30.9.02

sepi ing kantor, ora sepi ing gawe. aku miwiti maca puisine joko pinurbo. kawit tangi turu lan rampung ing tengah dalan nalika numpak bis damri 42. puisine lumayan. aku wis suwi pingin tuku buku 'pacar kecilku' iki. lan wingi sore lagi tuku nang gramedia blok m. jebule isine kaya wong crita. akeh sing mbahas tentang vagina lan jenazah. apa joko psikopat ?

menurutku isine biasa, nanging tetep lumayan. eksplorasi imajinasine njungkir walik ngalor ngidul. aku seneng imajinasine, nanging, basane biasanya lan cenderung latah. aku sadar dudu pengamat puisi sing apik.

nang kantor jebule wis nunggu tugas-tugas sak bajek.padahal esuk mau aku ditelpon cah antara, agus, ngejak nyang dewan pers. ana diskusi uu penyiaran. nanging ora isa. aku dina iki kudu nggarap tugas nggo koran minggu. aku dewe gumun kok ya isih ana sing njaluk tulung nggarap koran minggu barang. jan-janne seneng wae nggarap rubrik digital, nanging yen kon ngurusi sing ra jelas ngene ya rada males. jebule ra pati angel. tinggal kirim e-mail, lan saiki lagi nunggu jawabanne.

nanging kuwi durung rampung, isih ana tugas seka majalah lan rubrik referensi koran. loro-lorone pas tentang hukum pidana. siji tentang jaksa agung sing korupsi lan sijine royalti lan hak cipta. wis. ayo kerja........

29.9.02

ana puisine sobron aidit nyambut 30 september

HARI INI 30 S

Hari ini puluhan tahun yang lalu
dimulainya kiamat
yang dibuat-buat
oleh kepala penjahat dan pengkhianat.

Sampai kini masih banyak yang percaya
bahwa dialah pahlawan dan penyelamat
bangsa dan negeri
tapi sudah banyak yang berani
berpikir lain dari pola
yang diamanatkan dan pengkhayatan
ada yang bilang ratusan ribu
ada yang bilang dua juta
jasad - darah dan nyawa
buat pupuk agar subur dan makmur.

Saudara-saudaraku, bila setiap kita
berani membuka singkap
yang selama ini dipantangkan terungkap
langit di tanahair kita
akan bertambah bersih-jernih
kita akan banyak terperangah
dulu itu begitu tebal hidup kita
ditaburi pernik-pernik dusta.

Siapa tahu ada di dekat-dekat sini
yang tadinya kita puji setengah mati
tahu-tahu dialah
yang bikin hidup kita merambat
mati tak mau
hidup bagaikan kerakap di batu,-

----------Holland, 30 Sept 02---------






bar seka monas. males tenan, bareng karo agus cah 68h lan cah kompas (aku lali jenenge). bar kuwi nulis nang kantor lan udad-udud.

aku akhir-akhir iki lagi milang-miling golek kos-kosan. aku bosen kontrak omah, kakean urusan. ditawari kontrak malah nang bekasi, ming 1,5 juta thok setaun, ning adoh tenannnnnnn.

wingi golek nang daerah setiabudi, kamare gede ning ora enthuk nggawa komputer, ya males. terus aku ngetik nggo apa ? masa ngetik kudu nang kantor. terus ana uga sing nawari nang daerah mburi kompas. iki ya ora enak, daerahe macet lan adoh seka pos-ku. terus golek nandi? ana sing nduwe informasi kos-kosan ?

25.9.02

iseng-iseng aku nongkrong nag perpustakaan, maca-maca majalah lan koran. pas maca majalah Djakarta ana cerpen menarik, judule ""Aku dan Kamu", sing ngarang Mira Handayani. Critane absurd. Jan-janne aku bosen maca crita absurd, nanging piye maneh, akeh-akeh critane absurd, termasuk cerpen-cerpen ku, he..he..

ana uga crita ing majalah Time tentang film-e Quentin Tarantino sing anyar. Film Kill Bill sing njupuk lokasi ing Beijing iki dimainke Umma Thurman. Aku yakin, filme Tarantino ora beda karo filme deweke sing liyane, getih, getih, lan getih.........
singt dadi pengarah kungfune si Yuen Woping. Deweke uga nate nangani Chouching Tiger Hidden Dragon lan The Matrix.

Ide gawe film iki seka obrolan ing tengah shooting Pulp Fiction, Tarantino lan Thurman. Sing main liyane : David Caradine, Lucy Liu, Daryl Hannah, lan Vivica Fox. Dialoge, jarene, minimal. Nek ndelok komposisi pemainne ketoke kok nggambus ngene. Ning ya embuh apa isa tekan Indonesia apa ora.

