30.1.05

wayang idolaku pisanan, jaman cilik, kuwi bagong. alesane prasaja wae: lucu. bagong lair seka wewayangane semar. semar dhewe nduwe sejarah aneh. dheweke anake sanghyang tunggal karo dewi wirandi. asale mung seka endog. endog mau dadi anak telu: sanghyang tagamaya (tejamaya) seka cangkang, sanghyang ismaya seka putih telur, lan sanghyang manikmaya seka kuning telur.

tejamaya lan ismaya akhire pancakara. wong loro mau rebutan sapa kang luwih tuwa. amarga padha sektine, ora ana kang kalah, ananging rupane dadi elek kabeh. wong loro iki asline rupane bagus. banjur sanghyang tunggal misah anak2e kang padha rame dhewe iki. kanggo ukuman, tejamaya lan ismaya dikon medhun ing bumi, lan manikmaya kang wenang ngganti dadi panguasa ndonya.




tejamaya dikon mbantu raja-raja ing tanah sebrang. lan amarga cangkeme amba kaya cangkang kulit kang pecah, mula dijenengi togog kang artine "patung." ismaya dikon melu raja-raja ing jawadwipa. ismaya sanggup nanging njaluk kanca. banjur sanghyang tunggal kanda "ing mburimu (bagong) kuwi kancamu!". bagong kuwi sakjane sebutan kanggo rambut ing m,buri. yen ing ngarep dijenengi kuncung, yen nglawer ing mburi jenenge bagong.


sanghyang ismaya manuksma marang janggan smara/smarasanta, putune ismaya dhewe. janggan kuwi artine penulis,/pengarang akhire jenenge dadi semar thok.

maune, semar karo bagong thok kang dadi panakawan. banjur ana petruk lan gareng. panakawan dhewe artine "kanca kang nyekseni" utawa "pangiring." seksi dianggap sah yen ana wong loro. mula ana semar lan bagong utawa togog lan bilung. ana uga catugora lan sarawita. ing bali, wayang punakwan sinebut delon lan sangut sarta twailen lan merdah. ing wayang madya: capa lan capi. ing wayang klithik: sabdapalon lan nayagenggong. ing lakon minakjingga: dayun lan melik. ing wayang gedhog kang nyritaake jaman kedhiri: jarodeh lan prasanta.

panakawan-panakawan mau dadi pralambang wong-wong kang nyekseni. kabeh mau mung rakyat biasa, wong-wong cilik kang bisa ngandhani lan ngelingke yen ana ksatria/raja kang salah. ing versi mahabarata, semar kuwi ora ana. anane resi domya kang ora nduwe kanca lan ing kasta brahmana.

kanti panakawan iki, dalang nduwe kalodhangan ngritik apa wae. nalika jaman mataram anyar (islam) gandheng raket karo penjajah belanda, pamarentahan rusak. lemah direbut sakwenang2 lan pajek dhuwur. banjur ana lakon "petrik dadi ratu."

prabu welgeduwelbeh(petrik) kasil ngalahke lan mbongkar prabu pandupragola (gareng). nanging, prabu welgeduwelbeh dhewe kalah dening bagong. nalika petruk dadi ratu iki, negara sengsara. prabu welgeduwelbeh mrintah kanti sakwenang-wenang. jarene welgeduwelbeh iki seka ilat jawa ngomong basa landa "wel edel bey" (aku ra mudheng apa makna asline. ana sing ngerti?) irunge kang mancung pancen paten dadi pralambang bule-bule landa.

