31.12.02

teka nang kantor, gawean wis nunggu. dikon nang hi, liputan aa gym. males coy....

aku sok gumun, ngapa taun baru kudu dirayake? kanggoku taun anyar pancen beda, paling ora ganti kalender lan acara tv-ne beda. he..he..he..

media-media ya pada gawe kalaidoskop. nggo apa? paling wong-wong ya mung maca banjur lali maneh. menurutku menungsa luwing sering ora logis. nanging pancen urip ora kudu logis.

29.12.02

jumat sore, telponku nywara. radio tak lirihku lan tanganku nranggeh hp sing tak delehke ngisor kursi. nomere ra kenal. jebule masalah gawean. ana lowongan. jan-janne aku ra patia minat marang gawean nang media iki. nanging ana sing banjur tak pikirke.

apa aku arep tetep dadi juru warta sak teruse ? apa bakal isih tetep ngangsu kawruh nang panggonan gaweanku saiki ? apa sing wis tak entuki ? apa sing kira-kira bakal tak tampa saka kene?

ing gaweanku sing saiki, aku rumangsa ana sing wis tak tampa. masalah ngelmu jurnalistik. sak banjure?

aku rumangsa kaya mandek. ora ana apa-apa. ora ana sing isa gawe atiku surak-surak. lan uripku ?

jadwale ora tetep. kaya-kaya, aku dewe ora ngerti bakal nindakke apa. rinasa sangsaya dawa lan ngaluk-aluk.

nalika lulus mbiyen, aku pancen mutuske arep dadi jurnalis. ora merga aku nganggep jurnalis kuwi kepenak. ananging tak laraske karo pepinginanku, panggayuhku. aku ora bakal ngomongke masalah penggayuhku nang kene. ananging pancen yen dirasa ana urut-urutane.

rong warsa wus kliwat, lan aku isih gamang ngalaraske rasa. rasa kang katon wus keladuk munja-munja banjur surem kanti alon.

aku biasane pancen ngrancang apa wae sing bakal tak gayuh, lan wektune kapan. kabeh kudu dipremati lan, yen isa, ora usah grusa-grusu.

rancanganku, nalika arep mlebu gawean sing saiki, wus tak gayuh. malah-malah wus kebanjur keblabasen. aku pancen ora duwe pepinginan dadi jurnalis.

kadang aku sok ora enak. sak wetara kancaku lawas, yen pas ketemu, biasane ngomong yen aku konsisten. aku tetep ing jalurku seka kuliah mbiyen. konsiten marang jurusan kuliahku uga.

ananging jan-janne dudu kuwi sing dadi jalarane. aku ora isa kanda nang kene. nanging kanti ringkes, nalika aku kuliah, jurnalistik kuwi panggonanku 'mlayu'. lan apa saiki aku isih tetep arep mlayu ? kamangka sing mbiyen tansah ngoyak kuwi wus ora ana, wus kejegur kali progo lan mbuh saiki nang ngendi.

25.12.02

23.12.02

ndasku mumet. tangi kanti sirah kang abot. mau bengi ra isa turu, njajal nonton fifth element, bar kuwi tetep wae ra isa turu. akhire nerusku cerpen sing akhire rampung kanti judul "pencarian". tak pikir cerpen iki kampungan, rada nggambus lan cengeng. ning ya mending tinimbang nglangut utawa dolanan game.

21.12.02

esuk-esuk nonton cover koran tempo minggu. rachel maryam. judule 'andai ibu tahu'. terus maca artikel selebritis teror sinambi ngombe teh. dina iki ngapa? rencanane arep kondangan kawinane kurie lan bablas badan nang omku, daerah pondok pinang.

20.12.02

aku pingin kangen. nanging karo sapa?
esuk ngungun, lan apa isih ana sing gelem nunggu kantiku?

aku ngelih..
ra ana panganan
mung udud thok

aku pingin

misuh
apa sing direngga rasa? ana sak perangan impen sing cumepak lan aku tetep wae ora isa mutuske. ana samubarang ...............(aku ra isa neruske)

12.12.02





sedina nang kantor bingung arep ngapa. ngisi web, lan bar kuwi ra jelas. bowsing golek gambar anime sing enak di delok. maca email seko cah2, maca2 blog filsafat. kanggo sing kepingin ngerti critane wong wadon iran, ana blog sing pantes diwaca. lan yen ketarik karo wittgenstein, coba wae nang kene

10.12.02

mulih nang jakarta. balik nang kasunyatan kang rame, nanging kantor isih sepi. aku kerja mulai sesuk, padahal beritane ya durung ana. Iseng chating karo enda. ngobrol karo menungsa-menungsa kantor. lan iseng ngisi kuis. hasile...i'm dark writer gaya nulisku?
digawe dening quizilla

29.11.02

rencanane aku arep didaftarke dadi wartawan istana. muga-muga ra sida. aku males yen dipindah rana, ora entuk kaosan, jeans ora entuk (ra ketung aku jarang nganggo jeans), klambi kudu dilebokke, sepatu ket ra entuk (sangsaya sandal ban) .

---

sesuk mulih, ana sing pingin melu ?

27.11.02

tambahan link sing jelaske gunane blog kanggo wong wadon iran
ana partai baru, ana sing pingin melu ? aku bar mlebu nang blog wong iran. njelaske ttg blog nang iran. jebule nang kono blog luwih maju, ana portale, sing jelas-2 nganggo basa arab. terus ana blog sing katone menarik diwaca yaiku ing hoder. ana informasi ngenani blogger sing bunuh diri. sarap !! pas tak bukak bloge, isine ya tulisan arab.

sak liyane browsing nang blog2 persi mau, aku surfing nang wilayah ocenia. nang samoa, cook island, lan liya2ne. jebule berita2ne ora ana sing menarik. bayangke wae pulaune cilik2 lan wonge ya mung sithik. beritane apa?
nonton covere time rada aneh. gambar elijah wood ngeceng nang ngarep. crita utamane jebule masalah film2 fantasi. sawetara kuwi, investigasi teroris asia dadi liputan khususe.

kapan ya tempo nduwe utek kaya ngene? nang time, dijlentrehake budaya film fantasi kang dadi raja nang box office amerika, watara seperempat abad pungkasan. apa hubungane imajinasi lan budaya masal? apa kuwi impene wong-wong amerika sing esoteris.

asem, lagi nulis ngene entuk undangan seka 21, nonton premiere harry potter and the chamber of secrets. jan-janne kepingin, nanging filme tanggal 1, minggu sesuk.aku kan wis mulih kampung. kamangka iki undangan khusus, ora kaya biasane sing isa rayahan. ana sing minat? sakliyane undangan, uga ana surattagihan seka citibank. sing iki ra sah dirembuk.

mbaleni film fantasi mau, aku ngira yen amerika kuwi negara sing tansah njaga impen.impen kuwi nglatih utek kang kreatif, kang bisa gawe reka-reka upaya.
akhir-akhir iki gaweanku ra jenak. utekku wis nyangkut nang ngomah. rong dina iki aku mung nulis internet lan komputer thok (padahal kuwi dudu tanggung jawabku). arep nlisik berita nang depkeh ham lan komnas ham males. apa maneh dan lbh. akeh undangan liputan, ning isine mung buka bersama thok. ra napsu blas. yen ora buka bersama ya diskusi. pasa isine ngrasani wong.

pas tangi mau ana sms lan mailbox, seka kantor."agendanya apa hari ini?" males ngubungi kantor, aku umbah-umbah terus sholat. mangkat wis awan, kurang luwih jam sijinan.numpak bus ac 44 jurusan ciledug. dina iki ngapa ? embuh isine mung chatting karo browsing. chating karo enda, lita, bagja. masing-masing ra ana omongan sing standard. singrada serius mung karo enda.

26.11.02


iki pit onthel yamaha
cah bar nostalgia acara radio republik indonesia. acarane 'tejo sumarto sarjana hukum'. aku dewe gumun kok isa-isane nggawe acara ttg pancasila ora entek bahane. suarane khas, wibawa lan rada nganyelke. jaman mbiyen acara kaya ngene iki pancen wajib dirungoake. saiki ?karepmu !.

25.11.02

jebule hilman gawe blog.lan kaya adate, cah iki senengane nggosip. tapi menarik, yen tenan doni putus karo cah lipi kuwi. he..he..lan nggon komang wis diganti layoute. raketung rada wagu. ndele'i gambar kembang gedene ra karuan. terus dikei komen barang,kemajuan lah. yen nggon bagja isih ngono-ngono wae. lagi demam blog.padahal aku lagi bosen

24.11.02

akhire entuk tiket.sak wise berpetualang nelponi siji-siji biroperjalanan lan panggonan pesen tiket liyane. macem2 jenis angkutan tak telpon (kecuali kapal laut). akhireaku bisa mulih suk tgl 30 esuk-esuk. jurusan yogja. ana sing gelem njemput aku?
golek tiket ra entuk2......

22.11.02


jarene emode.com aku mlebu shark:


Your personality is actually determined by two personality sub-types - your primary, or dominant sub-type, and your secondary sub-type. You are a Shark which means you are a Seeker / Success. Your primary sub-type is defined by "Seeker" characteristics and your secondary sub-type is defined by "Success" characteristics.

That means you've got a robust love of life and a killer instinct. Chances are you hate rules, and don't plan on getting old. You're flexible and friendly on top of being innovative and smart. In short, people respect you.

How do we know all this? How do we know you're extroverted and love being in the spotlight? Or that your mantra is "work hard, play hard"? How could we have divined that dull parties make you weep?

Because while you were taking the test, you answered four different types of questions — questions that measured confidence, apprehension, willingness to take risks, and your focus on experience versus appearance — the primary traits that determine your personality. Based on your responses, we determined your personality type, Shark.

And that's just scratching the surface.


artine apa yo?
durung ganep sewindu
aku turu
njejeri lelagon rangu-rangu
raiku bisu

ajeg ing kene
ana sing luntur kawit crita dipunggel sak durunge
ana titik
--------------------jancuk
ganti suasana. lay out sak durunge bakda. biru. iki werna kesenenganku sak liyane coklat. ana sak wijining kenya (ing jaman mbiyen) sing seneng uga werna-werna iki. *nanging ra sah dipikir adoh*

dina iki jaga wengi tekan esuk. ra ana gawean, karo ngajari gawe situse bagja. nanging durung dadi. udad-udud. pas mangkat mau ngobrol karo sopir taksi masalah udud. deweke udude samsu kretek, aku pas nggawa samsu filter karo mild.

ngomongke rokok, kok dadi kelingan kenya kuwi mau. hla kok isa?

sejarahe ngene:
dek jaman semana, aku durung udud. yen udu paling ya mung kok ngrejani kanca. aku sengit tenan yen ana wong udud. ndilalahe, kancaku dolan, si pappilon, udude nglempus. nalika kuwi uripku kaya wis ora ana sing dipikirke, mung tresna, tresna, lan tresna. *dangdut tenan*. aku pacaran karo kenya sing seneng werna pada karo aku kuwi. bintange pada. malah2 ulang taun bapake pada karo aku. jenenge adine pada karo aku.

ndilalahe kersaning Allah, kok ya pedhot. pas tanggal siji suro pitung taun kepungkur. aku mulih kanti awak bingung. let pirang minggu, aku mulai udud kanti serius. pisanane rokok diplomat wismilak. sak bungkus enthek nggo seminggu. banjur kebablasan dadi sebungkus sedina, malah pas jaman kkn rong bungkus sedina. sak lebare diplomat, aku ganti rokok king, terus a mild. kadang-kadang star mild. wis nate nyoba diplomat light, naging ra cocok. terus uga nate lucky strike, nanging uga ora suwe.

wis ah dadi ra jenak nulise, mengka kebongkar kabeh. *wingi bengi aku maca diari lawas, patemonku sing pungkasan maret 2000*

21.11.02

sesuk jebule piket tengah wangi. mathuk yen ngono sinambi nunggu saur. bar iki aku arep mangkat nyang kantor icmi, buka bersama alumni majalah opini

17.11.02

pas njupuk koran nang kantor entuk surat. takpikir kartu lebaran. jebule 'kartu matur nuwun' seka visi anak bangsa masalah festival sastra 2002. ya wis. aku dewe lali tulisanku kaya ngapa.

mau bengi nonton midnight bareng komang, dara, andi, lan teguh nang tim. ben afflect lan samuel l jackson main nang changing lanes. ing antarane midnight liyane, film iki paling sepi. kaya ngono ya tetep entuk lungguhan nang ngarep.

kanggoku film iki apik. ora kethung, sing jenenge film hollywood, ya ending-e kuwi sing nganyelke. ning ya ra papa. dadi mulih ora nggawa rupa sing nyepet-ke.

