31.5.06

secangkir kopi, udud, lan komputer. peteng ing njaba kaca.

29.5.06

aku isih ngimpi lan tak pikir ana lindhu ing impenku. jebul, pancen lindhu tenan. aku mlayu metu lan ndeleng gendheng omahku wis mlotrok kaya kathok ora nganggo setut. setu kuwi, rekane aku arep nonton sendratari nang candhi borobudur. nanging, katone sendratari uga jugang amarga prastawa iki.

24.5.06

ngeling-eling jaman cilik nalika bapakku nembang kidang talun sadurunge turu.

kidang talun mangan kacang talun
mil kethemil mil kethemil
si kidang mangan lembayung


tembang iki dadi wiwitane dongeng kancil nyolong timur. astane bapak gawe wewayangan ing tembok putih (sing wis dadi klawu amarga dadi pancatan sikilku).

yen bareng simbah, aku dinyanyeake sluku-sluku bathok. simbah karo ngurut2 sikile sawise aku rampung ngidak-ngidak mijeti.

sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si rama menyang sala
oleh-olehe payung motha
pak jethit lolo lobah
yen obah medeni bocah
yen mati goleka dhuwit


yen wayah wengi, nalika mbulan magrong-magrong ing ndhuwur sirah, kala-kala dolanan jamuran karo nyanyi

jamuran ya gege thok
jamur apa ya gege thok
jamur gajih mbejijih sak ara-ara
sira mbadhe jamur apa


bubar kuwi banjur jilumpet (embuh jenenge nang panggonan liya, nek basa indonesiane petak umpet). aku seneng mumpet nang cedhak selepan, lan mulih-mulih diseneni amarga sikil dadi gatel kena damen. sawetara kuwi, tembang kate dipanah ditembangke ing wayah nalika bapak ngajak aku dolanan karo nyekel gamelan.

te kate dipanah
ndlusup-ndlusup ngisor gelagah
ana manuk onde-onde
mbok sri bombok mbok sri kate
mbok sri bombok mbok sri kate
mbok sri bombok mbok sri kate


kaya lumrahe bocah cilik, dolanan sing paling kepenak kuwi nalika entuk barang anyar. sawijining dina aku diajak dolan menyang kopeng, salatiga. aku ditukoake jaran kepang lan seblak kaya ing jathilan. aku mubeng-mubeng ing njero omah karo nyanyi:

jaranan-jaranan jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher


nanging, biyasane aku banjur diseneni. sawise metu omah aku nyeblaki kanca-kancaku.

(yihaaa....sesuk mulih ndesa)
obat kanggo wong sing edan kanthi ciri awan-wengi tansah nyebut jenenge wong:
manggar, oyot klapa sing isih enom, bawang loro, adhas loro. lan ketan ireng. kabeh iki dicampur didadeake jamu terus diombe.

mantra kanggo nambani kabeh lelara edan : pukululun aranira batara guru maha sakti, aku angunduraken batara gana, banta wengi, banta weghah, bante papet, aje sira anta anggel ring jero ragane si anu, mundur lunga ko mangke pugpug geseng mpug saguna pangaruhmu kabeh, sing teka guna pupug punah, 3, sidi mandi mantranku

(sumber lontar usada bubuh)

23.5.06

mau bengi, dhadha rasanya kaya ana sing nuthuk-nuthuk nganggo glondhongan kayu jati. kahanan kaya ngene iki wis suwe ora tak rasa, paling mung thuthukan cilik kaya thuthukan nganggo prethelan wit randhu alas.kadi kapêgat wuwusnya

22.5.06

padha gulangen ing kalbu
ing samita amrih lantip
aja pijer mangan néndra
kaprawiran dèn kaèsthi
pesunen sariranira
sudanen dhahar lan guling


aku isih kelingan nalika nembang larik-larik ukara seka wulangreh iki. jaman isih sd, aku ora rumangsa yen perlu ngapalake tembang iki. nanging tekan saiki, ukara iki isih nancep ing pikiran. nyatane, iki ya mung ukara-ukara thok. aku luwih kondhang dadi wong tukang turu.

kanggo ririn, sugeng tanggap warsa. pangapurane, telat ngucap.... :p

16.5.06

dhudhah komputer lan nemu file isine puisi ngenani aceh lan diwiwiti nganggo tembang macapat. puisi iki gawe mirisku. crita ngenani anake kang ilang amarga tsunami. aku mbiyen ngrekam iki nalika ana pagelaran puisi kanggo aceh. tsunami kuwi kaya dadi tetenger marang ndonya gedhe lan ndonya cilikku.
yen ana sing minat, aku isih ana file-e.

15.5.06

aku paling sengit melu rapat, lan dina iki ana rapat. rapat gawe ati krasa ampang. ana kalane gawe sedhih tanpa sebab. kamangka yen dinulu, ora ana kang kudu dirasa sedhih. aku bingung arep miwite gaweyan. akhire aku nyoba ngarang tembang macapat, mijil lan sinom. terus udad-udud sinambi ngobrol nang ruwang rokok. lumayan, bisa nyunting sawetara tulisan. nyicil gaweyan, sawetara tulisanku dhewe durung rampung.

mijil ing donya siniwi ratri
kabeh durung katon
amung anjali soca ing tembé
lelaku alon siniji-siji
nunggu mring wartaning
sesotya satuhu

11.5.06

bar nulis ngenani salya. jare wong2 tuwa, crita ngenani salya kuwi romantis. nek manut aku, biasa wae. apa merga dewi pujawati bela pati terus wong2 kuwi nganggep crita sing romantis? apa malah merga mateni maratuwane? aku tetep ora mudheng.