27.1.05

ganti gambar. iki gambar rokok nganggo logo antasena kanti potongan rambut ala socrates
aku wis suwe nggoleki lagu iki, lan lagi wae ketemu wengi iki didownload seka kene. aku kepingin nyanyi....(kanggo sliramu)

25.1.05

iseng browsing, lan aku nemu situs unik. jebul perl kuwi maune ahli sastra. kanggo wong sing gak seneng bahasa pemrograman: perl kuwi jeneng bahasa pemrograman (conto liyane:html, pascal, visual basic, java). asring dienggo ing linux utawa kanggo webserver.

nah, jebule wis tau ana puisi kang digawe nganggo sintaks bahasa perl. iki contone:

if ((light eq dark) && (dark eq light)
&& ($blaze_of_night{moon} == black_hole)
&& ($ravens_wing{bright} == $tin{bright})){
my $love = $you = $sin{darkness} + 1;
};

puisi iki diadaptasi seka lagune jim steinman the invocation. dijupuk seka the 2nd perl poetry contest

aku dadi pingin nggawe, nanging dadine gak asik. aku njajal nganggo turbo pascal.

program awan_iki;
var
feeling: string;
cloudy: boolean;
begin
feeling:="lonely";
cloudy:=true;
if you=here then
begin
feeling:=" happy";
end;
clscr;
end.
sakwijining jeneng, borobudur. wong2 ing sakkupenge candhi iki sok nyingkat kanti ukara "mbudhur." saiki, borobudur dadi jeneng kecamatan. ing babad tanah jawa disebut "bukit borobudur." pu prapanca nate nulis sakklebatan "budur" kanggo bangunan suci agama budha aliran wajradhara.

jeneng iki wiwit keprungu wong jaman saiki nalika raffles teka nang tanah jawa lan ana sing lapuran yen ana candhi gedhe kanti aran "borobudur." banjur wong2 golek maknane.

raffles ngarteake "boro jaman kuno." budur dianggep seka "budo" kang artine kuno, lan boro kuwi jeneng desa ing sisih wetan candi. nanging, raffles ora manteb. dheweke uga gawe arti liya. boro artine agung, budur artine buddha. dadi, artine "sang budha kang agung."

"bhara" ing jaman kuno pancen nduwe arti "agung", nanging uga ana arti liyane. bhara kuwi kaya ukara "para" kang nunjuk makna jamak. dadi, isa uga dimaknani "buddha kang akeh."

perkarane, para ahli basa ora puas. kok bisa buddha dadi budur? banjur poerbatjaraka gawe pangira. boro kuwi seka ukara "biara." apa maneh, ing tahun 1952 ditemoake genta (lonceng) gedhe ing sakwijining pondasine candhi.
ukara "budur" dianggep sakwijining jeneng.

de casparis beda maneh. dheweke nemu ukara majemuk ing sakwijining prasasti tahun 842 "bhumisambharabudhara." jeneng iki sinebut kanggo sakwijining bangunan suci kanggo nyembah roh leluhur. ing tlatah arkeologi, panemone de casparis iki dianggep paling valid. nanging tetep wae durung dimangerteni artine.

ahli liyane, moens, ngeyel. dheweke ngrujuk ing india kidul. ing kana ana "bharasiwa" kang dienggo sebutan kanggo sing melu agama siwa. mula dheweke nganggep asline ya "bharabuddha," sebutan kanggo sing nganut buddha. durung maneh, moens nyangkutke karo basa tamil "ur" kang artine "kutha." dadine "bharabuddha + ur" kang artine "kuthane wong kang melu buddha."

wong2 mau padha rame golek arti lan ora ana kang ngerti endi sing bener. piye yen aku gawe arti beda. misale budur seka ukara "budhug" sing arti arti basa jawa kunane "doyan mangan" lan "boro" dijupuk seka "bara" kang maknane "malah"? dadine, "malah doyan mangan." nek ora, dijupuk seka "buda" kang artine "wuda" (telanjang) lan "bara" dimaknani kaya jaman saiki sing artine "ngulandara (mengembara)." artine, "lunga adoh kanti wuda." wis wis wis tambah gak jelas. cukup!