ngekei ngapura, kuwi pancen angel. yen lara ati lan rasa wus kaya dijawilapa dijuwing-juwing, isa-isa wong sing biasane kalem dadi wong kejem.

aku kelingan kahanan nang indonesia. aku uga kelingan nalika melu acara pelatihan hukum nang puncak. nalika iku ana conto seka afrika selatan. nelson mandela, sing tansah disiya-siya dening rejim apartheid, akhire menang. nanging apa sing dilakoni ? mateni mungsuh-mungsuhe? ngusir? ngina? ora.

mandela justru ngekei ngapura marang mungsuh-mungsuhe. sikep iki pancen kontroversial. bojone dewe uga ora seneng marang keputusanne iki. nanging, amarga rasa mandela sing gelem ngekei ngapura iki, afrika isa tangi. isa urip ing tengah-tengahing donya.

bali nang indonesia. yen aku ndeleng kok jan isine mung salah-salahan. aku ya rumangsa yen jenderal2 kenthir kuwi kudu diukum. suharto kuwi ya salah. nanging tak pikir durung wancine males paukuman marang wong-wong kuwi. akhire malah kaya mbalik dadi bumerang.

sing wigati kuwi bisa urip tentrem kerta raharja. makmur sandang pangan,lan ora lali mring kautaman.

jan-janne ana sing luwih ideal. yaiku hukum kudu dilakoni kanti pener. nanging kok kayane mokal ya? aku dewe sing asring ngobrol karo pengacara utawa wong2 sekadepartemen kehakiman pesimis. nalika duit wis nampek rai, rupane wis ilang dadi bokong.

aku kelingan voltaire.deweke wis nanti nulis (nek ra salah nang 'zandig'), tinimbang ngukum salah wong,ngeculke wong salah mau.

wong-wongkuwi wis padha kenthir kabeh. conthone ya salah sijining menteri sing sok tak wawancarai. ing ngatase dadi menteri hukum ning kok duwe kantor swasta hukum uga.iki edan. mula yayen ditlisik isine mung kasus2 cuci uang. lan jarene pancen iki mesin duwite menteri mau kanggo siap-siap. modus-e : dadi panggonan legal cuci uang perusahaan2 manca. perusahaan2 kuwi mau mung ngadeg nang indonesia 1-2 tahun. malah ana sing durung nganti setahun. banjur ngerti2 bangkrut utawaminggat ngono wae. pengacarane dijupuk seka kantore pak menteri kuwi mau.

aku dewe ngira, duwit kuwi dijupuk amarga pos duwit seka departemen mlebu partai.partai, pancen umume dikei bagian seka jabatan2 teles.

pas aku ndeleng nang bagian data, jebule saiki partaine wis ana 221. akehe pol. ana sing isine partai lewes ning ganti jeneng ben isa melu pemilu maneh. ing aturan uu pemilu, partai sing wingi entuk sithik pancen kena pangkas. mula padha gawe partai anyar. ana uga pecahan-pecahan seka partai gedhe.

ana salah sijining partai sing wagu. maune aku ra percaya yen kuwi tenan. jarene ana partai sing logone dinosaurus. uedan. pas tak tlusuri maneh, jebule ana. aku lali jenenge, nanging logone dinosaurus coklat ing background bunder werna abang. terus ana lintang lima cedhak dinosaurus mau. ngerti sapa sing ndaftarke partai iki? eddy sofyan. aku dewe ya gumun, nggo apa pengamat bal-balan gawe partai barang. wis ah,mulih arep buka sik

12.11.02

tangi nalika surya wis ancang-ancang arep mudun. males tenan dina iki. esuk, sak durunge jam sanga entuk sms,"tolong, bisa sms ke aku ttg agenda hari ini? aku sulit berangkat pagi karena istriku masih mual2. aku harus urus istri, anak & rumah-trims, dwi wiyana" isih ngantuk arep mbales. lagi tak bales kurang luwih setengah jam-an.

dina iki ora ana acara. arep nang lbh males, apa maneh kontras. nang komnas ham? ah paling ora ana acara. ngubungi mas agus antara uga ra kesaut. akhire ya turu maneh.

sak wise adus lan sholat aku budhal liwat jalan sudirman.pas tekan ngarep bis 42 liwat. mathuk tenan.
------
ben ra lali, aku libur awal desember. tak jupuk persis tulisanne mas inod.

DAFTAR LIBUR AKHIR TAHUN 2002
TEMPO NEWS ROOM


JADWAL I
(2 – 11 Desember 2002, masuk kembali 12 Desember 2002)

1.Yura
2.Anggoro
3.Eduardus (tukaran dg. Dewi Retno)/Lamaran, tapi bukan sama Dewi))
4.Sam Cahyadi? --- (menikah, 29/12/02)
5.Purwanto
6.Diah A. Chandra
7.Faisal
8.Ucok Ritonga? (Menikah, 27/12/02)
9.Istiqomatul
10Retno Sulis
11Priandono


JADWAL II
(5 – 14 Desember 2002, Masuk kembali 15 Desember 2002)
1.Bagja
2.Hilman (Lamaran, katanya, jadi aman).
3.Dede A
4.Suseno
5.Sri Wahyuni
6.Fitri O
7.Nunuy
8.Dara
9.Andi
10Budi
11Erdian


JADWAL IV
(23 Desember 2002 – 1 Januari 2003, masuk kembali 2 Januari 2003)
1.Komang (libur dari 18 – 27 Desember 2002, masuk 28/12/02)
2.Deddy
3.Kurniawan
4.Wuragil
5.Dimas
6.Bernarda
7.Y. Tomi
8.Sapto
9.Dewi Retno (tukaran dg. Eduardus)
10Cahyo
11Multazam
12Wahyu

11.11.02

mbukamajalah tempo edisi hari pahlawan. lagi ngeh, jebule wawancaeaku pirang minggu kepungkur dienggo edisi iki. lumayan lah, kaya sing tak arep2, gawe ati tentrem

10.11.02

browsing-browsing nemu web ra dadi sing tak gawe mbiyen, ana fotoku lagi mrenges nang kantor cakram mbiyen.
ora ana gawean dina iki. mau bar klinong2 nang depkeh. ketemu pak ade, ngobrolke masalah imigrasi. terus nang pak josi, ngomongke administrasi hukum. ra ono sing menarik. terus? lunga kantor.
maca email, ana sawetara ukara-ukara seka e-maile bagja ngenani kawin. sumangga dipun waos:
yen kowe kawin, kowe bakal gela, ning yen ora kawin bakal luwih gela ---socrates
kawin kuwi kaya dene lotre. sing lanang totohan kamardikanne, sing wadon totohan bathi-ne---MME de Rieux

he..he.. menarik? tak tambahi seka surfingku :
yen awakmu entuk bojo sing apik, sliramu bakal seneng. yen entuke sing elek, bakal dadi filsuf---socrates

9.11.02

aku lali dina iki arep ngapa. nanging bar iki dijak nonton the eye. bareng komang, komet, andi, cahyo, lan kancaku sma, teguh. wis suwe aku ra ketemu teguh. mbiyen deweke cah sos-1. lan aku fisik-1. ketemu paling pas acara conversation pas sore, bareng karo pak stanist, guruku basa inggris.

jan-janne rada males lunga. nanging kok ya ra sopan dijak dolan ra melu. ngapa-apa lagi males. browsing males, dolan males. aku dadi kelingan lita sing wingi curhat kenglokroanne. apa penyakit nglokro kuwi nular. mbuh !! ning dina iki aku gawe rong berita.
1. wawancara djohan effendy ngenani jamaah islamiyah. wawancara liwat telepon internasional. deweke lagi nang ustrali. maune tak telpon ra isa. terus tak kirimi e-mail. kurang luwih rong jam deweke nelpon kantor. ya wis, aku telpon balik. cilakane, rekamanne elek tenan. dadi ya ngandalke apa sing tak tulis wae.
2. berita terjemahan seka afp. nerjemahke warta ngenani resolusi pbb sing arep nglucuti irak. dirangkum seka telung hard news cilik-cilik. aku dewe males nonton fasilitas wired. aku nggarap iki merga dikon mas inod.

6.11.02

sak wise bt sedina, akhire nemu situs alumni sma 3 magelang. terus nemu email-e pratikto. akhire tak kirim email, lan kurang seka setengah jam balesan wis ana. yenpingin ngerti tampange pratikto, ikitak sediaake.
urut seka kiwa
aku, warsito, heru, lan pratikto


aku ra ngerti dina iki arep ngap. undangan ora ana sing apik. acara akeh-akehhe wengi. apa kaya wingi? turu nang kos lan teka nang kantor mung absen thok? aku gumun, cah-cah kok ya ora kethok kemliwer. pada nandi?
apa mending mlaku-mlaku nang blok m?
apa nang tim?
apa nang depkeh ham?
apa nang komnas ham?

embuh



4.11.02

esuk kang sumringah. numpak bis 42. lungguh pas cedaklawang mburi. ana wong ngamen. maune aku cuek, biasane pengamen puisi elek2. ning kok menarik! critane ngenani tresna kang ilang. ana sisipanne lagu 'the end of the world". wonge jenggoten, rada tuwa,nanging ora tuwa banget, watara 35-40 taun. penasaran, sapa sing nggawe puisi iki. aku deleng bukune, ora ana judul. amarga mung buku tulis bathik ukuran cilik. bar aku nguwei duit, deweke ngadek cedak nggonku, aku takon," tadi itu puisinya siapa?"

"oh itu bukan puisi, tapi monolog," deweke ngguyu, katonne wong sumeh. jenggote sing putih manggut-manggut. "karangan siapa," aku mbaleni maneh.

"saya sendiri yang buat," katonne deweke bangga," membuatnya disela-sela waktu saja." nanging terus deweke kaget nalika bis menggok nang arah dalan pakubuwono. "ini 42 ya?" tak jawab," ya." langusng tangane nuthuk bathuke, lunga sinambe ngomong," masyaAllah!". he..he..pengamen salah jurusan !! nanging, aku durung takon judule.

3.11.02

esuk-esuk mangan bubur kacang ijo karo nenggak es jeruk. esuk iki jakarta ora ana srengenge. werna klawu nyaput langit. rata.

rencanane lungan nang hotel millenium, daerah tanah abang. seminar meneh. sak durunge, maca blog-e renny. tulisanne tambah apik wae, yu !!

wis ah, kerja sik. sak durunge utekku macet maneh.

1.11.02

wengi iki jaga. lan kaya biasane, aku bingung arep ngapa. diwiwiti ngganti tampilan blog. banjur ngapa? aku wingi bar tuku domain, nanging, sak wise kuwi, bingung arep tak kapakke situs kuwi. ana usul ?
aku akeh banget melu milis. nanging ya mung maca thok, ra tau melu nimbung. paling sak kecap rong kecap. sing paling tak senengi milis bahasa jawa. isine (akeh-akehe) wong-wong tuwa sing ngrembuk macem-macem. iki salah sijining posting laporan patemon ing praha dening bapak martinus soejoko. priyayi kang wus suwe urip nang ceko



Sithik-sithik kanggo negara

Paguyuban Indonesia Ceko (PIC),senajan wargane mung sethithik
lan wis akeh sing uwanen,nanging wani nganakake patemon warga
Indonesia sing manggon ing Ceko lan warga Ceko dewe,senajan mung paitan dengkul ning manut kanca-kanca Ceko dewe,hasile apik banget, rame lan malah akeh sing kaget (aku uga),merga salah sijine garwane diplomat RI (saka Batak) nyumbangake lagu-lagu lagu Batak,sing temperamen,keploke ora mandheg-mandheg,apa maneh bareng Bu P nyanyi lagu rakyat Ceko,suarane resik,ucapanne apa maneh,aku dewe sing wis suwiiii banget urip neng kene,ora bisa percaya,yen sing nyanyi iku dudu wong Ceko asli,lan aku ya ngerti yen Bu P ora bisa basa Ceko, mula aku tambah gumun lan ora entek-enteh kekagumanku.

Bareng aku bisa ngomong karo Bu P lan dikandanni,yen latihanne lagi rong dina kepungkur,sing dadi korektore putrine sing sekolah SD,sing lagi setengah taun sekolah TKK barengan karo bocah-bocah Ceko liyanne.

