28.12.05

udan
udan
udan
aku kepencil ing ngarep prambanan. lungguh ing panggonan liren, ana bule telu sing aku gak mudheng ngomong apa.

27.12.05

mudhun seka kreta ing kutoarjo, langit isih peteng. lemah teles bar diguyang udan lan subuh cepak tekane. pisanan sing kepikir, ngopi2 ing warung. sinambi ngobrol ora jelas karo wong prembun lan bakule, rasane pikiran kumepyar. kopine enak. jarene bakuke sing gawe pancen sekti. merk-e aneh, muntu. kopi asli kutoarjo kang anane ya mung nang kene. sekilo 36 ewu.

8.12.05

waduh ana sing nyetel richard cocciante, iki jenenge nyiksa mood sing lagi kepengin kerja.

7.12.05

sepi. aku tangi turu tanpa swara radio utawa tv. lan esuk iki aku dikancani tahu lan pisang goreng. mbiyen, tuku 2 ewu entuk tahu 3 pisang 3. saiki mung entuk 4 gorengan thok. ana teh kang mrantasi weteng ben bisa gawe esuk iki krasa serius.

dolanan pysol (simple simon) lan gtkboard (othelo, memory, pentaline) nganti bosen. sakdurunge nonton berita tv sing wagu2. menteri2 diangkat. ganti nyetel radio, isine pakar2 ekonomi ngece kabinet 'imf bersatu' kuwi.

iki ngelingke marang kitab wicara keras, anggitane yasadipura ii. kitab iki isine mung nesu-nesu thok marang kahanan jaman kuwi.

ngaku turun brawijaya, ora sekti
ngaku anak pandhita, ora beteh ngeleh
ngaku anak pujangga, ora wereh pa siji
ngaku anak sujana, nalare liwar
ngaku anak ngulama, ora bisa ngaji
ngaku anak cina, ora kucir
ngaku anak santri, ora bisa maca kul-hu


kira2 arti indonesiane ngene:

mengaku keturunan brawijaya, tidak sakti
mengaku anak pendeta, tidak tahan lapar
mengaku anak pujangga, buta huruf
mengaku anak orang pandai, kabur pikirannya
mengaku anak ulama, tak tahu mengaji
mengaku anak cina, tidak dikuncir
mengaku anak santri, tidak dapat membaca qul-hu


mendhing mangkat wae. mikirke kaya ngene bisa ora bar-bar. mlaku tekan plaza chase, numpak kopaja 19 tekan kantor.

kantor sepi. ngobrol2, nguripke koputer, mangan awan.

1.12.05

foto iki takgawe nganggo pda. iki siji-sijine foto kang tak gawe nalika kuwi. nalika kuwi aku lagi lungguh ing kursi pinggir segara. kayu kan katon kuwi meja bunder kang persis ing ngarepku. sakwetara pegawe hotel lagi ngrataake pasir, bule-bule jogging, lan asu sepasang kang lagi kawin. kuwi mau ora bisa katon ing foto iki. kadhangkala, akeh perkara kang luwih becik ora katon.



esuk kuwi adhem. aku isih kelingan omonganku karo pimredku yen aku males mangkat menyang bali iki. aku ora nate bisa ngrasaake apa endahe bali. nanging beda nalika kuwi. aku bisa ngrasaake endahing bali. esuk-esuk nongkrong ing pinggir segara, wan ngrungoake wong ngomongke komputer, lan wengine ngopi-ngopi ing lobby. niatku mangkat pancen wus seje. aku kepengin aufklarung. aku kepengin mulih dadi wong anyar nalika tekan jakarta maneh. lan pancen, setahun iki aku dadi menungsa liya, kang aku dhewe ora ngerti ngapa bisa kaya ngene.

nalika lunga menyang garuda wisnu kencana, aku weruh lintang ing ndhuwur. lintang kuwi endah. ana rasa kang suwe ilang lan aku bisa nemu maneh. aku kaya dikampleng, diantemi, lan dipulasara dening wektu-wektuku nalika kuwi. ana kapang kang banjur kesimpen dadi bosok dening wektu, dening kahanan, dening crita kang ora ngerti ukarane kepriye.

apa lintang kae bisa dadi crita liya? nalika mulih, pitakonan isih tetep dadi pitakonan. banjur, ana cathetan-cathetan melankolis. ana impen-impen sing aku ora ngerti maknane. saiki, aku kepengin mbukteake, yen impenku salah.

wingi, aku ngobrol karo budi pradono. arsitek iki crita perkara rancangan-rancangan utopia. utopia kuwi endah, nanging tan ginape. akeh wong kang ora mudheng uga yen kuwi pancen endah. kaya lintang ing ndhuwur kono, bisa wae wong liya nganggep kaya lampu kurang sorot.

esuk iki, lagu-lagu cengeng metu seka komputerku. ora ana ombak segara lan asu kawin. sing ana mung tumpukan majalah kang wujude wis ora jelas.

28.11.05

wayang kuwi dolanan wewayangan. dudu objek yang sejati nanging bisa agawe nangis. empu kanwa, pujangga jaman airlangga nate nulis:

wong kang nonton wayang nangis, ngungun lan sungkawa, kamangka wus ngerti uga yen kang ditonton mau mung kulit kang ditatah, diwenehi wujud manungsa, lan bisa ngucap. wong kang nonton kaya wong kang seneng rajabrana ndonya. mula dadi kepencut, ora ngerti yen sejatinu mung bayangan kaya siluman

kanti ndonya kang beda, mbah kanwa iki kaya mbah buyut plato kang lunga menyang akademia. "ndonya iki mung tiruan." kaya dene sufi kang mumpet ing nggunung. akeh wong2 kuna kang nganggep wayang kuwi luwih sejati tinimbang asline. dhalang2 ora wani gawe crita prabu baladewa kalah yen entuk tanggapan nang madura. akeh sing percaya, yen wong-wong madura kuwi keturunane prabu baladewa. baladewa kuwi kratone ing mandura, ing crita wayang. dadi ya mirip karo jeneng madura.

ana maneh kang banjur dadi fatalis. Hyang kuwi ya kaya dhalang. manungsa mung manut apa karepe dhalang. dadi ing jawa, ana kang ngugemi omongan "mung sak derma nglakoni."yosodipuro i nganggep liyane maneh. dhalang kuwi pralambange suksmane manungsa. wayang kuwi kekarepan.

ana sakwijining wayang kang asline seka wewayangan. bagong kuwi lair seka wewayangane semar. yen ing lakon-lakon, kadhangkala crita iki digambagrke bagong seka kuncunge semar. mula, tinimbang petruk karo gareng, wujude bagong luwih mirip semar. semar njaluk karo dhewa supaya entuk kanca, mula digawe kanca seka wewayangane mau. nanging ora kaya semar, bagong ora nduwe sopan-santun lan grusa-grusu. bagong lan semar beda ing sifat, nanging mirip ing wujud. ing pedhalangan surakarta, wiwit 1749 nganti jaman anyaran indonesia mardhika, wayang bagong ora ana. kadhangkala diganti nganggo wayangkang sinebut cengguris. kabiasaan iki diwiwiti seka jaman pakubuwono iii. pakubuwono iii kuwi asor karo walanda (voc). dheweke isin merga kalah karo landa, mula ora ngentuakake bagong ana ing wayang. bagong, kang sifate cluthak lan ngomong saksenenge, asring digawe dhalang kanggo ngritik sapa wae. ing jogja, bagong tetep aman-aman wae ana ing wayang. malah dhalang-dhalang jogja nambahi maneh tokoh antasena kanggo ngritik penjajah landa. nanging ora kaya bagong, antasena isih nduwe panguwasa. dheweke ksatria. lan bagong?



bagong kuwi mung wewayangan, dadi apa kang dilakoni ora ana beban. bagong dadi gantine nalika semar ewuh ing wicara. asline, ing pedhalangan jawa wetan ora ana petruk lan gareng. punakawan kuwi umume pancen mung loro thok. bancak lan dhoyok. togog lan bilung. jurudeh & prasanta (wayang panji). sabdapalon & nayagenggong. penthul&tembem. nanging ing bali, punakawan kuwi ana papat. ing jawa kulon ana wolu.

kejaba kuwi, wayang sejatine luwih pas yen dideleng seka mburi kelir. dadine mung ireng lan putih. semar lan bagong dadi ora beda adoh.janaka karo karo irawan kuwi sejatine ora beda adoh. wong tuwa apa enom sejatine ora beda. sandhangan rakyat karo panguwasa ya padha irenge. ora katon gebyare makutha sang kresna utawa ali-aline bambang ekalaya.

yen wis ngene iki dadi kaya ketemu pak dhe karl marx. simbah buyut plato wis lali. nanging wewayangane awake dhewe? mbokmenawa ora bakal bisa lali. yen isih ana srengenge, isih ana cahya, isih ana rembulan, dhewe nduwe wewayangan.

27.11.05

ing jagad karawitan, martopangrawit luwih kondhang tinimbang pontjopangrawit, gurune. aku uga lagi ngerti pontjopangrawit setengah minggu kepungkur, ing bentara. buku riset margaret j kartomi nyritaake gamelan gaweane pontjopangrawit kang sinebut gamelan digul. gamelan iki digawe nalika ing digul 1920-an.


maune aku ora niat maca bukune. aku mung penasaran karo gendhinge, lan ing bukune ana bonus cd-ne. lan pancen elok tenan. gamelan kuwi rinungu apik. kamangka barange digawe seka kaleng lan kayu-kayu bekas. bonang digawe seka rantang-rantang bekas. nanging swarane luwih apik tinimbang gamelan seka wesi.

umume, gamelan kuwi ana loro, yen amnut materiale. gamelan seka wesi, kang asring dienggo ing ndesa-desa lan gamelan perunggu, kang dienggo ing kraton. yen kaya sing tak enggo dolanan jaman cilikku mbiyen,, gamelane paling ya seka wesi. aku wis nate nuthuk gamelan perunggu nalika melu lomba, lan pancen swarane cemengkling.

bali perkara gamelan digul mau. nalika ngrungoake swara rebab kang dimainke pontjopangrawit, rasane kaya nglangut. nalika dheweke ing digul, dheweke nggawe rebab seka kaleng sarden lan membran-e nganggo kulit kewan.

swara rebab ing cd iki pancen ora nganggo rebab kuwi, amarga rekamanne ing antarane 1956-58. ing kene, gendhing renyep, ladrang eling-eling kasmaran slendro mau rinasa sepi ing pikiran.

gamelan digul dhewe saiki ana ing monash university. ana rekaman tahun 2002 seka gendhing iki lan isih rinasa apik. seka gendhing ladrang wilujeng (laras slendro manyura), swara gambange isih apik, kenong isih cemengkling (ning katone sing nuthuk kurang alus), balungan (saron, demung) isih waras swarane.

sing ora waras ya critane pontjopangrawit kuwi. dheweke melu pki lan rekasa dening kahanan. ora kaya hatta kang bisa urip luwih kepenak ing digul (ana rewang lan entuk nulis, digaweake omah dhewe), ahli gamelan iki kudu melu mbukak alas lan kena malaria.

crita seka penerjemah versi indonesia, hersri setiawan, uga ora kalah nrenyuhke. mantan anggota lekra kang dibuang ing pulau buru iki uga kesurang-surang kahanan. jaman ing pulau buru, kurang luwih 17 gamelan wis digawe. gamelan2 kuwi digawe seka bekas bom-bom. rinakit dadi gamelan kang luwih lengkap lan kanti (jarene) swara kang luwih apik. ananging, gamelan2 mau wis ora ana tilase. <

23.11.05

lagu blower’s daughter lagi keprungu seka radio. sakwetara aku kudu nulis saktulisan maneh lan ngedit saktulisan liyane. wa lah, malah ditambahi lagu2 king of convinience

3.11.05

turon ing kamare swargi bapak. mentas wae radione ngrampungke crita, judule "mitoni." aku dadi kelingan bapak lan uga durung tilik kuburane lebaran iki. bapak mbiyen sok ngisi acara kaya ngene iki ing radio. maca novel basa jawa kang akeh2e isine tresna, tresna, lan tresna. istilahe crita2 panglipur wuyung. wuyung kuwi artine "jatuh cinta." eman, dene saiki wis angel golek acara kaya ngene iki. mbok menawa, amarga wacanane kurang.

2.11.05

takbir wis rame keprungu. swara radio mung ngancani tanpa ginape. aku rumangsa, pasa taun iki nggawa akeh wangsulan marang pitakonan-pitakonan salawase uripku. lebaran iki uga nggawa wangsulan liyane. uripku sabanjure, uripke kepungkur. teror telpon sing kejawab maneh seka sapa, lan laku urip sebanjure. uga, dosa-dosa kang ora kinira sing wis dilakoni. aku pancen kudu njaluk ngapura marang wong akeh. aku pancen ora bakal dadi fitri suci kaya bima nalika ketemu dewa ruci.

30.10.05

iseng dhudhah2 lemari nemu buku jaman semester 2/3. isine cathetan pejaran plus pisuhan2. ing cedhak lembar pungkasan nemu puisi2 sing akeh2e wis lali. yen dideleng tanggale durung suwe, 21 agustus 1998. sing paling seneng "mengenangmu barang sesaat, untuk ayah." sing paling aneh "reuni." sing paling kampungan "diamku klasik." sing sok romantis "catatan masa kecil." enake endi sing ditulis nang kene? iki wae..., sing paling cekak.

diamku klasik
sambil mendengar bbc london
cari di bawah kasur ini
seribu rindu yang telah kubuang

bangsat!
diamku tetao klasik

29.10.05

mbok menawa, kaya ngene iki kang kelakon ing jaman mbiyen. nalika...

