31.1.03

jakarta udan. ora isa mulih. e..malah dikei gawean, jelas males. iseng-iseng mbuka afp. ana berita dukun cabul seka hongkong, diukum 4,5 taun. jenenge o kai-on, umure 51. korbanne umur 14 taun.

ana uga ing jepang, wong wadon gegandengan karo cowok simpenane mateni bojone dewe. jenenge reiko yamaguchi, 44, perawat sing nyambi dadi sales asuransi. deweke mateni bojone kanti dicemplungake nang laut (kurang luwih 900 km seka tokyo) ben entuk asuransi. pasangan selingkuh iki entuk 99 million yen (840.000 dollar).

lan kanggo wong sing homo utawa lesbi, ana alternatif nikah sak liyane nang belanda. parlemen belgia setuju marang kawin sing nyleneh iki. mung wae, pasangan iki ora entuk ngadopsi anak. negara landa wis setuju masalah iki taun 2000 wingi.

29.1.03

jenenge nowr moner. udakara ngancik umur sepuluh taun. rambute dikepang siji dijiret nganggo tali werna putih. klambine uga putih, kanti motif kembang werna abang. kulite putih lan irunge mancung. sendale werna pink.

bocah wadon cilik mau, katone kurang kanca sak baraan. maklum, deweke adoh seka tanah kelairane.

aku ketemu nalika ing komnas ham rebo (29/1) wingi. bareng-bareng karo wong tuane sing ngadu marang komnas amarga nasibe sing ora jelas. rombongan seka iraq kuwi jan-janne arep menyang australia. jarene, minggat merga nyawane keancam dening pemerintah. mulane ora arep mulih nang irak yen presidenne tetep sadam husein.

cilakane, australia nolak lan ngirim nang indonesia. pisanane digawa menyang kupang, banjur dipindah nang situbondo. prastawa kuwi ing taun 2001. nasibe blas ora jelas. amarga indonesia ora duwe aturan ngenani masalah pengungsi utawa wong sing golek suaka. rombongane nowr (macane: nur) mau ora dianggep pengungsi, mula yen nurut hukum dianggep pendatang ilegal. rombongan sing ora jelas statuse kuwi wus ngirim surat marang unhcr, badan pbb sing ngurusi pengungsi. nanging unhcr wus nutup kasus kuwi, lan nowr sak kancane ora isa dianggep pengungsi.

jan-janne ana ing undang-undang nomer 37 taun 1999 ngenani hubungan luar negeri, ing pasal 25-27 ana amanat kanggo pemerintah. ing pasal-pasal mau disebutke supaya ana keppres sing ngatur masalah pengungsi lan wong sing golek suaka. tekan saiki keppres kuwi tetep durung ana. kamangka undang-undang mau wus resmi berlaku kawit september 1999. mulane, sing ngurusi wong-wong mau unhcr.

ana maneh lsm sing ngurusi, yaiku international oraganization for migration (iom). nanging, jarene rombongan mau, duwit kanggo akomodasi pengungsi ditilep. gedene 25-35 ewu per wong. jarene enny soeprapto, mantan wong unhcr sing dadi anggota komnas, saiki ana sekitar 500 wong sing golek suaka, lan 1,3 juta sing dadi pengungsi.

embuh ngapa, aku isih tetep kelingan nowr mau. aku mbayangke yen kuwi aku. bocah kang isih cilik, ora mudeng thek kliwere masalah. apa deweke ora kangen marang kanca-kancane ing iraq ? apa deweke ora kepingin sekolah ? awake katon kuru. mungkin panganne kurang dijaga. aku wedi yen wong-wong kaya nowr mau banjur dadi rusak merga kahanan. kaya bocah-bocah ing blok m sing ngamen nalika srengenge ngantar-antar manaske awak.

aku banjur kelingan rong taun kepungkur. nalika kuwi aku bubar wawancara ing kawasan cilandak jakarta selatan. udan deres kaya disok seka langit. untung wae ana bocah-bocah cilik sing nawake payung. jenenge mudal. deweke ora sekolah amarga wong tuwane ora mampu. apa cita-citane ? deweke ora isa njawab, lan banjur nganggep yen wong kaya deweke ora mungkin duwe penggayuh. apa sing isa diarep-arep dening wong sing ora sekolah lan banjur nyewake payung nalika udan ? pas kuwi, aku kemlinthi, nyritaake thomas a. edison sing uga ora sekolah, nanging isa ngripta samubarang barang-barang kang migunani. nanging sak janne aku sadar yen kahanane beda banget, antarane mudal lan edison.

