22.12.06

wis suwé ora nglakoni lembur nganti ésuk ngéné iki. durung manèh mau ana tamu loro, iki yangrembug gawéyan liyané. sawetara wektu, wikipédia disingkiraké dhisik seka utek. paling mung niliki sedhéla. wis ah... ngrampungaké dhaftar isi dhisik.

13.12.06

ati rasané kaya ditindhih watu gedhé. aku kepéngin sepi. sing mamring. nir swara. tan rowang.

6.12.06

kantor isih durung sepi temenan. isih ana max, manda, anton, lan regina. ing kéné aku lagi nyoba2 software kanggo ngetik bèn kepénak. aku ora seneng y`´n kudu nganggo ms word. éman, déné macintosh sing nang kantor iku nganggo sistem mac os 9.2 sing programé sithik.

nalika isih nulis nganggo tangan jaman sekolah mbiyèn, ora sewigati kaya ngéné iki urusan software. jaman kuwi, ngetik nganggo mesin ketik akustik kanthi swara cethak-cethok, rasané ya kepénak-kepénak waé. nanging sawisé komputer ngrebut kalumrahan, kahanan dadi béda.

program komputer iku jan-jané ya mung cocog2an. aku naté nduwé kanca kos loro nduwé kebiyasaan sing anèh. ana sing seneng ngetik nganggo lotus 123, sing sijiné nganggo pagemaker. lotus 123 umumé kanggo gawé tabel lan itung2an (kaya déné excel), déné pagemaker kanggo layout majalah/koran/buku.

wordstar
wiwit versi 4 nganti 7, aku naté nyoba. program sing tak enggo wiwit sma kelas 2 iki isih tak enggo tekan saiki. ing linux, aku bisa migunaaké dosbox utawa dosemu kanggo èmulator-é. nanging versi windows-é aku gak seneng. wagu.

word prefect
aku nyoba mung sedhéla amarga kancaku, andre, seneng nganggo. lan aku ora minat.

chiwriter
iki program jadul sing arang nganggo. nanging aku naté ngrasaaké nalika kerja nang surabaya. ing sawijining koran, chiwriter iku program sing kanggo ngetik padinané. layar mung ireng (kaya word prefect versi dos). saben ngetik titik (.) otomatis berkasé disimpen.

ms word
jaman kuliah, ana dosen sing kandha marang aku bubar ujian skripsi. "revisiku mung siji waé, ang. (skripsimu) iki diganti nganggo ms word apa wp (word prefect-versi windows)." program ms word iki pancèn ora bisa ilang. la nalika aku wiwit nganggo linux, aku bisa bener2 uwal seka program iki. sejatiné program iki apik lan lengkap. nanging ya kuwi, terlalu lengkap dadiné abot. migunaaké ms word kanggo ngetik perkara rèmèh tèmèh iku kaya matèni coro nganggo meriem. aku gak butuh clipart, diwènèhi gambar ing dokumèn, utawa migunaaké tampilan sing mranani. sing tak butuhké mung ngetik tulisan lan tulisan iku bisa dietung pira cacah karakteré (kanggo gawéyan).

atlantis
iki program kepénak sing nganggo format rtf (rich text format). rtf iku wis dadi lumrahé format ing sadéngah program pangolah ukara. lumayan suwé aku nganggo, kira2 jaman isih nang kantor lawas.

abiword
iki program rtf liyané sing kepénak. gratis lan nganggo sistem tinarbuka (open source). sawisé nganggo abiword aku ngilangi atlantis ing komputerku. wis ngono, abiword ana uga ing linux. émané, ing versi mac sing ana mung kanggo mac os x. kanggo ngetik naskah sing ana gandhèng cènèngé karo wong liya, aku asring migunaaké abiword lan disimpen ing format rtf lan ora nganggo format abw sing dadi baku (default) ing abiword.

notetab light
iki versi prasaja seka sing pro. aku isih seneng nganggo iki. kanggo ngetik-ngetik naskah, program, lan sing baku kanggo gawé situs ing lingkungan windows. aku durung nemu software sing luwih kepénak tinimbang notetab light. ning ya kuwi, foematé mligi mung txt (klebu html, sgml, xml, tex, latex).

joe
iki program teks sing mlaku ing konsol linux. prèjèngan lan shorcutsé kaya wordstar. aku sok ngenggo, ning saiki males amarga mesti naskahé dadi warp karepé dhéwé. dadi, luwih cocok kanggo nyunting program2 prasaja ing linux.

vi
pisanané males. program iki anèh ing perkara shortcuts. nanging amarga iki dadi program baku ing linux, dadiné ya kepeksa bisa. suwé2 ya dadi lumrah nanging tetep ora lanyah kaya aku nganggo wordstar. malah ing macintosh lan windows, vi uga wis ana. ing kantor aku masang vi uga. nanging ing mac 9, aksarané katon cuilik...


aku lagi nyoba itext (dudu sing java, ning sing versi mac gawéyané wong jepang). lumayan kepénak ning ora bisa import rtf (penting kanggo layout majalah). lan iki mau lagi nyoba masang nisus writer. bisa kanggo import/eksport rtf, ning programé lemu kaya ms word.