(Bab basa Ceko liya dina tak terangke maneh!).
Acarane cukup lancar,acara resmi sedhela,terus ngicipi panganan Indonesia,suguhanne : sega liwet (beras cempa),opor pitik (mung pupune), endog balado,rendang Padang,oseng-oseng sayuran,kabeh mau a´la rantangan (catering),sing masak Bu I saka Magelang, Bu H saka Jakarta, lan ana Mamahid saka Padang,gayeng banget,malah manganne ana sing kecap barang (mbokmenawa uga ana sing glegeken), aku oleh tugas ngurusi le mbungkusi,supaya ora ana sing kelalen lawuhe,kaya taun kepungkur.Sing rewang ya ana mahasiswi Ceko, uga Dik N saka trenggalek sing njupuk S2 jurusan Mesin,lan malah ana pembisnis wanita saka Makasar uga Mamahid Ceko,sing dadi warga utusan KADIN Sulsel,sing kebeneran lagi ana ing Praha,dadi ya rame,merga mung tansah dagelan lan nostalgia "jaman doeloe".

Acarane disambung nganggo joged Serampang Dua Belas,tari
saka Ceko Wetan,terus Cardas (Hongaria) lan joged Bali,sing
joged Karolina,putrine Mamahid Ceko uga,tarian Eropah sumbangan
saka Sekolah Tari (pengagum Indonesia),isih ana nyanyian loro maneh
lan terus ana "tombola",kaya lotre,hadiahe sumbangan saka Darma
Wanita KBRI Praha,lan uga sumbangan liyanne (aku ya melu nyumbang lho!),kabeh saka Indonesia. Duwit sing bisa dikumpulake saka tombola mau arep disumbangake kanggo korban banjir rong wulan kepungkur.

Sore kuwi pokoke sorene Indonesia,dadi senajan sethithik ning rak bisa nyumbang ngenalake "Negara Leluhur". Generasi ke-2 (cah2 Indo-nuwun sewu putra-putrine Mamahid) ya akeh sing mbantu,malah wis ana generasi ke-3 barang. Rak wong Indonesia kuwi produktip !

Djoko
Praha,29.10.2002

29.10.02

nggoleki data abu bakar baasyir ra ketemu. mending chatting karo lita lan papilon.
iki petikan wawancara karo pappilon :

pappilonhalomoan: piye su?

ankgoro: nandi kowe?

pappilonhalomoan: aku wis ning yugja

ankgoro: wue, dadi ora iso nonton jazz nangerasmus?

pappilonhalomoan: bajingan tgl piro le?aku dino jumat wis balik ibukoya

ankgoro: kemis malam. seka belanda lan inggris

pappilonhalomoan: wah yo wis pasrah wae...setyo kok ra nyaut ning endi?

ankgoro: ra ngerti, aku wis suwe ora krungu watuk-e

pappilonhalomoan: heheh

ankgoro: sido nonton jiffest?

pappilonhalomoan: utopian blues ketoke apik bos.wis nonton rung?

pappilonhalomoan: wis telat, maine jam pitu ning pphui mung jupuk tabloid.wis nonton sing anime?

ankgoro: durung.sing uwis: silent wittnes, eye of the day, italian for begineres, karo hedwig and the angry inch

pappilonhalomoan: hedwig apik ra bos?musikal ya?kowe tuku buku anyar opo?

ankgoro: apik tenan.musike ya keren abis,pokoke cool (ben ketok cah jakarta). aku tuku buku lalu ada burung-novel alfred birney (wong londo), karo mark twain

pappilonhalomoan: gile boo..berarti gue rugi pol (jakarta ibuke pakem) tapi mulai jumat sampai penutup aku bertekad nonton.bukumu ziarah isih ning nggonku.

ankgoro: aku wis tukutiketnggo nonton fatma, arepmelu?

pappilonhalomoan: bolehboleh, dina sebtu ya. komet mbok diajak mesake anak yg tidak diharapkan

ankgoro: komet bar diangkat dadi karyawan. bisa ditodong dan dielanjangi

pappilonhalomoan: wuih tambah nggilani iki mesti, eh bos aku cabut sik ya adus disik ben wangi kaya demit

ankgoro: karepmu. salam nggo coro kamar mandi.



mulih........

28.10.02

mau bengi nonkrong nang kafe apresiasi, bareng kanca-kanca kantor. mulih pas tengah wengi. syukuranne komet dadipegawai tetap iki enak. mangan ayam bakarsinambi nonton joko pinurbo ngoceh maca puisi seka 'pacar kecilku' lan 'di bawah kibaran sarung'. ora mumet nyimak puisine deweke. cetha lan ora njilmet.

lagi iki aku ngerti ana kafe hiburanne maca puisi. biasane wong main musik. nanging ya tetep ana wong main musik. ning saperangan gede maca puisi, gontha-ganthi karo wong sing arep maca. ana uga sing musikalisasi puisi. pancen jan-janne macane ya pas-pasan. joko pinurba dene kurang lantip anggone maca.
mau melu diskusi perpu antiteroris. ana muladi lan harkristuti. jan-janne perpu iki dibutuhke apa ora ?

ana kabar nugroho jayusman lan jaja suparman arep dipangil polisi. dianggep melu cawe-cawe bom bali. yen ngono, berarti fpi (front pembela islam) bakal kena kasus bom bali, dijiret perpu nomor siji taun rongewu loro. masalahe, fpi kuwi lak binaane jendral loro kuwi mau. nugroho lan jaja, jaman isih dadi pangdam lan kapolda nggawe pam swakarsa. brokere si idrus marham, saiki dadi angota dpr seka golkar. nalika pam swakarsa wis ora kango, wong-wonge pada bingung, mula wiwit gawe ontran-ontran nyerang panggonan2 maksiat, kanti beking jendral sing wis ora duwe jabatan. mula, fpi ora wani nyerang diskotik gede. diskotik gede kuwi jatahe polisi. mula ora aneh, kdg2 fpi bentrok karo cecunguk polisi cilik-cilikan. rebutan jatah duit. yen ana prastawa fpi ditembak polisi, berarti rebutan jatah setoran duit seka diskotek.

ngomong-omong masalah duit, pas mau nang depkeh ham. komentare wong humas," ngapain dikembalika, kompas aja nrima." he..he.. buka rahasiane wong liya. kanti diplomatis aku ngomong, "sudah dapet dari kantor."

26.10.02

aku wis nontong telung film jiffest.

pertama, nonton 'the eye of the day', film landa sing nganggo basa indonesia lan jawa. pindone, nonton 'silent witness', film landa nganggo basa inggris. nah sing menarik film ketelune. judule 'hedwig and the angry inch'. lagune apik-apik, kaya nonton mtv.
jam 10 aku wis nenggak 3 botol teh. 2 teh botol + 1 fruit tea. maklum ngelak banget seka jogging nang senayan. dina iki ora ana wong dodol jamu, sing ana motor-motor tua nongkrong nang parkiran. ana sing seka jakarta, lan akeh-akehe seka daerah. mlaku-mlaku nang senayan marake kepingin tetuku. aku tuku kaos lan kaos kaki. lumayan lah mung 20 ewu, sing penting isa dinggo dolan.

24.10.02

rutinitas biasa. jam wolu wis tekan kantor. ngrungoake dewi sing ngomel2 berita tawuran ra dimuat. terus wahyu teka, wis mari seka wetenge."mungkin aku disanthet," wahyu ngomong karo mbak maya.

mbuka penugasan koran minggu kanggo wawancara adnan buyung nasution. akeh banget daftar pertanyaanne. ana 34 item. gondes tenan. eh jebule ditelpon karo mbak rita, "adnan buyung sakit." legaaa... berarti dina iki nang imigrasi, ngurusi janjian karo pak ade lan unhcr.

23.10.02

aku bosen berita teroris.lan nalika tak posting nang otokritik intranet, wong-wong pada protes. tinimbang tak jelaske piye komentare, tak copy wae nang kene.

Topik : teroriskah kita ?
Pengirim : ang

luar biasa. Itu kata yang pantas melihat halaman depan KT. Semua tulisan berisi 'teroris', ditambah dua tulisan di belakang. Saya jadi ingat kata teman kos, "Sehabis membaca Tempo itu serasa Indonesia kacau semua." Indonesia memang kacau, bahkan dituduh sarang teroris. Dan saya tahu isu teroris ini menarik untuk ditulis. Tapi apakah harus seluruh muka KT berwajah teroris ? Dengan beberapa variasi jendela dengan isu berbeda ?

Sepertinya masih ada beberapa isu menarik lain yang bisa dikedepankan, misalnya Mega yang melancong lagi, atau masalah RUU Penyiaran yang dibahas lagi oleh DPR.

Atau jangan-jangan.....

------------
pradityo
Posted : 22-Oct-2002 11:01
te-en-er

Saya 'sangat' sepakat dengan komentar Bapak Ang ini. Setelah lebih dari satu minggu tragedi itu, kok tetap suasana 'panik' dan 'kalap' dari aparat keamanan, pemerintah asing, dst,... yang muncul di media kita ini. Apakah memang tidak ada sesuatu yang 'bening' yang bisa kita sampaikan ke rakyat Indonesia tercinta ini?
------------

tulusw
Posted : 22-Oct-2002 12:54
Metro

Kritiknya menarik. Tetapi benarkah dalam sepekan lalu seluruh item di halaman depan (satu dan 12) berisi berita muram sekitar Bali-blast?
Mohon disimak lagi: senantiasa ada (minimal) satu item yg memberikan harapan. Beberapa judul yg masih kuingat: "Mereka Masih Ingin ke Bali", "Warga Asing Masih Ingin Menikmati Indonesia", "Hotel di Jakarta Tak Terpengaruh Ledakan Bali", "Pemerintah Jamin Keamanan Instalasi vital", dan satu-dua judul lagi.

Siapakah yg pesimis sebenarnya? Thanks.
----------

Qaris
Posted : 23-Oct-2002 17:16
Inter

Sebenarnya kita bisa saja tidak memberitakan masalah teroris. Tapi jika itu dilakukan, apa kita tidak lari dari persoalan. Menutup mata untuk menghibur diri. Kalo kata orang Jawa Timur: nyelimur.
Yang mungkin perlu dihindari adalah membesarkan masalah. Tapi kalo memang masalahnya sudah besar, masak kita kecilkan?

"Hidup memang susah, tapi jangan ditambah susah" (Slank)
--------

Yon Moeis
Posted : 23-Oct-2002 19:11
Olahraga

Kita bukan teroris! Bukan pula orang yang setuju, ada atau membiarkan begitu saja teroris menjamur di setiap jengkal tanah di dunia ini. Kawan, kita adalah wartawan, penyampai atau yang harus mengatakan yang benar adalah benar. Kita juga harus menjadi filter, sekalipun secuil informasi itu kita temui di bak sampah. Mengapa kita sudah satu minggu (lebih) ini menempatkan tragedi Bali di berita utama? Haramkahkah yang sudah kita lakukan? Dosakah kita mengutamakan tragedi Bali? Kawan, hati nurani Anda pasti telah menjawabnya. Mungkin kita lupa bahwa ada yang namanya lanjutan berita (entah apa namanya, kontinuitas, FU, dll). Kita, jika sudah mampu menempatkan diri siapa kita sebenarnya, pasti terjawab. Kita pasti tahu, kapan tragedi Bali kita hentikan. Ingat, Perang Teluk, hampir semua media, tentu dengan kesadaran yang tinggi, hampir satu bulan lebih menempatkan pada berita utama. Ingat, Suara Pembaruan, ketika saya di sana, selalu cetak ulang, tirasnya benar-benar meledak, sekeras ledakan di Teluk sana. Kawan, adakah saran Anda, kita harus menghentikan tragedi Bali sekarang?
-------

anggoro
Posted : 24-Oct-2002 09:07
tnr

permasalahannya bukan kita tidak miris dengan tragedi itu, bukan pula menafikan fakta-fakta yang ditemukan. tapi, mestikah seluruh muka koran dipenuhi berita itu ? untuk menjadi HL, It's OK. Tapi dengan memenuhi halaman muka dengan masalah teroris, seakan menafikan permasalahan-permasalahan lain yang ada. Tertawalah Akbar ! Tersenyumlah BPPN ! ...dan larislah koran tempo
-------

demikianlah perdebatan sing kadang marakke males.

bayangke, berita bu kasur wingi mung mlebu nang halaman njero. ora merga aku sing nulis terus aku protes, nanging masalahe ibu kasur luwih penting tinimbang al faruq ! aku setuju karo oto kritik sing diposting yos rizal:

Kepada Yth Bokir dan Ytc Bu Kasur,

Kasihan benar nasibmu. Namamu kalah populer dibanding Al Faruq dan Abu Bakar Ba'asyir.

Telah puluhan tahun engkau berjuang membahagiakan ribuan dan bahkan jutaan orang. Orang-orang tua dan para guru masih mengajarkan lagu ini pada anak-anak kita, "Satu-satu aku sayang ibu, dua-dua aku sayang ayah..." Mereka bernyanyi sambil tepuk tangan... Betapa berpahalanya engkau ibu Kasurku...

