mendhingan menghibur diri, browsing gak karuan lan nemu blog unik iki
| jenis | lulus sd/mi | drop out sd | ora sekolah |
| jawa asli | 37,4 | 36,8 | 25,7 |
| jawa biasa | 76,7 | 11,1 | 12,2 |
| jawa anyar | 95,5 | 1,2 | 3,3 |
| arab jawa | 83,3 | 8,9 | 7,8 |
| arab | 66,7 | 15,7 | 17,7 |
lungguh dhewe ing sawijining kutha. rasane kaya kepingin lunga. apa kang bisa dianti-anti seka kutha kang mung ngekei perkara anyar.
juni, limang taun kepungkur. aku mlebu kutha iki. niate, buang sengkala kaya ruwatan bethara kala. "aku kepingin lunga." mung ukara iki kang metu. lunga seka awakku dhewe.
banjur, nalika wis limang warsa lunga, aku malah kepingin lunga maneh. rasane kaya pengin oncat, minggat, golek perkara anyar. amarga papan anyar iki tetep gawe perkara lawas ana. aku isih dudu sapa-sapa.
ngalamun ing pinggir kolam ngarep gedung landmark. nonton iwak2 cilik lan cebong kang wis nduwe sikil. iwak2 cilik kuwi (nang desaku disebut petho utawa cempli) ngelyang rana-rene. aku banjur kepikiran, apa wae sing bsa diakone iwak. apa iwak nduwe bosen? aku dadi kelingan omongane bunga. jarene, iwak ora nduwe kenangan. utekke ora cukup kanggo ngeling2. iwak uga ora turu. apa marga ora turu terus iwak ora nduwe kenangan?
kaya lumrahe tahun2 wingi, ana ritual saben taun kang tak senengi: maca cathetan padinan. eman, ora akeh sing tak tulis tahun iki. nanging lumayan, ana kang tetep gawe gumun nalika maca maneh amarga ora mudheng. contone ing tanggal 17 juli iki.
perempuan itu, senilai:
kecantikan: 80
personality: 82
ketangguhan: 30
senyum: 90
ana dalan-dalan cilik sing tak pecaki maneh. aku kaya mlaku mundur, mbaleni dalan sing wis nate diliwati. banjur, ngarep-arep supaya bisa kelingan sapa aku iki. mbok menawa, aku bakal mulih, urip ing jaman sing kliwat, lan mbuang impen nalika mangkat mbiyen. Sakjane, rancanganku kabeh mlaku, nanging ana perkara siji kang ora bisa ditrima ati. aku lali yen sawijining dina bakal mati.
ing crita ungu-violet, ana cewek sing jaga karcis busway, difoto karo fotografer a+. langsung dadi sampul majalah. "dari biaya itu ia dapat uang banyak bahkan bisa membiayai perawatan ibunya yang sedang sakit," jarene bintang filme. emang cukup? "itu kan cuma film." sampul majalah, kaya dadi lambang wong terkenal, sukses, hebat. bintang film mau ngerti, dadi sampul majalah ing majalah domestik ora terus dhuwite akeh. crita ing film kuwi semu, kaya crita2 obrolan nalika wong-wong ing komunitas aneh iki ngumpul. |
biasane, aku rumangsa tentrem nalika ngrungoake gamelan sunda iki. embuh ngapa, saiki kaya ana sing ngiris jantungku
dheweke njupuk cangkir kopi banjur nyrutup. "kafka, apa kang bisa didelok ing njaba?" | |
dheweke mesem ing sengsem, mrambat ing lambene. iki nggawa aku mikirke kahanan kang seger dening banyu sakwise wong diguyur banyu ing musim panas.
"sliramu lagi kasmaran?" dheweke takon.
"ya."
"banjur rupane lan kabeh saiki dadi ora lumrah lan endah kanggomu, saben sliramu weruh dheweke?"
