, isine ya tulisan arab.

sak liyane browsing nang blog2 persi mau, aku surfing nang wilayah ocenia. nang samoa, cook island, lan liya2ne. jebule berita2ne ora ana sing menarik. bayangke wae pulaune cilik2 lan wonge ya mung sithik. beritane apa?
nonton covere time rada aneh. gambar elijah wood ngeceng nang ngarep. crita utamane jebule masalah film2 fantasi. sawetara kuwi, investigasi teroris asia dadi liputan khususe.

kapan ya tempo nduwe utek kaya ngene? nang time, dijlentrehake budaya film fantasi kang dadi raja nang box office amerika, watara seperempat abad pungkasan. apa hubungane imajinasi lan budaya masal? apa kuwi impene wong-wong amerika sing esoteris.

asem, lagi nulis ngene entuk undangan seka 21, nonton premiere harry potter and the chamber of secrets. jan-janne kepingin, nanging filme tanggal 1, minggu sesuk.aku kan wis mulih kampung. kamangka iki undangan khusus, ora kaya biasane sing isa rayahan. ana sing minat? sakliyane undangan, uga ana surattagihan seka citibank. sing iki ra sah dirembuk.

mbaleni film fantasi mau, aku ngira yen amerika kuwi negara sing tansah njaga impen.impen kuwi nglatih utek kang kreatif, kang bisa gawe reka-reka upaya.
akhir-akhir iki gaweanku ra jenak. utekku wis nyangkut nang ngomah. rong dina iki aku mung nulis internet lan komputer thok (padahal kuwi dudu tanggung jawabku). arep nlisik berita nang depkeh ham lan komnas ham males. apa maneh dan lbh. akeh undangan liputan, ning isine mung buka bersama thok. ra napsu blas. yen ora buka bersama ya diskusi. pasa isine ngrasani wong.

pas tangi mau ana sms lan mailbox, seka kantor."agendanya apa hari ini?" males ngubungi kantor, aku umbah-umbah terus sholat. mangkat wis awan, kurang luwih jam sijinan.numpak bus ac 44 jurusan ciledug. dina iki ngapa ? embuh isine mung chatting karo browsing. chating karo enda, lita, bagja. masing-masing ra ana omongan sing standard. singrada serius mung karo enda.

26.11.02


iki pit onthel yamaha
cah bar nostalgia acara radio republik indonesia. acarane 'tejo sumarto sarjana hukum'. aku dewe gumun kok isa-isane nggawe acara ttg pancasila ora entek bahane. suarane khas, wibawa lan rada nganyelke. jaman mbiyen acara kaya ngene iki pancen wajib dirungoake. saiki ?karepmu !.

25.11.02

jebule hilman gawe blog.lan kaya adate, cah iki senengane nggosip. tapi menarik, yen tenan doni putus karo cah lipi kuwi. he..he..lan nggon komang wis diganti layoute. raketung rada wagu. ndele'i gambar kembang gedene ra karuan. terus dikei komen barang,kemajuan lah. yen nggon bagja isih ngono-ngono wae. lagi demam blog.padahal aku lagi bosen

24.11.02

akhire entuk tiket.sak wise berpetualang nelponi siji-siji biroperjalanan lan panggonan pesen tiket liyane. macem2 jenis angkutan tak telpon (kecuali kapal laut). akhireaku bisa mulih suk tgl 30 esuk-esuk. jurusan yogja. ana sing gelem njemput aku?
golek tiket ra entuk2......

22.11.02


jarene emode.com aku mlebu shark:


Your personality is actually determined by two personality sub-types - your primary, or dominant sub-type, and your secondary sub-type. You are a Shark which means you are a Seeker / Success. Your primary sub-type is defined by "Seeker" characteristics and your secondary sub-type is defined by "Success" characteristics.

That means you've got a robust love of life and a killer instinct. Chances are you hate rules, and don't plan on getting old. You're flexible and friendly on top of being innovative and smart. In short, people respect you.

How do we know all this? How do we know you're extroverted and love being in the spotlight? Or that your mantra is "work hard, play hard"? How could we have divined that dull parties make you weep?

Because while you were taking the test, you answered four different types of questions — questions that measured confidence, apprehension, willingness to take risks, and your focus on experience versus appearance — the primary traits that determine your personality. Based on your responses, we determined your personality type, Shark.

