21.5.17

ora ngerti kudu kepiye maneh. mlaku ngetan, kejedhug tembok. mlipir kulon, klelep. kidul, dipangan singa. ngadhem nang ngalor, ketemu jurang. jan jane ki aku kon kudu kepriye karo gusti Allah. sasat getihku wis dikuras ning kok ya isih durung ngerti, apa sejatine sing kudu dilakoni, sing bakal kedadeyan. kabeh rerancangan bubrah. ora ana rowang kanggo adol rembugan.

11.2.17

wingi jingglang khatam quran. ndeleng surat2 cekak ing juz 30, dadiné ngebut. sajuz mung 4 dina. sing marai semangat jebulé malah donga khatam quran. sing akhire ya ora rampung. diitung ana sepuluh "Alluma".

aku lagi ngungun karo film seri mr robot. resènsi sawetara blog pancèn bener, film iki katoné pancèn nggarap perkara hacking kanthi bener, ora kaya film2 holywood liyané sing nampilaké perkara hacking kaya game.

ing suting awalan, elliot nemoni sawijining paraga child porn sing kewiyak. dhèwèké njlèntrèhaké perkara deepweb lan tor kanthi satlereman. lan bener omongané elliot, anonimus kuwi dadi muspra yèn ora bisa dijaga. kaya déné lading, bisa migunani, bisa uga ndrawasi. bakuné, ana kalané wong bisa sesorah yèn bakal bisa anonimus kanthi bener, nyatane, anonimus kuwi mung kaya dongèng nalika ketemu karo manungsa2 sing ngerti apa sejatine tcp/ip iku.

10.2.17

sedhéla palentin. jan-jané ya ra naté nggagas urusan iki. nanging ndeleng nang pawarta2 kok wartawan do kurang gawéan gawé daftar: 10 movies for valentine day, songs for valentine, bla bla bla. marai anyel kanggo wong sing lagi mbujang.
aku nemu kutipan2 nglelipur ati sing anti-palentin. luwih bisa gawę mèsem:
- mbujang kuwi becik, kaya déné wujud ra pedhulian.
- aku mbujang, mula kuwi aku ana
- aku ra butuh pacar, uripku wis kebak masalah
- no girl……… no pain !---”know girl…… know pain”

29.1.17

24.1.17

njajal maca blog iki nganggo google translate. dadi anèh lan malah slenco karo arti sing asliné. jenengé waé mesin.

20.1.17

kanggo urusan riset, dina iki njajal blusukan nang ndonya sesingidan internet, darkweb. ndonya sing ora bisa diaksès nganggo browser lumrah. iki ndonya sing luwih kepènak amarga ora bisa ditemu nganggo google. ora ana wong sing crita soal jokowi karo ahok. luwih akèh wong ngomong perkara cara gawé kokain tinimbang carané ngecèt témbok. luwih gampang golèk artikel resèp masak menungsa (tenan, iki njeléhi pol) tinimbang gawé kapucino. aja ngomong perkara agama ing kéné. luwih pas yèn sing dirembug soal NSA, hacking, matematika, karo konspirasi. ngomongaké ajaran sétan lan dhukun luwih aman. akèh sing dodolan obat koplo, bedhil, bom rakitan, gambar saru nanging marai muntah, piranti intelejen, lan liya-liyané sing ora bisa didol nang ndonya lumrah. arep pesen supaya matèni wong ya ana. rasané kaya nonton film ndeleng kahanan kaya ngono kuwi. nonton game of throne dadi katon lumrah banget, ora kejem blas yèn disandhingaké karo rembugan ing ndonya iki.

16.1.17

aku wis cubriya wiwit mbiyèn, omah iki ora gathuk. yèn tembungé yohanes surya iku mestakung. rasané suwung. ukarané kecandhet nang uwan. ora bisa dadi apa-apa kejaba mung tulisan nglegena tanpa puspa. mau tak pikir, aku bisa kekancan karo omah kuwi. paling ora, bisa dadi mitra crita. nanging, pancèn garis kuwi kudu diliwati. garis sing wis naté keprungu ing kabar wadi seka donya awang-uwung. wis, diakèhi donga waé bèn bisa mabur nang awang-awang banjur nembang puspawarna kanthi gérongan cacaca.