piye maneh mudal kuwi isih beja. akeh bocah-bocah sak baraane sing wus ora ngerti maneh wong tuwane nangendi. biasane di tampung ing wisma penampungan bocah jalanan. lan ngerti apa sing biasane kedaden ? yen ora mati merga nge-lem (nyedot lem kapurih fly), uga disiksa dening polisi-polisi sing sok dolan rana. ana sing disundut rokok, ditendang, diantemi. sakliyane polisi, uga preman-prem,an sing luwih senior.

ana maneh sing ora ing omah penampungan, nanging ing omah-omah 'juragan wong kere'. bocah-bocah sing lumrahe ditemoni ing trafic light ing wayah wengi kuwi, didrop dening juragan preman mau. duwit sing entuk seka ngamen lan ngemis mau dikumpulke, lan bocah-bocah mau dikei mung sithik. mungkin mung limang ewu thok.

terus aku ngapa? aku kadang mangkel yen nyadari beritaku sing mbabar masalah kaya ngene iki asring banget dianggep 'sampah' dening redaktur. ora layak muat !!!

aku isih kelingan nalika kuwi aku nulis pramugari-pramugari seka garuda. jebule uripe pramugari-pramugari mau ora gumebyar kaya sing katon. wong-wong ayu mau kudu njaga awake kudu tetep singset, bobot awak, rambute kudu teratur, ora entuk jerawatan, lan ora entuk meteng !!! aturan iki ora ditrapke marang sing lanang. mulane pramugara garuda entuk gendut lan botak. pramugari mau yen meteng kudu cuti di luar tanggungan 3 taun. lan garuda ora janji bakal nganggo maneh pramugari mau. mulane akeh sing banjur nggugurke kandungan. alesane, sing lanang bar dipecat lan ora mungkin ngragati bayi yen ora ana sing nyambut gawe. protes ? jelas kalah, amarga durung ana aturane. indonesia pancen wus nanda tangani konvensi ngenani hak-hak wong wadon. nanging, tetep wae durung ana aturan kang jelas sing isa njabarke konvensi mau.

nanging pawarta kaya ngene iki biasane kalah karo warta sing luwih kemedol. misale omonganne sutiyoso utawa akbar tandjung (sing asringe ora jelas lan ngapusi thok). nanging untung wae pawarta kaya ngene iki isih ana panggonan nang edisi online, nanging ing cetak mesti kalah karo berita politik (sing isa marakke muntah-muntah).

berita politik, tak anggep kurang humanis. kelangan roh kamanungsan. tulisan feature asringe ditulis mung kanggo kriminal, sosial, lan budaya. yen politik ditulis feature, mesti isine mung masalah lobi-lobi lan isu-isu sing ana sesambunganne karo masalah intrik. jarang (utawa malah ora nate?) nggepok senggol rakyat. rakyat kuwi mung asesoris sing disebut-sebut ing rapat. nanging kaya dene wayang, rakyat kuwi ing utekke politikus mung ana ing bacotan nanging ora ana ing kasunyatan.

mbaleni marang critane nowr mau, aku kelingan film baran sing disutradari majid majidi seka iran. crita ngenani buruh-buruh ilegal seka afganistan. baran kudu nyamur laku dadi wong lanang amarga bapake thoklek sikile lan ora isa nyambut gawe maneh. apa nowr bakal senasib karo baran? apa banjur kaya gina ing film prima della revoluzione ? film iki digawe bernardo bertolucci nalika isih umur 22 taun. ing film mau, gina (dimainke adriana asti) ora percaya marang sejarah. "sejarah kuwi wektu, lan wektu kuwi ora ana". gina sing kabur kanginan tanpa arah lan panutan. wong kang katonne bingung mring lakune.

28.1.03

Sebagai manusia memang betul rasanya kalau bisa meneropong dada saya, siapa orangnya? Kalau seperti gunung itu magmanya sudah mendidih, kadang-kadang saya muntab dan berpikir tak titeni wonge. Kalau saya lihat foto saya, padahal saya cantik kan? Lalu, diinjak-injak dan dibakar

omongane jeng mega mau bengi
sewengi udan lan aku ngimpi nyekel marmut sejodo. lan lagi nelpon andre malah ditawani jodo...