8.5.06

yen mikirke jeneng, kadhangkala sok aneh. jaman mbiyen, dyah utawa sri iku mung jejuluk (abhiseka). ing jaman saiki, jeneng kuwi dienggo lan akeh2e wong wadon. kaya dene dewi soma. tak kira akeh wong sing seneng wayang uga ora ngerti sapa paraga iki. ngertine, soma iku artine dina senen. saiki, jeneng soma akeh dienggo wong lanang. crita dewi soma pancen ora mlebu mahabharata utawa ramayana, iki asli jawa. dheweke prameswarine prabu palindriya utawa respati ing negara purwacarita. seka jejodhoan iki entuk putra telu: anggara, budha, lan sukra. crita iki manunggal karo crita watugunung kang banjur dadi jeneng wuku lan dina. radite iku minggu, soma iku senen, anggara iku slasa, budha iku rebo, sukra iku jumat. respati iku kemis, lan tumpak kang artine setu, aku ora ngerti. ing bali mung dina iki kang beda. penanggalan bali nganggo jeneng sanaiscara kanggo setu, iku kaya kang dienggo jawa kuna.

yen dirunut maneh, jeneng-jeneng iki ora menthal seka jeneng dina ing panggonan liya. radite iku srengenge, yen ing inggris sinebut sunday. soma iku rembulan. ing inggris sinebut monday, dijupuk seka moon utawa mona kang artine padha.

aku ora ngerti apa bapakku mbiyen maringi jeneng aku merga seneng nyawang lintang abang kang kondhang sinebut mars. dadi wajar yen jaman cilik mbiyen gaweane ngobrak-abrik omah lan sekolahan. mars kan dewane perang.

sakjane, ing perkara dewa perang iki, bathara indra luwih cocok. ing versi liyane, bathara indra uga sinebut dewaning kaelokan utawa dewa seni. rada aneh?

mbok menawa, jenengan anggara ora dijupuk seka mars seka gugon tuhon romawi. beda banget. ning mebuh nek malah dijupuk seka ares, dewa perang lan jeneng liyane mars manut ilat yunani. ning bintangku dudu aries

aku dadi penasaran, lan nemu sing rada mirip nang thailand. yen dirunut seka selasa sing dijupuk seka basa arab ath-thalatha' jelas gak nyambung. jeneng dina manut basa arab luwih merga urutan dina sing nomer telu. ing negara gajah kuwi, planet mars sinebut angkarn. ning tetep wae wagu lan meksa.

4.5.06

wirondaya, anake wiraraja, lara ati. nambi kang ora digdaya, diangkat dadi wong nomer loro sawise raja. dheweke mung diwenehi panguwasa ing tuban. nalika ana patemon ing kraton majapahit, wirondaya nesu-nesu marang nambi. wijaya, sang raja, bisa maklum amarga wirondaya iku wong madura. dheweke uga kang ngganti jenenge dadi ranggawenang utawa ranggalawe, artine diwenehi panguwasa (wenang). dene wenang, ing basa jawa, uga nduwe arti benang. lawe artine uga benang.


nanging perkara ora mung semono wae, wijaya dadi nesu amarga ranggalawe nganggep sang raja ora wicaksana. keboanabrang diutus supaya mbrantas wong-wong brontak seka tuban iku. keboanabrang mateni ranggalawe ing pinggir kali. bojone loro bela pati suduk salira. nanging apa wijaya seneng? ing kidung ranggalawe, wijaya digambarke sedhih amarga kelangan prejurit kang prakosa.

tuban sejatine dudu panggonan kang sepele jaman semana. ing jaman airlangga isih bisa mesam-mesem ing kraton, tuban mlebu ing krajan kadhiri (saiki kediri). nalika airlangga munggah gunung, kaya plato kang golek artine urip, krajan dipara dadi loro: dhaha lan jenggala. ing kene tuban mlebu wewengkon jenggala. jaman ken angrok nyekel panguwasa, tuban wis dadi gedhe lan dianggep titik wigati kanggo urusan eksport-import. malah yen manut versi sejarah liyane, tuban iku sawijining panggonan kang digawe wong-wong cina pisanan mlebu ing majapahit. isine mung para pedhagang. prejurit tar-tar kang arep nyerang jayakatwang uga liwat tuban.

lan saiki, ing tuban wong-wong lagi rame merkaraake sapa bupati kang sah. perkara kaya ngene iki awet dilakoni kabeh jaman. sawise ranggalawe bisa ditumpes, majapahit uga ora tentrem. sora, kancane ranggalawe, difitnah karo mahapati. sora ora trima ranggalawe dipateni. dheweke banjur mateni keboanabrang. kaya bule amsterdam, mahapati nglakoake devide et impera. dheweke ngadu antarane kebo taruna (anake keboanabrang), lan nambi. mahapati kepengin dadi patih amangkubumi sing dicekel nambi. kabeh mati. nanging mahapati ora sisip ing bebendhu. wijaya ngerti yen kabeh iki pokale mahapati. dheweke rumangsa kelangan kanca-kancane kabeh. mahapati digeret menyang kuburan njaba kutha lan dipateni.

2.5.06

dalanan macet, buruh2 lagi nuntut hak. sejatine isin merga ora melu. aku dhewe ya isih buruh, ning konotasine wong lumrahe yen buruh kuwi kuli utawa pegaweyan kang paling ngisor. kaya dene istilah rumah susun lan apartemen. senyatane, apartemen kuwi ya rumah susun wong undang-undange ya isih padha, bedane mung fasilitase.

kaya dene wayang, panyandhange dewa lan wayang biasa katon seka sikile. yen dewa (lan uga begawan) nganggo sepatu, yen satriya mung cekeran thok. raja utawa ratu umume nganggo praba. punakawan panyandhange ora karuwan lan rupa kang uga awut-awutan. iki nulis apa coba? wong yen lagi males nulis ya ngene iki.