Banyak pula yang terpingkal-pingkal menyaksikan Bolot, Malih, atau Omas yang melucu bagai orang bodoh. Mereka, juga Nasir dan bahkan Mandra, adalah murid-murid Bokir, si tua bangka yang selalu ngotot di panggung-panggung lawak, lenong dan topeng Betawi. Terima kasih Babe Bokir, engkau membuat panggung humor Indonesia tak cuma dikuasai Bagio, Kwartet S., Ateng-Iskak, dan Srimulat yang semuanya berasal dari Jawa.

Namun, nasibmu tak seberuntung Abah Ba'asyir atau Al Faruq yang orang asing itu. Mereka, juga para polisi yang letoy itu, lebih pandai berkata-kata dan mencuri perhatian media massa kita. Aku menyaksikan engkau hanya disebut dalam sejengkal berita --satu alinea pula-- di koranku sendiri. Duh...

Aku merasa orang-orang kini dipaksa untuk membaca berita dengan kening berkerut daripada terhibur. Aku menyaksikan berita-berita dikemas dalam tanda pentung!! ketimbang dalam kalimat yang adem. Aku merasa engkau berdua diperlakukan tak lebih dari si tua bangka yang cuma pantas menjadi urusan para penggali kubur.

Maafkan kami wahai Bokir dan Bu Kasur. Mudah-mudahan di alam kubur sana ada pewarta yang mencatat, melaporkan dan menuliskan "nilai berita" kalian. Surat kabar itu mungkin bernama Al Kubur, Al Barzah, atau Al Mutmainah dengan judul headline "Para Pembuat Pahala yang Terlupakan"


kaya biasane, nyamikan gorengan karo teh. udad-udud mbuka internet. ana undangan menarik ? ora ana !! maca e-mail ya mung ngono-ngono wae.

maca koran, ana kemajuan. wingi ana saktulisan sing ora ngenani teroris nang halaman ngarep. saiki ana loro. tulisan tentang dinalibur lan bayi gelandangan.

saiki aku laginunggu mbak rita. mau bengi pas nang kedubes italia ditelpon seka kantor, dikon ngancani mabk rita ketemu adnan buyung nasution. ning kok durung teka...

22.10.02

esuk-esuk nyamikan gedang goreng karo bakwan, disanding teh anget. nyampleng.

dina iki arep ngapa ?

teka-teka mas inod nyerahke amplop gede. jebule seka british council. tak waca, hla kok aneh temen. isine mung "britzone street wear design competition 2002 - fashion show dibatalkan". (?) press release kaya ngene iki isih wae nganggu gawe. pas nang puncak wingi ya entuk telpon, "gue mau ada konferensi pers dandut nih". karepmu !!

21.10.02

kesel.turu
nguthak-uthek foto jaman smp
ngubek2 komputer kantor edan kabeh. masa mbuka yahoo messanger beda kabeh sing onlen antarane komputer siji lan sijine. kemplu tenan.
bubar nonton nang tim, aku kecanthol nang toko bukune jose rizal manua. aku lagi kelingan yen wengi iki ana bedah buku 'lalu ada burung' karangane alfred birney. aku ketarik karo buku terjemahan iki amarga sing nerjemahake kenal apik karo sing ngarang. lan untunge sing ngarang dadi pembicara. sak liyane alfred, ana uga toety heraty, richard oh, lan moderatore jose. ana uga tommy f awuy lan butet kertaradjasa, sarta jacob soemardjo.

critane kethoke apik, aku lagi maca 1,5 bab. buku iki ana 264 kaca. ana katrangan seka alfred sing menarik. kira-kira ngene...
aku gandrung marang wilangan lan mistik. aku tansah mikir angka, lan akhire ketemu angka papat. aku ora ngerti angka papat kuwi apik apa ora. sing jelas aku nemu angka kuwi. nalika tak pikir maneh, angka papat kuwi wilangan sisi ing bujur sangkar. bujur sangkar arep tak jupuk, lan jebul ana manuke. manuk apa kuwi ? elang. anane manuk kuwi njalari aku mikir angka lima. papat sisi ditambah manuk siji. angka lima kuwi apik, menurutku.

terus angka telu, ngapa ana telung tokoh sentral ? kanggoku angka kuwi klasik. angka telu nggawe konflik. lan kuwi gawe gampang njalin crita. angka telu kuwi angka klasik ing sastra. bisa uga, angka telu dadi favorite sastra klasik.
dina iki akeh hal sing maraake kelingan jaman mbiyen. pisanan pas nonton unfaithful. selingkuh antarane connie lan paul. lan edward, bojone connie, krasa kelara-lara.terus critane sam, kancaku sekantor. sam seneng karo weta. kamangka sam arep nikah karo wita (beda sak hurup 'e' lan 'i').

nang crita film kuwi, paul katon nyengit. aku ngerti rasane dadi paul. lan aku ngerti rasane edward. nanging aku ora ngerti rasane connie. piye rasane connie marang paul ? apa deweke seneng yen edward mati ? apa sewalike ? apa posisine ing atine ?

sam seneng karo weta merga pingin duwe eksistensi, jarene. amarga si wita posesif. aku ngerti rasane wita sing posesif. aku mbiyen duwe rasa kaya ngono. posesif kuwi racun.

aku lagi sadar yen biyen kejem tenan. dadi paul lan uga dadi wita. dadi paul amarga dadi wita. lan apa sing tak temoni ? wewayangan kang mupus wewayangan liyane. nalika ana tangis ing pangkonku, atiku ora jumbuh mring luh. tangis kuwi krasa adoh. eling ing ngarep bak sampah cedak jalan sriwijaya ? eling ing teras ngarep omang ing jalan singosari ?

19.10.02

sesuk mlebu jam rolas bengi. ana sing gelem ngancani ?
mampir nang kantor merga wetenge mules pas mlaku-mlaku nang blok m. esuk mau aku tangi merga adzan.. bar sholat bingung arep ngapa terus jogging. Malyu muter nang hotel regent, terus mudhun nang setiabudi lan banjur mlipii jalan jenderal sudirman tekan senayan.

pas tekan akeh wong dodolan, kaya biasane. pancen unik, dodolane werna-werna.. ana kaset, cawet, panganan,jamu, klambi, palu, lan liya-liyane. tuku republika lan nonton wong dodol jamu. atraksine nggegirisi. ana wong dicublus gulune nganggo peso. getih muncrat. ra waras tenan. lunga tuku anduk lan nongkrong nang ngarep sinambi nyruput fruit tea.

mulih nang ngomah numpak kopaja 66. tekan kos jebule kuncine ilang, ya terus njaluk bu kos kunci serepe. ning ana tawaran menarik, pindah nang nduwur sing luwih jembar. ya terus mau olah raga maneh ngangkuti barang munggah.

bar adus mangan lotis. bar kuwi minggat. niyaegolek tape nggo kerja ning tekan blok m ana kamus jawa-jawa murah. mung 12 ewu. bar kuwi mules. maklum, durung mangan sega ning wis mangan lotis.

15.10.02

asem, durung sempat nginep nang jakarta wis kon nang puncak......piknik meneh

13.10.02

kanggo bulan, melu bela sungkawa. muga tansah pinaringan kesabaran lan tatag ngadepi kahanan. piye, wis isa ngilangi rasa kelangan tresna?
entuk sms seka renny, nakoake tulisanku. he..he.. kok telat lagi saiki takonne. dadi, jan-janne ngene critane...

nalika iku aku dijaluki tulisan nggo kolom e-culture nang koran tempo. terus aku mutuske nulis blog. nah pas aku bingung golek conto, aku nemu situs sing judule silently......(bla bla bla). ketoke romantis. terus tak bukak kok jebule basa jawa. nanging, ora mung kuwi, basane liyane ya campur baur ra karuwan. terus terang, kuwi situs wong indonesia pisanan sing tak temoni. mula ya banjur tak tulis dadi conto nggo tulisanku. bar kuwi aku nulis e-mail karo sing gawe. jenenge ramuthu pekok. pikirku, 'iki mesti cah lanang kenthir lan sableng'. tujuanku ngirim ya mung iseng wae, karepku yen entuk balesan lan ngerti identitase bakal tak wawancara sisan. nanging telat, tulisan kuwi wus kadung munggah cetak lan aku lagi ngerti jenenge (lan jebule cah wedhok) mbasan wis rada suwi. sayang, tulisan sing tak waca mbiyen wis dibusek seka archieve. piye ren, ngapa dihapus barang ? isin ya ?

10.10.02

saiki lagi nang magelang. ngapa ya ?
wingi aku melu wong imigrasi nggrebeg gigolo afganistan. pas kuwi entuk loro. wartawan-wartawan lan petugas nunggu nang nang kamar 1622 hotel ibis. terus gigolo mau dipancing nganggo cewek nang kamar 1610 lan 1608. ora nganti 15 menit mlebu terus digrebeg. pingin ngerti regane ? jarene US$ 100 per rong jam. jarene si fredi, germone, gigolone entuk bagian 64 persen, sisane nggo deweke. gigolo mau jenenge taher lan safiq. wonge pancen nggantheng lan resik.

eh pas tekan kantor imigrasi ketemu karo lonthe-lonthe seka uzbekistan sing ketangkep polisi ing hotel maharadja. ana lima lan ayu-ayu. umure watara welasan taun, ning pada crewet-crewet. karo wong imigrasi dikarantina dadi saja. gigolo campur lonthe. klop tenan. oh ya kepingin pesen gigolo ? iki nomere 0818129580 utawa 0818793119. kuwi nomere fredi. mbuh nek saiki wis ganti nomer.

8.10.02

situs tempo kena deface. nang rubrik fokus ana tulisanne wah wah wah ada apa nih ??? admin cek your site lah jangan makan gaji buta kalo cuma upload data doank semua orang bisa tapi gimana supaya web aman ? itu tugas admin peace badm4n@yahoo.com.

wis tak kira. mesti aku dikira sing nge-hack. komang karo tomi nelpon aku. "ini pasti Anda, kalau dilihat dari kata-katanya. kami minta tulisannya diganti naikkan gaji." ha..ha..ha.. emang aku edan ngrusak situse dewe ?

7.10.02

mau bengi aku ngimpi ketemu nik nang terminal. terus golek jajan bareng, aku nggedong de'e. ra nggenah. mungkin iki merga sak durunge turu aku ngobrol karo komet tentang 'masa lalu'.

jebule jaman ra enak ki nek diprasake dadi dagelan. aku ya lagi sadar, episode kuwi unik. aku dadi kelingan obrolanku karo komang pas nang kafe jumat wingi. aku njlentrehke crita kang lawas. "pers kuwi pelarian," he..he..

nanging ana masalah liya, aku suk kemis mulih kampung. cuti meneh. nanging blas ora enak cutine, amarga dalam rangka kawinane wahyu setune. mesti mengko akeh sing takon," kapan giliranmu?" pitakonan basi, wayu. ketoke, aku mending nongkrong sik nang semarang, utawa nangendi wae, terus lagi mulih pas kawinan. ben sing ngandani masalah pentinge kawin isa dikurangi.

5.10.02

ana psikolog kenthir seka Skotlandia. Gawe lomba lelucon paling lucu. deweke nggolek lelucon sing bisa dingerteni wong sak donya. situse nang kene yen pengen ngerti sing menang. negara jerman ngirim paling akeh. Jarene si richard, dokter kenthir mau, wong inggris, irlandia, australia, lan selandia anyar luwih seneng dagelan sing intine permainan ukara. wong amerika lan kanada seneng dagelan sing ngandut unsur unggul. yen wong perncis, denmark, lan belgia senengane crita kayal lan aneh. wong indonesia ? seneng korupsi

2.10.02


aku tatag

Am Dm
pisanan aku wedi, kadyata candi

G C
tansah mikir aku ra isa urip tanpa sliramu

F
nanging nalika ing ratri

B
mikir yen sliramu salah

E
aku tangi
terus mari nyoba lali

lan nalika kowe bali
aku mlangkah ra peduli
tan wanuh seka rupamu
kudune ngganti grendelku
meksa kowe ninggal kunci
upama awakku ngerti
kowe bali ngganggu aku

minggata
lunga kana
mlangkaha metu
aku ra butuh maneh
apa kowe
nyoba ngrayu aku ?
pikirmu aku remuk ?
pikirmu aku sekarat ?
ra mungkin

aku tatag
ngerti piye tresna kuwi
aku bakal urip
uripku tetep sumringah
aku isih duwe tresna
aku tatag
aku tatag

pancen nguras tenaga
ben ora tumiba
nyoba angngrakit
ati sing wis ajur mumur
wengi-wengiku sing ilang
gela mring awakku dewe
terus nangis
nanging saiki ora

kowe bakal weruh gantimu
aku dudu wong sing pekok
tresna mring sliramu
pikirmu ninggal awakku
merdika ing pengarep
nanging saiki aku nyimpen
tresnaku nggo wong liya

minggata
lunga kana
mlangkaha metu
aku ra butuh maneh
apa kowe
nyoba ngrayu marang aku ?
pikirmu aku remuk ?
pikirmu aku sekarat ?
ra mungkin

aku tatag
ngerti piye tresna kuwi
aku bakal urip
uripku tetep sumringah
aku isih duwe tresna
aku tatag
aku tatag


kuwi salin basa bebas seka lagune cake 'i will survive'. yen ana sing salah ya maklum, aku ra nduwe ijazah kursus basa inggris. Ren, ana sing salah ra terjemahanne?