26.10.05

nyambut gawe rasane wis gak bisa konsentrasi. pikirane mung kepengin ndang mulih tekan ngomah........
ing wayang, tatahan tangan ana maknane. jarene bapakku swargi, tanganne satriya kuwi lambang sistem politik jaman wali-wali. wali kang kondang ing babagan wayang ana akeh. sunan kalijaga kondhang dadi dhalang. sunan giri seneng ngubah wayang. mula, dhalang sok nyebut sing kuwasa ing jagading wayang kuwi sanghyang jagad giri nata, amarga sing nata wayang-wayang kuwi mbiyen sunan giri. banjur ana uga sonan bonang kang lantip ing gendhing.

tangane satriya kuwi dadi pralambang yen ulama ana ndhuwuring umara (panguwasa/sultan). driji panunjuk dilempit lan ditutup dening jempol, kuwi lambange umara. lan kang tetep merdhika ya driji telu liyane kang dadi pralambang ulama utawa para wali.





tangane wayang kang ala dipralambangake beda. sing dilempit driji manis lan sing tengah (kaya posisine driji metal). kuwi dadi pralambang tangan kang seneng ngrusak. malah ing wayang kang awujud raseksa, tangan sijine thok kang bisa obah. tangan sijine nyengkerem ing mburi. iki dadi pralambang sing siji seneng ngrusak, sing sijine ngenggem raja brana (harta) kang ora gelem dibagi kanggo wong liya. aku lagi ngerti sakwise nggateake yen jebul pendhita durna lan patih sengkuni uga nganggo posisi driji sing kaya ngene, mung wae tangane bisa obah kabeh. raseksa/buta kang bisa diobahke tangane loro-lorone mung buta cakil.

tangan paling khas kuwi tangane werkudara/sena/bima. tangane nggegem kuku pancanaka.yen wong saiki, posisi kaya ngene iki dianggep lambange wong saresmi.

dene wong-wong cilik ora ana kang mesti. ananging yen punakawan biasane drijine panunjuk sing ora dilempit. kuwi maknane, punakawan utawa wong cilik kuwi bisa dadi pituduh kanggo satriya. bisa uga dimaknani, wong cilik kuwi gaweane protes lan bisa nudhuhke umpama wong kang kuwasa lagi salah. nanging, artine liyane, wong cilik kuwi kurang ajar!




25.10.05

nunggu maghrib sinambi browsing, sinambi ngisi kuping seka album-album anyar sing ana ing meja. ana lee ritenour world of brazil karo def jazz.

18.10.05

jaman revolusi perancis, wong-wong eropa mikirke kamardhikan. busana kan tren ing jaman kuwi luwih simpel. antoine-nicolas de condorcet, pakar matematika, mikirke sing liya. nalika wong2 nganggep revolusi kuwi nyedhakke marang tatanan anyar kang endah, condorcet sedhih. pancen bener kamardhikan kuwi cedhak, nanging dheweke nganggep ngadohke marang kasantosan, kabegjan, kebahagiaan. ing inggris, bukune thomas paine rights of man laris amarga ngomongke hak rakyat. panguwasa bingung. nasionalisme karo agama dadi tameng. dadi negara monarki dudu jawaban, nanging aku uga ora nganggep sosialis utawa liberal kuwi jawaban liyane kang luwih becik. demokrasi? aku ora ngerti. ukara iki ora nate nemu pungkasan kang becik. tanpa negara kaya sing dikarepke karl marx? kuwi ya kaya utopia-ne thomas more liyane. aku ora ngerti wangsulane, kaya dene aku ora ngerti ngapa kok nulis perkara iki. katone mung mbuang2 pulsa wae merga lungguh dhewe ing balkon sepi.




perang ndonya kepisan, kanggone politik jagad, dianggep wiwitan negara-negara nyawiji. perang agawe rukun negara-negara kang ing sisih kang padha. ananging, kanggone wong-wong kang melu perang (uga keluwargane, kuwi dadi kasangsaran ing ngendi-endi.

manut cathetan sejarah, akeh wong dadi kere, panganan angel digoleki. sawetara kuwi, ing jagad mode, jaman-jaman kuwi wiwitan haute couture (istilah perancis sing aku ora nate bisa nyebut kanti bener) mrambah tekan ngendi-endi. inggris lan perancis dadi pusating ndonya. milan lan new york uga melu kondhang.

ngrembuk haute couture (adi busana) kang regeng dienggo ing pesta-pesta iki kaya dadi guyonan nyenengke ing kantor. desainer-desainer indonesia kuwi akeh-akehe ya mung tukang jahit. wong-wong kuwi bisane njiplak seka buku-buku mode, ditiru polane lan diganti wernane, banjur digawe nganggo kain murahan kang dituku seka pasar tanah abang utawa mangga dua. sakwise kuwi didol larang nganti atusan juta. kanti rega sing bisa dienggo tuku sedan kuwi, asring uga jahitane kasar.

nanging wong-wong mau antikritik. ning saiki kan pasa? luwih becik ora susah diteruske rembugane, mengko batal pasaku.

14.10.05

aku kepengin turu. aku kepengin mulih. aku kepengin bali magelang, ning taggal 28 isih suwe. (matur nuwun kanggo ririn sing wis nggolekake tiket)

3.10.05

wong-wong rapat, aku lungguh cedhak pojokan lan ora mudheng apa sing dirembug. rapat iki sampah, wong-wong iki sampah, gawean iki sampah.

2.10.05

perangan tengah ing pagelaran wayang, nalika gunungan tancep panjer jejeg, gara-gara mesti ana. nanging yen pas bharatayudha, gara-gara ora ana. aku ora ngerti alesane kang saknyatane, nanging bapakku mbiyen wis nate ngendika, yen bharatayudha kuwi crita kang sedhih, mula ora ana wektu kanggo gojeg. ananging apa gara-gara kuwi perangan kang nyenengke?

dhalang tansah miwiti gara-gara kanti "bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap." banjur dhalang nggremeng "oommmm" kanti swara kang alon, kaya ati kang perih. kayangan rame lan ndonya isine bubrah. gunungan diobat-abitke rana-rene. blencong (senthir kanggo pepadhang ing wayang) kedhap-kedhip amarga kena angin sabetane gunungan. gonjang-ganjing kuwi mandheg nalika petruk, gareng, bagong, lan semar metu ing pagelaran. gareng nggresula amarga kakehan utang, bagong ngece lan ngajak guyon, petruk nembang, lan semar ngekei wewarah. ing kene, dhalang bisa ngetoake swara asline. gareng swarane cemengkling ora ngepenakke kuping, bagong sember gedhe, semar temuwa. petruk? ora ana kang padha swara petruk antarane dhalang siji lan liyane. yen kepengin ngerti kaya apa swara asline dhalang, rungokna wae swarane petruk. mula gara-gara dadi perangan kanggo ngritik panguwasa, kanggo usul yen ana kang ora cocog ing ati. nanging ing jaman orde baru, dhalang entuk jejibahan nyiarake program-program pemerintah. dadi, dhalang kaya dene juru kampanye kanggo pemerintah umpama ora arep dilarang karo negara golek pangan.

gara-gara kuwi sejatine dadi pralambang marang samubarang kang kedaden. nalika raja lan ksatria ngrampungke urusane, gara-gara dadi pepiling yen para panguwasa kudu eling marang rakyate, wong-wong cilik kaya anak-anake semar iki. amarga, yen wong-wong cilik iki ora digateake, bumi bakal gonjang-ganjing lan para dewa ora jenak lungguhan ing kayangan.



ukara 'bumi' dijupuk seka 'bhumi' 'bhumi', ing jawa kuna, artine meh padha karo negara. desa kuwi 'wanua' utawa 'thani'. kumpulaning wanua/thani kuwi 'watek/watak.' kumpulaning watak/watek kuwi bhumi. bhumi-bhumi iku ginabung dadi negara pusat kang dipimpin dening 'maharaja.' dadi, mirip kaya sistem 'negara serikat.'

gara-gara dhewe ora ana kang ngerti kapan wiwit mlebu ing pagelaran wayang kulit. nanging ing prasasti abad iv jaman tarumanegara, ana katrangan yen 'mawayang' (wayang) lan 'mabanyol' (lawak) wis ana lan dadi tontonang kang populer. rajane nalika kuwi gawe kali ciliwung. lumrah ing jaman kuna, raja-raja gawe saluran irigasi utawa saluran banyu awujud kali kanggo nguripi rakyate. amarga rakyat kuwi wigati supaya 'bhumi' tetep tentrem lan ora ana gonjang-ganjing.

1.10.05

esuk mau aku mikirke perkara rega lenga sing larang lan manuk pilek kang mateni wong. awan resik2 kamar lan nemu peta wisata bali, ana no hp kesawa, guide sing mbiyen ngancani desember taun wingi. wengi iki, dewi nelpon, bom njeblug maneh. apa perlu, ndonya iki diruwat?

26.9.05

rai



rumangsane, urip kaya mlaku cepet.
lan nalika aku nyoba weruh raiku
dhewe,
ing esuk kang bigar
lan wengi kang tintrim,
aku jebul wis salin
rupa. siji-siji kabeh
dipethik seka panggonan kang beda, rinakit dadi
rai anyar kang durung ngerti
apa jenenge.

14.9.05

akhir2 iki bingung arep ngapa. akeh gawean sing blas ora tak lirik. aku lagi krasan ana ngomah, ing kamarku kang ditata anyar, karo komputerku, karo critaku. karo turu zzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzz

8.9.05

nothing so true as what you once let fall,
‘most women have no characters at all’.
matter too soft a lasting mark to bear,
and best distinguish’d by black, brown, or fair.
how many pictures of one nymph we view,
all how unlike each other, all how true

alexander pope

padi nyanyi mahadewi, alexander pope nulis puisi, lan aku nate percaya yen widodari kuwi ana. nanging wektu mbukteake, widodari kuwi mung impen amarga aku kakean turu.
iki ngimpi:

aku numpak sepur nuju beteng (desa omahe mantan pacarku). kawit kapan ana sepur ing kene? sakngertiku anane mung dhokar utawa ojek. ongkose sewu rupiah, nanging aku nduwene 10 ewu. nanging aku disusuki 10 ewu. dadi gratis. nanging terus aku cubriya, amarga wonge wadon kabeh. terus dhuwit mau ganti werna dadi krupuk urang dibungkus plastik. aku metu mlumpat, lan sepur mau ilang. ngepasi aku mlumpat ana wong wadon loro, ngajak ngobrol ngenani tulisanku. loh? ning jebul aku gaweane wis beda.

mau bengi langsung turu ngono wae. tanpa nyetel tv, uga komputer. nalika tangi, sholat, lan kaya biasane: dolanan komputer karo nyrutup teh cap tjangkir. utekku tekan ngendi2. iseng mbenerke tulisanku. 6 bab? lumayan lah. tambah 2 bab ing 2 minggu iki.

mangkat rada awan menyang toko buku aksara kemang. ing ndalan ngobrol karo sopir sing semangat crita ngenani 'kebijakan lalu lintas di jakarta.'

aku njupuk buku papat, lan banjur mulih numpak metromini 77. aku paling seneng maca buku ing bis. lan karo nggateake tulisan ngenani burma (myanmar), aku dadi kepikiran. ing ndonya liya, kahanan liya, kahanan kang uga beda. aku lagi ngerti yen animal farm karangane george orwell kae sindiran kanggo negara burma.



tekan blok m wis tekan kaca (halaman) 23. mangan soto ayam lan es cao ing blok m karo neruske maca, mbayar (lan sing dodol ngomong 'makasih' tanpa ndeleng aku), tuku pulsa, terus munggah ing terminal.

jakarta mendhung. udan rintik2, wong2 nganggo klambi sekolah mlayu2 wedi kudanan.

kopaja s66 mlaku mlipiri dalan, nganti tekan ratu plaza aku mudhun.

karo mlaku aku isih kelingan burma. we burmese, we need to escape. we don't want to read non-fiction. we want only fiction and fantasy. we want to read about heroes - strong men, clever men. jarene hla htut, wong burma. kyaw thein, penyair, mung bisa nulis puisi ngenani tresna, amarga bawa akyaung m'yay neh (aja nulis perkara urip!).

wedi, nesu, sedhih. dendam?

kedjaba kasebut ing dhuwur, jen mbokmenawi aku diparengi honorarium supaja kagem uang duduk para staff redaksi db jen nglembur bengi.

ing taun 1962/1963, majalah djaja baja gawe sayembara ngarang crita cekak (cerpen). sayembara iki diumumke ing edisi 29 desember 1963. ana 179 cerkak mlebu kang tinulis dening 163 pujangga. sing menang nomer siji slendang bang-bangan anggitane suparta brata, nomer loro godhaning katresnanany asmara. lan kang istimewa kuwi juwara sing nomer lima, yaiku sura dira djajaningrat, lebur dening pangastuti kang tinulis ismijati seka kediri. tinimbang pengarang liyane, dheweke ora kondhang ing jagad sastra jawa.

kaya layang kang tak kutip ing dhuwur, ismijati ora gelem nampa hadiah. wanita iki kelairan 19 september 1925. ismijati kuwi lonthe lan mucikari ing kediri. nalika kuwi umure wis 38 taun, dadi kepetung 'lonthe tua.' nanging jarene suripan sadi hutomo (iki hb jassin-e sastra jawa), isih ketok seksi. ismijati ngaku, yen dheweke dadi lonthe ora merga golek dhuwit. dheweke malah wis nate melu organisasi wanita. alesane mlebu bisnis seks kuwi mung prasaja: balas dendam karo bojone.

wedi, nesu, sedhih, dendam. kuwi energi liya kang kebak inspirasi. nalika aku munggah nuju kantorku ing lantai 26, wong2 katon resik wangi kaya tanpa perkara. aku lungguh ing mejaku, lan mungkin uga kaya tanpa perkara.

