17.2.04

mau bengi ngimpi bapak lan masku sing nomer 2 ngakon aku ganti jeneng. ibuku mung meneng wae. aku dikon ganti jeneng "abdullah bin teguh." aku nesu, mbanting gelas terus lunga. apa maksude?

15.2.04

pisang telu lan dolanan paint brush. embuh ngapa gambare dadi kaya ngene. aku nggambar sinambi ngrungoake fariz rm bengak-bengok seka winamp lan mendung ngiwi-iwi seka gorden biru gambar banyak. banyak ? aku lagi nggateake yen kuwi gambar banyak, sak ngertiku kuwi mung gorden biru lan ora nggateake apa motife.

koran tempo edisi setu wingi sumeleh ing kasur. ana gambar ati werna jambon ing pojok tengen nduwur. lan ana sub judul "kami kagak bakalan nyoblos" ing sisih kiwa, sesandingan karo gambar akbar tandjung lagi motong tumpeng. vcd happy time (zhang yimou) lan the best of times (tso-chi chang) sumlengkrah ing njobin. prey for rock 'n roll (alex steyermark) ana ing nduwur meja. sak wetara kuwi buku zoe heller notes on a scandal lan fay sweet kitchen essential isih ndingkruk ing tas abang. endi sing kudu diresensi ?

gawean numpuk lan aku kudu nonton film-film sing marai nglangut ? sewengi mung isa nulis kaya ngene thok :

semuanya berwarna pink - dinding, cangkir, sprei, dan bahkan sikat gigi. kamar di sebuah hotel berbintang lima itu tiba-tiba saja berubah gaya hanya karena kedatangan seorang penyanyi dari amerika yang bernama mariah carey. ia bukan siapa-siapa jika anda menanyakannya pada penjual rokok langganan saya.

aku metu nalika manuk greja pada golek pangan ing pojok gang. mlaku nuju kantor kaya diatur kanti formula khusus. ing gangku tekan lapangan, dalan katon sepi. mendung gawe swasana kaya lagi jam enem esuk. angin sumilir alon. terus ing jalan taman setiabudi timur wus rada rame. tukang ojek pada nongkrong. lan tekan ing ngarep hotel regent, dalan lumayan rame dening mobil-mobil. pas ngancik jalan setiabudi utara i, mataku ketanggor dening tulisan "jalan kebanggan warga setiabudi." kebanggaan ? sak ngertiku ing dalan iki panggonan mangkal bencong2 ing wayah wengi. lan yen awan kanggo parkir lan turu sopir taksi.

sing dodolan koran ora katon nalika mlebu gerbang gedung landmark. wong wadon lagi nelpon nganggo basa mandarin nalika mlebu gedunge. mencet angka 9 ing lift, lan mlebu kantor kang isih sepi. faks undangan wis akeh, mulai seka peresmian renovasi tugu katulistiwa nganti pindahe toko buku times. banyu bening cemepak, lan utekku ora bening babar blas.

10.2.04

langit tansah mendhung. yen ing jaman mbiyen, iki musime para kawi gawe kakawin lan kidung, nalika kembang-kembang wiwit mekar. ing cuplikan kidung alis-alis ijo digambarke kembang pudhak kang ngganda wangi, wit ing jurang dijiret kembang welasasih lan kasturi, saengga meksa wong kang liwat dadi mandheg ngilangke rasa sayah. sak wetara kuwi grimis rintik-rintil sinawut angin kang tumiyup alon lan mega ngemuli gunung rapet-rapet. kilat kedhep, diselingi guntur. sona njegog ribut dhewe, pitik alasan nangkring ing wit-witan, celeng mlaku-mlaku ing pinggir tegalan.

kuwi crita mbiyen kang njupuk latar ing alas kang isih rungkut, nalika ing tanah jawa isih ana gajah lan macan.

langit tansah mendhung, lan iki dudu wektu kang pas kanggo nglangut. nalika udan nggruduk dalan, mobil ing ngarep kantor mlaku alon lan banjur macet. lan kahanan iki bakal katon endah disawang saka nduwur. seka kantorku ing tingkat 9, mobil-mobil kuwi kaya ula akulit wesi dawa kang lagi golek tikus. fashion cafe ing sebrang dalan kadya ilang endahe, patung sudirman kang lagi hormat kaya kumat lara asmane.

2.2.04

vcd liburan : moulin rouge, lost soul, resurrection of the little match girl, (yim eun kyung cakep tenan),quills, xiu xiu, chocolat, amoresperros, girlfight

lagu esuk iki : singkong & keju, bukalah kaca matamu, cintaku sedalam lautan atlantik, kugadaikan cintaku, madu dan racun, astaga, si jantung hati, ranjau-ranjau cinta, sepatu dari kulit rusa, sudah kubilang, berdiri bulu romaku

ana ndonya liya kang asring katon nanging kadya adoh. nalika jaman kuliah biyen, aku sok nongkrong karo tukang becak. ana dosenku sing ngrangkep dadi wartawan ngomong,"kamu ini makhluk langka, bisa jadi feature." aku gumun, kekancan dianggep langka ? paling ora aku bisa numpak becak gratis tekan kampus.

yen diukur, polah tingkah bapakku malah luwih aneh. bapakku ora isin2 ngobrol karo wong edan. jaman aku cilik, bapak sok ngajak wong edan mlebu omah, dikon adus (suwe banget, nganti banyu kolah entek), dijak mangan bareng, dikon nulis sak kareppe. ngerti tulisanne ? apik hurufe nanging semrawut isine (mungkin yen iki diaku tulisane nietzsche wong2 percaya).

kawit cilik, aku dididik ora wedhi beda. mula aku santai nganggo blangkon jaman sekolah nang sd mbiyen.

masku sing nomer 6, wis tau nggresula masalah kebiasaan aneh. nalika dolan nang maratuwane biyen nang banyumas, dheweke santai wae ngobrol karo wong edan, dijak mangan bareng. nanging, maratuwane nesu2. dianggep ra waras.

waras? mbuh aku ra mudheng marang definisi iki. kadang dadi wong edan luwih slamet. sak wijining dina, bapakku arep kondur seka nosari (kurang luwih 7 kilo seka omahku). kuwi jaman orde lama, nalika aku durung lair. akeh begal, kecu, lan sak bangsane. ben amanne, bapakku wuda blejit. klambine dibuntel, lan mulih mlaku. "kothar-kather," jare ibuku. lan mulih waras wiris.

nanging kadang sok kebangeten. nalika kuwi ana sing lagi kendurenan, tahlilan matine wong ing kampungku. bapakku teka nganggo rukuh putihe ibuku. mluncat2 kaya pocongan, karo bengok,"mbok, aku mulih !" wong2 bubar. simboke sing mati semaput. bapakku lunga ngono wae.

mengenangmu barang sesaat **

menunggui dalam ruang putih
bersama ibu.
lalu kau bertanya tentang beberapa hal,
aku menjawab seadanya. lalu kulahap
daging di atas meja.
aku lapar.

mengantarmu ke ruang radio aktif
bersama ibu.
dengan kursi roda.
dengan pagi yang sama seperti kemarin.
pelan-pelan, katamu.
pastilah kankernya yang bicara, batinku.

memandikan jenazahmu di atas pelepah pisah.
bersama keluarga kita.
aku pernah memandikamu sebelumnya.
tapi tak seperti ini.



** puisi sing tak gawe pirang2 taun kepungkur