28.8.02

nglarung wengi ing kantor, ora krasa entek sak bungkus rokok. surfing ra jelas,maca blog-blog ra jelas, situs-situs sing ya mung ngono-ngono wae.

esuk iki, nalika wong-wong mulai mangkat kerja, aku mulih ngomah, arep turu. sewengi ra turu dewekan nang kantor. ijen tanpa sapa-sapa. mung ana faisal lan manan sing turu nang ruang kendali berita, sak wetara kuwi aku ijen nang ruang asap.

dina iki aku arep liputan apa? embuh, kuwi urusan mengko bengi. saiki sing penting turu, angler, lan muga-muga ngimpi apik.
mungkin, dalam kuwi isih dawa. naging isa uga wus cepak. aku ra ngerti kapan. mula, aja takon sing aneh-aneh.

rong dina kepungkur, aku ngimpi entuk nawala. nawala sing tansah tak pingini teka, embuh lewat pos utawa email. naging kuwi pancen ngayawara. aku ora yakin wong kuwi duwe email. lan aku uga ora yakin wong kuwi ngerti alamatku.
mau nonton film dokumenter "jurgen habermas nang stanford" nang utan kayu. ra mudeng, masalahe nganggo basa jerman. kurang ajar tenan, padahal isine mung ngobrol thok. sak wise kuwi, gandeng mangkel ora mudeng filme, aku males melu diskusine. mending nongkrong nang kafe bareng haeri cah radio 68h. kenalan karo lucia lan kancane kuliah (mbuh aku lali jenenge. bar kuwi dolan nang kedubes italia. nonton film "cipokan pungkasan". lucu tenan ! nang kono bareng lucia lan imas. terus mulih.

mbengi iki, aku dewekan nang kantor, partnerku jebule lagi lara, mula ora ana kancane. wis sak mono wae. aku lagi males nulis.

25.8.02

mau bengi mulih. ketemu ngimpi bapak. pas kuwi aku turu ing kamar tengah lan bapak mesem. kaya-kaya bapak isih sugeng, lan swarane ibu uga krungu lagi ubet ing ruang makan.
"kowe arep mangan apa ?," bapak takon karo mesem ing lawang kamar.
aku meneng, isih ayub-ayuben. "mboten 'sah repot-repot."
"mumpung mulih, ayo mangan rada enak."
"nggih pun, tape," aku semaur karo isih ngrungkel ing paturon, ing nduwur dipan wesi werna ireng sing saiki (sakjane) ana kamar mburi.
bapak banjur nimbali mbak tri kon golek tape.
"tape ketan nggih !," aku ngralat, ning tak pikir bapak ora mireng. ning ya ben ketoke tape pohung ya enak. aku isih tetep turu.

biyen, yen aku mulih seka semarang ana daging-daging ayam kacawis ing meja. jebule, pancen bapak njaluk ibu supaya nyembelih pitik yen aku pas mulih. jarene ben gizine akeh. nanging ya percuma, bapak ora pirsa yen pas kuwi aku vegetarian. dadi aku blas ora nggepok senggol daging pitik mau. bapak lagi pirsa nalika ngobrol ing ruang makan, lan aku mung mangan sak anane, tanpa daging.
"kula vegetarian kok," saurku nalika iku.
"Wee, tiwas aku akon ibumu nyembelih pitik pas kowe mulih, regane ki ben mangan enak," bapakku ngendika sinambi kukur-kukur mustakane. aku ya ora ngerti masalah pitik mau yen bapak ora ngendika. ngertiku ya asring ana iwak pitik nang ngomah, dadi lumrah-lumrah wae.

aku ora ngerti, ngapa akhir-akhir iki asring ngimpi bapak. nalika mulih wingi aku nang pasareyane, nyanding jasad kang ing ngisor papringan. seka ngomah wis tak siapke puisi ing kertas sak cuwil seka notes, judule 'kagem bapak', aku dewe wis lali isine kaya ngapa, amarga banjur tak obong terus awune kasebar ing makam.

23.8.02

aku nemoke situs kenthir tenan, ana carane gawe asbak dadakan, gawe bong, carane nyimeng, lan sing nggilane tips onani. pingin njajal?