"bener. lan mungkin aku bakal kelangan"
kaya wong pekok, aku ra ngerti arep ngapa. metu pisan pas mangan awan mau. ing kamar, aku urip dhewe. aku dadi kangen karo paraga-paraga wis oncat seka anggaku. apa apike wengi iki gawe reuni? nanging ora! aku ora arep urip ing ndonya kuwi maneh. sajake, aku kudu nrima, yen aku ora bisa apa2.
apa kang kudu tak tulis dhisik dina iki? sampah sing ngendi maneh kang bisa tak buang? aku kudu gawe crita maneh apa mbukak arsip lawas? ngantor apa nulis ing ngomah? ing kafe? ngapa sirahku tambah rusak?
iki perkara rhytm. aku lagi mikir dina iki, ngapa aku ora nate bisa ngendhang. pengalaman pisanan (lan pungkasan) aku ngendhang nalika ibu-ibu pkk latihan gamelan. nalika kuwi mas gono, tukang kendhange, ora teka. aku dhewe ora ngerti apa sesambungane antarane tukang kendhang karo patriarki. tukang kendhang tansah lanang, senajan kuwi ing kumpulane gamelan pkk. mbok menawa ibu-ibu ora kepingin tangane dadi kasar. utawa pancen amarga pancen kendhang kuwi lambang patriarki? ing gendhing2 jawa, kendhang dadi raja ing perkara cepet-alon thuthukan. nanging yen perkara pimpinan, malah bonang barong kang dadi raja. maune aku nganggep ora bisa ngendhang amarga bapakku ora bisa ngendhang. pas pkk gamelan ibu-ibu kuwi, aku njajal ngendhang. dadine bubrah. maune alon kepenak, banjur aku njajal tak banterke. ngerti dadine? ibu-ibu sambat amarga thuthukan dadi cepet banget aku ora ngerti carane ngalonke. akhire bapakku kang nrampungke perkara. bapakku nganggo tuding kang dithuthukke ing meja kayu kanggo ngalahke swara kendhangku kang sansaya semrawut. kawit kuwi aku kapok ngendhang. aku banjur kelingan marang obrolan karo sak wijining guru les musik. jarene, alat musik kuwi tergantung sifat manungsane. dheweke nduwe anak loro, sing siji wonge grapyak, semanak, lan seneng kumpul2. bocah kuwi bisa dolanan piano utawa gitar, nanging luwih p[inter main drum. drum kuwi apike yen dimainke bareng karo liyane. anak sing sijine, seneng dhewe ing njero kamar. cah iki luwih pinter main piano. nanging iki perkara rhytm. aku ora kepingin ngomongke ekastrovert-introvert.kendhang kuwi nyekel rhytm. ana kang konstan seka swarane. kabeh diatur kanti interval kang bener. pancen ing alat musik melodi, ana uga rhytm kang konstan, nanging kuwi bisa dirusak lan diimprovisasi. nanging yen drum gawe improvisasi? ing jazz, biasane nalika drum improvisasi, alat musik liyane mandheg sakuntara. yen ana musisi liya sing nekat mainke musik, dheweke mesti jago njaga lagune. dadi iki perkara rhytm. aku wong kang ora nduwe ritme kang jelas. nalika uripku mlayu banter, aku butuh thuthukan kang bisa gawe uripku alon. nalika aku mlayu alon, aku butuh wong liya kang bisa gawe aku mlayu. |
| lah kae, ana kancaku kang sakjane luwih seneng ngrungoake kyle minogue tinimbang lagu-lagu italia iki. apa merga dheweke pancen seneng? mbok menawa kancaku sing anak mantan mentri iki wis biasa nonton opera karo ngancani bapake. pas bubaran dheweke ngomong, "tuh, almamater gue, keren kan?" ing njaba, aku ketemu oetomo, fotografer fashion. dheweke ngaku wis nate nonton opera iki pas nang inggris. "lumayan," jarene. nanging pancen aktinge elek. seneng nonton opera? "aku diundangan irsan." ketemu qaris, wartawan fashion. "irsan gak cocok bikin busananya. dia lebih cocok bikin untuk macbeth." kesan ndesane kurang. "dia itu rancangannya bernuansa gelap." |
