28.10.03

pasa wus ngancik dina kapindho. aku kelingan jaman isih nang ngomah. yen lagi wayah sore ngene iki, aku sok nongkrong nang ngarep selepan. gojek karo kanca-kanca sinambi nyawang dalanan. persis ing ngarep langgar.

wengine traweh ing mesjid. kanggone cah enom, traweh kuwi prastawa kang pas kanggo golek katrenan. kanggone cah cilik, akeh jajanan ing dalan nuju mesjid. semono uga nalika subuhan. bar subuhan mesti cah-cah padha mlaku-mlaku, lan padha nongkrong ing buk kali tangsi. kali iki yen dirunut tekan kali progo. kadang sak rombongan dolan nang kali awan2, mung kanggo mancing lan nunggu maghrib.


14.10.03

omah jerman

"hei !"
tanpa swara sakwetara
"oi..."
mung jantung kang suwala

anggep wae ruang iki kosong
banjur lumer kaya gelali dipepe telung dina
lan rumangsaku
meja coklat iki dadi nawala
kang ora tekan
nggowo kapang, kecanthol ing pinggir dalan

"hush"
aku nyuwara karo sapa ?
kledang2 tangan depapang
aku tetep ngira
yen aku dudu sapa2

--------

ori

"besok ketemu lagi ya ?"
dheweke lunga nuju parkiran
kaya endha seka surya kang ora gapyak
"oli ?"
aku mau takon jenenge
"ori !"
dheweke setengah njerit njawab
sinambi nyekel katalog putih sing bar tak waca
nyekele kuwalik
"aku tadi nemu di sono"
tangane nunjuk pojok plataran
aku mung weruh tanduran kang rimbun

nanging dina iki aku ra ketemu
cah wadhon cilik sing nemu boneka abang kuwi

7.10.03

walmiki nulis, sinta nyebur ing urubing geni kapurih ramawijaya percaya dheweke isih suci. ing abad v masehi, raja kasyapa nugel janggane dhewe amarga kalah marang monggalan. loro2ne kuwi dumadi ing sri lanka.

negara kang dianggep asal-usule rahwana utawa gunawan wibisana iki (alenka) lungguh ing papan siji masalah bunuh diri. rata-rata 55,46 seka 100 ewu wong lampus diri. akeh-akehhe ngancik umur 15-25 taun. dadi kesane, lampus diri kaya gaya hidup cah-cah enom, lan pestisida dadi piranti favorit.

masalah iki tambah gedhe nalika media biwaraake kanti tanpa dipikir jero. media-media mau nulis kanti bombastis lan sing penting sensasional. nganti The Centre for Policy Alternatives (CPA, organisasi sipil ing sri lanka, nerbitke buku panduan marang wartawan masalah berita bunuh diri. (download.

laporan who
kajian