21.8.02

mau bengi ngimpi ngoyak cewek. he..he.. lan lagi wae aku maca surat katresnan seka kancaku kanggo kancaku liyane. jebule tresnane segitiga (kaya clana njero wae). ah embuh, kuwi urusanne wong liya, dudu urusanku.

mau bar dibriefing karo mas inod lan mas bas. masalah press klar. embuh ah. aku kadang gumun, ngapa aku tansah dikei kesempatan kapisan, luwih disik timbang liyane. alasane selalu pada, merga aku angkatan pertama, merga senior. menurutku sing wis mampu wae sing dikei kesempatan. rumangsaku prestasi kerjaku akhir-akhir iki medun drastis, lan insting jurnalistikku wis kethul. mungkin wis mangsane ganti gawean.

20.8.02

asem, awak kesel seka kliling nang ma lan lbh malah diseneni humas depkeh masalah beritaku dina iki nang koran tempo. asem tenan. ning ya ben lah, jenenge nasib. aku dewe ora ngira yen berita kuwi bakal dimuat. wong nang tempo interaktif wae ra dimuat, ra layak muat. akhire dina iki aku durung nulis berita blas. yusril lunga nang malaysia, paulus ya mbuh nang ngendi, lan nang lbh ra ketemu munir. dina sing ra enak.

18.8.02

akhir-akhir iki aku ngayahi urip kang nyata. aku lagi sadar ana barang-barang cilik kang bisa nentremke awak. nalika ing magelang wingi, aku nglegaake nang taman kyai langgeng. nongkrong, maca novel. sak liyane kuwi ya mung dolan lan turu. dolan nang kanca paling nang ety thok, kuwi ya wis meh mulih jakarta.

sing asik pas bukak-bukak arsip-arsip lawas nang lemari. ra karuwan blas. aku jane mung nggoleki kliping wayang lan naskah-naskah kuno. nanging sing aku dewe lali, aku nemokake layang-layang lawas kawit jaman sma. asyik tenan, anan seka gatot, dini, elis, lan paling akeh seka nik. ana surat seka nik sak cuwil thok, isine:

Aku cuma mau mantepke rencana kemaren. Setelah tak pikir yo memang lebih baik pulange hari Jum'at wae. Sebabe klo kmis nanti ndak kemalemen.
Tak tunggu jam 06.30 di Milo.


ming sak cuwil thok kertase. lan kaya biasane deweke nulis surat, tanpa tanggal. kethoke sih pas jaman semester telu. mbuh ah, dadi kelingan sing ora-ora.

13.8.02

foto rusak
nang ngomah dudah-dudah barang lawas. album foto-foto cilikku cebule wis ajur mumur. tak goleki klisene ora ketemu. ya wis sak anane wae.

cuti jebule enak, kelingan jaman nganggur. mangan, turu, maca buku, ngalamun. ning magelang ademe polll

7.8.02

4.8.02

internet, kaya wus njupuk awakku.
kang absurd.
aku pingin mulih ing kanyatan. bali nemoni lebu sumebar ing ndalan, nyawang wong kecingkrangan pada turu ing trotoar, lan nyangking tas cangklong isi ballpoint lan buku catetan.

aku kangen marang kasunyatan kang bisa dirasa indra.
dudu gambar kang bisa obah dewe ing layar.
dudu crita-crita edan individualis.

aku ujug-ujug kangen nyawiji maneh ing donya njaba. sing ora perlu username lan password. donya kang kinawruhan ana tanpa kudu verifikasi.

utekku wis separo mlebu situs-situs. lan aku ora ngerti, apa aku sanggup njupuk pikiranku maneh seka petilasan-petilasan kuwi. nanging, aku ora bakal lali. aku bakal nemoni maneh ndonya mayaku. nanging ora kaya mbiyen maneh.

aku pingin ketemu wong, dudu username. aku pingin ngobrol, dudu teks kang dicangking kabel. aku pingin mandeng angkasa, tanpa ngobahke mouse.

aku bosen, tansah nulis jeneng kang pada ing saben tombol search. jeneng kang tansah ora ana. jeneng kang ora dikenal dening program ing direktori cgi iku. deweke pancen ora kenal weblog. deweke urip ing kasunyatan, kang ngleburke pangareparepku. lan aku mlayu ing donya semu.