27.1.03

"kalau aku boleh meminta pada Tuhan, aku ingin dalam sehari orang berkata jujur," ngono kuwi omonganne mbak maria nalika bareng numpak taksi nang kantor mau awan. yen dina kuwi ana, mbak maria arep wawancara karo wong akeh. narasumber sing akeh ngapusi.

aku mau bubar wawancara karo wong lsm sing dianggep wis gabung karo wiranto. deweke katon pucet nalika mau tak takoni masalah pertemuan ing hotel savoy homan bandung. teka nang konferensi pers sing kebak aktivis-aktivis penjahat lsm.

yen nurut data badan intelejen nasional, wiranto sing ngundang aktivis-aktivis mau. nanging nalika aku konfirmasi marang wong sing tak temoni mau, deweke malah ngaku yen deweke sing ngundang. kaya pasang badan. njijiki tenan.

wis dadi rahasia umum, yen lsm kuwi ya akeh boroke. wong-wong sing sabet kana-sabet kene. pancen ana wong-wong sing isih dianggep apik, ing antarane hendardi seka pbhi lan bambang widjajanto seka cetro.

24.1.03

bar ngetik, mau klinong-klinong nang depkeh ham, ngayahi kuwajiban pesenan seka majalah. wawancara sak uprit terus lunga nang wahyu. jebul nang kana ana menuk lan fajar. lumayan wareg merga entek telung piring (bar lara kok aku saiki dadi nggragas ngene?)

23.1.03

aku entuk iki seka milis

wong njawani iku

angger ono tepungan liwat muni, ... monggo pinarak ...
angger ono kacilakan alok, ... lha, rak tenan ...
angger ono kacilakan manèh alok ... kapokmu kapan ...
angger ditawani suguhan muni, ... sampun sampun ...
angger ditulungi opo disangoni muni ... ah, sampun. damel repot.
angger ditawani amplop, birokraté muni, ... sampun mboten perlu repot repoooot. (nanging amplopé ditampani)
angger dikon tanduk, muni ... sampun, sampun tuwuk ...
angger nemahi kacilakan, lha mbok nganti babak bundhas, muni ... tujuné mung ...
angger mubeng2 lan mlungkar mlungker omongané, mesthi ming arep ngrepoti
angger ditakoni, muni nggah nggih ning ora ditandangi
angger pamit ping pirang2, malah ora mulih2
angger muni ‘nuwun sèwu’, mesthi ming arep ngritik, ngèyèl, opo gawé wirang.

angger pocapané kebak lha, lho, kok, jé, wong, wé, jan, lsp
angger olehé moco mungkin, titik, makin uniné ... mungkén, titék, makén, ...
angger olehé moco umum, kaum, tuntun uniné ... umom, kaom, tunton, ...
angger ono tetembungan, mesthi biso digawé plèsètan

angger manggakké jempolé ngothang ngathung
angger ngliwati tonggo teparo sirahé pijer monthak manthuk
angger ngliwati wong2, mundhuk mundhuk
angger ngadeg, tangané mesthi nutupi nggon saru, arepo nganggo sandhangan. wedi ndhak mabur.
maca novel basa jawa 'candhikala kapuranta' anggitane sugiarta sriwibawa nengsemake tenan. aku nemu buku iki ing penerbite, pustaka jaya. ing kana akeh banget sastra sunda, lan iki siji-sijine sastra jawa.

yen dibandingake karo novel 'sirah' anggitane ay suharyono beda banget. basane runtut lan penokohane katon premati disilak mbaka siji. utawa dibandingake karo 'tunggak-tunggak jati' sing dikarang esmiet, tetep isih apik iki. candhikala kapuranta nyritaake kahanan kutha solo jaman mbiyen, nalika akeh wong kesrakat. akeh wong nyandu. katon banget yen sing ngarang ngerti kanti gamblang kahanan jaman kuwi. rega candu sak lintingan cilik setalen, yen gede seringgit.

nilik critane asih, paraga sing dadi primadona grup wayang wong darma utama, aku banjur kelingan bapakku swargi. nalika aku durung lair, dek jaman orde lama mbiyen, bapak nduwe grup sing jenenge 'sri widodo'. jare ibuku laris banget. nalika kuwi ibu jaga karcis. kamangka mbak rum, anak sing nomer lima, lagi umur telung sasi. (aku anak nomer wolu) jaman kang susah. yen awan bapak isih mulang nang sd jambu, lan yen mbengi ngurusi grup wayang wong mau. gedung sriwidodo, sing kanggo pentas mau, saiki wis dadi terminal ing salaman magelang. jare pak likku, tayuh, asring banget gedunge kebak lan malah-malah ora amot. karcise regane 10 kethip, beras nalika kuwi regane sak liter 200 kethip. yen dipadaake karo crita candhikala kapuranta, bapakku kaya pak dirga sing mandegani ngurus uba rampe. yen istilahe saiki ya menejer.