1.10.02

sepa kang dawa
bingung kang nglegena

ora duwe kapang
ora duwe impen

30.9.02

sepi ing kantor, ora sepi ing gawe. aku miwiti maca puisine joko pinurbo. kawit tangi turu lan rampung ing tengah dalan nalika numpak bis damri 42. puisine lumayan. aku wis suwi pingin tuku buku 'pacar kecilku' iki. lan wingi sore lagi tuku nang gramedia blok m. jebule isine kaya wong crita. akeh sing mbahas tentang vagina lan jenazah. apa joko psikopat ?

menurutku isine biasa, nanging tetep lumayan. eksplorasi imajinasine njungkir walik ngalor ngidul. aku seneng imajinasine, nanging, basane biasanya lan cenderung latah. aku sadar dudu pengamat puisi sing apik.

nang kantor jebule wis nunggu tugas-tugas sak bajek.padahal esuk mau aku ditelpon cah antara, agus, ngejak nyang dewan pers. ana diskusi uu penyiaran. nanging ora isa. aku dina iki kudu nggarap tugas nggo koran minggu. aku dewe gumun kok ya isih ana sing njaluk tulung nggarap koran minggu barang. jan-janne seneng wae nggarap rubrik digital, nanging yen kon ngurusi sing ra jelas ngene ya rada males. jebule ra pati angel. tinggal kirim e-mail, lan saiki lagi nunggu jawabanne.

nanging kuwi durung rampung, isih ana tugas seka majalah lan rubrik referensi koran. loro-lorone pas tentang hukum pidana. siji tentang jaksa agung sing korupsi lan sijine royalti lan hak cipta. wis. ayo kerja........

29.9.02

ana puisine sobron aidit nyambut 30 september

HARI INI 30 S

Hari ini puluhan tahun yang lalu
dimulainya kiamat
yang dibuat-buat
oleh kepala penjahat dan pengkhianat.

Sampai kini masih banyak yang percaya
bahwa dialah pahlawan dan penyelamat
bangsa dan negeri
tapi sudah banyak yang berani
berpikir lain dari pola
yang diamanatkan dan pengkhayatan
ada yang bilang ratusan ribu
ada yang bilang dua juta
jasad - darah dan nyawa
buat pupuk agar subur dan makmur.

Saudara-saudaraku, bila setiap kita
berani membuka singkap
yang selama ini dipantangkan terungkap
langit di tanahair kita
akan bertambah bersih-jernih
kita akan banyak terperangah
dulu itu begitu tebal hidup kita
ditaburi pernik-pernik dusta.

Siapa tahu ada di dekat-dekat sini
yang tadinya kita puji setengah mati
tahu-tahu dialah
yang bikin hidup kita merambat
mati tak mau
hidup bagaikan kerakap di batu,-

----------Holland, 30 Sept 02---------






bar seka monas. males tenan, bareng karo agus cah 68h lan cah kompas (aku lali jenenge). bar kuwi nulis nang kantor lan udad-udud.

aku akhir-akhir iki lagi milang-miling golek kos-kosan. aku bosen kontrak omah, kakean urusan. ditawari kontrak malah nang bekasi, ming 1,5 juta thok setaun, ning adoh tenannnnnnn.

wingi golek nang daerah setiabudi, kamare gede ning ora enthuk nggawa komputer, ya males. terus aku ngetik nggo apa ? masa ngetik kudu nang kantor. terus ana uga sing nawari nang daerah mburi kompas. iki ya ora enak, daerahe macet lan adoh seka pos-ku. terus golek nandi? ana sing nduwe informasi kos-kosan ?

25.9.02

iseng-iseng aku nongkrong nag perpustakaan, maca-maca majalah lan koran. pas maca majalah Djakarta ana cerpen menarik, judule ""Aku dan Kamu", sing ngarang Mira Handayani. Critane absurd. Jan-janne aku bosen maca crita absurd, nanging piye maneh, akeh-akeh critane absurd, termasuk cerpen-cerpen ku, he..he..

ana uga crita ing majalah Time tentang film-e Quentin Tarantino sing anyar. Film Kill Bill sing njupuk lokasi ing Beijing iki dimainke Umma Thurman. Aku yakin, filme Tarantino ora beda karo filme deweke sing liyane, getih, getih, lan getih.........
singt dadi pengarah kungfune si Yuen Woping. Deweke uga nate nangani Chouching Tiger Hidden Dragon lan The Matrix.

Ide gawe film iki seka obrolan ing tengah shooting Pulp Fiction, Tarantino lan Thurman. Sing main liyane : David Caradine, Lucy Liu, Daryl Hannah, lan Vivica Fox. Dialoge, jarene, minimal. Nek ndelok komposisi pemainne ketoke kok nggambus ngene. Ning ya embuh apa isa tekan Indonesia apa ora.

24.9.02

ana situs sing aku ra mudeng
patah hati ? klik wae nang kene. nek percaya
lay out anyar ben sumriah.
bubar nggawe situse narasi. jan-jane males, ning yen pas maca nang blog-e ora enak tenan. dadi ya kaya biasane, gawe seminimalis mungkin.he..he..he..

piket mbengi ki biasane enak, nanging wengi iki ora, amarga awakku lagi mumet, ketoke hipertensiku kumat, ndas mumet, lan mau sedina mung turu thok. entuk sms seka renny, tommy, lan ina. aku njawab sms nganggo uthek sing gari separo, ora isa mikir.

mbuh ngapa, rasane semplah tenan. mikir gawwean ya lagi ora semangat. ora enak, apa maneh pos liputanku termasuk ora akeh berita lan kudu golek-golek isu sing menarik.

22.9.02

esuk-esuk, mangkat kantor ketemu wahyu. "kedubes amerika dibom !,", deweke mbengok karo golek bis. aku bablas tuku pisang goreng sewu, entuk papat. mlebu kantor absen, terus njupuk koran lan majalah anyar.pas mbukak situse ramuthup, ana tekslagune i will survive. aku nyanyi dwe kaya wong kenthir.
-------

aku dek setu tuku novel "hari ini tidak ada cinta", karangane motinggu busye. terus terang aku tuku merga judule. lan mau bengi aku maca maneh "olenka". saben sak bab mandeg. mbuh ngapa saben aku maca olenka, kaya wong lagi jatuh cinta. aku kaya pingin dadi pacare olenka


wis aku arep golek berita sik.

14.9.02

dek kemis wingi, ketemu maneh marang bu sumarsih. aku kelingan nalika deweke mbalang ndog pitik, diuncalke pas anggota dpr kang lagi rapat paripurna. nalika. tangise kaya mecah gedung nusantara lima. dpr ora sarujuk yen prastawa trisakti, semanggi I lan II diteruske nang pengadilan ham ad hoc. aku maklum kaya ngapa kuciwane. aku sing tansah melu pansus-e wae gelane ora karuwan. apa maneh deweke sing ngalami langsung kaya ngapa sedihe ditinggal anake, wawan. jeneng sing pada karo undang-undanganku nang ngomah.

apa kang ana batine, nalika anak sing digadang-gadang mulya, ngerti-ngerti wus mulih kanti pelor ing kuwandane. Jisim kang mulih alelumur getih.

lan kemis esuk wingi, sumarsih lan keluarga korban liyane teka nang komnas ham, institusi pungkasan kang bisa malik putusane dpr sing kemplu mau. esuk kuwi deweke lunga nang kantor fraksi golkar, panggonan deweke kerja, njupuk arsip-arsip. terus mangkat nang komnas pas jam setengah sanga esuk. nang kono deweke mbageake berkas kasus semanggi lan trisakti. ana ibuke yun hap lan uga pak slamet. priyantun sing akhir iki wus kaya wong nglokro. nalika ing dpr mbiyen, deweke crita yen uripe wus ora karuwan. deweke gawe gubuk nang kuburan anake. deweke isih kepingin cedak karo anake kang wis tiba pralaya ditembak tentara. urip saderma seka welasing tangga kang aweh pitulungan. nanging tekan kapan kaya ngana kuwi kalakon.

bu sumarsih dewe, pas kemis wingi, wus rada sumringah, beda karo bojone, pak arief, sing isih katon sluntrut. wong-wong kuwi ditemoni telung anggota komnas ham sing anyar, solahudin wahid, chandra setiawan, lan mm billah. liyene ? pada mangan lan gegojegan nang nduwur. apa kang dilakoni achmad ali sing profesor lan tansah kenceng nyuwara ing media masa iku ? lungguh ngombe wedang sinambi lobi. terus, abdul hakim garuda nusantara sing terus kepilih dadi ketua komnas ham ? lagi prengas-prenges karo kanca-kancane. apa zoemrotin sing kenceng protes masalah hak konsumen ? pada wae.

aku bingung yen mikirke politik lan hukum. bidangku saiki, hukum, kaya tansah nemoni dalan buntu. yusril ihza mahendra, sing kawogan dadi menteri, ora nate gelem dijak ngomong masalah politik. nanging kuwi ngayawara. politik kuwi, ing indonesia, kaya wus mbalung sumsum. contone kasus akbar tandjung.

kanca-kanca wartawan dewe akeh sing seneng nampa duwit 86 (istilah kang dijupuk saka kuhp, intine kasus ora diteruske). duwit panas kanggo mbingkem suara pers. pancen ana wartawan sing ora nampa, nanging sepira ? wartawan-wartawan daerah akeh banget sing nampa. wartawan nasional ya mung sithik sing nolak.

yen media gede, modus operandine beda. wartawan-wartawan kuwi mainke isu-isu politik lan hukum. kerjasama karo politikus, pengacara, hakim, lan jaksa. rega tergantung gedene kasus. yen kasuse eksklusif, isa entuk 5-10 persen seka gedene kasus. coba bayangke pira sing ditampa kanti kasus sing ngancik duwit miliaran rupiah.

ana maneh kasus 86 sing ditampa nanging tetep ditulis. nalika kuwi ana wartawan koran paling gede nglakoni. duwit ditampa atusan juta, nanging kasus sutiyoso tetep ditulis. sutiyoso nesu ngadep pimred. eloke, wartawan mau mung dimutasi, ora dipecat.

kadang uga ana sing awujud barang. pas pencalonan wakil presiden kepungkur, try sutrisno bagi-bagi ponsel karo wartawan. nanging, tetep wae deweke ora dadi wapres.

bali nang kasus semanggi, pas pansus, wong-wong tni lan golkar full team. sawetara iku pdip lan pkb mung siji loro sing teka. kuwi ya ketok pekok-pekok.

tindak lanjute kasus iki rada aneh. penggede tni sing kesangkut kasus iki malah munggah pangkate, sawetara kuwi polisi sing kena malah ora mundak pangkat lan karire macet. nugroho jayusman, saiki mung mandeg dadi pangti nang mabes. lan karir nang mabes kuwi karir mati kanggo polisi. sawetara kuwi, sjafri sjamsudin saiki dadi kapuspen mabes tni. iku berarti undah pangkate sing maune mung dadi pangdam jaya. lan wiranto, saiki nasibe mbuh nandi, aman-aman wae kaya dene harmoko sing ngedaliake saka adoh politik indonesia.

