31.12.02

teka nang kantor, gawean wis nunggu. dikon nang hi, liputan aa gym. males coy....

aku sok gumun, ngapa taun baru kudu dirayake? kanggoku taun anyar pancen beda, paling ora ganti kalender lan acara tv-ne beda. he..he..he..

media-media ya pada gawe kalaidoskop. nggo apa? paling wong-wong ya mung maca banjur lali maneh. menurutku menungsa luwing sering ora logis. nanging pancen urip ora kudu logis.

29.12.02

jumat sore, telponku nywara. radio tak lirihku lan tanganku nranggeh hp sing tak delehke ngisor kursi. nomere ra kenal. jebule masalah gawean. ana lowongan. jan-janne aku ra patia minat marang gawean nang media iki. nanging ana sing banjur tak pikirke.

apa aku arep tetep dadi juru warta sak teruse ? apa bakal isih tetep ngangsu kawruh nang panggonan gaweanku saiki ? apa sing wis tak entuki ? apa sing kira-kira bakal tak tampa saka kene?

ing gaweanku sing saiki, aku rumangsa ana sing wis tak tampa. masalah ngelmu jurnalistik. sak banjure?

aku rumangsa kaya mandek. ora ana apa-apa. ora ana sing isa gawe atiku surak-surak. lan uripku ?

jadwale ora tetep. kaya-kaya, aku dewe ora ngerti bakal nindakke apa. rinasa sangsaya dawa lan ngaluk-aluk.

nalika lulus mbiyen, aku pancen mutuske arep dadi jurnalis. ora merga aku nganggep jurnalis kuwi kepenak. ananging tak laraske karo pepinginanku, panggayuhku. aku ora bakal ngomongke masalah penggayuhku nang kene. ananging pancen yen dirasa ana urut-urutane.

rong warsa wus kliwat, lan aku isih gamang ngalaraske rasa. rasa kang katon wus keladuk munja-munja banjur surem kanti alon.

aku biasane pancen ngrancang apa wae sing bakal tak gayuh, lan wektune kapan. kabeh kudu dipremati lan, yen isa, ora usah grusa-grusu.

rancanganku, nalika arep mlebu gawean sing saiki, wus tak gayuh. malah-malah wus kebanjur keblabasen. aku pancen ora duwe pepinginan dadi jurnalis.

kadang aku sok ora enak. sak wetara kancaku lawas, yen pas ketemu, biasane ngomong yen aku konsisten. aku tetep ing jalurku seka kuliah mbiyen. konsiten marang jurusan kuliahku uga.

ananging jan-janne dudu kuwi sing dadi jalarane. aku ora isa kanda nang kene. nanging kanti ringkes, nalika aku kuliah, jurnalistik kuwi panggonanku 'mlayu'. lan apa saiki aku isih tetep arep mlayu ? kamangka sing mbiyen tansah ngoyak kuwi wus ora ana, wus kejegur kali progo lan mbuh saiki nang ngendi.

25.12.02

23.12.02

ndasku mumet. tangi kanti sirah kang abot. mau bengi ra isa turu, njajal nonton fifth element, bar kuwi tetep wae ra isa turu. akhire nerusku cerpen sing akhire rampung kanti judul "pencarian". tak pikir cerpen iki kampungan, rada nggambus lan cengeng. ning ya mending tinimbang nglangut utawa dolanan game.

21.12.02

esuk-esuk nonton cover koran tempo minggu. rachel maryam. judule 'andai ibu tahu'. terus maca artikel selebritis teror sinambi ngombe teh. dina iki ngapa? rencanane arep kondangan kawinane kurie lan bablas badan nang omku, daerah pondok pinang.

20.12.02

aku pingin kangen. nanging karo sapa?
esuk ngungun, lan apa isih ana sing gelem nunggu kantiku?

aku ngelih..
ra ana panganan
mung udud thok

aku pingin

misuh
apa sing direngga rasa? ana sak perangan impen sing cumepak lan aku tetep wae ora isa mutuske. ana samubarang ...............(aku ra isa neruske)

12.12.02





sedina nang kantor bingung arep ngapa. ngisi web, lan bar kuwi ra jelas. bowsing golek gambar anime sing enak di delok. maca email seko cah2, maca2 blog filsafat. kanggo sing kepingin ngerti critane wong wadon iran, ana blog sing pantes diwaca. lan yen ketarik karo wittgenstein, coba wae nang kene

10.12.02

mulih nang jakarta. balik nang kasunyatan kang rame, nanging kantor isih sepi. aku kerja mulai sesuk, padahal beritane ya durung ana. Iseng chating karo enda. ngobrol karo menungsa-menungsa kantor. lan iseng ngisi kuis. hasile...i'm dark writer gaya nulisku?
digawe dening quizilla