nanging bapak ora suwe melu sriwidodo, amarga ibuku ora ngidini. amarga panggunge pindah nang sepuran wonosobo. apa maneh pasrawungan ing jagad hiburan mau pancen akeh godane. akhire, sriwidodo diterusake pak maruji karo pak siswadi.

yen nilik kahanan mau, pancen ora gumun yen bapak nate nanggap wayang kulit nalika aku ulang taun kepitu. aku macak kaya dene dalang, lan pancen bapak asring banget ngajak aku nonton wayang nandi-nandi. lan yen malem minggu dijak lek-lekan ngrungoake wayang saka radio, nggelar klasa nang ruang tengah lan ngemat swarane dalang seka salon werna kuning kang dipasang nang nduwur ruang makan. aku uga ditukoake wayang kulit pandawa lengkap. pesenne nang kaliabu. wayang sing tak senenge antasena, amarga ora isa basa. amarga iki, bapakku rada sedih. amarga aku seneng antasena dadi males sinau basa jawa krama. tekan saiki, jan-janne aku males yen kudu basa krama, amarga tak anggep ngandut kelas-kelas sing maraake ora egaliter.

yen bapak karemane kresna, amarga pinter lan kuwasa. yen menurutku, kresna kuwi licik. ning ing kene kresna versi wayang jawa, dudu kresna ing crita mahabarata asli seka india. kresna kuwi isa ngapusi yen pancen perlu, ora ketung kuwi kanggo kabecikan. beda karo antasena sing lugu. sandangane yen mung prasaja wae. antasena sing tak senengi, kuwi antasena seka langgam jogja. dudu antasena seka versi solo dianggep pada karo antareja. antasena kuwi anake dewi urang ayu, lan antareja kuwi anake nagagini.

mbalenoi masalah bapakku, aku saiki lagi nglumpukake data-data. karepku, aku kepingin gawe biografi singkat. lan nalika aku nglumpukake data mau, kadhang-kadhangku lan malah ibuku gumun, jebule akeh banget crita sing ora dingerteni, kamangka crita mau penting banget. crita sing bisa diudarake lan njlentreahake apa sing wus kelakon. aku uga nemoake gurit tembangan kang ditulis ing taun1965 nganggo aksara jawa. salah sijine ditulis nganggo tembang pangkur, tanggale 25 juni 1965.

raga kuru, raos tansah miris
rojah-rajeh ruwet ati lara
riwut pikir terus goreh
rina wengi tan turu
rancangane pindha wong baring
rikat pak purwa mara
rembug rut-tinurut
rong puluh ewu nyaura
renten dadi telung puluh ewu murih
rambate sawala nara

bingung ? pancen yen mung sak perangan wae ora bakal mudeng. kuwi mau nyritaake bapak kang kajiret utang dening rentenir. kala semana keluargaku lagi wae pindah omah seka salaman menyang mungkid, lan anak wus akeh. yen nilik tanggale, kangmasku nomer enem, mas moko, lagi wae lair. mas moko lair 5 juni. lan ibu nate crita yen bayar seka dadi guru mung cukup kanggo mangan sepuluh dina. seka catetan sing tak jupuk seka surat keputusan ing arsippe bapak, gajine taun 1956 rp 218,50 sewulan. ibuku, dek jaman urip ing kutha magelang, dodolan gaplek nang pasar. mula kangmasku sing nomer enem nduwe pepinginan yen gedhe pingin dadi tukang sapu, purih ibuku ora susah mbayar pajek pasar. saiki pancen masku ora dadi tukang sapu, nanging dadi pulisi, liyane dadi guru kabeh, kecuali aku.

aku dewe lair nalika urip wis rada kepenak. dadi crita-crita jaman kesrakat kaya mung dongengan wae. aku mung bisa mbayangake jaman-jaman kuwi. nanging aku ora ngrasake jaman nalika mangan susah. malah-malah masku sing mbarep nate kandha yen 'utang wae wis ora dipercaya'.

