23.12.03

aku saiki dadi kaya manuk, saben esuk mangan gedhang. esuk iki aku mangan loro. yen dipikir luwih ngirit, amarga pisang ambon sak sisir regane mung rp 3000 nang pasar (embuh nek nang supermarket).

ide mangan pisang iki gara-gara aku lara. wis seminggu awak rasane ra nggenah. wis ngono kadang sok kudu lembur ngrampungke gawean (sing aku ra kepingin tak rampungke)

15.12.03

esuk2 ngrungoake radio. pawarta, musik, lan omongan. ngrungoake omongane wong2 sing padha nelpon kadhang asik. apa maneh yen sing nelpon kuwi wong2 seka ngendi-endi.

aku banjur kelingan jaman dikritik redaktur nalika awal kerja ing media. aku, kaya dene wong2 mau, dianggep sok tau !

pancen yen digagas bener. yen ana narasumber, penyiare kadang ngekei kesempatan kanggo sing nelpon kapurih takon. nanging akeh2e malah padha ngekei pendapat. sok tau banget ! wis ngono, nyeneni wong sing salah. yen anggota dpr kuwi mesti koruptor lan semono uga pejabat. kok ya ora padha ngilo gegere dhewe. pancen akeh pejabat sing rusak, nanging ora kabeh.

katone wong2 kene ora seneng takon, nanging luwih seneng yen ana sing ngrungoake. luwih seneng ngomong. apa merga swarane ora digateake ? embuh.
(kacamataku embuh nandi, ana sing nemu ?)

10.12.03

rri programa 3 keprungu crewet esuk iki. ngomongke masalah ham kang disambungake karo pawarta pengetan ham kang dirayaake wingi.

aku sok seneng ngroake wong-wong umum ngomong masalah politik. werna-werna lan pancen isi sirahe beda-beda. ana sing setuju, ana sing mbalela, ana sing waton nyonthong, ana sing sok dewasa.

lan nalika saiki aku ketemune marang menungsa2 kang ora ngerti babar blas masalah politik lan sosial, rasane aneh. mungkin wong2 kuwi uga ora ngerti sapa wakil presiden saiki. ra sah kuwi, rega taksi wae ora ngerti amarga pancen alergi marang wong liya kang nandhang sengsara.

kanca-kancaku ing panggonan kerjaku sing lawas sok gumun yen tak critani kelakuanne menungsa-menungsa kuwi. omongane mung sekitar uripe dhewe.

pekok : si f sekarang lagi sama si x ya? biasalah flirting
koplo : paling cuma setelah dapet hermes ama prada ganti lagi, masalahnya kemarin aku liat dia ama si y
pekok : hlo, emang si f mau main sinetron
koplo : kayanya sih gitu
(meneng rada suwi kentekan bahan. pekok ngelus-elus klambine, karo mlirik)
pekok : aduh, kok masih ada saos di bajuku sih ? pasti si juminem kemarin datang ke laundry yang kemarinnya lagi
koplo : aku juga pernah hlo punya pengalaman kaya gitu. gaun bikinan ramli-ku jadi ancur deh. ya udah aku buang aja. mendingan lu ganti juminem deh, kayanya dia goblok banget

3.12.03

wingi sore aku mulih pas maghrib. lan ing kamarku ana kupu soklat sing mencok cedhak komputer. lan nalika aku lunga nonton matrix nang tim, kupu kuwi isih nongkrong nang mburi lawang. pas mulih, kupu kuwi ing cedhak ventilasi. lan aku mau tangi, kupune wus mbuh na ngendi.

mlaku nuju kantor, aku weruh uler mlaku ing ndalan. cilik, wulune, akeh, lan an sungute loro. dadi kepikiran, piye yen gawe tulisan ngenani uler lan kupu. nanging, katone ora isa dimuat.

1.12.03

awan kuwi, ing sak wijining kantor pers mahasiswa pirang taun kepungkur. wong loro padha padu masalah Gusti Allah. antarane wong atheis sofis karo aktivis mesjid. si atheis sofis nggunaake filsafat barat jaman lawas kanggo debat, lan si aktivis mesjid nganggo qur'an. loro-lorone ra nyambung.

liya dina. aku dolan ing daerah bandungan ambarawa. hawane adhem lan aku karo kancaku golek wedhang lan cemilan kanggo ngangetke awak. ing kono ana wong kejawen kang lagi ngrasani kiai. dheweke ngrembug masalah 'eling' lan 'iman'. jarene, wong eling kuwi luwih apik tinimbang wong kang iman, amarga dheweke weruh akeh kiai kang ora bener. aku karo kancaku mung meneng. islam lan kristen kuwi, jarene, dudu agamane wong jawa. basane wae arab, mula kudune ya kanggo wong arab. bedha karo wulangreh utawa wedhatama kang asli gawean wong jawa. tinimbang padu, luwih becik mangan enak.

sing nduwe warung ing cedhak omahku uga duwe pemikiran kang padha karo wong kuwi. dheweke seneng rembugan masalah wayang karo aku. dheweke yakin yen janaka, kresna, utawa anoman kuwi ana tenan ing jaman mbiyen. dheweke uga tansah ngece marang wong-wong kang lunga nang mesjid. jarene, "watu nang mekah kok disembah."

ing novel "rikmadenda mencari Tuhan" ajip rosjidi, rikmadenda ngobrak-abrik kayangan jalaran para dewa ora isa njawab sapa sejatine Kang Gawe Urip. jawabane para dewa mau dianggep ngawur lan malah mbingungake rikmadenda. bethara guru mlayu, sang hyang wenang uga nyerah, lan ing panggonane sang hyang tunggal, rikmadenda ketemu kresna. kresna takon marang rikmadenda, apa dheweke ngerti wujude kang digoleki mau. rikmadenda gedheg ora ngerti. kresna banjur ngaku yen dheweke tuhan sing digoleki. rikmadenda ngeyel ora percaya. nanging kresna luwih lantip, rikmadenda ora entuk ngeyel amarga dheweke ora ngerti wujud kang digoleki kuwi. yen tho ana wong kang ngomong yen pithik kuwi sing gawe urip, rikmadenda uga kudu percaya.
esuk tangi, niatku nyetel kaset bon jovi sing anyar kanggo ura-ura ben semangat. jebul isine slow. aku mbayangke bon jovi nyanyi ing wulan pasa. mula, ra nganti bed of roses rampung wis tak ganti nyi tjondrolukito. pikirku, mendhing slow sisan ngrungoake ketawang megatruh. rampung sak sisi, aku ngganti nyetel lee riteneour, diteruske narto sabdo. bar kuwi, adus, mangkat nganggo klambi coklat tuwa, clana ireng, sepatu biru enom. lan langit ora katon sumringah.