6.9.05

tangi turu ing kamar semrawut lan aku kelingan aswatama. iki mesti merga mau bengi ngrungoake wayang seka radio. mau bengi aswatama diajar sadewa ing alun-alun dwarawati. aswatama kuwi wayang ora penting. rambut lan sikile kaya jaran, amarga lair seka jaran sembrani malihane dewi krepi. wonge kendel, pinter, lan piter olah kaprajuritan. pusakane cundamanik. wonge ngeyelan.

nalika bharatayudha, dheweke ngerti yen prabu salya licik. nalika kuwi salya dadi kusire adhipati karna. salya kuwi maratuwane karna. perang tandhing antarane arjuna lan adhipati karna iki sakjane imbang. ngepasi karna arep manah arjuna, jarane disendhal dening salya, mula panahe mleset mung ngenani rambute arjuna. arjuna ganti gelungan rambut dadi kaya karna, mula lakon wayange 'karna tandhing' amarga kaya ana karna loro lagi tandhing.

ngerti polahe salya kaya ngono kuwi, aswatama nesu. dheweke lapuran karo prabu duryudana. nanging duryudana iku uga mantune salya. aswatama disalhke lan diusir seka astina. dheweke mulih menyang tempuru, kerajaane ibune.

bharatayudha wus rampung lan aswatama kelingan karo banowati kang mestine wis randha. dheweke nyulik banowati, nanging ora gelem. banowati isih kelingan yen dijanjeni bakal dadi bojone arjuna. banowati bisa oncat seka cekelane aswatama lan mulih menyang kraton banjur dhaup karo arjuna.

ngepasi wengi, aswatama mlebu karton astina. alon-alon dheweke mlebu kamare wong-wong kang lagi turu. iki kedaden ing lakon 'aswatama nglandhak.' ing kono dheweke mateni wong akeh. drestadyumna (sedulure srikandi sing mateni durna), pancawala (anake yudhistira), srikandi, lan mestine banowati. dadi banowati mung dadi bojone arjuna mung sedina.

banjur aswatama mlaku nuju kamare parikesit. bayi parikesit nangis lan njejak pusaka pasopati kang banjur ngenani pundhake aswatama. aswatama njerit, mlayu, lan konangan dening bima. bima nesu lan ngremukke sirahe aswatama nganggo gada rujakpolo.

31.8.05


aku ora ngerti ngapa nggambar kaya ngene iki. maune mung niat arep nggambar rai, nanging jebul dadi gambar aneh kaya ngene iki.
bungahe atine harlan angel dicritaake, kaya wong narik lotre nomer siji, ooo, luwih maneh. kaya wong kaliren nemu gethuk saplenuk. mripate mbrabak kaya arep nangis-nangisa, cekelane kenceng banget.

sapa bisa ngira yen tulisan iki karangane kho ping hoo? wong iki luwih kondhang dadi penulis crita2 kungfu. nanging saklawase uripe, kho ping hoo uga nate nulis 3 novel basa jawa: aja dumeh, anda widadari, lan kaya kang tinulis ing ndhuwur kuwi lintang-lintang dadi seksi. novel-novel kuwi mlebu ing roman panglipur wuyung kang akeh nalika aku durung lair.

aku dhewe durung nate maca kabeh tulisan kuwi kanti lengkap. aku wis nate takon karo sapardi djoko damono kang disertasine sastra jawa, ana ngendi nggoleki novel-novel kuwi? lan wangsulane cekak nanging marai ora kepenak,"kalau mau mencari ya ke belanda."

landa? adoh banget lan jelas ora ana dhuwit kanggo lunga rana. rasane gelem wae yen kudu metu seka gawean umpama kuwi bisa kelakon. nanging yen dipikir maneh, pancen luwih bener yen disimpen ing kana. ing kene, mbok menawa wis ora ana. aku dhewe ora yakin yen balai pustaka, kang mbiyen sok nerbitke novel jawa, isih nyimpen.

30.8.05

tak critani

aku ora bisa crita
saka kumpulaning ukara-ukara, kang digawe seka punggelan-punggelan kapang
kapang kang disimpen seka ati rusak
aku eling marang crita watu cilik ing prapatan
aku eling critane mlaku sesandhingan ing sawah, guyon ing pinggir kali, golek welut ing wayah wengi
lan mestine, aku uga kelingan
crita pisanan ing emper omah, cekelan tangan, ngomongke iwak ing segara
nanging apa kuwi bener-crita sing tenanan?
seka kabeh crita mau, aku mung nganggep critaku mung ana siji
saiki, dudu crita wingi kang sakjane mung dongeng
lan sesuk, kuwi crita liya kang mung ana ing ukara
lan aku ora bisa crita

spineli, 30/Aug/05

26.8.05

dhewekan ing kantor, bingung arep ngapa, lan bingung arep digawe kaya ngapa uripku iki

24.8.05

jakarta ninggal udan

udan wis mabur, ilang ninggal wekas ing dalan. wit2an kaya kenya bubar kramas.
ana ing trap 26, kutha katon adhem ayem
lerem
bisu tanpa tatu, sidhem sajak karem, bungah tanpa susah

iki kaya impen tresna asmarandana
nalika damarwulan ngrayu kencanawungu
lan mingget ati minakjingga
kang ngrembaka dadi megatruh wingit

sesawangan iki dudu asmarandana

23.8.05

wis nate ndeleng bengkel café seka sisih ndhuwur? panggonan billyard lan dugem duweke tommy winata kuwi kaya piramida. seka ruang kanggo ngrokok, aku bisa nonton jakarta kang beda. kutha jakarta kaya peta dolanan simcity. yen wanci wengi luwih endah maneh. Kerlap-kerlip lampu tumempel ing ngendi-endi. apartemen ing mburi gedhung uga wiwit nguripke lampu. aku seneng ngetik ing kene, kaya-kaya ngelingke yen aku ora pantes urip ing jakarta.

16.8.05

sedina males. dina iki nang kantor ana wong papat ulang aun: anita, zaenal, vita, karo velda. apa merga wareg dadi ngantuk? apa merga impen mau bengi?

aku mau bengi ngimpi ketemu bapakku. bapak katon sumeh, akeh esem, lan ngeterke aku mlaku-mlaku. terus ana udan. napakku ngajak mulih. aneh, gak biasane udan2 wani nerjang.

12.8.05

ngadhep komputer karo nyetel attention radio seka internet. yuhuu…ngedit tulisan lan mikir apa kang kepingin ditulis. what is pop culture?. aku dadi kelingan jaman kuliah. maca tulisane pierre bordieu, eco, utawa seka cah-cah frankfurt. anggep wae reuni.

11.8.05

hmm, lagi akeh sing owah ing uripku. komputer, kantor, pikiranku. komputer mlebu perangan penting. kencanku karo slackware gak seasyik karo debian. kuwi ing ngomah, nang kantor aku saiki nganggo imac sing setya karo mac os 9. aku dadi kepingin komentar perkara sejarah kencan os/distro saklawase uripku.

ms dos 3.1 - ms dos 7
pisanan srawung nalika sma, tahun 1991. iki pisanan nalika aku gandrung karo komputer. pisanane pancen mung wordstar (ws) karo lotus. nanging banjur luwih seneng dolanan gw basic, basica, lan kanca-kancane. game? paling mung digger apa pacman. ana uga program banner utawa newsmaster sing aneh.

ws? percaya apa ora, aku isih ngenggo tekan saiki. malah ing linux ana tiruanne: joe karo jed. lotus? blas gak minat.

nalika kuliah aku isih tetap dolanan dos. aku ganti seneng dolanan turbo pascal 5-7 lan qbasic. komputerku sing dos kuwi tak gawe warna-warni. nek game, aku wiwit seneng blockout (tekan saiki aku isih sok dolanan).

ndos
iki dos gaweane pak dhe peter norton,. sakjanne, tinimbang ms dos, ndos luwih apik lan fasilitas utilitase akeh. program2 sing isa mlaku nang ms dos bisa lancar ing ndos kanti manajemen memori sing luwih apik. maklum, pak dhe norton pancen pinter perkara iki. dheweke sing nemu teknik undelete. kencanku kira2 2 tahun pungkasan jaman kuliah.

windows 95
gak ana kenangan manis seka sistem iki. aku mung nganggo nalika nang rental.

windows 98
iki kencan karo windows sing lumrah2 wae. aku nganggo iki nang kantor. cepet lan ora neka2.

windows 2000
iki dadi pilihan ing ngomah kanggo ngancani sistem liyane. kanggo gawe program, nonton film, utawa ngrungoake lagu. tak pikir, tinimbang xp utawa windows me, luwih stabil.

slackware
lagi rong minggu coba kenalan, nanging rumangsaku distro iki manajemen instalane aneh. masa bisa nginstall plugin mozilla tanpa mozilla? mbok menawa pancen aku gak cocok lan kudu bali maneh urip kaya mbiyen. kanggo sing seneng vandal, distro iki cocok.

damn small linux
dsl kuwi imut, mung 50 mega nanging bisa dienggo tanpa nginstall. iki versi cilikke seka knoppix gaweane knopper. kanggo iseng2, kadangkala aku sok ngenggo distro iki.

debian
iki kanca kencan sing asyik, 2 taun tak pikir wis cukup kanggo ngerti yen distro gaweane ian murdock iki kepenak dienggo. pancen rada sensara yen mikirke tampilan. amara distro iki akeh aturan nanging kuwi gawe stabil. nalika isih versi 3.0 (woody), program2e akeh sing ketinggalan jaman. yen nyoba vers sing anyar, 3.1 (sarge), wis mendingan. toh kuwi gak ngaruh akeh. aku luwih milih nganggo oroborus tinimbang milih kde utawa gnome

mac os 9
iki gara2 kntorku sing anyar kemaki nganggo imac lawas. aku mbiyen wis nate nyoba jaman kuliah sing versi 8. nanging macintosh gak cocok diotak-atik. pancen luwih stabil tinimbang windows, ning isih kalah karo linux. aku lagi mikir2 piye carane nginstall debian nang imac. minimal isa saingan karo linus torvald sing saiki nganggo g5

7.8.05

nalika ramon sampedro ndeleng jendhela, dheweke kepingin mlumpat, mabur metu, banjur kaya manuk ngleyang mubeng2 tekan ngendi2. nanging kuwi mung wewayangan wae. mung ngobahke tangan wae ora bisa. dheweke kepingin mati, euthanasia. crita nyata kang banjur dadi film the sea inside iki nggawa rasa aneh. aku dadi kelingan wis tau takon karo nadya hutagalung.

aku dhewe gak yakin pitakon kuwi sopan apa ora. pisanane mung takon,'menurutmu, hidup itu seperti apa?' dheweke bingung, mungkin pitakonku kurang jelas, tak ganti,'mengapa kamu tidak bunuh diri?'

dheweke langsung njawab,'my sons. alasan mengapa aku tidak bunuh diri adalah my sons.' nadya nduwe anak loro, lan kuwi dadi alesane ngapa dheweke tetep urip. lan ramon nganggep ora ana alesan kanggo tetep urip. mbok menawa nadya mikir, anak2e bakal sedhih yen ditinggal ibune. utawa, nadya seneng ndeleng anak2e gegojegan lan risih kepingin ngrasaake kabagjan kaya ngono mau.

ing mahabharata, sakwijining dina arjuna rangu-rangu mangkat perang. nalika kuwi bharatayudha arep wiwit. nanging dheweke isih ora tegel kudu perang nglawan sedulur lan gurune dhewe. arjuna mikir, luwih becik dheweke mati wae tinimbang kudu nglawan wong2 kang sakjanne kudu ditresnani. kresna nyedhaki lan obrolan wong loro iki dadi crita kang dawa. tembang dawa kang isine obrolan kresna lan arjuna iki dikenal kanti 'bhagavat gita.'

kabeh wus siap. sangkakala wus disebul. umbul2 gambar anoman ing kretane arjuna uga katon gagah.
'gandewaku ucul seka tanganku lan kabeh kulitku kaya kobong, aku ora kuat ngadek maneh, sirahku mumet. aku ndeleng pertandha iblis, oh kresna! ora tak delok apa apike mateni sedulur2ku ing perang iki. aku ora kepingin menang, oh kresna, uga ora kepingin kerajaan utawa kesenengan. apa artine kerajaan kanggo dhewe, oh kresna, utawa apa artine kesenengan urip iki? wong2 kuwi baris rapi ngorbanke urip lan raja brana, nanging aku lan sedulurku kepingin kerajaan, kemewahan, lan kesenengan.'

arjuna krasa ora kuat maneh neruske laku. 'sakwise mateni anak2e destarastra, kenikmatan apa kang bakal diduwe? sakwise mateni begundhal2 iki, awake dhewe bakal diregedi dening dosa. ora bakal dhewe urip santosa yen mateni keluargane dhewe.'

(yen ing pedhalangan, mestine arjuna basa krama lan nyebut kresna kanti tambahan 'kakang'. nanging ing kene aku nulis nganggo basa ngoko, amarga ing bhagavad gita asline ora ana ngoko/krama)

kresna kang diajak ngomong terus nerangke apa artine urip, kaprawiran, kabeneran, lan sakbangsane. pisanane arjuna rangu-rangu lan ora mudheng apa kang dimaksud kresna. nanging, iki kitab agama, dadi mestine arjuna pungkasane mlangkah maju mateni sedulur2e sing mlebu ing pihak kurawa. dheweke uga, siji-sijine pandhawa, kang mateni sedulur tunggal ibu beda bapak: karna. karna lan arjuna kuwi kaya wong kembar. lan ing lakon 'karna tandhing', sedulur tunggal ibu iki panah-panahan. nalika panah pasopati nembus karna, dheweke jelas ora mati amarga euthanasia.