20.1.03

nyangdhak lelagon sore
pirang-pirang taun kepungkur

sore-sore kaya ngene iki
mungkin sliramu wis nyiapke wedang
utawa janganan kanggo mengko bengi
sinambi ngemong bocahmu sing lagi lucu-lucune

yen wus rampung
nyawang foto nang kamar ngarep
wong loro sing dipacaki jawa

sedela-sedela ngungak
apa segane wus taneg tenan
ben wetenge ora mules amarga sega atos

sore-sore kaya ngene
aku mung ngetik nang ngarep komputer
lan mbayangke sliramu nyawiske panganan kanggo bojomu,
sing jelas-jelas dudu aku
langit katon klawu lan gludug sedela-sedela njawil kuping. nanging tetep wae durung udan. kamangka panase wus ngampak-ampak, rasane ora kuwat.

awak isih lungkrah, lan aku bingung arep ngapa. mikir demo bbm lan tdl? males. mau nalika mlangkah mlebu pasar festival, ana sak perangan mahasiswa demo nang ngarep regol ngarep. aneh, demo kok nang mall... aku sengaja milih dalan ngisor, embuh ngapa kawit kerja aku rada sepet nonton wong demo.

aku simpati yen demone simpatik. nanging yen ngawur lan anarkis, tak pikir wong-wong kuwi ora ana bedane karo sing padha korupsi nang gedung-gedung ac kae. apa maneh yen wis njaluki duwit nang ndalan-ndalan. mending tak wenehke wong ngemis sing katon kesrakat utawa wong ngamen. luwih jelas...

langit isih klawu. lan aku ora mudeng ngapa tetep durung udan. hawa panas nyebr tekan ngendi-endi. sak engga awakku sing isih ringkih amarga lara krasa sengsara.

17.1.03

link lumayan...write the web
jebule aku kena tipes. ora enak tenan. larang lan nyiksa. untung wae aku diopeni ponakanku, si wahyu, lan bojone, sidiq. dadi ana sing nggaweakke aku bubur lan ngresikki yen aku muntah pendak wengi. balung rasane dilolosi. mangan ra nepsu. nate aku sedina mung ngemplok telung cendok bubur. blas ra nepsu.

syukur, saiki wis mendingan ora ketung ya tetep wae isih rada-rada anget lan isih mungkin ambruk nang ndalan. wis, ya aku arep bobo...(sesuk ibu rawuh nang jakarta)

10.1.03

rega-rega mundak, tensiku melu mundak. 100-160. pirang-pirang dina gumletak nang kamarku sing panas lan garing. dikancani komputer lan buku-buku pating slengkrah (sing blas ora tak waca). sirah ngelu, mangan ra napsu, awak adem panas ora kenal wayah. hipertensi mari, jebul teka penyakit liya, maag...duh Gusti....

6.1.03

awakku nggregesi, wis kawit wingi jan-janne. mungkin aku kena gejala tipus ? apa demam berdarah? embuh. mungkin sesuk aku ra mlebu. muga-muga wae durung mati

5.1.03

sirahku isih mumet. wingi sedina turu thok nang ngomah, awak mriang. mungkin merga akhir-akhir iki aku kurang njaga pangan. mbuh ngapa aku lagi ora mood mangan. pokokmen kaya wong sing lagi kangen, turu ra jenak mangan ra enak. mung bedane aku blas ora lagi kangen

4.1.03

esuk-esuk ngobrol lewat telpon karo ponakan. masalah kawin. memang mumet tenan,,,,,
kanggo sing seneng yuna, mangga dipun pirsani gambar-gambaripun


3.1.03

info partai:
saiki wis ana 237 partai. okeh-okehe nggambus. yen mbiyen ana logo hambar dinosaurus. saiki ana sing funky liyane. jenenge partai persahabatan antar bangsa. logone lumba-lumba.

jeneng2 sing tak anggep aneh :

partai siliwangi indonesia (psi), partai islam radikal indonesia (piri), partai nasional indonesia – progressive (pni – progressive), partai negara pancasila (pal), partai adil makmur wasiat bung karno, partai jabal nur indonesia (pjni), partai penghubung rakyat (papera). piye? arep nyoblos endi?

2.1.03

entuk penugasan seka majalah sing nggambus. dikei penugasanne (tekan nggonku) wingi mbengi, deadline sore iki. kamangka, jarene fajar, tugas iki wis rong minggu. jan-janne ora patia angel. ning nganyelke. apa meneh sing diurusi masalah partai. ok bos, aku arep kerja.....

1.1.03

browsing nang msn masalah jodo. ana sing isa nerjemahke?



Gemini
June of 2003 will be the month that reminds you of how wonderful true love can be. Who will you get there with? Perhaps someone you initially meet during the upcoming holiday season. In fact, next summer may be warm, but for Geminis, it won't be as hot as the winter that begins the New Year. You are likely to form a tight bond with a small circle of friends this year, and any new lover you take up with will probably have many of the same interests as your pleasant new little clique.