aku ngimpi apa mau bengi? aja-aja aku isih ngimpi? lucid dream? swra gamelan keprungu, kuwi artine ana sing telpon. tak angkat, lan keprungu swara ponakanku. ya ya ya, iki dudu ngimpi. aku tangi, lan mandheng tv kang isih urip. utekku isih durung waras. aristoteles percaya, yen utek kuwi isine lendir kang bisa gawe getih dadi adhem. lan hippocrates percaya yen utek kuwi urusane karo intelegensi, pikiran, lan ngimpi. aku lagi kepingin ngimpi sinambi melek lan ora kepingin getihku adhem, mula aku njupuk majalah arena edisi inggris. molak-malik kertas dikancani kopi panas lan rokok ing balkon ngarep. leonardo dicaprio nganggo klambi gucci lan clana dawa prada. maca artikel wawancara karo model ceko petra nemcova, she has dirty laugh of cameron diaz(?) bosen! aku mlebu kamar maneh, dolanan komputer. pisanane dolanan gawe gambar, banjur mbukak folder-folder lawas. aku nemu geguritan iki. penasaran, tak bukak. dasanamamu terus, yen lintang kae kudu uwal reruntungan nyingkiri wates wektu ilang golek pepadhang seka bandha batinku tak tunggu lungamu ing pojok desa ananging ngapa aku sing lunga ambyur ing jagad liya ? yen lungaku dudu lunga laku uwalku uga dudu uwal laku nanging minggat kang nyingkiri semu ilang ing kutha anjang-anjang suluk tulisan remukku dadi duit tanpa maneh ngerti, kapan bisa ilang aku lali kapan nyusun ukara-ukara iki. lucid dream again?. gak ana tanggal kang ketulis. tak tiliki log file, lan nemu tanggal Monday, March 08, 2004, 6:48:46 PM. isa wae salah. nanging ana file liya kanti tanggal meh padha. nday, March 08, 2004, 6:48:49 PM. tanpa judul. bocah cilik mlaku timik2. tangane sing tengen digenggem ibune kang katon sayah amarga bar kuliah. mripate lingak-linguk, kaya golek barang tiba. kadhang mlumpat-mlumpat tanpa sebab. "putri, mbok aja nakal," ibune ngandhani karo nggateake bocah cilik mau. "bu, aku kecel," raine ndangak nganggo ekspresi manja terus ngulurke tanganne kanti sudut 60 derajat karo mbengok, "gendhong!" ibune gage2 nyaut bocah wadon cilik mau, digendhong. bogor katon mendhung lan dheweke pingin cepet2 mulih. pingin ndang ndelehke awak ngleremke raga kang enthek nggo kluyuran nang kampus. lan mengko bengi kudhu isih nggarap tugas kang isih numpuk. ndilalah ana mikrolet liwat, tangane ngathung lan mobile mandheg. muga2 pas tekan ngarep gang isih durung udan, dheweke mbatin. yen nganti udan, bisa-bisa si putri masuk angin. mikrolet mlaku, kang uga, timik-timik. lan udan ngesok seka mega tumiba tanpa kira. (sori, kuwi mau mung imajinasi ngawur. lan muga2 ibune putri mau ra maca blog iki. nanging yen awakmu ketemu dheweke, aku titip salam. salam biadab!) iki mesti ngimpi! aku kudu tangi, adus, lan mangkat kerja. remukku dadi duit! |
aku dadi pingin kaya rancari kang urip limang dina pisan, ing pucuking pegunungan kang asri. aku bosen kaya janawi kang tansah urip ing guwa kang peteng lan isane gawe crita. apa kang sejatine dadi kapangku? ora ana sing tak tunggu, kejaba mangu-mangu kaya asu neteske idu. kapan bisa uwal?