30.7.05

jago wiwit kluruk lan aku durung bisa turu. pikiran mubeng2 tekan ngendi2. perkara kang kuwi2 wae melu nganci siji mbaka siji. sepi persis ing ngarepku nanging tetap wae aku isih kangen marang sepi iki.

nanging sing ketangkep ing mataku dudu sepi kang ireng. aku weruh awakku dhewe kang ngliga tanpa wicara, tanpa wilapa. mung mencereng mandeng nusuk mripat. aku ora bisa apa2. pinginku mung nunggu uwal seka kahanan iki, ketemu karo srengenge.

26.7.05

dina kuwi aku mlebu ing plataran. ana sing njaluk rokok karo pringas-pringis. panggonan kuwi asri, akeh wit-witan lan isa gawe tentrem ati. yen aku lunga menyang semarang seka ngomah mesti liwat ngarepe panggonan iki. nyawang seka bis, lan rasane kaya pingin mlumpat metu lan mlebu plataran lan lungguhan ing ngisore wit-witan ing ngarep gedhung2 kuno kuwi.

patemon kuwi durung nate tak pikirke sakdurunge. aku ora ngira yen menungsa sing tak temoni kuwi bakal mlebu ing kene. durung ana keluargane sing tilik mrene. dheweke ngomong akeh, nesu-nesu amarga digawa mrene. banjur aku ketemu doktere. "orang yang lama di sini biasanya yang tidak sadar bahwa dirinya tahu mengapa di sini."

mau bengi nonton abnormal beauty. film psikopat aneh. aku kelingan obrolan karo kancaku kkn sing dadi dokter. aku padu karo dheweke perkara waras lan edan. aku njupuk teorine foucoult kang dokter lan tokoh posmo. dheweke njupuk teori syaraf lan kahanan nalika praktek ing panggonan kaya kang wis nate tak tekani mau, rumah sakit jiwa. edan kuwi apa? wengine, aku nonton tv bareng karo dheweke. kebeneran, critane pas ngenani psikopat.

mau bengi, sakdurunge nonton tv, aku lungguh nyruput kopi rega rp 6500 ing mal ambasador sinambi ngrungoake gitar lan bas betot kang mainke jazz. sesawangan ing njaba katon endah. langit peteng dikei sunaring lampu seka kadohan. kuwi endah. estetis. apa estetis kuwi kaya dene edan utawa waras? iki isih perkara post strukturalisme sing aneh kuwi. aku dhewe kalah debat karo kancaku sing kuliah ing kedokteran perkara iki. dadi, estetis kuwi dudu edan. apa edan kuwi ora kaya estetis? embuh, aku ra mudheng logika aristoteles sing nganggo epistemologi runtut.

nanging kawit wengi aku debat kuwi, rasane kaya aneh. nalika kuwi, aku isih kepikiran yen dadi 'edan' kuwi kasampurnan. nanging ora! kabeh mau diwalik kaya dene wektu kang diputer. lan mau bengi aku kaya muter wektu. rasane kaya muter video lan mlaku munder menyang jaman cilik. banjur alon-alon digeser maju. sithik-sithik. lan lagi krasa, akeh kenangan kang dibuang. mbok menawa pancen aku niat mbuang. aku nyoba lali. aku ora kepingin nduwe cathetan kuwi. nanging, dibuang utawa ora, cathetan kuwi tetep wae mlebu ing getihku.

"khusus ing perkara iki, nalika nglawan langsung marang wektu sing wis diliwati menungsa. kekuatan kang wis dilaleake bisa wae nyekel menungsa cepet mlebu ing kenangan, nanging menungsa kuwi bakal angel napak lemah lan malah sikil-sikile bakal dadi kebul....wong-wong kuwi ora bakal bisa eling apa-apa umpama sliramu meksa, wong-wong kuwi bakal nyingkire kowe, lan malah bisa wae ora krungu babar blas."

cathetan iki ditulis franz kafka ing wulan juli 95 taun kepungkur ing diaryne. lan apa kang ditulis ing cathetan kang sakjane dawa kuwi nggawa lara. apa kang sinebut kenangan kanggone kafka katone dadi barang kang estetis nanging ora edan. kenangan kuwi dadi tulisan kang endah, nanging nyiksaa pikiran. dheweke nyatheti siji-siji apa sing kelakon, nanging yen ndeleng apa kang tinulis, ora kabeh kadadean ditulis. dheweke mung nyathet apa kang kepingin dicathet. kaya nalika dheweke mung nulis 'f' ing cathetane. dheweke ora nulis lengkap 'felice.'

nanging apa penting? 'f' apa 'felice'? tetep wae kuwi mung kanggo cathetan kang (niate) mung diwaca kafka dhewe. umpama ferdiand de sassure maca, mbok menawa dheweke bakal crita perkara 'arbitrary sign.' sakdurunge aku kebablasen crita, katone luwih becik aku 'arbitrary resign.' .

20.7.05

kapan aku mati?
prakiran normal - minggu 3 november 2041
prakiran sadis - senen 3 november 2008
prakiran pesimis - selasa 17 agustus 2021
prakiran optimis - senen 27 november 2051

yen arep ngerti ngapa sebabe, deathclock

19.7.05

hmm, mlebu kantor basa-basi sana-sini. ana panganan gratis: french fries sing nggawa regina karo gorenganne anita. ngombe banyu putih, terus kelingan.... dina iki ana pameran komputer. tapi gak nduwe dhuwit. emang wis tau nduwe dhuwit?

18.7.05

17.7.05

lesmana


ngerti mring critane lesmana mandrakumara? dheweke anake duryudana karo banowati. bapake rupane elek tur wengis, ibune ayu lan gaweane pacaran karo janaka. iki sakwijining crita ngapa wong kaya duryudana bisa dhaup karo banowati. nalika kuwi suryatmaja (jeneng enome adhipati karna) ngganggu surtikanti. kenya iki sakjane wis dipacangake karo duryudana. surtikanti njaluk janaka dadi juru paes nganten. janaka lan suryatmaja kuwi rupane padha, tunggal ibu beda bapa.

ngerti yen surtikanti dicolong suryatmaja, duryudana nesu. dheweke njaluk ganti sedulure surtikanti, banowati. kamangka banowati kuwi wanita kang paling ditresnani janaka. nanging piye maneh, ora ana dalan liya supaya suryatmaja bisa dhaup karo surtikanti. banowati akhire kepeksa nikah karo duryudana lan dadi telik sandhi (mata-mata) kanggone pandhawa.


banowati, kanggone wong jawa, dianggep pralambang wanita kang ora setya. (kuwi sing dadi alesan artis anissa banowati ganti jeneng) dene, surtikanti dadi pralambang wanita setya. duryudana lan suryatmaja dhewe tekan matine ing baratayudha mung nduwe bojo siji. surtikanti lampus dhiri nalika krungu adhipati karna mati dening janaka (ing lakon "karna tandhing"). dene banowati nalika krungu duryudana mati, dheweke seneng amarga kaleksanan bisa cedhak karo janaka tanpa pepalang maneh. nanging sedina sakwise baratayudha rampung, banowati dipateni dening aswatama, anake durna (ing lakon "lahire parikesit").

banjur apa perkarane karo lesmana mandrakumara? yen wong tuwane sengsara amarga tresna, lesmana kuwi pangeran kang tansah wuyung (jatuh cinta). mula sok ana lakon dhagelan kang nganggo irah-irahan "lesmana wuyung." mbakyuku sing nomer pitu, nalika sma mbiyen sok ditanggap ing ngantenan nganggo lakon iki. dheweke dadi mbok emban. biasane pancen mung mbok emban karo lesmana thok.

lesmana kuwi menungsa kang elek, goblok, ora bisa dandan, lan manja. yen ana lakon wong pandhawa kawin, dheweke mesti metu dadi saingane. lan lesmana tansah kalah. dheweke ora nate kawin nganti mati. yen dipikir-pikir, wong jawa kuwi kejem nggunaake dheweke kanggo dhagelan pas resepsi kawinan.

13.7.05

umpama rasa kuwi bisa crita, mbok menawa ora bakal bisa kewetu ing ukara-ukara prasaja. umpama rasa kuwi bakal lunga, aku ngajak pamitan ing pojok kutha.
umpama ...

12.7.05

ana sing uluk salam mau bengi. paraga iki nganggo klambi biru tuwa, clanane jeans kang wiwit ninggal birune. aku ora ngerti, apa dheweke lagi sedhih, wuyung, utawa seneng. katone mung praupan kang kebak pitakon.

"apa jenengmu isih angga?" pitakon iki kewetu ngono wae. aku ora ngerti pitakon liyane kang pas. aja-aja, dheweke dudu paraga sing tak maksudke. paraga kuwi mesem, tangane ngrogoh sak ing klambine, ngetoake rokok. aku dadi tambah yakin yen aku salah ngira, angga kuwi ora ngrokok.

"ora salah. nanging iku uga ora wigati. apa aku paraga sing mbok kenal pirang-pirang taun utawa ora, ora ana bedane. apa sliramu bakal ngusir aku umpama aku iki jebule hans utawa julduz?"

aku uga ora ngerti, apa arep ngusir apa ora. saknyatane, mau bengi mung mlaku tanpa rembugan kang akeh. aku kaya ana, kaya ora. dheweke mung kaya gelas ing ndhuwur meja. ana, nanging tanpa wicara.

pas aku mangkat turu, dheweke isih ngalamun ing pojokan. lan esuk iki, ana sesuwek tulisan kang dititipke liwat impen.

pernahkah kau merasa begitu menikmati keterasingan? aku hanya ingin mengajarimu cara terasing yang menentramkan.

nalika srengenge isih mandheng 20 derajat, teka paraga liya. dheweke gage nyetel casiopea ing komputerku. untung wae komputerku wis waras. yuanza, paraga kuwi, ndeleng aku sing isih bingung.

"ayo rungokna swara flute kae, kadhang ana, kadhang ilang mumbul ing wung-wungan. swara keyboard mlayu rana-rene, mlebu ing longan, nguber-nguber semut, utawa jingkrak-jingkrak karewpe dhewe"

aku gawe teh, nyawang mlumpat jendhela, lan kelingan novel jawa sing tak waca mau bengi, "sapecak bumi sing kobong." crita anggitane tamsir as sing terbit 1984. crita kuwi asing lan menurutku ora patia apik. nanging ana perangan kang gawe aku mikir, nalika sudrajat nembak bapakke dhewe ing guwa. apa kang kelakon ing jaman perang mbiyen kuwi mung nyanthol seka crita lan buku-buku sejarah. lan buku-buku sejarah (lan uga novel kaya karangane tamsir iki) nyritaake pejuang kang murni. pahlawan.

aku dadi kelingan critane bapakku. ing jaman kuwi, akeh uga pejuang kang sakjane mung brandhal utawa kecu kang golek alesan. malah, kadhang kala pejuang-pejuang kuwi nyolong sapi utawa kebo duweke rakyat. disembeleh lan dienggo pesta rame-rame kanggo selingan perang. banjur kamardhikan kuwi kanggo sapa?

critane bapakku, nalika kuwi rakyat nganti ana sing sambat,"merdeka kok ora rampung-rampung." kuwi amarga, ing jaman penjajahan landa luwih kepenak. arang ana maling lan kahanane luwih tentrem. simbahku, sing dadi guru, bisa nyukupi kabutuhan keluarga. malah, jaman semana, guru kuwi gajine gedhe. simbah ninggal lemah kang amba. bapakku tansah dhahar enak. jaman lagi rusak nalika jepang mlebu. lan kahanan durung bisa lerem nalika soekarno-hatta mratelaake proklamasi. ananging pamarentah anyar kuwi ora bisa mrantasi gawe. lan tak pikir, tekan saiki tetep ora bisa mrantasi gawean. mbok menawa, sing akhire dadi panguasa ing negara iki mbiyene bajingan-bajingan jaman perang.

"eh, apa sing mbok pikirke? aku paling sengit yen kowe lagi mikir ngene. aku dadi kelingan cerpenmu sing judule nimf."

"apa sesambungane?"

"rumangsaku, kowe mung bisa mbayangke pikirane anfus, nanging ora bisa dadi anfus kang sanyatane. ukaramu mlumpat rana-rene lan ora nate bisa nyawiji marang kanyatan."

"nanging pancen crita kuwi ora nyata."

"piye yen jebul crita kuwi ana tenan? apa kowe mung bisa lelandhesan omongane saussure utama barthes kanggo nerjemahke perasaan?"

"omonganmu kaya socrates bar diseneni bojone sing isih kinyis-kinyis kae."

dheweke meneng sedhela, banjur tanpa dinuga mlumpat metu liwat ventilasi, ngajak manuk jam session ing ndhuwur wit blimbing.

11.7.05

sakwise telung dina ora dienggo, komputerku nesu. soundcard-e ora gelem nyuwara. wis tak wolak-walik ora karuan nanging tetep wae ora muni. hmmm


mendhingan menghibur diri, browsing gak karuan lan nemu blog unik iki

9.7.05

gara-gara kudu download driver (sing suwiiiiiii buanget)kanggo komputere ficky, aku iseng maca cathetan-cathetan lawas ing blog-ku liyane. lagi iki aku maca tenanan cathetan-cathetan kuwi. yen dideleng, pas isih awal2 mbiyen (2002), tulisane ish niat. utekku isih nggenah, basaku isih mellow lan ora sepragmatis saiki. lan saiki? blog iki rasane kaya buangan sampah.

tahun 2002, wektune seneng crita. perkara gawean, bingung, idealisme, keluarga, patah hati, bla bla bla
2003, lumayan nggenah. akeh sing dipikirke
2004, mung telung postingan: maret siji, desember loro
2005/ durung mangsane dietung.....