24.9.02

ana situs sing aku ra mudeng
patah hati ? klik wae nang kene. nek percaya
lay out anyar ben sumriah.
bubar nggawe situse narasi. jan-jane males, ning yen pas maca nang blog-e ora enak tenan. dadi ya kaya biasane, gawe seminimalis mungkin.he..he..he..

piket mbengi ki biasane enak, nanging wengi iki ora, amarga awakku lagi mumet, ketoke hipertensiku kumat, ndas mumet, lan mau sedina mung turu thok. entuk sms seka renny, tommy, lan ina. aku njawab sms nganggo uthek sing gari separo, ora isa mikir.

mbuh ngapa, rasane semplah tenan. mikir gawwean ya lagi ora semangat. ora enak, apa maneh pos liputanku termasuk ora akeh berita lan kudu golek-golek isu sing menarik.

22.9.02

esuk-esuk, mangkat kantor ketemu wahyu. "kedubes amerika dibom !,", deweke mbengok karo golek bis. aku bablas tuku pisang goreng sewu, entuk papat. mlebu kantor absen, terus njupuk koran lan majalah anyar.pas mbukak situse ramuthup, ana tekslagune i will survive. aku nyanyi dwe kaya wong kenthir.
-------

aku dek setu tuku novel "hari ini tidak ada cinta", karangane motinggu busye. terus terang aku tuku merga judule. lan mau bengi aku maca maneh "olenka". saben sak bab mandeg. mbuh ngapa saben aku maca olenka, kaya wong lagi jatuh cinta. aku kaya pingin dadi pacare olenka


wis aku arep golek berita sik.

14.9.02

dek kemis wingi, ketemu maneh marang bu sumarsih. aku kelingan nalika deweke mbalang ndog pitik, diuncalke pas anggota dpr kang lagi rapat paripurna. nalika. tangise kaya mecah gedung nusantara lima. dpr ora sarujuk yen prastawa trisakti, semanggi I lan II diteruske nang pengadilan ham ad hoc. aku maklum kaya ngapa kuciwane. aku sing tansah melu pansus-e wae gelane ora karuwan. apa maneh deweke sing ngalami langsung kaya ngapa sedihe ditinggal anake, wawan. jeneng sing pada karo undang-undanganku nang ngomah.

apa kang ana batine, nalika anak sing digadang-gadang mulya, ngerti-ngerti wus mulih kanti pelor ing kuwandane. Jisim kang mulih alelumur getih.

lan kemis esuk wingi, sumarsih lan keluarga korban liyane teka nang komnas ham, institusi pungkasan kang bisa malik putusane dpr sing kemplu mau. esuk kuwi deweke lunga nang kantor fraksi golkar, panggonan deweke kerja, njupuk arsip-arsip. terus mangkat nang komnas pas jam setengah sanga esuk. nang kono deweke mbageake berkas kasus semanggi lan trisakti. ana ibuke yun hap lan uga pak slamet. priyantun sing akhir iki wus kaya wong nglokro. nalika ing dpr mbiyen, deweke crita yen uripe wus ora karuwan. deweke gawe gubuk nang kuburan anake. deweke isih kepingin cedak karo anake kang wis tiba pralaya ditembak tentara. urip saderma seka welasing tangga kang aweh pitulungan. nanging tekan kapan kaya ngana kuwi kalakon.

bu sumarsih dewe, pas kemis wingi, wus rada sumringah, beda karo bojone, pak arief, sing isih katon sluntrut. wong-wong kuwi ditemoni telung anggota komnas ham sing anyar, solahudin wahid, chandra setiawan, lan mm billah. liyene ? pada mangan lan gegojegan nang nduwur. apa kang dilakoni achmad ali sing profesor lan tansah kenceng nyuwara ing media masa iku ? lungguh ngombe wedang sinambi lobi. terus, abdul hakim garuda nusantara sing terus kepilih dadi ketua komnas ham ? lagi prengas-prenges karo kanca-kancane. apa zoemrotin sing kenceng protes masalah hak konsumen ? pada wae.

aku bingung yen mikirke politik lan hukum. bidangku saiki, hukum, kaya tansah nemoni dalan buntu. yusril ihza mahendra, sing kawogan dadi menteri, ora nate gelem dijak ngomong masalah politik. nanging kuwi ngayawara. politik kuwi, ing indonesia, kaya wus mbalung sumsum. contone kasus akbar tandjung.

kanca-kanca wartawan dewe akeh sing seneng nampa duwit 86 (istilah kang dijupuk saka kuhp, intine kasus ora diteruske). duwit panas kanggo mbingkem suara pers. pancen ana wartawan sing ora nampa, nanging sepira ? wartawan-wartawan daerah akeh banget sing nampa. wartawan nasional ya mung sithik sing nolak.