10.9.02

kudu nandi? iku pitakon kang akhir-akhir iki kagawa jumangkah. nalika ing puncak wingi, aku sak mobil karo mas ivan lan mas johan. kaya urip maneh. kaya mataku kebukak. aku durung apa-apa. aku durung bisa nyumurupi donyaning wartawan. apa kang mbiyen tak angen-angen nalika mutuske dadi juru warta kaya mecungul njaluk jatah.

nalika kuwi, aku pingin weruh ndonya. aku pingin bisa ngerti ana apa ing sewalike kedaden ing urip saben dinane. aku rumangsa bisa crita akeh ngenani polisi sing seneng ngajar tahanan, anggota dpr sing gaweane medhok, artis pekok siap pakai, utawa intel memba-memba dadi wong edan. nanging jebule kuwi durung apa-apa. aku mung bisa weruh kulit kang paling njaba. isih akeh sing durung tak weruhi. jan-jane, tujuanku nglakoni gawean iki mung kanggo golek bahan nulis. nanging apa ya wus cukup ? apa ya pantes yen nulis kanti bahan sing isih mentah ? apa ya elok nulis ning jan-jane aku mung bisa ndeleng blegere thok ? ing tempo pancen beda karo jaman ing matari mbiyen. ing matari utekke kaya ilang separo. ora isa mikir. yen mikir mung rutinitas kapitalis. pas nang mega mendung puncak wingi, nalika wisuda reporter anyar, aku kaya dithuthuk nganggo pipa ledheng, pas cengelku. ing ngisore lintang-lintang lan ing nduwure keliping lampu-lampu vila, aku ora ngira yen jawaban saka pitakonku selawase iki mudun kadya wahyu.

crita iku bisa rinakit ing samubarang panggonan, samubarang wektu. nanging crita kang kadiparan ? crita nalika kuliah kang aktif demo lan gawe pamflet ? crita ngobrol filsafat kang ora jumampah ing bumi ? nulis guritan landung seka crita kepungkur ? mlayu seka lara lapaning tresna kapunggel ? kuwi dudu crita. ibarate bangunan, punggelan-punggelan mau mung watu gunung, pasir, lan semen. durung ana anggitan strukture. kabeh isih ting slengkrah ora karuwan. aku durung gawe crita sing bisa gawe donya mantheng kenceng ing awakku. aku dudu sapa-sapa.

3.9.02

aku kok dadi melankolis ya ? ngalamun. nanging ora ngerti kudu ngalamunke sapa. wis pirang-pirang taun aku males ngalamun, masalahe ya pancen bingung arep ngalamunke sapa ? paling ngalamunke pepinginan sing kuwi-kuwi thok, utawa ngalamunke apa sing bisa tak lamunanke. pancen norak, nanging kenyataanne ngono piye maneh.

28.8.02

nglarung wengi ing kantor, ora krasa entek sak bungkus rokok. surfing ra jelas,maca blog-blog ra jelas, situs-situs sing ya mung ngono-ngono wae.

esuk iki, nalika wong-wong mulai mangkat kerja, aku mulih ngomah, arep turu. sewengi ra turu dewekan nang kantor. ijen tanpa sapa-sapa. mung ana faisal lan manan sing turu nang ruang kendali berita, sak wetara kuwi aku ijen nang ruang asap.

dina iki aku arep liputan apa? embuh, kuwi urusan mengko bengi. saiki sing penting turu, angler, lan muga-muga ngimpi apik.
mungkin, dalam kuwi isih dawa. naging isa uga wus cepak. aku ra ngerti kapan. mula, aja takon sing aneh-aneh.

rong dina kepungkur, aku ngimpi entuk nawala. nawala sing tansah tak pingini teka, embuh lewat pos utawa email. naging kuwi pancen ngayawara. aku ora yakin wong kuwi duwe email. lan aku uga ora yakin wong kuwi ngerti alamatku.
mau nonton film dokumenter "jurgen habermas nang stanford" nang utan kayu. ra mudeng, masalahe nganggo basa jerman. kurang ajar tenan, padahal isine mung ngobrol thok. sak wise kuwi, gandeng mangkel ora mudeng filme, aku males melu diskusine. mending nongkrong nang kafe bareng haeri cah radio 68h. kenalan karo lucia lan kancane kuliah (mbuh aku lali jenenge. bar kuwi dolan nang kedubes italia. nonton film "cipokan pungkasan". lucu tenan ! nang kono bareng lucia lan imas. terus mulih.

mbengi iki, aku dewekan nang kantor, partnerku jebule lagi lara, mula ora ana kancane. wis sak mono wae. aku lagi males nulis.

25.8.02

mau bengi mulih. ketemu ngimpi bapak. pas kuwi aku turu ing kamar tengah lan bapak mesem. kaya-kaya bapak isih sugeng, lan swarane ibu uga krungu lagi ubet ing ruang makan.
"kowe arep mangan apa ?," bapak takon karo mesem ing lawang kamar.
aku meneng, isih ayub-ayuben. "mboten 'sah repot-repot."
"mumpung mulih, ayo mangan rada enak."
"nggih pun, tape," aku semaur karo isih ngrungkel ing paturon, ing nduwur dipan wesi werna ireng sing saiki (sakjane) ana kamar mburi.
bapak banjur nimbali mbak tri kon golek tape.
"tape ketan nggih !," aku ngralat, ning tak pikir bapak ora mireng. ning ya ben ketoke tape pohung ya enak. aku isih tetep turu.

biyen, yen aku mulih seka semarang ana daging-daging ayam kacawis ing meja. jebule, pancen bapak njaluk ibu supaya nyembelih pitik yen aku pas mulih. jarene ben gizine akeh. nanging ya percuma, bapak ora pirsa yen pas kuwi aku vegetarian. dadi aku blas ora nggepok senggol daging pitik mau. bapak lagi pirsa nalika ngobrol ing ruang makan, lan aku mung mangan sak anane, tanpa daging.
"kula vegetarian kok," saurku nalika iku.
"Wee, tiwas aku akon ibumu nyembelih pitik pas kowe mulih, regane ki ben mangan enak," bapakku ngendika sinambi kukur-kukur mustakane. aku ya ora ngerti masalah pitik mau yen bapak ora ngendika. ngertiku ya asring ana iwak pitik nang ngomah, dadi lumrah-lumrah wae.

aku ora ngerti, ngapa akhir-akhir iki asring ngimpi bapak. nalika mulih wingi aku nang pasareyane, nyanding jasad kang ing ngisor papringan. seka ngomah wis tak siapke puisi ing kertas sak cuwil seka notes, judule 'kagem bapak', aku dewe wis lali isine kaya ngapa, amarga banjur tak obong terus awune kasebar ing makam.

23.8.02

aku nemoke situs kenthir tenan, ana carane gawe asbak dadakan, gawe bong, carane nyimeng, lan sing nggilane tips onani. pingin njajal?

21.8.02

mau bengi ngimpi ngoyak cewek. he..he.. lan lagi wae aku maca surat katresnan seka kancaku kanggo kancaku liyane. jebule tresnane segitiga (kaya clana njero wae). ah embuh, kuwi urusanne wong liya, dudu urusanku.

mau bar dibriefing karo mas inod lan mas bas. masalah press klar. embuh ah. aku kadang gumun, ngapa aku tansah dikei kesempatan kapisan, luwih disik timbang liyane. alasane selalu pada, merga aku angkatan pertama, merga senior. menurutku sing wis mampu wae sing dikei kesempatan. rumangsaku prestasi kerjaku akhir-akhir iki medun drastis, lan insting jurnalistikku wis kethul. mungkin wis mangsane ganti gawean.

20.8.02

asem, awak kesel seka kliling nang ma lan lbh malah diseneni humas depkeh masalah beritaku dina iki nang koran tempo. asem tenan. ning ya ben lah, jenenge nasib. aku dewe ora ngira yen berita kuwi bakal dimuat. wong nang tempo interaktif wae ra dimuat, ra layak muat. akhire dina iki aku durung nulis berita blas. yusril lunga nang malaysia, paulus ya mbuh nang ngendi, lan nang lbh ra ketemu munir. dina sing ra enak.

18.8.02

akhir-akhir iki aku ngayahi urip kang nyata. aku lagi sadar ana barang-barang cilik kang bisa nentremke awak. nalika ing magelang wingi, aku nglegaake nang taman kyai langgeng. nongkrong, maca novel. sak liyane kuwi ya mung dolan lan turu. dolan nang kanca paling nang ety thok, kuwi ya wis meh mulih jakarta.

sing asik pas bukak-bukak arsip-arsip lawas nang lemari. ra karuwan blas. aku jane mung nggoleki kliping wayang lan naskah-naskah kuno. nanging sing aku dewe lali, aku nemokake layang-layang lawas kawit jaman sma. asyik tenan, anan seka gatot, dini, elis, lan paling akeh seka nik. ana surat seka nik sak cuwil thok, isine:

Aku cuma mau mantepke rencana kemaren. Setelah tak pikir yo memang lebih baik pulange hari Jum'at wae. Sebabe klo kmis nanti ndak kemalemen.
Tak tunggu jam 06.30 di Milo.


ming sak cuwil thok kertase. lan kaya biasane deweke nulis surat, tanpa tanggal. kethoke sih pas jaman semester telu. mbuh ah, dadi kelingan sing ora-ora.

13.8.02

foto rusak
nang ngomah dudah-dudah barang lawas. album foto-foto cilikku cebule wis ajur mumur. tak goleki klisene ora ketemu. ya wis sak anane wae.

cuti jebule enak, kelingan jaman nganggur. mangan, turu, maca buku, ngalamun. ning magelang ademe polll

7.8.02

4.8.02

internet, kaya wus njupuk awakku.
kang absurd.
aku pingin mulih ing kanyatan. bali nemoni lebu sumebar ing ndalan, nyawang wong kecingkrangan pada turu ing trotoar, lan nyangking tas cangklong isi ballpoint lan buku catetan.

aku kangen marang kasunyatan kang bisa dirasa indra.
dudu gambar kang bisa obah dewe ing layar.
dudu crita-crita edan individualis.

aku ujug-ujug kangen nyawiji maneh ing donya njaba. sing ora perlu username lan password. donya kang kinawruhan ana tanpa kudu verifikasi.

utekku wis separo mlebu situs-situs. lan aku ora ngerti, apa aku sanggup njupuk pikiranku maneh seka petilasan-petilasan kuwi. nanging, aku ora bakal lali. aku bakal nemoni maneh ndonya mayaku. nanging ora kaya mbiyen maneh.

aku pingin ketemu wong, dudu username. aku pingin ngobrol, dudu teks kang dicangking kabel. aku pingin mandeng angkasa, tanpa ngobahke mouse.

aku bosen, tansah nulis jeneng kang pada ing saben tombol search. jeneng kang tansah ora ana. jeneng kang ora dikenal dening program ing direktori cgi iku. deweke pancen ora kenal weblog. deweke urip ing kasunyatan, kang ngleburke pangareparepku. lan aku mlayu ing donya semu.

31.7.02

wingi aku puas banget, ngrampungke cerpen sing kawit pebruari ora rampung-rampung. maune judule 'malam', terus tak ganti 'perempuan yang datang di kala malam'. aku seneng ending-e, he..he.. maune kepingine ana sing mati, naging yen tak pikir-pikir, urip kuwi luwih rekasa tinimbang mati. mula ya tetep urip, ora ana sing mati. nggawe cerpen mau kaya mbales dendam marang ***. Yen deweke maca mesti nesu. Ning ya ben, apa maneh deweke ora seneng sastra. upama tak pasang nang internet ya deweke ora maca, wonge gatek-e pol-polan. ning justru kuwi sing aku seneng (mbiyen :))

dendam sing tansah tak gawa-gawa kuwi wus rampung, dening cerpen kuwi. aku dewe ya ora ngerti arep tak kapakke cerpen mau. dikirim apa ora ya ? aku isih pingin nikmati dewe, sinambi mbayangake yen kelakon tenan. iki ora absurb, nanging hiperbola ha..ha... apa mungkin hiperealitas ? embuh lah, sing penting puas.

miwiti dina ing kantor. ora ana apa-apa. dikancani Sandra sing ngetik tugas. Aku ana tugas ning males. Ana telung tulisan sing kudu tak rampungke. Wis liwat dead line !! Nanging embuh, aku males banget. Rencanaku mulih kampung uga tansah gagal. Aku kuwatir ora bisa mulih maneh wulan iki amarga ana Sidang Tahunan MPR. Politik memang kenthir. Lan cilakane, mulai tanggal 1 Agustus iki, aku mlebu nang kompartemen politik, ngepasi dimulaine ST. Badeg tenan !!

Mending ngrungoake padi sing mbacot seka winamp.