8.7.05

aku bisa ngerti, yen ing njerone ana wadi
aku mung bisa mbayangke
nanging, ora
aku uga ora wani mbayangke isine
aku ngerti
yen aku lancang, bakal lara ati
luwih becik, aku netremke dhisik
mbukak kori
mlangkah metu
golek kopi
mbuang langu

4.7.05

sakwise urip 20 taun aku sadar yen iki sawijining ndonya kang pantes dilakoni. ing umur 25 aku ndeleng, mung kaya terang lan peteng kang adhep-adhepan ing perkara kang padha, mula nandi wae cahya srengenge tiba mesti nggawe bayangan. dina iki, ing umur 30 pikiranku kaya ngene: ing njeroning kasenengan ana kasedihan, lan sansaya gedhe kasantosan sansaya gedhe kaperihan. coba wae misah kasenengan lan kasedihan, lan sliramu bakal kelangan cekelan urip. nyoba nyampur dadi siji ing sisih kang padha lan ndonya dadi remuk.

natsume soseki nulis iki meh seabad kepungkur ing "telung pojok ndonya", nanging ukara iki isih katon akrab. wektu tansah mlaku nang prastawa-prastawa kang kelakon mbaleni kang wis diputer sedurunge. nembe wae teorine einstein umure genep seabad. wektu kuwi relatif! apa kang dirasaake soseki ing umur 20 tahun, bisa wae dilakoni wong liya ing umur 15 taun. apa kang dirasa ing umur 30, dilakoni wong liya ing umur 50.

sakjanne dudu kuwi isine teori relativitas. wong yahudi kuwi ora ngrembug kenangan. einstein dudu hg wells kang nulis novel "mesin wektu." umpama ana tenan mesin kanggo mlebu ing jaman kawuri, awake dhewe uga ora bisa ngubah apa kang kelakon. dalil seka teori kang anyar nyebutke, dhewe bisa mlaku-mlaku ing njaman mbiyen nanging ora bakal bisa ngubah apa kang wis kelakon dina iki.

dina iki, mbakyuku 2 ulang taun, sing nomer 4 karo nomer 7. 2 kancaku seka tempo uga ulang taun. tanggal iki gampang dieling-eling, amarga jenenge mbakyuku sing nomer papat kuwi 'dekretik'. jeneng sing rada aneh. bapakku ngekei jeneng kuwi amarga laire pas dekrit presiden 5 juli 1959. yen manut teori fisika anyar mau, umpama aku mlumpat menyang taun 1959 lan niat mateni soekarno supaya ora ngetoake dekrit presiden lan jenenge mbakyuku ora sida dadi dekretik, kuwi ora bakal klakon.

ngrembug perkara jeneng, ana sawijining penelitian ing taun 1977 perkara jeneng2 jawa. ronald lee hatley, wong australia, nliti yen jenenge wong jawa ana sesambungane karo tingkat sekolah lan drajade. dadi, ora ana sesambungane karo perkara rumus fisika sing njlimet.

wektu kuwi, dheweke ndeleng daftar absen murid2 sd ing jombang, jawa timur. lan dheweke nggateake, jeneng-jeneng kuwi ora mung bisa kanggo mbedaake wong siji lan liyane. iki tabel sing digawe mas roni (sebutan akrab kanggo ronald). angka-angka ditulis nganggo persen (%).








jenislulus sd/midrop out sdora sekolah
jawa asli37,436,825,7
jawa biasa76,711,112,2
jawa anyar95,51,23,3
arab jawa83,38,97,8
arab66,715,717,7


keterangan:

  • jawa asli : jenenge dijupuk seka basa induk austronesia, biasane cekak mung 2-3 wanda (suku kata). yen ora, ditambahi akhiran kaya dene -iyem, -nem, -min, -ah, -man. misale: urip, tales, bejo, bodong, inem, ponirah

  • jawa biasa: dijupuk seka basa sanskerta, kadhang kala ditambahi ater-ater (awalan) su-, mul-, rus-, wi-. utawa dipungkasi -mo, -ni, wati, -wan, -ah. misale: suharto, mus mulyadi, sari nila, karno, dewi retno suryani, purwanto

  • jawa anyar: gabungan seka sawetara basa utawa inovasi anyar. misale: hariyanti agustina, nurdina henry purwati, andy dewanto, tristiana yuniarti

  • jawa arab: jeneng kang dijupuk seka basa arab nanging dicampur dening basa jawa utawa sanskerta. misale : muhammad diponegoro, imam utomo

  • arab: iki asli basa arab, misale: sanusi, amin rais, muhammad multazam



seka jeneng-jeneng iki, mas roni nggateake yen rata-rata wong sing jenenge nganggo jawa asli kuwi wong kere, tani cilik-cilikan, buruh tani, utawa tukang. yen jawa anyar dienggo dening anake pejabat desa utawa guru. jeneng arab utawa arab jawa kuwi anake bakul sugih utawa juragan sing lemahe amba.

pancen, penelitian iki wis suwe umure. wis ngono durung mesti bener, amarga kuwi mung penelitiane mas roni samben-sambenan wae. nanging yen dideleng ing ndesaku kana, wis ana owah-owahan. bisa wae anake buruh jenenge ahmad joni mumpuni, utawa anake guru ning nganggo basa arab serius. ing keluargaku, biasane nganggo jeneng jawa biasa, kejaba mbakyuku sing nomer 4 kuwi sing blas ora mambu basa jawa: dekretik zulaikha.

28.6.05

lungguh dhewe ing sawijining kutha. rasane kaya kepingin lunga. apa kang bisa dianti-anti seka kutha kang mung ngekei perkara anyar.

juni, limang taun kepungkur. aku mlebu kutha iki. niate, buang sengkala kaya ruwatan bethara kala. "aku kepingin lunga." mung ukara iki kang metu. lunga seka awakku dhewe.

banjur, nalika wis limang warsa lunga, aku malah kepingin lunga maneh. rasane kaya pengin oncat, minggat, golek perkara anyar. amarga papan anyar iki tetep gawe perkara lawas ana. aku isih dudu sapa-sapa.

ngalamun ing pinggir kolam ngarep gedung landmark. nonton iwak2 cilik lan cebong kang wis nduwe sikil. iwak2 cilik kuwi (nang desaku disebut petho utawa cempli) ngelyang rana-rene. aku banjur kepikiran, apa wae sing bsa diakone iwak. apa iwak nduwe bosen? aku dadi kelingan omongane bunga. jarene, iwak ora nduwe kenangan. utekke ora cukup kanggo ngeling2. iwak uga ora turu. apa marga ora turu terus iwak ora nduwe kenangan?

27.6.05

mbok menawa, saiki sliramu lagi dolanan iwak cupang
apa dolanan nang galengan
utawa ngajak putri mlaku-mlaku
dina iki
aku nemu jenengmu

22.6.05

ngapa tansah bisa gumun nalika chatting karo wong2 sing sakjane bisa ditekani, diajak lunga,lan ngobrol kanti nyata adhep-adhepan rupa. aku nemoni wong2 sing beda. kadhangkala aku nemu crita kang ora bisa dicritaake nalika ketemu langsung.

obrolan-obrolan kang lumrah ing ndesa. nanging ing kutha? yen ing ndesaku, lumrah wae ana wong ngobrol bareng indhokar utawa angkutan umum ora ketung ora kenal. ora ana rasa was-was.

ing kutha? rasane aneh yen nemu wong ngobrol ing bis kota. aku kadhang2 nate dijak ngobrol ing bis kota kanti grapyak semanak, nanging wong kuwi dudu cah enom. wong2 kang saumuran karo wong tuaku. ngobrol apa wae: cuaca, dalan2 macet, utawa ngomongke perkara remeh liyane.

nah, obrolan2 remeh kaya ngene anane mung ing chatting, ora ing kanyatan. nalika aku ketemu wong2 ing chatting kuwi ing ndonya nyata, kadhang kala dadi aneh. rasane kaya asing. kaya rasaku saiki: asing...

21.6.05

kuping disumpel lagu-lagu jazzy:nitelife, level 42, taco, george duke lan kanca-kancane. wong2 kantor lagi klayapan mbuh lunga ana ngendi. awak aras2en, isih ana 2 gawean sing aku ora yakin bisa ngrapungke dina iki. aku kangen ngomah.

19.6.05

aku ora ngerti, aku ora mudheng. aku ora ngerti ngapa pirang2 dina iki rasane ampang. aku ora mudheng apa kang dadi jalarane. dudu amarga fijn, flimsy, fa, utawa sapa wae. katone amarga aku dhewe

17.6.05

apa kang asring tak tulis ing cathetan padinan kuwi perkara tangi turu. nalika tangi turu, pikiran isih nduwe tenaga kanggo ngulandara. apa kang katon kaya sarwa anyar. nanging ora kaya lahir maneh. apa kang wis kelakon tetep kebuntel ing pikir.

nalika mangkat turu, ana pengarep lan donga kang tansah beda. banjur impen-impen mlebu nalika awak sumeleh. awak bisa sumeleh, nanging pikiran ora bisa disingkiri. ana sing kelingan, ana kang lali marang impen kuwi.

nalika wis ora turu maneh, ora banjur terus tangi. ana rasa ora lila yen kudu tandhang miwiti dina. mripat isih merem lan pikiran mabur tekan ngendi-endi. apa kang endah ing pikiran? Apa kang bisa nglipur? apa kang kelakon? apa kang bakal kelakon?

dina iki, ana sms lan telpon seka keponakan lan mbakyuku sadurunge sholat subuh. telpon seka keluarga ing dina kaya saiki tansah wae gawe seneng. paling ora, dina iki aku bisa mesem nalika tangi turu. amarga, aku ora yakin yen keponakan2 utawa sedulur2ku nelpon sedulurku liyane nalika ulang taun.

15.6.05

aku nduwe wengi kang ora kaya wingi
nanging isih wingit
amarga utekku wis sangit

11.6.05

kaya lumrahe tahun2 wingi, ana ritual saben taun kang tak senengi: maca cathetan padinan. eman, ora akeh sing tak tulis tahun iki. nanging lumayan, ana kang tetep gawe gumun nalika maca maneh amarga ora mudheng. contone ing tanggal 17 juli iki.

perempuan itu, senilai:
kecantikan: 80
personality: 82
ketangguhan: 30
senyum: 90

2.6.05

maca buku babad tanah jawi kaya nonton cah cilik lagi ajar ngapusi. ing pahargyan terbite buku terjemahan ing versi basa indonesia iki, sapardi djoko damono ngaku yen sakjane wong jawa kuwi maneka warna. dheweke nemu wong jawa sing licik, mesum, kejem, lan liya-liyane.

aku durung rampung maca. lagi buku jilid siji (ana 7 jilid), lan wis nemu yen babad iki ngawur.piye arep percaya yen ditulis gajahmada isih urip nalika raja brawijaya? pantes yen zoetmulder nate ngomong yen sastra ing jaman iki ora apik. sastra jawa jaman mataram anyar ngalami puncake nalika ranggawarsita. ing jaman kuwi, para pujanggane wiwit nyalin maneh sastra-sastra jaman kediri, nalika jayabaya isih dadi raja. daha-kediri dhewe nyumbang ing crita rakyat kang populer, yaiku crita-crita panji kang banjur dadi dhasar wayang gedhogan.

yen dipikir maneh, sakjane kelakuane wong jawa kang ngawur kuwi wis wiwit mbiyen. nanging isih ana sing aku gumun, crita watugunung. nalika aku isih cilik, bapakku ndhongeng watugunung sakdurunge turu. crita iki kaya sang kuriang ing jawa kulon utawa oedipus ing negara kulon, wong kang kawin karo ibune.

seka crita iki banjur banjur dadi penanggalan wuku kang jarene antropolog khas jawa. penanggalan iki isine 30 minggu kanti jeneng beda-beda. aku dhewe wukune madangkungan. ora kaya penanggalan kang umume ganti saben dina, wuku gantine saben minggu. ing crita watugunung iki, wisnu dadi pahlawan. syiwa, kang ing crita india kang paling apik, dadi paraga kang ora penting. ing jawa kuno, wisnu dadi dewane wong tani. ukara 'tani' dhewe, yen dirunut asline dudu 'petani' kaya kang lumrah dienggo saiki. yen niliki prasasti-prasasti, 'thani' kuwi ngurujuk marang 'desa.' 'anak thani' kuwi artine 'pemudha-pemudha desa.' yen istilahe saiki 'karang taruna.' kuwi ing periode sakwise mpu sendok. ing periode mataram kuna, ora nganggo ukara thani, nanging 'wanua.'

banjur, apa artine wisnu kuwi dewane wong ndesa? aku ora ngerti. nanging yen ngrujuk antropolog, raja-raja mataram anyar kuwi keturunan wong ndesa. jaman singosari, ken angrok uga keturunane wong ndesa. ing jaman mataram kuno, dewa-dewa kang disembah isih trimurti (syiwa, brahma, wisnu) kanti syiwa dadi punjering kuasa. syiwa kuwi sing ngrusak, wisnu kang njaga, lan brahma kang nyipta. isih akeh wong-wong keturunan india asli. (jarene kancaku, wong mataram, nusa tenggara, irunge mancung2 kaya wong india).

sakwise mpu sendok nyebrang menyang jawa wetan lunga nyedhaki kali brantas gawe negara anyar, kahanane dadi beda. apamaneh nalika airlangga wiwit nyekel dadi raja. airlangga kuwi asline seka bali. erlangga iki kang dianggep miwiti wisnu dadi dewa kang paling sekti. airlangga nganggep dheweke titisane wisnu. pancen, ing jaman mataram kuno, ana uga raja-raja kang nganggep titisane wisnu, nanging ora terus ngganti trimurti.

patung-patung wisnu digawe akeh, lan nalika jaman wis ganti, wong-wong gawe patung beda maneh. nalika majapahit wiwit kelangan wahyu lan islam mlebu, wong-wong seneng gawe patung bima. panenggak pandhawa iki dadi idola ing ngendi-ngendi, salah sijine ing candhi sukuh. ngapa bima? biasane patung-patung kuwi nduwe ciri kang pancen mesum. manuke bima lurus horizontal lan gedhe. jarene, kuwi dianggep pralambang kasuburan.

mbiyen, kang dianggep lambang kasuburan kuwi lingga. lan lingga kuwi pralambang manuke syiwa, kang banjur sesandingan karo yoni, pralambange parvati.

ngapa jaman islam patung-patung kang digawe ganti dadi menunggsa? dudu dewa?

jaman mlaku maneh, lan ing pedhalangan ana wayang-wayang tambahan. panakawan dhewe tansah ana ing saben jaman, nanging ing jaman mataram anyar panakawan dadi penting. apamaneh nalika wong bule wiwit mlebu. dhalang-dhalang gawe crita carangan kang nritaake yen punakawan kuwi penting. petruk dadi ratu, bagong dadi ratu, semar kang isih sedulure bathara guru, bagong sing isa kurang ajar karo sapa wae. lan lumrah ing ngomah-ngomahe wong ndesa padha masang hiasan punakawan dijejer ing gedheg ruang tamu.

saiki? patung-patung pahlawan nyebar ing ngendi-ngendi. patung sudirman ing ngarep kantorku, utawa patung diponegoro ing alun-alun magelang. jaman kang beda maneh nalika soekarno isih dadi presiden. dheweke seneng gawe patung-aptung aneh tanpa ngerti sapa menungsa kuwi. menungsa-menungsa kang lumrah kaya dene punakawan. aku banjur kelingan marang sakwijining patung ing bunderan kecamatanku. ing kana ana patung wong numpak jaran. lan aku ora ngerti, kuwi patunge sapa. kaya dene, aku ora mudheng ngapa bapakku mbiyen gawe relief gajah ing kolam sisih tengen omah. aku uga ora mudheng, ngapa aku nulis sampah kaya ngene iki. mbok menawa iki amaraga aku wong jawa, sing seneng ngawur.