And that's just scratching the surface.


artine apa yo?
durung ganep sewindu
aku turu
njejeri lelagon rangu-rangu
raiku bisu

ajeg ing kene
ana sing luntur kawit crita dipunggel sak durunge
ana titik
--------------------jancuk
ganti suasana. lay out sak durunge bakda. biru. iki werna kesenenganku sak liyane coklat. ana sak wijining kenya (ing jaman mbiyen) sing seneng uga werna-werna iki. *nanging ra sah dipikir adoh*

dina iki jaga wengi tekan esuk. ra ana gawean, karo ngajari gawe situse bagja. nanging durung dadi. udad-udud. pas mangkat mau ngobrol karo sopir taksi masalah udud. deweke udude samsu kretek, aku pas nggawa samsu filter karo mild.

ngomongke rokok, kok dadi kelingan kenya kuwi mau. hla kok isa?

sejarahe ngene:
dek jaman semana, aku durung udud. yen udu paling ya mung kok ngrejani kanca. aku sengit tenan yen ana wong udud. ndilalahe, kancaku dolan, si pappilon, udude nglempus. nalika kuwi uripku kaya wis ora ana sing dipikirke, mung tresna, tresna, lan tresna. *dangdut tenan*. aku pacaran karo kenya sing seneng werna pada karo aku kuwi. bintange pada. malah2 ulang taun bapake pada karo aku. jenenge adine pada karo aku.

ndilalahe kersaning Allah, kok ya pedhot. pas tanggal siji suro pitung taun kepungkur. aku mulih kanti awak bingung. let pirang minggu, aku mulai udud kanti serius. pisanane rokok diplomat wismilak. sak bungkus enthek nggo seminggu. banjur kebablasan dadi sebungkus sedina, malah pas jaman kkn rong bungkus sedina. sak lebare diplomat, aku ganti rokok king, terus a mild. kadang-kadang star mild. wis nate nyoba diplomat light, naging ra cocok. terus uga nate lucky strike, nanging uga ora suwe.

wis ah dadi ra jenak nulise, mengka kebongkar kabeh. *wingi bengi aku maca diari lawas, patemonku sing pungkasan maret 2000*

21.11.02

sesuk jebule piket tengah wangi. mathuk yen ngono sinambi nunggu saur. bar iki aku arep mangkat nyang kantor icmi, buka bersama alumni majalah opini

17.11.02

pas njupuk koran nang kantor entuk surat. takpikir kartu lebaran. jebule 'kartu matur nuwun' seka visi anak bangsa masalah festival sastra 2002. ya wis. aku dewe lali tulisanku kaya ngapa.

mau bengi nonton midnight bareng komang, dara, andi, lan teguh nang tim. ben afflect lan samuel l jackson main nang changing lanes. ing antarane midnight liyane, film iki paling sepi. kaya ngono ya tetep entuk lungguhan nang ngarep.

kanggoku film iki apik. ora kethung, sing jenenge film hollywood, ya ending-e kuwi sing nganyelke. ning ya ra papa. dadi mulih ora nggawa rupa sing nyepet-ke.

ngekei ngapura, kuwi pancen angel. yen lara ati lan rasa wus kaya dijawilapa dijuwing-juwing, isa-isa wong sing biasane kalem dadi wong kejem.

aku kelingan kahanan nang indonesia. aku uga kelingan nalika melu acara pelatihan hukum nang puncak. nalika iku ana conto seka afrika selatan. nelson mandela, sing tansah disiya-siya dening rejim apartheid, akhire menang. nanging apa sing dilakoni ? mateni mungsuh-mungsuhe? ngusir? ngina? ora.

mandela justru ngekei ngapura marang mungsuh-mungsuhe. sikep iki pancen kontroversial. bojone dewe uga ora seneng marang keputusanne iki. nanging, amarga rasa mandela sing gelem ngekei ngapura iki, afrika isa tangi. isa urip ing tengah-tengahing donya.

bali nang indonesia. yen aku ndeleng kok jan isine mung salah-salahan. aku ya rumangsa yen jenderal2 kenthir kuwi kudu diukum. suharto kuwi ya salah. nanging tak pikir durung wancine males paukuman marang wong-wong kuwi. akhire malah kaya mbalik dadi bumerang.

sing wigati kuwi bisa urip tentrem kerta raharja. makmur sandang pangan,lan ora lali mring kautaman.