29.7.02

swara banyu kuwi, tumetes tan kendhat. seka sela-selaning kran kang wis rusak ing kamar mandi. ana uga swara lagu seka radio republik indonesia.

nalika cilik, aku asring mbayangake piye yen ora ana swara lan rupa kanggo sawetara. dadi aku blas ora krungu apa-apa lan ora weruh apa-apa. merem ? kuwi dudu jawaban, amarga merem berarti ireng. isih ana werna ireng kang ketangkep retinaku. aku njajal kanti nutup kuping, nanging ya tetep ana swara. apa maneh ing mburi omah ana blumbang, lan kodok akeh padha nyuwara rame.

aku dadi kelingan terapi musik sing nate tak lakoni ing gita niti. ing kono swara musik klasik dadi jembatan antarane utek tengen lan kiwa. jembatan kanggo nyangking pikiran mumbul nyawiji mring wates-wates ora sadar. aku bingung, nalika pikiran ngancik mega, apa kang bakal da lakoni ? peserta liyane padha nemoni apa wae kang sak lawase iki dadi punjering pikiran. nanging aku ? aku nemoni pikiran kang bingung. swara kuwi nggawa syarafku menyang mega aneh. putih semu biru, putih kang luwih pas dianggep pedhut, dudu mega. kapas-kapas kang ora bisa disawat utawa digenggem. lan nalika kompisisi mozart rampung, bingungku durung mari.

swara ing terapi mau nyangking pikiranmu embuh nangendi. nanging, apa ya swara bisa nggondol pikiran kaya dene kucing nggondol tikus ?

apa swara kuwi sejenis organisme ? kang nduwe urip dewe, nduwe sel-sel dewe, nduwe jenis kelamin ?

swara kang bisa mlaku-mlaku menyang ngendi wae deweke gelem mlaku. swara kang uga bisa tiba tresna marang swara liyane. ana swara lanang, wedhok, apa malah banci utawa lesbi. swara sing bisa terangsang.

yen swara kuwi sak wijining organisme, lan uga turun temurun kaya manungsa lan kewan, berarti bisa diternake. nanging piye ? apa kuwi sak wijining dimensi beda kang ndilalah kersaning Allah bisa ketangkep dening indraning manungsa ? Wallahualam

27.7.02

jinja mring sedya
iku aku
kang nyangking palastraning wektu
wektu kang kebak tlutuh
jumbuh mring raina kang rubuh

saben dina, aku cidra

mring sedya
mring setya

ngayawara yen bisa selak
nuhoni janji ati
nunggoni ratri
tanpa ana pesthi
kurang ajar tenan, kunciku ketinggalan nang njero omah. aku ra isa mlebu, padahal mau ming tak tinggal mangan sedhela wae.

akhire mlaku-mlaku nyang pasar festival, tuku buku In the name of rose karangane umberto eco lan the rape of the lock-e alexander pope. maca bukune pope jebule ra mudeng, inggrise aneh, apa pancen aku sing goblog ya ?

mau mbengi, main nang TIM maneh, bareng tiok. nang kana ketemu yanti, cah prd. ngobrol sedela ba bi bu. tak pikir tim rame, jebule ya biasa wae. mlaku-mlaku nang toko bukune yos, tuku buku puisi jawa.

pas mulih, ana kupu putih, kumleyang kaya ketaton. mabure cendhek, nylingker ing antarane sikil kang jumangkah. mabure uga ora suwe, watara telung menit, terus tiba. klepak-klepek ing ratan dalam mlebu ngarep kafe. kupu putih kuwi katone arep mati. mati ing wengi kang tintrim. kupu, uripmu wis tamat.

aku kadang gumun, nyawa kang lumingsir saka awake kupu mau nangendi ? apa banjur mencolot munggah digawa Izroil ? apa ana malaekat liyane sing khusus njabut kewan ? mungkin uga nyawa kuwi nongkrong dhisik nang TIM, nonton wong pacaran padha gandengan raket. gojegan sik ing antarane wit-witan ijo, menclok nonton film ing planetarium. embuh....


24.7.02

mau numpak bis AC jurusan Ciledug, medun nang Tamara, nyebrang dalan sing tansah rame, mlaku kira-kira satus meter lan mampirsik ngombe teh botol. terus ketemu mas yos lan adi sutar,mlangkah mlebu kantor. rutinitas sing mboseni tenan. nang kantor langsung njujug pojokan bareng hilman. lan faisal kang lagi telpon. arep transkip wawancara karo Scott McCormack kok males. ya wis nulis e-mail selamat ulang tahun nggo bulan wae. terus bar kuwi ngopo ya ? udud !

wingi entuk e-mail maneh saka mas joko, menarik juga idene nggawe majalah jawa nang jakarta. muga-muga wae dadi.
wis rong minggu atiku rasane bunek. pikiran judeg ra karuwan. dadine gawean akeh sing ting slengkrah ora dadi. apa maneh dikon nggarap otomotif, sing jelas-jelas aku ra mudeng. Rong dina wingi mlaku-mlaku nang Jakarta Motor Show, pameran otomotif nang JHCC. wawancara karo wong-wong bule, sing aku dewe ya ra mudeng artine. wong deweke ngomong nganggo basa Indonesia wae aku ya ora mudeng, apa maneh nggo basa Inggris.

ngimpiku ya aneh-aneh, kira-kira telung dina kepungkur aku ngimpi dolanan nang kali, aku ora kesilep padahal banjir. ning duwite ilang. embuh ah artine apa. aku dadi kangen ngomah magelang. aku pingin urip ming mangan, turu, ngalamun, nonton tv, maca buku, lan nulis (ora ngetik, merga ngetik berarti kerja).

17.7.02

sewengi melek ora enthuk apa-apa
kenapa aku keweden dewe ?
Kepranan Candra

candra iku lumrahe ing langit
ing impen
dudu ing wisesaning ukara
nanging ati kepranan
mring candra
aku mung kepingin nyawang
adoh
lan ngrumangsani yen ing langit
akeh lintang
lintang wengi kang ngupengi candra
lan aku ora duwe wenang
nyangking mulih cahyane

yen nuruti branta
dak cawiske pedhut werna kusem
kang diwenter abang enom
nanging
keliping lintang
mblerengi netra
lan, aku wegah wuta

16/07/02 01:18 AM
na angka 72 kang kaya-kaya ngajak aku diskusi. ngajak mikirke maneh apa kang dadi pepinginanku akhir-akhir iki. apa ya kuwi penting tenan ? apa ya bakal dadi sandungan kanggo uripku ?

hla kok dadi ngayawara ngene ? padahal kabeh ya durung mesti. kabeh isih kemungkinan. lan angka 72 kuwi ya mung praduga. duga marang warta geocities. warta kang ndilalah nyangking jenenge.

----------------------

lungkrah, gawean akeh lan aku ora bisa mrantasi. lakuku kaya kesandung watu gedhe. aku dudu gatotkoco kang isa nendang watu. aku paraga lumrah kang ora kuwawa ngatasi masalah abot.

wulan sesuk, aku kudu mulih. nyekar ing pesareyane bapak lan ngadep ibu. ngleremke ati. ngleremke laku kang jumangkah ora nggenah. sapa kang bisa nyandet lakuning pepesthen. muga-miga ora pepes, angles

16.7.02

aku bosen nulis, bosen online, bosen mikir. kakean masalah.

11.7.02

aku pingin ngomong kali. Nalika isih sma, aku asring dolan nang kali progo sisih wetan dalan, bareng karo kanca sd-ku, gatot lan eko. mangan degan sinambi nyawang banyu mili. jaman smp, beda maneh. yen pas mulih seka sekolah aku kadang-kadang mulih mlaku, jarake kurang luwih 3 kilo. sakdurunge tekan ngomah, aku mampir disik nang kali progo sisih kulon dalan. adus nang kono bareng karo ponco. padahal sak janne aku ora iso nglangi, dadi yo mung nang cethekan thok. bar kuwi sholat nang mejid. trus lagi mulih mangan.

yen ing sd, aku wis nate kesilep. pas aku aku dolan nang kampung sebelah sak bubare nyolong tebu bareng karo usman lan pi'i. aku dicegurake nang dam, padahal aku ora isa nglangi. kojur tenan.

ing jakarta, aku sengit mandeng kali kang akeh-akehe buthek coklat campur sampah. dadi wajar wae yen jakarta banjir. beda banget karo desaku kkn. nalika aku kkn ing desa jinanten kecamatan sale kabupaten rembang, aku asring dolan nang kali. kadang-kadang dewe kadang uga ngajak kanca. nang konno nglangut sinambi nyawang ilining banyu
kampret kecemplung kalen. aku pancen lalen

9.7.02

aku bosen, nunggu rasa. nunggu impen ing pojok betawi tanpa kinawruhan apa kang kudu kagayuh. nyawijia marang sampah-sampah bantar gebang. srawunga marang banyu buthek ciliwung.

kapang kang bosok. ngayawara kadi dene nulis nawala tanpa alamat lan kode pos. mungkin tekan, nanging ora kasurupan dumununge. aku lelangen ing rasa kang tidha-tidha.

Nyangkem sak karepmu
aku wus lali, marang impenku dewe, kang malih rupaku dadi burem. sak burem bureme.

nanging apa ya bisa kelakon, mbaleni crita kang wus suwek, amoh, lan bodhol ?

apa kowe kelingan dek jaman mbiyen ? nalika aku isih seneng ngimpi lan ngalamun ?
Bos3n tenan
pegel tenan, ngetik sedina. edan. sarap

4.7.02

wis rong dina aku tangi kanti awak seger. mungkin merga aku turu sak durunge jam rolas wengi. enak tenan awak iki.

wingenane, aku ditegur karo mas NH perkara tulisanku nang majalah Opini. Pancen, nang kono aku nulis dosa-dosa media. "Ora kabeh media ki elek," jare NH pas aku ngetik. Aku nulis kuwi pancen wis suwe, nganggo data-data konkret nang lapangan. tapi, menurutku ora sing salah. Apa maneh ana tulisanne TL sing justru mbela media, seka sudut pandang akademisi.
------------------
ngimpiku akhir-akhir iki uga akeh enake, akeh sing isa direnungake lan akeh uga sing maraake bingung. wis ah, aku arep nulis hardware maneh.

3.7.02

mau nang the premier plaza senayan.nonton film sing regane larang tenan, sak uwong Rp. 100 ewu. ana sak rombongan cacahe 7, berarti 700 ewu. wah edan tenan.padahal nang njaba akeh wong kere. aku mau mangan pecel karo es jeruk mung Rp. 4000, berarti, sak nontonan isa nggo mangan ping 175. elok tenan.

sak wise seka premier, aku teka nang Multiplex Grande. Sing iki luwih larang 25 ewu. bedane kursine bisa diubah kanti elektrik, yen ing senayan nganggo ongkelan tangan kaya nang mobil.

ning ana sing pada, cewek sing jaga ayu-ayu....:)

2.7.02

sugeng napak yuswa enggal, jeng ramuthu
wengi lumaku alon
ora ana wewayangan kang kudu dioyak
...........
sapa sing ngira yen
aku tinitah muspra ing titi wanci
tinanggenah jaga lawang
ing tembang-tembang impen
-----------------------

30.6.02

kawula dereng saged wangsul


sumurup laku
ingkang mboten gangsar
kawula nyuwun pangapunten
dereng saged cawis jarit bathik coklat kuning

kalih wulan punika
kawula mboten saged ngadep
wangsul
nyangking tas cangklong mlebet regol ngajeng

punapa kapang tasih
kasimpen ing ngandap bantal ?
sampunna kapang
kalebur ing tirta soca
amargi ingkang ragil
tansah memuji rahayuning katresnan, kapang, lan kawigaten
mbok menawi, wulan sa ngajengipun,
kawula wangsul
lan saged njawab pitakon ingkang katinggal
ing paran


00:33 7/1/02
-----------------
lagi asyik ngompori cah-cah gawe blog

28.6.02

Hujan Bulan Juni

tak ada yang lebih tabah
dari hujan bulan juni
dirahasiakannya rintik rindunya
kepada pohon berbunga itu


tak ada yang lebih bijak
dari hujan bulan juni
dihapusnya jejak-jejak kakinya
yang ragu-ragu di jalan itu


tak ada yang lebih arif
dari hujan bulan juni
dibiarkannya yang tak terucap
diserap akar pohon bunga itu


1989
Sapardi Djoko Damono
pas wawancara karo damsyik mau, wetengku mules. iki mesti merga mau sarapan, aku ra biasa sarapan esuk. ning piye maneh, ngobrole enak tenan, dicritaake tentang sejarah dansa, bla..bla..blaa.

kanggo mecah perhatian wetengku sing mules, tak sambi ngrokok. padahal ing perpustakaan ora entuk ngrokok. untung ora ana pak sugeng, sing mbau reksa perpustakaan. akhire, ku kuat setengah jam ngobrol lewat telpon. puass. sak cepete aku nang wc. legaaaaaa........

bar kuwi ngobrol karo seno sing bar liputan kebakaran. taman puring kebakar. wah mesti akeh handphone ludes, nang taman kuring kondang amarga dadi pusat dol-tinuku hp colongan. memang rame banget mau, saengga jalan kebayoran baru, cedak kantor polisi, kudu ditutup. untung wae mau numpak taksi, dadi ora telat nang kantor. padahal sak janne aku prei.

bar ngobrol, nonton sedela mtv, ana lagune melly "bimbang". enak, bar ngising terus nonton dian sastro. ngisingku dadi kethok estetis.
wis suwe ora mbukak fray, jebule saiki tampilane beda. lumayan dibanding mbiyen sing prasaja banget. saiki nglangut, arep mulih isih aras-arasen. tapi sesuk aku ana janjian karo narasumber jam 7 esuk, wah kudu tangi gasik iki. sak wise kuwi kethoke enake mlaku-mlaku nang book fair, mumpung bar gajian. terus ngapa ya ? oh iya, nonton bal-balan, terus turu. si deddy ngajak nonton bal-balan nang newscafe, males tenan. mending push up dibanding nang newscafe. masalahe mbayar...he..he..

apa nonton nang front row wae ? nek nang kono isa gratis, panganan karo mlebune. nanging tetep wae males.

mulih ahh..........................
pas mbuka situs tata ana alamat email karo password-e sisan. tak jajal jebule isa. kenthir !
rencanaku dina iki mulih kampung, ning kok ana gawean sing durung rampung. males tenan, mosok tugas kon nggoleki sekolah dansa-dansi, terus wawancara him damsyik. aku ora nduwe nomer telpon-e. kampret...kampret

setengah dina mung browsing blog-blog thhok. jebule akeh wong sing nganggep uripe rekasa. ketoke naif, ning ya kenyataanne ngono.