1.6.05

sakjane kepingin nulis
sakjane kepingin crita
nanging, aku kentekan ukara

26.5.05

ana dalan-dalan cilik sing tak pecaki maneh. aku kaya mlaku mundur, mbaleni dalan sing wis nate diliwati. banjur, ngarep-arep supaya bisa kelingan sapa aku iki. mbok menawa, aku bakal mulih, urip ing jaman sing kliwat, lan mbuang impen nalika mangkat mbiyen. Sakjane, rancanganku kabeh mlaku, nanging ana perkara siji kang ora bisa ditrima ati. aku lali yen sawijining dina bakal mati.

25.5.05

beng-beng, teh anget, lan ing njaba udan. "talk about my generation....", stylist ing meja samping nyetel lagu kuwi. reporter ing mburiku, sing uga penyanyi ing band, melu-melu nyanyi. keindahan itu kecil ya? kok dadi ngomong basa indonesia? batere hp-ku meh entek, aku niat mateni, lan lagi sadar yen ana sms. "i saw u walking in the rain. imagine what u were thinkin..."

24.5.05

aku iseng gawe software kamus jawa-indonesia. adoh seka sempurna, nanging aku mung kepingin wae gawe. sawetara, kamus iki mung bisa dienggo ing windows amarga aku nggawene nganggo delphi v5 (program lawas banget). aku ora ngerti apa program kamus iki bisa mlaku ing windows xp. program iki ladi tak jajal ing windows 98/2000.



yen minat njajal, sumangga ngirim email nang aku, mengko tak bales programe tak kirim liwat email. amarga, aku ora nduwe panggonan kanggo titip file program ing situs gratisan. syarate siji: aku butuh kritikan, saran, utawa pisuhan. nanging aja dikon nggarap basa kramane diakehi, aku males :p yen ana kang niat ngrewangi nambah database, sumangga wae. saiki lagi tekan 1016 kata.

29.4.05

aku ngerti wayang seka bapakku swargi. yen ing radio ana siaran wayang, bapak ngajak lek-lekan bareng ing ruang tengah. nanging saiki aku ngrasaake ana kang aneh. saliyane ngrungoake seka radio utawa nonton langsung, bapak ngajari liwat cara liyane. nalika aku durung bisa nulis tulisan jawa, bapak gawe crita kang ditulis ing lawang kang dicet ireng, uga dicatet ing kertas lan tansah tak gawa nalika kuwi. crita kuwi isine "narayana maling putri." nalika kuwi sing gawe kelingan mung perange antarane permadhi lan narayana. Banjur ana kaset wayang "samba juwing". crita iki uga ora bener yen manut trapsilaning bebrayan. samba nyoba ngrebut bojone kangmase. sawise rada gedhe, aku dikei buku kidung kang critane " sembadra larung." isine crita burisrawa kang seneng karo bojone janaka, sembadra. apa crita-crita iki ana artine ing uripku saiki?

28.4.05

rong bungkus rokok entek. dhadha sesek. lan lagi tulisan siji sing wis rampung. luwe...............what do you know, it happen again (king of convinience)

27.4.05

nyumpel kuping, nyumpel rasa, nyumpel kabeh. ben aku bisa kerja. lan jack johnson nyanyi,time is just memory, with all the people on the street.



ing crita ungu-violet, ana cewek sing jaga karcis busway, difoto karo fotografer a+. langsung dadi sampul majalah. "dari biaya itu ia dapat uang banyak bahkan bisa membiayai perawatan ibunya yang sedang sakit," jarene bintang filme. emang cukup? "itu kan cuma film."

sampul majalah, kaya dadi lambang wong terkenal, sukses, hebat. bintang film mau ngerti, dadi sampul majalah ing majalah domestik ora terus dhuwite akeh. crita ing film kuwi semu, kaya crita2 obrolan nalika wong-wong ing komunitas aneh iki ngumpul.

ana crita liyane maneh. ing proses nulis naskah sawijining film, sutradarane kepingin gawe adegan wong-wong piknik luar kota. nek bisa digawe ekstrim. "bagaimana kalau naik bis?" numpak bis kuwi ekstrim? tak pikir, ing indonesia iki luwih akeh wong piknik numpak bis tinimbang nganggo kendaraan pribadhi utawa montor mabur.

pisanan kerja ing ndonya aneh iki, aku rumangsa, menungsa-menungsa iki urip ing ndonya ngimpi. uripe tansah ndeleng negara-negara kulon. ing pikirane, bule kuwi keren, ciamik, cool abis. saben pungkasan minggu pesta, mabuk-mabukan. klambi rancangan oscar lawalata hasil utang, tas hermes palsu, ngobrol gak jelas, dj mabuk sing fungsine kaya operator radio, turu sewengi mbuh karo sapa.

majalah-majalah mode nulis busana-busana paris/milan/new york/inggris. ganti klambi manut urutan fall/winter/spring/summer. aja-aja menungsa-menungsa iki ora nate sekolah sd. ing pelajaran sekolah, mung ana mangsa rendheng/ketiga. hujan/kemarau. lan nate aku takon, jawabe jebul prasaja wae. "perancang sini gak ada yang otentik, jadi kalau bicara perubahan mode ya lihatnya ke barat."

wong-wong ngimpi liyane. perancang-perancang busana kuwi njupuk ide seka busana bule, dimodifikasi, diganti jenis kain, banjur gawe pagelaran kanti undangan kang dicetak larang. ora lali, ngundang pers lan wartawane entuk diskon nek arep tuku. nalika wong-wong maca ulasane ing majalah/koran, perancang kuwi katon hebat. apa maneh yen dienggo ing sampul majalah. banjur ngimpi nganggo klambi sing ora bisa dienggo pas arisan ing kampung kuwi.

ing asline, rancangan-rancangan kuwi uga nyonto. sawijining staf perancang paris wis nate ngaku, yen golek ide nang toko loak utawa perpustakaan. "kalau nyari yang berbau militer ke jerman, bergaya aneh-aneh di inggris." banjur dimodifikasi.

kuwi perkara sandhangan. perkara rai? ana sawijining wong sing lagi ngumpulke gambar-gambar david becham. gambar-gambar kuwi ngebaki kamare. dheweke kepingin operasi plastik ben mripate kaya david becham.

gambar iki dudu sampul majalah tenanan. ora mungkin cangik dadi sampul majalah. amarga:
1. cangik mung mbok emban kraton astina.
2. seneng dandan ning ora nganggo merek kondhang,asli utawa palsu.
3. ora nate teka ing pesta sing dianake embassy lan manna house.
4. mangane nang pawon, ora nang dragon fly utawa cilantro.
5. dolan paling adoh nang amarta, durung tau nang tokyo, maroko, apa maneh nang paris.
6. ora ayu lan wis tuwa.
7. isane mung basa jawa.
8. wong-wong ing ndonya impen ora kenal cangik. "cangik? it must be wrong. do you mean changi?"

untitled

biasane, aku rumangsa tentrem nalika ngrungoake gamelan sunda iki. embuh ngapa, saiki kaya ana sing ngiris jantungku

24.4.05

ngapa dewaning katresnan, bathara kama lan bathari ratih, asring sinebut para pujangga (kawi) ing kakawin jawa kuna? ing smaradhana, bhomantaka, abhimanyuwiwaha, lan gatotkacasraya kama manggon ing mandala (perangan pisanan kakawin kanggo memuja). aku nate nganggep yen para kawi tansah mikirke tresna. para kawi kuwi kaya dene cah-cah enom ing amerika nalika protes marang perang vietnam, make love not war. anggepan kuwi suwe mampir ing utekku, sadurunge aku maca iki:



dheweke njupuk cangkir kopi banjur nyrutup. "kafka, apa kang bisa didelok ing njaba?"
aku ndeleng liwat jendhela ing mburine. "aku weruh wit-witan, langit, lan mega-mega. sakwetara manuk-manuk ing pang wit."
"kabeh lumrah wae. bener?"
"bener."
"nanging yen sliramu ngerti nek bakal ora bisa weruh maneh sesuk, kabeh mau bakal dadi ora lumrah lan endah. iya tho?"
"tak kira ngono."
"wis nate mikirke perkara iki?"
"wis nate."
kaget mampir ing praupane. "kapan?"
"nalika aku kasmaran." aku ngaku marang dheweke.


dheweke mesem ing sengsem, mrambat ing lambene. iki nggawa aku mikirke kahanan kang seger dening banyu sakwise wong diguyur banyu ing musim panas.

"sliramu lagi kasmaran?" dheweke takon.
"ya."
"banjur rupane lan kabeh saiki dadi ora lumrah lan endah kanggomu, saben sliramu weruh dheweke?"
"bener. lan mungkin aku bakal kelangan"


obrolan jeng saeki lan kafka ing novel kafka ing pinggir segara mau ngelingke aku perkara bathara kama. nalika lagi kasmaran, apa wae katon beda.

kuping dadi sensitif marang swara. angin sumilir, godhong-godhong pating gresek, langkah sikil, keyboard komputer dipejet. kabeh mau bisa dadi orkestra. bisa dadi gamelan kang endah.

langit kang owah: seka abang ing pojok wetan nganti abang maneh ing sisih kulon. wedhus mangan suket ing lapangan, kembang mlati kang tiba siji-siji. kabeh mau bisa rinakit dadi puisi.

nalika kasmaran kabeh dadi ora lumrah. kuwi kanggone kafka. kanggo saeki?

kabeh rinasa beda nalika sadhar yen apa kang ana saiki bakal ilang. kaya dene kenangan. utawa kangen? utawa rasa kelangan kang dawa lan permanen? pepisahan? mati?

ing wrttañsancaya jaman ken angrok, mpu tanakung nulis 7 larik puisi kang diwenehi irah-irahan bhãsa tanakung. isine tangisan amarga kenya kang dadi anteping atine dikon bapake nikah karo wong liya, saengga dheweke nganggo jeneng 'tan akung' (tanpa tresna). banjur dheweke ketemu sesidheman karo kenya mau ing njaba kraton. sewengi bareng, lan nalika esuk teka, tanakung dhewekan maneh. sepi.

apa kang sinebut bhãsa tanakung kuwi dianggep spesial, amarga ora nganggo metrum kang lumrahe dienggo kawi liyane. kawi liyane biasane njupuk metrum seka india. tanakung gawe dhewe metrum kuwi. kakawin wrttañsancaya iki isine kawruh metrum (chandahsãstra) kanggo sinau, total ana 95 metrum. nanging aneh, kidung kang luwih dikenal kanti sebutan cakrawãka-duta iki happy ending. critane, ana kenya kraton kang lagi kangen amarga ditinggal pacare. dheweke akon cakrawaka (bebek/mliwis) supaya nggoleki pacare kuwi. pacare ketemu lagi asyik nulis puisi. banjur, kakawin iki rampung kanti cepet. "apa kang kedaden nalika mulih ora susah dirembug, ora suwe seka kuwi dheweke tekan kraton," dheweke ngrampungi kanti cepet amarga kelingan marang tresnane kang ilang.

kakawin kang luwih tuwa, smaradahana anggitane mpu dharmaja nalika jaman dahana (daha/kediri) kang ratune sri kameswara, beda maneh. crita ngenani kama lan ratih kang lebur dadi awu iki digawe kanggo memuji tresnane kameswara lan kirana. ing pungkasan pupuh dharmaja nyebut, muga-muga ing inkarnasine kama ora dadi kawi, amarga dadi kawi kuwi meres rasa lan susah. utamane ing perkara tresna.

20.4.05

nelpon novi, keponakanku ing magelang. "lagi nonton tv g." maksude global tv. ana kabar anyar? "aku wis nduwe sim."

nelpon mbakyune, ing semarang. "dprd jebul lucu tenan. nek wis nutul kalkulator kaya ra isa salah." ha ha ha ha, sugeng rawuh ing kasunyatan. ana dalil-dalil al quran nang rapat? "kyaine teka sedhela, terus thengak-thenguk, lunga ra pamit."
every moments a day
every day seems a lifetime
let me show you the way
to a joy beyond compare


lagu quando, quando, quando wis tak baleni ping lima. sapa sing arep ngancani dadi nelly furtado? apa aku mendhingan nyanyi you don't know me?


