ing crita ungu-violet, ana cewek sing jaga karcis busway, difoto karo fotografer a+. langsung dadi sampul majalah. "dari biaya itu ia dapat uang banyak bahkan bisa membiayai perawatan ibunya yang sedang sakit," jarene bintang filme. emang cukup? "itu kan cuma film." sampul majalah, kaya dadi lambang wong terkenal, sukses, hebat. bintang film mau ngerti, dadi sampul majalah ing majalah domestik ora terus dhuwite akeh. crita ing film kuwi semu, kaya crita2 obrolan nalika wong-wong ing komunitas aneh iki ngumpul. |
ana crita liyane maneh. ing proses nulis naskah sawijining film, sutradarane kepingin gawe adegan wong-wong piknik luar kota. nek bisa digawe ekstrim. "bagaimana kalau naik bis?" numpak bis kuwi ekstrim? tak pikir, ing indonesia iki luwih akeh wong piknik numpak bis tinimbang nganggo kendaraan pribadhi utawa montor mabur.
pisanan kerja ing ndonya aneh iki, aku rumangsa, menungsa-menungsa iki urip ing ndonya ngimpi. uripe tansah ndeleng negara-negara kulon. ing pikirane, bule kuwi keren, ciamik, cool abis. saben pungkasan minggu pesta, mabuk-mabukan. klambi rancangan oscar lawalata hasil utang, tas hermes palsu, ngobrol gak jelas, dj mabuk sing fungsine kaya operator radio, turu sewengi mbuh karo sapa.
majalah-majalah mode nulis busana-busana paris/milan/new york/inggris. ganti klambi manut urutan fall/winter/spring/summer. aja-aja menungsa-menungsa iki ora nate sekolah sd. ing pelajaran sekolah, mung ana mangsa rendheng/ketiga. hujan/kemarau. lan nate aku takon, jawabe jebul prasaja wae. "perancang sini gak ada yang otentik, jadi kalau bicara perubahan mode ya lihatnya ke barat."
wong-wong ngimpi liyane. perancang-perancang busana kuwi njupuk ide seka busana bule, dimodifikasi, diganti jenis kain, banjur gawe pagelaran kanti undangan kang dicetak larang. ora lali, ngundang pers lan wartawane entuk diskon nek arep tuku. nalika wong-wong maca ulasane ing majalah/koran, perancang kuwi katon hebat. apa maneh yen dienggo ing sampul majalah. banjur ngimpi nganggo klambi sing ora bisa dienggo pas arisan ing kampung kuwi.
ing asline, rancangan-rancangan kuwi uga nyonto. sawijining staf perancang paris wis nate ngaku, yen golek ide nang toko loak utawa perpustakaan. "kalau nyari yang berbau militer ke jerman, bergaya aneh-aneh di inggris." banjur dimodifikasi.
kuwi perkara sandhangan. perkara rai? ana sawijining wong sing lagi ngumpulke gambar-gambar david becham. gambar-gambar kuwi ngebaki kamare. dheweke kepingin operasi plastik ben mripate kaya david becham.
gambar iki dudu sampul majalah tenanan. ora mungkin cangik dadi sampul majalah. amarga:
1. cangik mung mbok emban kraton astina.
2. seneng dandan ning ora nganggo merek kondhang,asli utawa palsu.
3. ora nate teka ing pesta sing dianake embassy lan manna house.
4. mangane nang pawon, ora nang dragon fly utawa cilantro.
5. dolan paling adoh nang amarta, durung tau nang tokyo, maroko, apa maneh nang paris.
6. ora ayu lan wis tuwa.
7. isane mung basa jawa.
8. wong-wong ing ndonya impen ora kenal cangik. "cangik? it must be wrong. do you mean changi?"