26.6.02

lagi wae ngobrol karo kak seto mulyadi. di dongengi putri sewidak loro. nalika semana, ana ibu sing nduwe anak elek rupane. cah wadon kuwi mung nduwe rambut sewidak loro. nanging, ibu tetep sayang. si ibu asring nyanyeake lagu kanggo anakke. ing lagune kuwi, si anak dicritaake ayu lan suk bisa dadi bojone raja.

sak wijining dina, salah sawijining punggawa kraton krungu. "iki penghinaan," jare punggawa kuwi. sang punggawa lapor marang sang raja. rajane utusan prejurit supaya nggawa putri kuwi. deweke penasaran, jarene punggawa putri kuwi elek, ning si ibu kok ngomong yen ayu rupane.

si ibu setuju, asal dipethuk nganggo kereta kang katutup rapet, saengga sang raja dewe sing antuk mirsani. akhiri sewidak loro digawa menyang kraton. ing sepanjang perjalanan, ibune tansah nenuwun marang dewa. deweke yakin yen anake bakal dadi ayu kinclong. para widodari krungu panjaluke ibu kuwi. mula pada mudun lan ndandani sewidak loro. tekan kraton, sewidak loro rambutewis ora sewidak loro maneh. deweke ayu. lan akhire dadi bojone raja. unenak tenannn.

nalika ngobrol mau, aku dadi kelingan bapakku sing asring crita yen arep turu. crita mau, crita sing dadi favorite kak seto mbiyen lan tansah kelingan tekan saiki. jarene, crita kuwi ngandut pesan moral kang apik, yaiku keyakinan kakng kuat. keyakinan bisa ngubah urip kang maune ora kabayangake. wah nek iki curhate kak seto.

23.6.02

wengi, gawe utek kelingan dolanan gamelan. wayah ngene iki, mbiyen, karo bapak dolanan gamelan. rasane enak tenan. biasane aku nabuh bonang, utawa thithi. yen ora ya saentukku, angger aja kendang utawa rebab. masalahe aku ra isa mainne. wis tau, nalika bapak lagi ngajar gamelan ibu-ibu pkk, mas gono sing biasane nyekel kendang ora teka. aku njajal. pertama-pertamane enak, terus iramane tak banterke, maklum dudu gending nanging lancaran. tibake aku ora isa ngalonke. ibu-ibu pada panik merga dadi cepet banget. untunge bapak ngalonke nganggo tuding kayu. yen rebab, aku wis tau njajal, ning gandeng bapakku dewee ya ora bisa aku ra ngerti carane main. swarane malah awut-awutan.

tekan saiki, aku isih kepingin main gamelan, sayange kok ya ra tau ana kesempatan. aku pingin nduwe siter. pas aku nang bis bareng akro tukang siter, jarenen regane Rp. 300 ewu. wah ya ketoke ra nyandak duwitku. rasane iri nalika deweke main siter nang bis. nanging, saiki kuku jempolku wis ora dawa maneh, dadi ya tetep wae ra isa main siter.

nalika bapak seda, nang ngomah isih ana gambang slendro lan pelog, uga saron slendro. nanging gambange saiki dijupuk paman tayuh. tak pikir luwih apik nang kono, aku dewe rada males dolanan gambang. mending gender sing swarane rada alon. isa nggo nglangut.
piket mbengi. ra ana gawean. ngrokok mild sinambi nyrutup kopi susu. hueenak tenan. sedina mau ya mung nang ngomah, lan syukur alhamdulilah, klaim kesehatan kaca mataku akhire metu. pas tak cek nang ATM mau, ana tambahan duwit Rp.215.000, berarti ra sah utang !! lan isa tuku sate ayam nang pasar mencos. mangan sate nang tanggal-tanggal neraka kaya ngene iki jan rasane mewah, wareg kayane elok tenan.
ngerti yura arep nulis tentang netscape 7, aku dadi kepingin nulis gerakan anti microsoft. ketoke menarik. mau sore aku nulis kanggo panjebar semangat. rasane golek ukara kaya golek wong ayu nang kantor, angel !
embuh ngapa, aku dina iki kelingan tentang zorro. nalika cilik aku kepingin kaya zorro. nalika kuwi aku nggawe topeng lan nggawe pedang seka kayu tak cet perak, terus gantine jaran nganggo sempalan seka kayu blarak kambil. aku uga nduwe gudang 'rahasia', panggonane nang gudang mbako-ne ibuku. nalika mlaku-mlaku, aku mikir yen wong-wowng bakal ra ngerti aku. pokoke kaya zorro. ning jebule wong-wong tetep kenal aku. berarti crita zorro ngapusi. dasar cah cilik.

21.6.02

mungkin, sak wijining dina mengko aku isa mikir luwih jero. akhir-akhir iki kelingan omonganne herbert marcuse ngenani masyarakat teknokratis. yen tak pikir-pikir, kerjaku saiki persis apa sing ditulis filsuf mau. urip kesusu, kerja,lan ora nate ngrenungake apa sing dikerjake. apa sing dikerjaake ora saka renungan kang jelo, nanging kaya robot kang kapogram dening kahanan. kapitalis tenan.
terus piye carane uwalseka kahanan iki ? mungkin aku kudu nyepi utawa semedi kaya plato? ra mungkin, aku isa mangan seka ngendi ?
iseng. ngapa ya ?
iseng. ngapa ya ?

19.6.02

durung entuk tugas. nganggur tenan. nulis apa ya ? neruske crita wingi?
mau bengi mulih telat, masalahe ana kelas basa jurnalistik seka mas ivan lan mas johan. ngantuk sak jane. mengko bengi kethoke ya mulih telat maneh. ana kelas fotografi. yen ngene iki dadi semangat nulis. ning kok mumet ya? ngrungoake yura lan edu padu basa jurnalistik saiki ? wong loro pada udur beritane faisal tentang kebakaran.
ratri ngindik laku, nyaru dadi bayangan lucu. apa ana komet ?
saben dina ngetik. ra bosen ? sakjane ya bosen. ning piye maneh, golek duwit je !! sedina udad-udud wae ra ana ide menarik. isih kelingan crita sing tak tulis mau bengi. ngganjel rasane.

aku uga kelingan tawaran pindah kerja.gelem ra ya ? kethoke sih gajine lumayan lan sing jelas aku pingin serius nang budaya. tapi, aku rangu-rangu.

Wingi bar maca "Pasar" Kuntowijoyo. Rasane muak karo budaya Jawa sing kakehan aturan unggah ungguh basa. Aku yakin basa feodal bakal ilang ing sak wijining wektu mengko.

16.6.02

genep 27 taun. terus ngapa ? ra beda karo taun wingi, rencana gagal kabeh !

14.6.02

aku titip tulisan
kanggo bapak
nanging alamate ngendi ?
pasareyanne ora ana alamate.
"Cedak blumbang ngisor wit pring"
apa kudhu dak tulis ngono ?
yen langkah jumangkah kanti tidha-tidha

dalan ora bakal lempeng

ati tuwuh saka anggitaning ratri

nyawiji dadi lancaran tanpa wanuh thuthukan bonang

aku kudu minggat

saka dalan iki
wingi ngimpi weruh urang gedhe banget, kira-kira ping telune awakku. untuk ra dicapit.
-------------------------
lagi wae bar ngetik tentang kanker. akeh istilah. pas nang RSCM mau kaya lagi kuliah kedokteran, dadi kelingan jaman mbiyen.he...he..
---------
aku kangen bapakku nalika nulis wingi mbengi. nalika aku nunggu jisim kang durung ilang angete. ing ngarep jisim iku, aku mandeng terus, campur rasa miris. aku isih ngarep-arep bapakku tangi lan ngelus-elus sirahku, kaya ndek nalika aku isih cilik.

Saiki, aku pingin cerita akeh, tentang politik, tentang budaya jawa, tentang wayang, tentang komputer, tentang jakarta, lan liya-liyane. aku durung bisa caos apa-apa. Terkadang aku lali crita wayang, sing tak pikirke mesti bapak. kethoke mung bapak sing isa aweh penjelasan.


10.6.02

lagi wae nonton situs-e wong suriname keturunan jawa
.
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||

mandeng monitor. aku wuyung marang wengi, kang nyindet pangangen semu. dudu impen kang kalem. nanging rasa lungkrah kang marai awak pegel, banjur utek lali mring kahanan. turu angles. Nanging kenangapa impenku tansah kesusu, diburu gawean. kerja kadidene racun, candu kang diajarke donya marang menungsa.

aku dudu wong kang bisa mlayu sewu mil tanpa leren. isaku turu ing kamar semrawut, banjur mandeng payon, nyawang coro wira-wiri, utama dolanan pinball ing komputer. terus leren sinambi ngrungoake campur sari.
sepanjang esuk sampek awan nongkrong ing Coto Makassar Daeng Tata. Males banget, masalahe dalam rangka tugas, menune daging kabeh, bisa-bisa hipertensi-ku kumat.

----------------&&&&&&&&------------------
nyangking lungkrah ing pundak
lumaku ing wewayang kepungkur,
lan sliramu mingkuri laku.

dudu branta kang nganggit rasa
panjalukku, sliramu musna ing pucuk wengi
tanpa rasan-rasan arep bali
---------------===================--------------
luwih seka 7 tahun wus kaliwat. kopi pait wus ilang ambune.
aku
ora nduwe wadhag kang kapilara wektu
sing mambu

8.6.02

males ndess, dikon ngubungi artis-artis nggo rubrik komentar bal-balan. ra trendy blass!

5.6.02

asem tenan, tugas seka majalah akeh-e polllll. padahal gaji ora tambah. wawancara sak bajeg, lan kabeh durung tak garap. ora ana hiburan liane, selain browsing. ning aku bosen browsing. komputer ora isa jak ngobrol. ora isa dijawil banjur njenggirat kaget. paling nonton bloh si Renny.

3.6.02

jan-janne, apa kang digoleki menungsa ?
aku akhir-akhir iki kaya kejiret ing labirin kang dawa. Ora ujung. Langit terkadang wernane coklat semu kuning. Alu ora kuwawa mandeng. Linambaran rasa kang tanpa branta. Aku pingin duwe tresna maneh. Nanging, apa bisa ? Ati wus lungrah.

Aku uga pingin guyon karo Habermas maneh, ngunek-unekke MArx, njambak jenggote Plato, lan njungkati brengose Iqbal. Nanging kethoke wus ra kuwat maneh. Ilang. Ilang. Lan Musna.

29.4.02

aku pingin nulis novel ning kok utek rasane mampet. arep nulis cerpen wae ora dadi-dadi, apa maneh nulis novel sing dawane ra mupakat.
wah, bingung aku. antarane seneng karo mumet, ha piye suk kemis aku dikon nang ambon, padahal ngerti dhewe, ambon lagi kisruh lan paten-patenan. padahal aku wis rencana arep mulih ndeso suk setu. gagal deh

24.4.02

ndas mumet, awak lungrah. edan tenan. sedina ora ana gawean, tapi mbengi malah dike'i gawean ora karuwan. mending mulih wae ah!!!!