24.1.05

nalika nonton film the guardian, ing njaba udan deres. kilat nyamber kadhang kala. kos-kosan sepi. mung ana aku ing loteng.

esuk iki isih udan. aku kudanan, lan meksa kudu mulih maneh ganti klambi. mlaku, nggawa payung biru, midak dalan-dalan kang dikumbah banyu.

sore iki langit isih mendhung.
sore iki, utekku melu mendhung.

mbok menawa aku kudu golek tembang pucung utawa kinanthi, sakdurunge megatruh dadi lelagon kang merak ati.

19.1.05

sé que usted todavía lo ama
wengi ing kantor, bubar nongkrong nang starbuck bni 46. ing njaba rembulan kaya roti serabi sing dicokot separo. kali ing sebelah kantor banjir lan got pinggir dalan mbludag.

aku kentekan ukara, arep kerja angel.

14.1.05

nalika impen mlebu ing sirahku
watara patang minggu kepungkur
tangi seka turu lan rangu2
arep takon nanging mangu
nalika mulih wingi
aku mung bisa nyimpen pangira
lan ora wani takon
"bu, punapa kula kedah mlajar malih?"


9.1.05

ana lakon wayang kang kawit cilik gawe aku miris. bapakku mbiyen duwe kasete, nek ora salah sing dadi dhalange ki timbul. lakon kuwi "samba juwing" uga asring sinebut "samba sembit." ana uga kang sinambung ing lakon "ulamdrema-ulamdremi."

samba kuwi anake kresna seka dewi jembawati. wonge bagus nanging kumalungkung. dheweke nduwe sedulur tuwa, jenenge sitija, prabu ing trajutrisna. sitija kuwi anake dewi pertiwi karo wisnu kang nitis ing kresna. sitija nduwe bojo jenenge dewi yadnyanawati.

nalika pas lamaran, yadnyanawati gelem nampa sitija amarga dheweke anake wisnu. lan wisnu nitis ing anggane kresna. yadnyanawati iki titisane batari dremi. lan dheweke dijanji bakal bisa ketemu batara drema kang nitis dadi anake kresna.

pas ing pengantenan, yadnyanawati salah misuhi sikile samba, kang pancen asline titisane batara drema. dheweke lagi krasa yen salah, amarga jebul sing titisane batara drema kuwi samba, dudu sitija. gandheng wis kebacut, yadnyanawati tetep dadi bojone sitija utawa sinebut uga bomanarakasura.

nanging, sakbanjure yadnyanawati lan samba laku sedheng. wong loro mau sesidheman ngrakit asmara kang wis tinitis seka drema lan dremi. ing tamansari, wong loro iki nglakoni katresnan kang pinenggak wewaler.

sakwijining dina, sitija ngerti. dheweke nesu. nanging samba ora gelem mundhur. lan banjur, sitija ngajar samba. patine samba iki ngeneske, amarga awake dicuwil2 lan disuwek-suwek. tangan lan sikil dimutilasi dening sitija amarga nesune tenanan. bubar kuwi, sitija nangis. dheweke kelingan yen samba kuwi adhine dhewe. apa maneh, dewi yadnyanawati banjur melu lampus dhiri bela pati.

versi iki anane mung ing jawa. ing india, samba mati sakwise baratayuda. kayadene matine abimanyu lan kumbakarna, lakon iki dianggep kramat lan arang digelar. bedane, kumbakarna lan abimanyu mati ing perang bela negara.

--------------------
kamus:
kawit : sejak
miris : ngeri
kumalungkung : merasa lebih
nitis : menitis
anggane : badannya (angga=badan)
kebacut : telanjur
pinenngak : dilarang
wewaler : aturan
lampus dhiri: bunuh diri



8.1.05

iki sore kang diguyang grimis. manuk emprit ing kebon ngarep rame ngoceh. aku nyekseni langit kang alon-alon peteng, nyuwek dina dadi wengi. kaya kelir ing wayang kang surem amarga cahya blencong ketutupan gunungan. aku dadi kelingan, sliramu seneng puisi "tonight, i can write."