yen media gede, modus operandine beda. wartawan-wartawan kuwi mainke isu-isu politik lan hukum. kerjasama karo politikus, pengacara, hakim, lan jaksa. rega tergantung gedene kasus. yen kasuse eksklusif, isa entuk 5-10 persen seka gedene kasus. coba bayangke pira sing ditampa kanti kasus sing ngancik duwit miliaran rupiah.

ana maneh kasus 86 sing ditampa nanging tetep ditulis. nalika kuwi ana wartawan koran paling gede nglakoni. duwit ditampa atusan juta, nanging kasus sutiyoso tetep ditulis. sutiyoso nesu ngadep pimred. eloke, wartawan mau mung dimutasi, ora dipecat.

kadang uga ana sing awujud barang. pas pencalonan wakil presiden kepungkur, try sutrisno bagi-bagi ponsel karo wartawan. nanging, tetep wae deweke ora dadi wapres.

bali nang kasus semanggi, pas pansus, wong-wong tni lan golkar full team. sawetara iku pdip lan pkb mung siji loro sing teka. kuwi ya ketok pekok-pekok.

tindak lanjute kasus iki rada aneh. penggede tni sing kesangkut kasus iki malah munggah pangkate, sawetara kuwi polisi sing kena malah ora mundak pangkat lan karire macet. nugroho jayusman, saiki mung mandeg dadi pangti nang mabes. lan karir nang mabes kuwi karir mati kanggo polisi. sawetara kuwi, sjafri sjamsudin saiki dadi kapuspen mabes tni. iku berarti undah pangkate sing maune mung dadi pangdam jaya. lan wiranto, saiki nasibe mbuh nandi, aman-aman wae kaya dene harmoko sing ngedaliake saka adoh politik indonesia.

10.9.02

kudu nandi? iku pitakon kang akhir-akhir iki kagawa jumangkah. nalika ing puncak wingi, aku sak mobil karo mas ivan lan mas johan. kaya urip maneh. kaya mataku kebukak. aku durung apa-apa. aku durung bisa nyumurupi donyaning wartawan. apa kang mbiyen tak angen-angen nalika mutuske dadi juru warta kaya mecungul njaluk jatah.

nalika kuwi, aku pingin weruh ndonya. aku pingin bisa ngerti ana apa ing sewalike kedaden ing urip saben dinane. aku rumangsa bisa crita akeh ngenani polisi sing seneng ngajar tahanan, anggota dpr sing gaweane medhok, artis pekok siap pakai, utawa intel memba-memba dadi wong edan. nanging jebule kuwi durung apa-apa. aku mung bisa weruh kulit kang paling njaba. isih akeh sing durung tak weruhi. jan-jane, tujuanku nglakoni gawean iki mung kanggo golek bahan nulis. nanging apa ya wus cukup ? apa ya pantes yen nulis kanti bahan sing isih mentah ? apa ya elok nulis ning jan-jane aku mung bisa ndeleng blegere thok ? ing tempo pancen beda karo jaman ing matari mbiyen. ing matari utekke kaya ilang separo. ora isa mikir. yen mikir mung rutinitas kapitalis. pas nang mega mendung puncak wingi, nalika wisuda reporter anyar, aku kaya dithuthuk nganggo pipa ledheng, pas cengelku. ing ngisore lintang-lintang lan ing nduwure keliping lampu-lampu vila, aku ora ngira yen jawaban saka pitakonku selawase iki mudun kadya wahyu.

crita iku bisa rinakit ing samubarang panggonan, samubarang wektu. nanging crita kang kadiparan ? crita nalika kuliah kang aktif demo lan gawe pamflet ? crita ngobrol filsafat kang ora jumampah ing bumi ? nulis guritan landung seka crita kepungkur ? mlayu seka lara lapaning tresna kapunggel ? kuwi dudu crita. ibarate bangunan, punggelan-punggelan mau mung watu gunung, pasir, lan semen. durung ana anggitan strukture. kabeh isih ting slengkrah ora karuwan. aku durung gawe crita sing bisa gawe donya mantheng kenceng ing awakku. aku dudu sapa-sapa.

3.9.02

aku kok dadi melankolis ya ? ngalamun. nanging ora ngerti kudu ngalamunke sapa. wis pirang-pirang taun aku males ngalamun, masalahe ya pancen bingung arep ngalamunke sapa ? paling ngalamunke pepinginan sing kuwi-kuwi thok, utawa ngalamunke apa sing bisa tak lamunanke. pancen norak, nanging kenyataanne ngono piye maneh.