| saben esuk ana manuk kang ngoceh crewet ing ventilasi. wis kawit minggu wingi, ana manuk kang gawe susuh ing ventilasi kamarku. kamarku dadi kaya nang alas. nanging marai males kerja. mendhingan nyruput teh cap tjangkir sinambi ngemut cokelat. wulan iki gaweanku sakjane ora akeh, nanging rumangsaku ana kang ora jodho. utekku mlaku alon, nanging wektu ing njaba mlayu banter. untung wae, wulan iki aku ora nulis profil. nulis profil kuwi nyiksa, amarga kudu ngeling2 wong liya kang sakjane ora kenal tenan. aku ora ngerti apa menungsa-menungsa kuwi ngapusi apa ora. kadhang kala, gawean iki ana enake. ana kalodhangan kanggo ndeleng kelakuane wong liya. nggateake piye solah bawane, carane mesem, carane milih ukara wangsulan, sorot matane, lan piye yen menungsa kuwi nesu. yen lagi iseng, aku sok ngekei pitakonan kang bisa gawe nesu. ndeleng wong nesu kuwi asik, amarga bisa nonton piye wong2 iki ing kahanan kang paling wagu lan nyengit. |
| beauty and grooming? tema iki blas gak cocok karo sirahku. apa kang bisa sinebut ayu kuwi? ing ReadMe, ana wawancara karo sing nduwe situs suicidegirls. wong2 wedok kang nganggo tato kuwi dadi katon endah. endah? piye yen sinebut estetis wae? wulan wingi aku ngobrol karo mariana, model lux. ayu kuwi apa? lan kaya lumrahe jawaban basi selebriti, dheweke njawab masalah sifat lan tingkah laku: inner beauty. "kapan kowe rumangsa ayu? apa nalika tangi turu kowe rumangsa ayu?" dheweke ngobahke sirah ngiwa nengen. gak! dheweke rumangsa ayu nalika didandani karo make up artist kang jempolan. |
sms2 gak jelas seka kanca lawas, bingung arep ngapa, lan mikirke apa. sing paling mlebu akal ya mung dolanan komputer. dadine aku mau nang mal ambassador tuku cd program, permen, kopi, karo duren. eman, dene ora ana duren montong sing lemu ginuk-ginuk lan montok kae.
bubar kuwi ngapa? maca buku lagi males, film uga males. ngancik jam 9 njajal nguripke tv. padha wae, paling mung nonton cherrokee band. ndeleng iwan wiradz main, dadi kelingan jaman dheweke isih bareng karo yovie ing indonesia 6. jaman sma?
ora. aku ra kepingin ngeling2 maneh apa kang wis kelakon. katone luwih becik ndeleng tv, acarane kampungan ya ra pa pa. sing penting ora ngeling2 sampah.
udan iki duweke sapa? aku lali takon karo langit, "apa ora bosen nangis?" nanging aku ora bisa nyuwara. amarga swaraku mesti kalah banter karo udan kang sansaya deres.
kopi ing mug putih wis wiwit adhem. banyune mili, liwat gulu, banjur dibuntel usus kaya uler. nikotin lan kafein nyawiji mernahke ati. nanging tetep wae ora bisa lerem tentrem, amarga kalah karo udan.
wit nangka ing ngarep omah katon klebes. "aku iki kanca sinarawedi mring sepi." apa wit nangka duwe wenang gawe ukara ing wengi iki?
wengi iki pancen dudu wengine pedhut kang nylamur dadi asep rokok. nanging, aku ora kuwawa, amarga langit lagi tawang-tawang tangis, amarga wit nangka kadhemen ing sepi, amarga aku ora bisa lunga.
| sliramu kang anguwuh kapang kusung-kusung nglari wektu ing dhadha sumlempit mega sapantha nglacak lepasing panggrahita pupus ijo kang jumedhul dudu panguwuh kang angranuhi tempuk warna putih ing ati apa isih lumaku ing lengkehing pamawas amarga rahina pinalang mangsa walang angkup gegutonan karo angin wengi sliramu kang anguwuh kapang nanging mung kandheg gumawang ing lelamunan sinambi ngetung trubusing crita lan geguritan kandanghaur-indramayu januari, 1977 (geguritane jfx hoery kanggo atnirah kang kapacak ing dharma nyata no 305, minggu iv april 1977, dijupuk seka buku pagelaran) |
Kesel,ngantuk,merga mau bar dijak dolanan.