jan-janne ana sing luwih ideal. yaiku hukum kudu dilakoni kanti pener. nanging kok kayane mokal ya? aku dewe sing asring ngobrol karo pengacara utawa wong2 sekadepartemen kehakiman pesimis. nalika duit wis nampek rai, rupane wis ilang dadi bokong.

aku kelingan voltaire.deweke wis nanti nulis (nek ra salah nang 'zandig'), tinimbang ngukum salah wong,ngeculke wong salah mau.

wong-wongkuwi wis padha kenthir kabeh. conthone ya salah sijining menteri sing sok tak wawancarai. ing ngatase dadi menteri hukum ning kok duwe kantor swasta hukum uga.iki edan. mula yayen ditlisik isine mung kasus2 cuci uang. lan jarene pancen iki mesin duwite menteri mau kanggo siap-siap. modus-e : dadi panggonan legal cuci uang perusahaan2 manca. perusahaan2 kuwi mau mung ngadeg nang indonesia 1-2 tahun. malah ana sing durung nganti setahun. banjur ngerti2 bangkrut utawaminggat ngono wae. pengacarane dijupuk seka kantore pak menteri kuwi mau.

aku dewe ngira, duwit kuwi dijupuk amarga pos duwit seka departemen mlebu partai.partai, pancen umume dikei bagian seka jabatan2 teles.

pas aku ndeleng nang bagian data, jebule saiki partaine wis ana 221. akehe pol. ana sing isine partai lewes ning ganti jeneng ben isa melu pemilu maneh. ing aturan uu pemilu, partai sing wingi entuk sithik pancen kena pangkas. mula padha gawe partai anyar. ana uga pecahan-pecahan seka partai gedhe.

ana salah sijining partai sing wagu. maune aku ra percaya yen kuwi tenan. jarene ana partai sing logone dinosaurus. uedan. pas tak tlusuri maneh, jebule ana. aku lali jenenge, nanging logone dinosaurus coklat ing background bunder werna abang. terus ana lintang lima cedhak dinosaurus mau. ngerti sapa sing ndaftarke partai iki? eddy sofyan. aku dewe ya gumun, nggo apa pengamat bal-balan gawe partai barang. wis ah,mulih arep buka sik

12.11.02

tangi nalika surya wis ancang-ancang arep mudun. males tenan dina iki. esuk, sak durunge jam sanga entuk sms,"tolong, bisa sms ke aku ttg agenda hari ini? aku sulit berangkat pagi karena istriku masih mual2. aku harus urus istri, anak & rumah-trims, dwi wiyana" isih ngantuk arep mbales. lagi tak bales kurang luwih setengah jam-an.

dina iki ora ana acara. arep nang lbh males, apa maneh kontras. nang komnas ham? ah paling ora ana acara. ngubungi mas agus antara uga ra kesaut. akhire ya turu maneh.

sak wise adus lan sholat aku budhal liwat jalan sudirman.pas tekan ngarep bis 42 liwat. mathuk tenan.
------
ben ra lali, aku libur awal desember. tak jupuk persis tulisanne mas inod.

DAFTAR LIBUR AKHIR TAHUN 2002
TEMPO NEWS ROOM


JADWAL I
(2 – 11 Desember 2002, masuk kembali 12 Desember 2002)

1.Yura
2.Anggoro
3.Eduardus (tukaran dg. Dewi Retno)/Lamaran, tapi bukan sama Dewi))
4.Sam Cahyadi? --- (menikah, 29/12/02)
5.Purwanto
6.Diah A. Chandra
7.Faisal
8.Ucok Ritonga? (Menikah, 27/12/02)
9.Istiqomatul
10Retno Sulis
11Priandono


JADWAL II
(5 – 14 Desember 2002, Masuk kembali 15 Desember 2002)
1.Bagja
2.Hilman (Lamaran, katanya, jadi aman).
3.Dede A
4.Suseno
5.Sri Wahyuni
6.Fitri O
7.Nunuy
8.Dara
9.Andi
10Budi
11Erdian


JADWAL IV
(23 Desember 2002 – 1 Januari 2003, masuk kembali 2 Januari 2003)
1.Komang (libur dari 18 – 27 Desember 2002, masuk 28/12/02)
2.Deddy
3.Kurniawan
4.Wuragil
5.Dimas
6.Bernarda
7.Y. Tomi
8.Sapto
9.Dewi Retno (tukaran dg. Eduardus)
10Cahyo
11Multazam
12Wahyu