You give your hand to me
And then you say good-bye
I watch you walk away
Beside the lucky guy
You'll never never know
The one who loves you so
Well, you don't know me

19.4.05



tangi turu, rasane enteng. lungguh ing ngarepan, angin lirih nampek sirah. kaya ana angin kang mlebu sirah. nggebyur banyu ing jedhing, banyune kaya mrasuk pori-pori. aku kaya duwe sirah anyar, tuku wingi ing pasar. anggep wae ruwatan sirah.

15.4.05

iseng mbukak2 blog:

- ana posting lucu nang ajita
- aneh lan ora mudheng maca tulisane rina
- bagja ngresensi chiclit?

13.4.05

kaya perih, lan aja takon apa kang dadi panyebabe.

ing kreta, arjuna ngomong marang kresna,"aku ora arep maju perang."
kresna mesem. "sliramu sedhih kanggo wong-wong kang sakjane ora perlu mbok pikirke, nanging sliramu kaya wong kang kebak kawicaksanan. wong kang wicaksana ora perlu sedhih kanggo kang urip utawa kang wis pralaya."

nalika kurusetra kebak perjurit2 kang sedya mbuang getih, wong loro rembugan ngenani kaprawiran, reliji, lan eksistensi urip. perih ing telenging ati, gawe arjuna kepingin mbuang panah, maju kanti dhadha ngliga, nyerahke jiwa marang duryudana.

mbok menawa, rasa kaya ngene iki kang gawe mpu sedah ora bisa neruske nulis. nalika salya kudu mangkat perang, sedah ora wani nglawan atine maneh. mpu panuluh neruske. panuluh wani nulis patine salya lan setyawati kang tetep ing janji.

ana versi crita, yen sedah dipateni raja jabhaya kang akon gawe kakawin mahabharata iki amarga sedah njupuk prameswari dadi conto kanggo nggambarke setyawati. sedah dianggep kurang ajar. nanging versi iki mung gugon tuhon lan durung ana buktine. piye wae, bharatayudha kuwi crita kang gawe sedhih.

ing kene, hidimbi (arimbi) nangisi patine gatotkaca. lan apa kang diwejang dening kresna marang arjuna ora terus gawe satriya pendhawa iki tetep tatag nalika abhimanyu palastra. ksiti sundari bela pati, nanging sak durunge, dheweke njaluk marang uttari karas lan tanah (barang kanggo nulis) lan nulis riwayate banjur digantung ing mahanten (gubuk cilik ing tamansari). uttari uga nitipke rasa sungkawa marang abhimanyu. lan upama reinkarnasi maneh, bakal dadi cataka lan cucur (jenenge manuk kang dadi pralambang tangis).

ora. pikiranku ora ana sesambungane karo bharatayudha iki. aku dudu mpu sedah. aku mung ngrasaake perih, tanpa ngerti apa kang dadi jalarane.

untitled

kaya wong pekok, aku ra ngerti arep ngapa. metu pisan pas mangan awan mau. ing kamar, aku urip dhewe. aku dadi kangen karo paraga-paraga wis oncat seka anggaku. apa apike wengi iki gawe reuni? nanging ora! aku ora arep urip ing ndonya kuwi maneh. sajake, aku kudu nrima, yen aku ora bisa apa2.

untitled

apa sing salah seka awakku?

12.4.05

untitled

apa kang kudu tak tulis dhisik dina iki? sampah sing ngendi maneh kang bisa tak buang? aku kudu gawe crita maneh apa mbukak arsip lawas? ngantor apa nulis ing ngomah? ing kafe? ngapa sirahku tambah rusak?

10.4.05

ampang. ora, dudu ampang nanging pepes. dudu lungkrah. aku kepingin turu. turu kang dawa.

6.4.05




iki perkara rhytm. aku lagi mikir dina iki, ngapa aku ora nate bisa ngendhang. pengalaman pisanan (lan pungkasan) aku ngendhang nalika ibu-ibu pkk latihan gamelan. nalika kuwi mas gono, tukang kendhange, ora teka. aku dhewe ora ngerti apa sesambungane antarane tukang kendhang karo patriarki. tukang kendhang tansah lanang, senajan kuwi ing kumpulane gamelan pkk. mbok menawa ibu-ibu ora kepingin tangane dadi kasar. utawa pancen amarga pancen kendhang kuwi lambang patriarki? ing gendhing2 jawa, kendhang dadi raja ing perkara cepet-alon thuthukan. nanging yen perkara pimpinan, malah bonang barong kang dadi raja.

maune aku nganggep ora bisa ngendhang amarga bapakku ora bisa ngendhang. pas pkk gamelan ibu-ibu kuwi, aku njajal ngendhang. dadine bubrah. maune alon kepenak, banjur aku njajal tak banterke. ngerti dadine? ibu-ibu sambat amarga thuthukan dadi cepet banget aku ora ngerti carane ngalonke. akhire bapakku kang nrampungke perkara. bapakku nganggo tuding kang dithuthukke ing meja kayu kanggo ngalahke swara kendhangku kang sansaya semrawut. kawit kuwi aku kapok ngendhang.

aku banjur kelingan marang obrolan karo sak wijining guru les musik. jarene, alat musik kuwi tergantung sifat manungsane. dheweke nduwe anak loro, sing siji wonge grapyak, semanak, lan seneng kumpul2. bocah kuwi bisa dolanan piano utawa gitar, nanging luwih p[inter main drum. drum kuwi apike yen dimainke bareng karo liyane. anak sing sijine, seneng dhewe ing njero kamar. cah iki luwih pinter main piano.

nanging iki perkara rhytm. aku ora kepingin ngomongke ekastrovert-introvert.kendhang kuwi nyekel rhytm. ana kang konstan seka swarane. kabeh diatur kanti interval kang bener. pancen ing alat musik melodi, ana uga rhytm kang konstan, nanging kuwi bisa dirusak lan diimprovisasi. nanging yen drum gawe improvisasi? ing jazz, biasane nalika drum improvisasi, alat musik liyane mandheg sakuntara. yen ana musisi liya sing nekat mainke musik, dheweke mesti jago njaga lagune.

dadi iki perkara rhytm. aku wong kang ora nduwe ritme kang jelas. nalika uripku mlayu banter, aku butuh thuthukan kang bisa gawe uripku alon. nalika aku mlayu alon, aku butuh wong liya kang bisa gawe aku mlayu.

3.4.05

"kamu harus datang, tiketnya mahal." kuwi omongane bosku. dadi, aku teka nonton opera cavalleria rusticana merga alesan kuwi. yen dietung, rega sepatu, kaos kaki, clana panjang, calana njero, lan klambiku kalah larang karo tikete. apa maneh aku lungguh ing vvip.

banjur apa kang menarik? aku luwih seneng ngrungoake swara oboe. swara kuwi tak pisah seka swara liyane. lan jakarta chamber orchestra keprungu endah. swara kaya ngene iki malah ngelingake marang wengi-wengi nalika aku dolanan gaemlan ing pojok desa bareng karo wong2 kampung. konduktor kae kaya bapakku. bapakku nang ngarep nggawa tuding kayu.

opera karangane pietro mascagni iki kaya dagelan serius. wong2 ing panggung kae kabeh wong2 melayu, nanging nganggo panyandhang sarwa bule. klambi kang dienggo wadyabala paduan swara universitas parahyangan kae marai kelingan marang bungkus susu cap nona. klambi2 rancangane irsan iki katone ora cocok dienggo.

sing nonton, jelas ora kalah melayu wagu. akeh penonton kang keplok ing perangan wektu kang salah. aja-aja, alesane teka rene padha aku?

ah mungkin iki telenovela versi panggung lan nganggo basa italia. nulla! (nulla iku basa italiane "ora"). nek telenovela mestine jenenge opera sabun, nek iki?



lah kae, ana kancaku kang sakjane luwih seneng ngrungoake kyle minogue tinimbang lagu-lagu italia iki. apa merga dheweke pancen seneng? mbok menawa kancaku sing anak mantan mentri iki wis biasa nonton opera karo ngancani bapake. pas bubaran dheweke ngomong, "tuh, almamater gue, keren kan?"

ing njaba, aku ketemu oetomo, fotografer fashion. dheweke ngaku wis nate nonton opera iki pas nang inggris. "lumayan," jarene. nanging pancen aktinge elek. seneng nonton opera? "aku diundangan irsan."

ketemu qaris, wartawan fashion. "irsan gak cocok bikin busananya. dia lebih cocok bikin untuk macbeth." kesan ndesane kurang. "dia itu rancangannya bernuansa gelap."


terus, apa kang isa tak komentari seka opera kang ditekani wong2 wangi iki? aku kaya hc anderson sing nonton opera, kampungan banget. e...mungkin aku perlu komentar? opera iki lucu ning ora bisa gawe guyu. "oh, questo non lo dire..." (oh, aja ngomong kaya ngono), ngutip omongane santuzza kang dimainke binu d sukaman.

pagelaran kuwi dudu wenange wong kang mudheng thok. apa mung wong2 kang ngerti musik klasik kang entuk nonton? nonton kanti akeh aturan? apa kang sinebut endah lan estetis ora ana pathokan kang gamblang ginaris pesthi. "seni, kaya dene tresna, luwih gampang dialami tinimbang dikei definisi," jarene joseph machlis. aku ora kenal sapa kuwi mr. machlis, ning aku sarujuk marang omongane. "basamu kuwi ndonyamu," jarene wittgenstein. seni ing saben wong kuwi beda, lan kaya dene basa, swara uga dadi ndonya kang beda ing saben-saben wong.

ing kitab natya sastra, kang dadi panuntun estetika swara seka india kang dienggo ing jawa kuno, ngandhut ajaran ngenani gita. ana saptasvara kanti 7 nada (sadja, rsabha, gandhara, madyama, pancama, dhaiva, lan nisada). saben nada bisa dienggo kanggo samubarang rasa: perwira, nesu, lembut, gumun, dolanan, wedi, tresna, lan sedhih. aturan seka natya sastra iki ora gawe wong jawa kuno manut ngono wae, amarga sakbanjure wong jawa kuno nduwe gamelan kang beda karo wong india. laras pelog kanti 7 nada beda banget karo instrumen india.

gamelan kang mbiyen sok takenggo dolanan ing ngomah akeh2e nganggo slendro. lan laras slendro uga beda antarane jogja lan solo. ing ngomahku nganggo jogja, lan nalika aku ngrungoake gamelan seka surakarta pisanan, rasane aneh. gamelan nanging dudu 'gamelan.' kuwi amarga konsep swara gamelan ing pikiranku beda karo swara gamelan sing keprungu.

laras slendro dhewe dinuga seka gaweane wangsa syailendra. mung ana 5 nada (1,2,3,5,6). aku ora ngerti ngapa kok ora ana angka papat. aku uga ora ngerti, ing pelog dhewe ora genep pitu. pancen ana 7 nada. nanging, ora ana lagu gamelan jawa kang nganggo nganggo 7 nada kabeh, mesti mung 6. yen 4 dienggo, 7 ora dienggo. yen 7 dienggo, 4 ora.

jarene bapakku mbiyen, pelog kuwi luwih romantis lan melodius. jangka swarane luwih amba lan isa dienggo klangenan nalika sedhih, seneng, kasmaran, utawa nglangut ing wengi. nanging ngrungoake pelog ing wektu kang suwe bisa gawe bosen. mula ing pagelaran wayang kulit, nganggo pelog lan slendro genti genten. ana lagu kang cocok nganggo slendro, ana uga kang cocok nganggo pelog. lan ana uga kang cocok dimainke ing pelog lan slendro.

kanti konsep gamelan jawa kaya ngene iki aku nonton pagelaran opera seka italia. swara oboe lan biola kae ora nganggo pelog lan slendro. nanging aku isa ngrasaake yen lagu-lagu kuwi endah. swara kang akrab ing kupingku mung swara gong kang dithuthuk kanggo tandha yen pagelaran wis diwiwti lan dipungkasi. lagu-lagu kae sakjane lagu-lagu ing dina paskah, lan aku islam, mula utekku ora terus dadi relijius mikirke jesus. aku mung ngrasaake swara-swara kuwi kang endah, ora mikir kanti nalar logika. amarga, pancen alesanku nonton opera iki uga ora logis: amarga tikete luwih larang tinimbang rega sandhangan sing tak enggo.