Lungguh nang gang wetan pasar
Ketone wektu dadi perkoro sing ora penting.
linambaran kringet asin ing awan kuwi
jan-jane durung pgn rampung,nanging yen dituruti ora bakal ono rampunge
sansaya dadi mawa, murub, ngenteni ilang dicaplok udan
Punapa niki kedah dirampungi?
|
|
tejamaya dikon mbantu raja-raja ing tanah sebrang. lan amarga cangkeme amba kaya cangkang kulit kang pecah, mula dijenengi togog kang artine "patung." ismaya dikon melu raja-raja ing jawadwipa. ismaya sanggup nanging njaluk kanca. banjur sanghyang tunggal kanda "ing mburimu (bagong) kuwi kancamu!". bagong kuwi sakjane sebutan kanggo rambut ing m,buri. yen ing ngarep dijenengi kuncung, yen nglawer ing mburi jenenge bagong. |
iki dewi srikandi versi chiclit. ing pedhalangan, srikandi kang bisa mateni resi bisma. patine bisma mau amarga panahe srikandi direwangi roh dewi amba. amba kuwi artine ora 'amba' kaya jaman saiki, nanging artine kawula. dheweke anake prabu darmahambara kang mbarep, raja ing giyantipura. ibune dewi swargandini. sedulure loro: ambika (simbahe kurawa) lan ambiki (simbahe pandawa).
sakjane, dewi amba wis dipacangake karo prabu citramuka ing srawantipura. nanging sing nglamar akeh banget. mula banjur ana sayembara, sapa kang bisa ngalahke buta wahmuka lan arimuka kang bisa ndhaup putri telu iki. lan kang bisa ngalahke dewabrata (jeneng enome resi bisma), anake prabu sentanu ing astina.
putri telu diboyong, nanging ing tengah ndalan, dewi amba njaluk supaya dibebaske amarga dheweke wis dipacangake karo citramuka. bisma sarujuk. dewi amba lunga nemoni citramuka ing srawangtipura. nanging citramuka jebul ora gelem, amarga dheweke nduwe penganggep yen dewi amba kuwi wis sah duweke bisma marga menang sayembara. dewi amba bali ngoleki dewabrata. nanging, dewabrata uga ora gelem nampa. dewi amba meksa. dewabrata panas atine, dheweke medeni dewi amba nganggo panah. karepe ben lunga wae. nanging dewi amba tetep ngeyel pingin melu. tanpa diduga, cekelane dewabrata ora kenceng, panah ucul ngenani dhadhane dewi amba. sakdurunge mati, dewi amba janji ora bakal munggah kahyangan yen ora bareng dewabrata. ing supatane mau, dewabrata bakal mati ing tanganing wanita.
dewabrata dadi gela. dheweke banjur dadi resi lan ora kawin ngenteni dewi amba nyabut nyawane. jenenge ganti dadi resi bisma. resi iki mati ing tanganing srikandi kanti panah. sakjane, dheweke dhewe kang njaluk srikandi kang dadi mungsuhe ing baratayuda.
sakdurunge mati, dheweke nunggu dewi amba kanti dikrubungi pandawa lan kurawa. bisma njaluk supaya ana panggonan kanggo semendhe, kurawa ngekei dipan kang mewah. bisma nolak. dheweke milih dipan gaweane pandawa kang digawe seka pucuk-pucuk panah. nalika ngelak, kurawa ngekei ombenan kang nikmat, nanging bisma ora gelem. dheweke milih ombenan kang dicawiske pandawa, banyu kanggo ngumbah pusaka. bubar kuwi, wewayangan dewi amba teka, nggandeng tangane bisma munggah ing kahyangan.
kok dadi crita bisma? gak chiclit banget.