11.11.02

mbukamajalah tempo edisi hari pahlawan. lagi ngeh, jebule wawancaeaku pirang minggu kepungkur dienggo edisi iki. lumayan lah, kaya sing tak arep2, gawe ati tentrem

10.11.02

browsing-browsing nemu web ra dadi sing tak gawe mbiyen, ana fotoku lagi mrenges nang kantor cakram mbiyen.
ora ana gawean dina iki. mau bar klinong2 nang depkeh. ketemu pak ade, ngobrolke masalah imigrasi. terus nang pak josi, ngomongke administrasi hukum. ra ono sing menarik. terus? lunga kantor.
maca email, ana sawetara ukara-ukara seka e-maile bagja ngenani kawin. sumangga dipun waos:
yen kowe kawin, kowe bakal gela, ning yen ora kawin bakal luwih gela ---socrates
kawin kuwi kaya dene lotre. sing lanang totohan kamardikanne, sing wadon totohan bathi-ne---MME de Rieux

he..he.. menarik? tak tambahi seka surfingku :
yen awakmu entuk bojo sing apik, sliramu bakal seneng. yen entuke sing elek, bakal dadi filsuf---socrates

9.11.02

aku lali dina iki arep ngapa. nanging bar iki dijak nonton the eye. bareng komang, komet, andi, cahyo, lan kancaku sma, teguh. wis suwe aku ra ketemu teguh. mbiyen deweke cah sos-1. lan aku fisik-1. ketemu paling pas acara conversation pas sore, bareng karo pak stanist, guruku basa inggris.

jan-janne rada males lunga. nanging kok ya ra sopan dijak dolan ra melu. ngapa-apa lagi males. browsing males, dolan males. aku dadi kelingan lita sing wingi curhat kenglokroanne. apa penyakit nglokro kuwi nular. mbuh !! ning dina iki aku gawe rong berita.
1. wawancara djohan effendy ngenani jamaah islamiyah. wawancara liwat telepon internasional. deweke lagi nang ustrali. maune tak telpon ra isa. terus tak kirimi e-mail. kurang luwih rong jam deweke nelpon kantor. ya wis, aku telpon balik. cilakane, rekamanne elek tenan. dadi ya ngandalke apa sing tak tulis wae.
2. berita terjemahan seka afp. nerjemahke warta ngenani resolusi pbb sing arep nglucuti irak. dirangkum seka telung hard news cilik-cilik. aku dewe males nonton fasilitas wired. aku nggarap iki merga dikon mas inod.

6.11.02

sak wise bt sedina, akhire nemu situs alumni sma 3 magelang. terus nemu email-e pratikto. akhire tak kirim email, lan kurang seka setengah jam balesan wis ana. yenpingin ngerti tampange pratikto, ikitak sediaake.
urut seka kiwa
aku, warsito, heru, lan pratikto


aku ra ngerti dina iki arep ngap. undangan ora ana sing apik. acara akeh-akehhe wengi. apa kaya wingi? turu nang kos lan teka nang kantor mung absen thok? aku gumun, cah-cah kok ya ora kethok kemliwer. pada nandi?
apa mending mlaku-mlaku nang blok m?
apa nang tim?
apa nang depkeh ham?
apa nang komnas ham?

embuh



4.11.02

esuk kang sumringah. numpak bis 42. lungguh pas cedaklawang mburi. ana wong ngamen. maune aku cuek, biasane pengamen puisi elek2. ning kok menarik! critane ngenani tresna kang ilang. ana sisipanne lagu 'the end of the world". wonge jenggoten, rada tuwa,nanging ora tuwa banget, watara 35-40 taun. penasaran, sapa sing nggawe puisi iki. aku deleng bukune, ora ana judul. amarga mung buku tulis bathik ukuran cilik. bar aku nguwei duit, deweke ngadek cedak nggonku, aku takon," tadi itu puisinya siapa?"

"oh itu bukan puisi, tapi monolog," deweke ngguyu, katonne wong sumeh. jenggote sing putih manggut-manggut. "karangan siapa," aku mbaleni maneh.

"saya sendiri yang buat," katonne deweke bangga," membuatnya disela-sela waktu saja." nanging terus deweke kaget nalika bis menggok nang arah dalan pakubuwono. "ini 42 ya?" tak jawab," ya." langusng tangane nuthuk bathuke, lunga sinambe ngomong," masyaAllah!". he..he..pengamen salah jurusan !! nanging, aku durung takon judule.