31.3.05



aku ngimpi apa mau bengi? aja-aja aku isih ngimpi? lucid dream? swra gamelan keprungu, kuwi artine ana sing telpon. tak angkat, lan keprungu swara ponakanku. ya ya ya, iki dudu ngimpi. aku tangi, lan mandheng tv kang isih urip. utekku isih durung waras. aristoteles percaya, yen utek kuwi isine lendir kang bisa gawe getih dadi adhem. lan hippocrates percaya yen utek kuwi urusane karo intelegensi, pikiran, lan ngimpi.

aku lagi kepingin ngimpi sinambi melek lan ora kepingin getihku adhem, mula aku njupuk majalah arena edisi inggris. molak-malik kertas dikancani kopi panas lan rokok ing balkon ngarep. leonardo dicaprio nganggo klambi gucci lan clana dawa prada. maca artikel wawancara karo model ceko petra nemcova, she has dirty laugh of cameron diaz(?)

bosen! aku mlebu kamar maneh, dolanan komputer. pisanane dolanan gawe gambar, banjur mbukak folder-folder lawas. aku nemu geguritan iki. penasaran, tak bukak.

dasanamamu

terus, yen lintang kae kudu uwal
reruntungan nyingkiri wates wektu
ilang golek pepadhang
seka bandha batinku
tak tunggu lungamu
ing pojok desa
ananging
ngapa aku sing lunga
ambyur ing jagad liya ?

yen lungaku dudu lunga laku
uwalku uga dudu uwal laku
nanging minggat kang nyingkiri semu
ilang ing kutha
anjang-anjang suluk tulisan
remukku dadi duit
tanpa maneh ngerti, kapan bisa
ilang


aku lali kapan nyusun ukara-ukara iki. lucid dream again?. gak ana tanggal kang ketulis. tak tiliki log file, lan nemu tanggal Monday, March 08, 2004, 6:48:46 PM. isa wae salah.

nanging ana file liya kanti tanggal meh padha. nday, March 08, 2004, 6:48:49 PM. tanpa judul.

bocah cilik mlaku timik2. tangane sing tengen digenggem ibune kang katon sayah amarga bar kuliah. mripate lingak-linguk, kaya golek barang tiba. kadhang mlumpat-mlumpat tanpa sebab. "putri, mbok aja nakal," ibune ngandhani karo nggateake bocah cilik mau. "bu, aku kecel," raine ndangak nganggo ekspresi manja terus ngulurke tanganne kanti sudut 60 derajat karo mbengok, "gendhong!"

ibune gage2 nyaut bocah wadon cilik mau, digendhong. bogor katon mendhung lan dheweke pingin cepet2 mulih. pingin ndang ndelehke awak ngleremke raga kang enthek nggo kluyuran nang kampus. lan mengko bengi kudhu isih nggarap tugas kang isih numpuk.

ndilalah ana mikrolet liwat, tangane ngathung lan mobile mandheg. muga2 pas tekan ngarep gang isih durung udan, dheweke mbatin. yen nganti udan, bisa-bisa si putri masuk angin.

mikrolet mlaku, kang uga, timik-timik. lan udan ngesok seka mega tumiba tanpa kira. (sori, kuwi mau mung imajinasi ngawur. lan muga2 ibune putri mau ra maca blog iki. nanging yen awakmu ketemu dheweke, aku titip salam. salam biadab!)


iki mesti ngimpi! aku kudu tangi, adus, lan mangkat kerja. remukku dadi duit!

28.3.05

"aku tangi kanti pikiran kebak sliramu. wewayanganmu lan wengi wingi kang gawe mabuk nalika dhewe bareng, ninggalke kisruh ing rasaku. cah manis, josephine kang tanpa bandhing, rasa aneh ketinggal ing atiku! apa sliramu nesu? apa sliramu dadi sedhih? apa sliramu khawatir?"

(surat napoleon bonaparte kanggo josephine. paris, desember 1795)

25.3.05

untitled

aku dadi pingin kaya rancari kang urip limang dina pisan, ing pucuking pegunungan kang asri. aku bosen kaya janawi kang tansah urip ing guwa kang peteng lan isane gawe crita. apa kang sejatine dadi kapangku? ora ana sing tak tunggu, kejaba mangu-mangu kaya asu neteske idu. kapan bisa uwal?

untitled

rasa tidha-tidha, ing wengi kang ngliga

21.3.05



nalika tresna teka, nalika rasa ora wani lunga, nalika sedina-dina mung ngimpi ndonya dadi neraka, lan sapa kang wani crita karo "nalika"?

16.3.05

saben esuk ana manuk kang ngoceh crewet ing ventilasi. wis kawit minggu wingi, ana manuk kang gawe susuh ing ventilasi kamarku. kamarku dadi kaya nang alas. nanging marai males kerja. mendhingan nyruput teh cap tjangkir sinambi ngemut cokelat. wulan iki gaweanku sakjane ora akeh, nanging rumangsaku ana kang ora jodho. utekku mlaku alon, nanging wektu ing njaba mlayu banter.

untung wae, wulan iki aku ora nulis profil. nulis profil kuwi nyiksa, amarga kudu ngeling2 wong liya kang sakjane ora kenal tenan. aku ora ngerti apa menungsa-menungsa kuwi ngapusi apa ora.

kadhang kala, gawean iki ana enake. ana kalodhangan kanggo ndeleng kelakuane wong liya. nggateake piye solah bawane, carane mesem, carane milih ukara wangsulan, sorot matane, lan piye yen menungsa kuwi nesu. yen lagi iseng, aku sok ngekei pitakonan kang bisa gawe nesu. ndeleng wong nesu kuwi asik, amarga bisa nonton piye wong2 iki ing kahanan kang paling wagu lan nyengit.


goenawan moehamad nate ngomong, yen arep nulis profil kuwi kudu ndeleng seka sisi liya. nek wong kang doikenal apik, dideleng sisi eleke. semono uga sakwalike. aku dadi kelingan perkara kisah ramayana. karangan valmiki iki dadi kontroversi. ing kitab ramayana (kang artine lakune rama), ravana (ing jawa dadi rahwana/dasamuka) digambarke buta galak kang wengis. dheweke nyulik sita (sinta). nanging ing versi srilanka, khususe suku tamil (singhala), raavana kuwi pahlawan. ing srilanka, ravana kuwi raja jaman kerajaan lanka kang mati amarga bela negara seka jajahan ayodya. ravana uga dikenal ahli obat-obatan tradisional. lan dheweke ora nyulik sita, nanging sita dhewe kang seneng karo rama. ing kitab jataka versi buddha, sita kuwi dudu bojone rama, nanging adhine. srilanka kuwi negara buddha, lan india 9ayodya) kuwi hindhu. dadi endi sing bener? amarga ing sejarah srilanka pancen ana raja kang jenenge ravana (kira-kira 5000 taun kepungkur) lan rupane nggantheng. rama dianggep wong hindhu kang arep njajah. valmiki nulis ing kitabe, yen crita kuwi ditulis nalika sita urip ing padepokane pas dheweke lunga amarga rama ora percaya yen dheweke isih suci.

lan aku? aku dudu valmiki kang pinter gawe ukara kang dawa lan endah. aku uga ora urip bareng sakpadhepokan karo narasumberku. rumangsaku kabeh ampang. aku mung bisa mbiji seka wangsulan lan patemon ing wektu 15 menit tekan sak jam.

sing kecanthol ing utek malah perkara-perkara kang remeh. linda christanty nek mlaku cepet rada kesusu. agnes monica njawab kanti praupan serius lan mata mandeng teges. carol belammy tingkahe cekat-ceket kaya wedi kentekan wektu. christian bautista kaya abg sing sok dolan nang mal. maia achmad logat surabayane kenthel. mariana renata rokoke marlboro light. gak penting! eh, tapi aku wis nate entuk email seka manager penyanyi cowok. sakwise bla-bla-bla nawani penyanyine ditulis profile, ing pungkasan surat ditulis, "yen pingin ngerti preferensi seks-e, isa ngubungi aku."
nyambung maneh perkara ayu. ing lagune yovie and the nuno, ana lagu "malam genic." lagu iki critane perkara cewek cakep ing wayah wengi nanging beda nek pas ketemu esuke. iki pengakuanne yovie ing koran surya,"tentang seorang teman wanita yang beberapa kali kita temui di klub-klub malam, dia terlihat sangat cantik tapi pas ketemu siang hari di plaza senayan, lho kok ancur?"

nah pas mulih magelang wingi ana crita liya. aku entuk crita seka ponakanku sing lagi ngancik sma kelas 1. dadi, sakwijining wengi, ana cah-cah lagi mabuk nang panggonan bekas pasar. salah sijine jenenge s*****. nah, dheweke mabuk berat. ndilalah ana cewek liwat. sebut wae cewek kuwi jenenge i. si s ngajak si i nang bekas pasar kuwi, terus saresmi (making love). kawit prastawa kuwi, si i tansah nggoleki si s. rumangsane, dheweke tresna tenan, kamangka sakdurunge ra nate nggagas. apa maneh, si i dudu kenya idola. perkarane, si s bingung. "emang aku tenan turu karo dheweke?" gandheng akeh sing ngintip, mula si s kudu pasrah yen pancen dheweke nate turu bareng karo si i. dadine, dheweke tansah ngindar aja nganti ketemu si i.

ing crita pisanan, ayu kuwi tergantung wayah. wengi apa awan? ing crita keloro, ayu kuwi perkara mabuk apa sadar? mbok menawa, yen aku nganggo rok sing tak enggo mau terus dugem nang embassy apa manna house ing kawasan taman ria kae, aku akeh dilirik cowok. mestine akeh wong mabuk ing wayah wengi. ha ha ha ha....wis ah, kok dadi nggilani ngene. aku dadi kelingan omonganku karo sakwijining gay, "i'm straight, jangan ngajak2 kalo jadi gay."

15.3.05


beauty and grooming? tema iki blas gak cocok karo sirahku. apa kang bisa sinebut ayu kuwi? ing ReadMe, ana wawancara karo sing nduwe situs suicidegirls. wong2 wedok kang nganggo tato kuwi dadi katon endah. endah? piye yen sinebut estetis wae?

wulan wingi aku ngobrol karo mariana, model lux. ayu kuwi apa? lan kaya lumrahe jawaban basi selebriti, dheweke njawab masalah sifat lan tingkah laku: inner beauty. "kapan kowe rumangsa ayu? apa nalika tangi turu kowe rumangsa ayu?" dheweke ngobahke sirah ngiwa nengen. gak! dheweke rumangsa ayu nalika didandani karo make up artist kang jempolan.


banjur, aku wingi takon karo matthew w. mungle, special make up artist sing nate entuk oscar. angel endi, gawe wong dadi ayu apa elek? dheweke njawab yakin, "mesti wae gawe luwih ayu, apa maneh nek dhasare pancen ora ayu."

ing ndonya kewan, kupu-kupu kuwi nduwe swiwi kang endah. nanging manut ahli biologi, kaendahan werna kang ana ing swiwi mau digunaake kanggo ngusir manuk. amarga, yen wernane apik, manuk bakal ngira yen kuwi barang ora enak.

lan aku mau weruh ana sandhangan kanggo pemotretan wulan iki. ana rok kang kaya kembang mawar ing studio. iseng, aku njajal. sayang ora ana kaca, sapa ngerti aku dadi narsis sejati sing kedanan karo awake dhewe. nanging, tetep wae aku ora rumangsa ayu.

10.3.05

"begitu aku keluar dari bandara lyon itu, indah sekali." bosku crita. aku ra mudheng arahe ngapa. apa maneh diteruske masalah nyoba panganan perancis,"yang sama sekali berbeda dengan makanan perancis sini. seperti yang di da vinci code itu." apa maneh iki?

"di antara dingin salju itu, aku masih nyempat-nyempatin ke bussines center." nah? "dan kamu ternyata lagi nomat di setiabudi building." oalah, mung ngomongi masalah kuwi? ya wis, aku pancen salah.

6.3.05

untitled

sms2 gak jelas seka kanca lawas, bingung arep ngapa, lan mikirke apa. sing paling mlebu akal ya mung dolanan komputer. dadine aku mau nang mal ambassador tuku cd program, permen, kopi, karo duren. eman, dene ora ana duren montong sing lemu ginuk-ginuk lan montok kae.

bubar kuwi ngapa? maca buku lagi males, film uga males. ngancik jam 9 njajal nguripke tv. padha wae, paling mung nonton cherrokee band. ndeleng iwan wiradz main, dadi kelingan jaman dheweke isih bareng karo yovie ing indonesia 6. jaman sma?

ora. aku ra kepingin ngeling2 maneh apa kang wis kelakon. katone luwih becik ndeleng tv, acarane kampungan ya ra pa pa. sing penting ora ngeling2 sampah.

4.3.05

untitled

udan iki duweke sapa? aku lali takon karo langit, "apa ora bosen nangis?" nanging aku ora bisa nyuwara. amarga swaraku mesti kalah banter karo udan kang sansaya deres.

kopi ing mug putih wis wiwit adhem. banyune mili, liwat gulu, banjur dibuntel usus kaya uler. nikotin lan kafein nyawiji mernahke ati. nanging tetep wae ora bisa lerem tentrem, amarga kalah karo udan.

wit nangka ing ngarep omah katon klebes. "aku iki kanca sinarawedi mring sepi." apa wit nangka duwe wenang gawe ukara ing wengi iki?

wengi iki pancen dudu wengine pedhut kang nylamur dadi asep rokok. nanging, aku ora kuwawa, amarga langit lagi tawang-tawang tangis, amarga wit nangka kadhemen ing sepi, amarga aku ora bisa lunga.

1.3.05

nonton jakarta ing wayah wengi seka lantai 9 kuwi katon endah. sinambi nyekeli sakgelas kopi lan ngrungoake ani difranco nyanyi promised land. nanging yen aku mudhun, mbok menawa aku isa weruh kang luwih endah maneh. apa malah luwih semrawut?

nalika mbiyen pisanan teka nang jakarta, aku kepranan marang lampu-lampu kuwi. ing ndesaku, gebyaring lampu mung ana nalika pahargyan 17 agustus. yen jam wus ngancik angka 8 bengi, wong-wong kaya dikomando mlebu omah, sedhakep ing ngarep tv, utawa kemulan sarung. ora. ora kabeh kaya ngono. ana kang banjur ngobong gawe bata, utawa cangkruk ing warung.

lan saiki? aku wis ora kaya mbiyen, kang metu omah seka lawang iringan lunga dolan ngancani konang ngenteni matine. lampu-lampu ing ngisor kae dudu konang ing sawah. lampu-lampu kuwi tansah gumebyar saklawase pln ora mblenjani janji tetep nguripi.

saiki, aku lungguh ing ngarep komputer lan lagu icarus nyuwara. rokok a mild kemebul. rokok? kapan aku bisa mlayu seka nikotin iki? critane ndangdut banget.

sakjane, sing marai dadi candhu kuwi nikotin apa utekku? yen manut fashionable dictionary sirah kuwi pancen gak cocok kanggo mikir. banjur apa aku kudu neruske gawean keparat iki? intervensi utekku wis ora lumrah maneh. aku dadi kepingin dadi kucing, turu mlungker nang ndhuwur gendheng.