3.11.02

esuk-esuk mangan bubur kacang ijo karo nenggak es jeruk. esuk iki jakarta ora ana srengenge. werna klawu nyaput langit. rata.

rencanane lungan nang hotel millenium, daerah tanah abang. seminar meneh. sak durunge, maca blog-e renny. tulisanne tambah apik wae, yu !!

wis ah, kerja sik. sak durunge utekku macet maneh.

1.11.02

wengi iki jaga. lan kaya biasane, aku bingung arep ngapa. diwiwiti ngganti tampilan blog. banjur ngapa? aku wingi bar tuku domain, nanging, sak wise kuwi, bingung arep tak kapakke situs kuwi. ana usul ?
aku akeh banget melu milis. nanging ya mung maca thok, ra tau melu nimbung. paling sak kecap rong kecap. sing paling tak senengi milis bahasa jawa. isine (akeh-akehe) wong-wong tuwa sing ngrembuk macem-macem. iki salah sijining posting laporan patemon ing praha dening bapak martinus soejoko. priyayi kang wus suwe urip nang ceko



Sithik-sithik kanggo negara

Paguyuban Indonesia Ceko (PIC),senajan wargane mung sethithik
lan wis akeh sing uwanen,nanging wani nganakake patemon warga
Indonesia sing manggon ing Ceko lan warga Ceko dewe,senajan mung paitan dengkul ning manut kanca-kanca Ceko dewe,hasile apik banget, rame lan malah akeh sing kaget (aku uga),merga salah sijine garwane diplomat RI (saka Batak) nyumbangake lagu-lagu lagu Batak,sing temperamen,keploke ora mandheg-mandheg,apa maneh bareng Bu P nyanyi lagu rakyat Ceko,suarane resik,ucapanne apa maneh,aku dewe sing wis suwiiii banget urip neng kene,ora bisa percaya,yen sing nyanyi iku dudu wong Ceko asli,lan aku ya ngerti yen Bu P ora bisa basa Ceko, mula aku tambah gumun lan ora entek-enteh kekagumanku.

Bareng aku bisa ngomong karo Bu P lan dikandanni,yen latihanne lagi rong dina kepungkur,sing dadi korektore putrine sing sekolah SD,sing lagi setengah taun sekolah TKK barengan karo bocah-bocah Ceko liyanne.

(Bab basa Ceko liya dina tak terangke maneh!).
Acarane cukup lancar,acara resmi sedhela,terus ngicipi panganan Indonesia,suguhanne : sega liwet (beras cempa),opor pitik (mung pupune), endog balado,rendang Padang,oseng-oseng sayuran,kabeh mau a´la rantangan (catering),sing masak Bu I saka Magelang, Bu H saka Jakarta, lan ana Mamahid saka Padang,gayeng banget,malah manganne ana sing kecap barang (mbokmenawa uga ana sing glegeken), aku oleh tugas ngurusi le mbungkusi,supaya ora ana sing kelalen lawuhe,kaya taun kepungkur.Sing rewang ya ana mahasiswi Ceko, uga Dik N saka trenggalek sing njupuk S2 jurusan Mesin,lan malah ana pembisnis wanita saka Makasar uga Mamahid Ceko,sing dadi warga utusan KADIN Sulsel,sing kebeneran lagi ana ing Praha,dadi ya rame,merga mung tansah dagelan lan nostalgia "jaman doeloe".

Acarane disambung nganggo joged Serampang Dua Belas,tari
saka Ceko Wetan,terus Cardas (Hongaria) lan joged Bali,sing
joged Karolina,putrine Mamahid Ceko uga,tarian Eropah sumbangan
saka Sekolah Tari (pengagum Indonesia),isih ana nyanyian loro maneh
lan terus ana "tombola",kaya lotre,hadiahe sumbangan saka Darma
Wanita KBRI Praha,lan uga sumbangan liyanne (aku ya melu nyumbang lho!),kabeh saka Indonesia. Duwit sing bisa dikumpulake saka tombola mau arep disumbangake kanggo korban banjir rong wulan kepungkur.

Sore kuwi pokoke sorene Indonesia,dadi senajan sethithik ning rak bisa nyumbang ngenalake "Negara Leluhur". Generasi ke-2 (cah2 Indo-nuwun sewu putra-putrine Mamahid) ya akeh sing mbantu,malah wis ana generasi ke-3 barang. Rak wong Indonesia kuwi produktip !

Djoko
Praha,29.10.2002